Jumat, 25 Desember 2009

Sugeng Warsa Enggal


Cathetan TAHUN 2009
Tahun 2009 sedhela maneh bakal ninggalake kita kabeh lan kita ngadhepi tahun anyar 2010.Sadurunge iku akeh banget cathetan sing isih tumemplek ing angen-angen kita wiwit kasuse baya lan cecak,kasuse Prita Mulyasari sing oleh simpati awujud koin sing pengaji luwih saka limang atus yuta,pansus bank century sing saiki isih rame ing kalangane anggota DPR,program seratus hari SBY-Budiono,pro lan kontra ujian sekolah lan isih akeh maneh. Salah sijine cathetan mau yaiku kasuse Mbok Minah, wanita tuwa umur 55 tahun, wuta sastra,kang ing pertengahan wulan Agustus kepungkur nyolong woh coklat(kakao) ing perkebunan PT RSA 4(PT Rumpun Sari Antan 4)tanpa pager ing dukuh Sidoharjo,desa Damarkradenan,kecamatan Jatibarang, kabupaten Banyumas.Mbok Minah kang uga penduduk desa Sidoharjo mau,methik woh coklat nedya kanggo bibit,kang arep ditandur ing tegale.Woh coklat kang dicolong mau cacahe telu, pengaji Rp2.100,-(rong ewu satus).Konangan mandhore, kakao dibalekake karo njaluk ngapura marang kesalahane.Woh kakao ditampa dening mandhor, nanging mbok Minah ora diapura,malah dilaporake marang pimpinan kang sabanjure nglapurake menyang Kepolisian Sektor Ajibarang.Sawise polisi mriksa mbok Minah, ngelingi lan nyumurupi barang kang dicolong pranyata ora mingsra, polisi banjur ngajokake usul marang pimpinan PT RSA 4,supaya perkara iku dibatalake wae. Nanging pimpinan PT RSA 4 ora setuju, alesane "wong nyolong kudu diukum, ben kapok".
Sidane perkarane mbok Minah diproses, dening polisi diterusake menyang kejaksaan.Prosese dawa lan wiwit pertengahan Oktober nganti awal November ora kurang saka ping lima mbok Minah bolak-balik menyang Purwokerto, saperlu minangkani panggilan kejaksaan. Kamangka dohe saka omahe menyang Purwokerto ora kurang saka 25 km. Tur iku ora gampang, sebab saka omah tekan dalan sing ana tumpakan angdes menyang Purwokerto dohe udakara 15 km, kang biasane ditempuh mawa ojek, yen anake sing omahe cedhak kono ora bisa ngeterake nganti tekan dalan gedhe.Lunga menyang Purwokerto saperlu minangkani panggilan kejaksaan, ragade rata-rata Rp 50.000,-(seket ewu rupiah) sanyangan.Kepeksa mbok Minah nampa sumbangan lan bantuwan saka tangga-tangga, awit mbok Minah dhewe kalebu mlarat.
Wekasane ing sidang pengadilan tgl 19 November 2009 kepungkur, mbok minah dening hakim ditibani ukuman kunjara"percobaan" 1 sasi 15 dina,iki ateges mbok Minah ora perlu mlebu kunjara, kanthi cathetan, ora bakal nindakake tindak pidana sajrone wektu"percobaan" telung sasi.Mbah Pur mung mbatin yen nyolong barang pengaji Rp 2.100,-(rong ewu satus), diukum 1 sasi 15 dina, la koruptor sing ngrugekake negara trilyunan rupiah diukum pirang atus tahun?Aku isih eling nalika sekolah biyen ana maling pitik, diring reme-rame menyang kantor polisi, dietutake hansip lan sawetara bocah tanggung nyekeli tangane maling pitik mau.
Ah, tahun 2009 kang kebak sandiwara lan kebak tandha pitakon, piye iki, kok ngono ya?Muga-muga tahun sing bakal teka kahanan luwih tumata lan prastawa ing tahun 2009 kang kurang prayoga ora dibaleni maneh,Amin.
SUGENG WARSA ENGGAL TAHUN 2010.

Rabu, 16 Desember 2009

SEMINAR

Sendika Dhawuh .
Bubar mulang mbah pak Petruk maca pengumuman sing ditempelke ing papan, e mbok manawa ana warta sing perlu dingerteni.Rada sawetara olehe jingglengi pengumuman mau, diwaca bola-bali nanging unine ya pancet wae.Apa maneh iki, seminar, pamicarane priyagung sing lagi nyekel panguwasa,pangarsa ing dinas pendidikan barang ya dadi pamicara, banjur prabeya pira iki, boten salah tulis ta pakdhe? Ngono batine, mbah Petruk kelingan nalika dadi tenaga honorer tahun pitung puluhan kanthi bayar Rp.9000,-(sangang ewu rupiah),kanggo numpak angkot bemo roda telu RP.60,-/pp, supaya irit, saka kos menyang nggone mulang kepeksa mlaku lsp-lsp.Owahe kahanan saiki bayare wis bisa dirasakake, guru bisa kredit sepeda motor, bisa kredit omah nganggo KPR, malah guru sing wis nyukupi syarat oleh tunjangan proferi barang.Ana kancane pak Petruk sing guyon ngene, saiki golek bojo gampang amarga bayare guru akeh, biyen disiya-siya aja gelem ngepek mantu guru, anakku diingoni apa? Begjane guru saiki,apa maneh guru kakung,nembe diangkat PNS kathik ganteng pisan, sepedhae motor anyar sapa prawan ora katut, gak ngertiya sing mbandhani bapake.
"Ana apa kung? " aku kaged tibake pak Cantrik,yen nyeluk aku mbahkung,pancene wi s embah tenan wong putu wis loro.
"Iki lo seminar, wis maos apa durung?"wangsulanku genti takon.
"Walah kung, wong seminar kok dipikir.Awake dhewe arep pensiun. Coba diwaos sing tliti, lagi mengko menehi keputusan melu apa ora.Dadi ora dianggep angin-anginan. Dadi guru kok mung sendika dhawuh, bayare dipotong sendika dhawuh, dikongkon seminar kanthi mbayar samene kehe sendika dhawuh, embuh kono yen dhuwite wis akeh, bayare wis kakehan tah"?ngono pak Cantrik elik-elik setengah prentah.
"Sendika dhawuh pak Cantrik "wangsulanku.Pikiranku nglantur maneh.Ana saweneh kanca sing melu alasane, pira tegese dhuwit 300.000 repis yen dibandhingne karo tunjangan sing ditampa, apa maneh iki sing dadi pamicara para pangarsa sing pana banget marang tunjangane para dwija, mengko gek.....mengko gek.....Ana kanca kalebu pak Cantrik sing ora melu seminar mau kanthi alasan, sing nganakake saka swasta ,dadi dinas mung kanggo rekomendasi ajange kanggo golek rejeki, dene persyaratan foto copy rekening bank, foto copy setifikasi mung kanggo ngawu-awu wae. Seminar pesertane mung duduk manis melu saka wiwitan nganti rampung,menthi oleh sertifikat. Beda karo workshop, pesertane aktif nambah ketrampilan.Wah piye ngene iki? Wah ya wong akeh,seje-seje panemune.Wektu lumaku terus dina esuke ana warta yen sing wis mbayar 300.000 repis oleh cashback 100.000 repis, dadi mung mbayar 200.000 repis.Malah mbah Petruk krungu sruwing-sruwing yen mbayar langsung panitia mung 190.000 repis, mbuh bener apa ora wong mbah Petruk dhewe ora daftar.Peserta seminar mau manut kabar, ewon cacahe nganti disebar ing ngendi-endi panggonan,wong sa provinsi Amarta.Kanggo nglipur ati, mbah Petruk sowan keng rama ing Karangkedempel.
"Kene thole, kene thole...... lenggah kene thole, kae tela kukus karemanmu wis dak sediyakake ".
"Sendika dhawuh ...ma ".
" Thole Petruk, lenggah kene, jare awake ora kepenak, mbok dijaga ta thole kuwarasane".
"Sendika dhawuh ma, anu kok pancen awak ora kepenak watuk ora waras-waras, wis dak rontgenke ora apa-apa, pokoke aaja nganti kesel nemen ma ".
"Iya thole, yen ana larane sing mesakke ya anak putumu, mula ya kuwi thole sing pinter ngatur wektu lan jaga kuwarasan, iku pesene rama. Piye wis nyemak warta kang dimadi ing pungkasane tahun iki ?".
"Uwis kok ma, wiwit gegere pansus bank century,pro lan kontra ujian sekolah pengadilane Prita sing nganti bisa ngumpulake koin nyandhak atusan yuta, demo masa supaya wapres Budiono lan Sri Mulyani non aktif lan warta sing isih gres nelakake yen SBY nolak rekomendasi DPR".
"Bener thole, e..... ya kanggo nambahi wawasan paling ora menehi tulada marang murid yen guru pancen isih sregep maca ".
"Sendika dhawuh, tujuanku ya iku kok ma, menehi tuladha marang muridku,sukur-sukur kanggo guyon supaya muridku ora bosen ".
"Iya, thole iki mau rak tanggal 19, kok ora melu seminar rugi lo thole ".
"Ora ndeleng untung rugine kok ma, nanging ana bab liya sing perlu dak aturake".
"Thole, rama wis apal lageyanmu.Bab seminar rama iya wis ngerti critane, wong akeh mantan anak buahku ya crita bab seminar iki.Mau si Cangik ya teka kene, banjur uwakmu Togog ya nyambangi ngejak kancane,akeh kok iki mau.Aku ya rada kaged, biasane kowe kuwi anane mung sendika dhawuh ana prentah,apa iku warta apa pengumumann mesthi kok tindakake la iki kok ora melu. Mung dak batin apa ora duwe dhuwit anakku iki,arep dak paringi mengko atimu kagol, nesu, wong tuwa disiwak. Aku ya mung nyawang saka kadohan. Ya uwis yen kowe duwe panemu ngono, ora melu seminar ora apa-apa wis kadung kok niyati. Mung pesene rama aja lali kuwajibanmu nyambut gawe sing genah, aja nganti nyalahi aturan, kowe dibayar nganggo dhuwite rakyat, eling ya thole".
"Sendika dhawuh ma ".
..................................................................................

Senin, 14 Desember 2009

Critane RAKA

DIKETOKI TANGAN
Dina Jum'at ing sekolah mesthi ana apel esuk. Dene tujuane nglatih bocah-bocah supaya disiplin ing samubarang ya seragam sekolah, sepatu ,dasi, sabuk lan liya-liyane. Sing dadi pembina apel bapak/ibu guru sing dina iku piket.Bapak /ibu guru ora bosen ngelingake bab disipln mau, nanging wong jenenge bocah mbuh siji apa loro apa pira mesthi ana sing ora melu apel. Ana sing tekane telat, ana sing alasane lara sing aneh ki ana bocah sing sengaja menyang buri.....piye ngene iki.Salahe dadi pak/bu guru, pancen wis kuwajibanmu momong anake wong sing maneka warna sifat lan tindak-tanduke, saiki bayare wis akeh ta? Mbaleni bab apel esuk iki, bareng apel wis rampung bocah-bocah mlebu kelas, e..... si Raka kelas IX B, kok menyang ruang guru kanthi polatan sing rada pucet, banjur matur lan crita iki critane.Dina iku dheweke ora melu apel, amarga awake ora kepenak.Mula dheweke ana kelas lan ngenteni kancane sing melu apel.Ora kasengaja noleh menyang mburi hi.....ing pojok kidul ana tangan kang obah-obah......tangan thok wernane putih.Sirah gulu weteng sapengisor ora ana, mung tangan thok.Mesthi wae dheweke kaged lan ora wani noleh memburi maneh. Arep mlayu awake lagi ora kepenak, bisane mung lungguh ing bangku karo nutupi rai. Untung wae dheweke bisa nguwasani kahanan lan siji mbaka siji kancane teka saka apel, dheweke banjur menyang ruang guru lan matur ora melu apel lan crita yen dheweke diketoki tangan tugel.Bapak/ibu guru komentare maneka warna , wah ana-ana wae sekolah iki. Malah ana ibu guru sing ngendikan nalika arep tour biyen arep menyang jedhing ora wani, ya mesthi wae wong bengi kathik lampu nalika iku durung dipasang.Wah ana-ana wae.....

Senin, 07 Desember 2009

POLISI

Polisi kok di........
I. Sawetara kepungkur aku lan nyku ndandakke gledhekanjepang ing UMC dalan Achmad Yani Surabaya.Ya rada suwe pancene, servis lan wayahe ganti oli lan dina iku sing service lumayan akehe.Ora kacarita gledhekanjepang wis rampung lan wis dak cukupi kabeh administrasine. Aku lan nyku mlaku alon-alon ninggalake bengkel ngetutke lakune kendaraan ing ngarepku kang lalu lintase pancen padhet banget.Nyku ing sisih kiwaku dak elingke aja ngantuk, aja turu amarga yen ora dibantu akeh sepeda motor nyalip saka kiwa saka tengen sepenak udele dhewe.Embuh nyku kekeselen apa piye aku ya ora pati nggatekke nanging dak lirik kok ya meneng, kesel dadi mc beke.Tekan stopan bangjo yen lurus nuju terminal Wonokromo, aku nengen nuju pasar Wonokromo.Lampu nuduhke kuning ateges aku isih bisa terus lan aku ngetutke kendaraan ngarepku.Enak-enak mlaku e..... bapak polisi wis ana ing ngarepku menehi tandha supaya aku minggir, batinku salahku apa..... sepedamotor tengenku ya isih ana sing bablas ora diendheg.Nyku gragap tangi, ana apa ,tekan ngendi iki.... dak wangsuli tekan ngendi,iku lo diendheg polisi, nyku ngomong maneh aku keturon wis kono ndang mudhun. Wose polisi nerangake yen aku nglanggar marka dalan yen lampu abang kudu mandheg, aku iya mbantah yen lampu isih kuning mula aku wani terus, polisi ngomong maneh yen lampu wis abang, lan aku iya matur maneh isih kuning, polisi rada sereng wis abang, lagi aku sadhar ora ana gunane bengkerengan,simku kanthi abot dak caosake diwenehi surat tilang lan ditemtokake tanggal lan panggonan sidang.Sadawane mulih aku isih nggagas bab kedadeyan mau, nyku setengahe daksalahake ora gelem melu ngawasi kahanan,nyku ya genti nyalahke wong dadi sopir kok njagakke wong liya.Yen dak pikir-pikir bener nyku, nanging karepku ki wong neng gledhekanjepang mau mung wong loro ngeling-eling jaman pacaran biyen......wah tambah nggladrah iki......
II.Isih polisi maneh,nanging polisi iki ora kena diajak kompromi.
Tanggal 29 Nov 2009, aku lan nyku nyambangi tangga sebut wae asmane Abah Dhori, sing kena alangan urusan karo polisi.Abah mau opname ing rsud.dr Sutomo lan operasi amarga balung tangan tengen retak/tugel.Aku mara ing daleme, awit ora kober niliki nalika panjenengane opname. Bareng wis satata lungguh abah Dori crita yen kedadean mau waktu esuk arep budhal ngantor. Embuh saking kesusu apa yuswane wis sepuh apa piye, enak-enak sepedhahan ana polisi ing ngarepe ya mesthi wae abah mau kedandapan ora bisa ngendhaleni sepedamotor tiba, lan tangan tengene nahan abote awak lan sepedhamotor wusanane kedrawasan kaya ngene iki.Aku takon polisi napa se Abah, diwangsuli niku.....polisitidur.Dak guyoni.....Abah,polisi tidur niku mpun diganggu, niku boten saged dijak kompromi.....ngalah mawon mangke rak sekeca.Diwangsuli inggih-nggih kula kuwalat ngantos ngathang-athang teng griya sakit la niki rontgene. Dak deleng karo nyku tulang belikat apa tulang sendi aku ora faham, nanging ketok tugel lan disambung nganggo pen.Sawetara suwe anggonku jejagongan,wong abah Dhori sekailyan iku blater lan seneng guyon, aku banjur nyuwun pamit.La iya wong ing dalan kang jembar kok ana/dipasang polisi tidur.Malah ing gang-gang ya ora gelem kalah, jor-joran gawe polisi tidur. Dilematis, yen ora dibangun polisi tidur, sepedamotor sing lumrahe nom-noman ora ngerti unggah-ungguh ora ngerti tatakrama sepedhahan ing kampung,nanging yen dibangun bisa nyilakakake wong liya contone sing dialami abah Dori. Kepriye yen ngene iki?

Sabtu, 14 November 2009

Apa bayarane cukup ?

ENDI SING SALAH.
Nalika nerangke geografi bahas bab kependudukan,olehku nerangake sinambi guyon lan ora krasa nyandhak beban ketergantungan.Wose saben wong siji nanggung wong pira. Sing paling ideal ya wong siji mau ya nanggung awake dhewe, tegese bayare cukup kanggo kebutuhan kulawarga. Banjur dakwenehi tuladha ngene: bayare pak Pur anggep wae telung yuta sawulan. Dianggep rata-rata sawulan ana 30 dina,dadi sedina sing dak blanjakake 100.000 repis.Dhuwit mau isih dipara 3(aku,nyonyaku lan anakku siji sing isih durung kulawarga),dadi sedina aku,nyku lan anak nampa rp.33.000 an.Dhuwit Rp.33.000,- isih dipara 3,kanggo mangan esuk 11.000 repis,mangan awan 11.000 repis lan mangan sore/bengi 11.000 repis.Iku yen sesasi 3000.000 rupiah. La yen sawulan mung 1.500.000 repis/rupiah kari ngetung wae:Rp.1.500.000,- :30 =Rp50.000,- Dhuwit Rp.50.000,- dipara anggota kulawarga kari ngetung. Yen anggota kulawarga ana 2 ateges Rp.50.000 :2=Rp.25.000,- Dhuwit Rp.25.000,- kanggo mangan ping telu , yaiku esuk,awan lan sore.Mudheng apa ora cah, diwangsuli muridku paham pak, nanging ana sing gedhek gedhek sajak bingung.Ana muridku sing nylemong,untuk bayar listrik dan telpon uang dari mana pak, dak wangsuli ya embuh cah. Ana maneh sing takon untuk bayar air uang dari mana pak,dak wangsuli ya embuh rek ..... kon kok takon kaya wartawan wae, meneng apaa.Ana murid sing ngomong ora pati banter, mesakne ya.......dak dhedhes sapa ngomong mesakne, ngacung ......ora ana sing ngacung.Banjur dak jlentrehake sing penting mensyukuri paringane Allah, ya diakal supaya cukup e sapa ngerti TPP metu maneh..... bocah-bocah kudu sregep sinau ok...

Senin, 09 November 2009

PENGETAN DINA PAHLAWAN

UPACARA DINA PAHLAWAN ING SEKOLAH.
Upacara dina Pahlawan ing sekolah SMPN 2 Surabaya tahun iki katon seje yen dibandingake karo upacara-upacara tahun sadurunge.Yen tahun kepungkur bapak/ibuguru seragam biasa(PSH), nanging dina iki 10 Nov 2009 ana bapak/ibu guru mengagem kepahlawanan.Mengagem mau ditindakake amarga kanggo ngeling-eling perjuwangane arek-arek Suroboyo,ngusir para penjajah kang nedya bali ngebroki tanah wutah getihkuIndonesia kanthi mbonceng NICA lan GURKHA. Kepala sekolah bapak Astari mengagem ijoseragam kemiliteran,napak tilas ramane kang pancen mantan pejuang. Ing kalodangan upacara iki, bapak Astari minangka kepala sekolah, ngelingake marang para murid , supaya aja wedi kangelan ningkatake sinaune, kang ing tembe bisa ngisi negara Indonesia kanthi bab sing positif,cundhuk karo cita-citane para pahlawan.Yen jaman biyen,jaman perjuangan ngangkat bedhil bambu runcing lan liyaliyane saperlu ngusir penjajah, saiki seje kang diusir yaiku kebodohan, kemiskinan, pengangguran lan isih akeh maneh.Aja nganti generasi penerus kelu ing jaman, upamane ngonsumsi narkoba, melu group/gang,lan tumindak sing dilarang agama.Pak Astari ngelingake supaya bombong karo produk Indonesia, apa iku sandhang, pangan lan budaya.Bocah saiki luwih seneng panganan kang sarwa luar negeri, upamane KFC, hotdog roti lsp.Yen bocah-bocah disuguhi pohong ,telo ora payu,ora dipangan malah dianggo sawatsawatan.Pak Astari nate study banding ing Bejing Cina, nalika tindak restoran apa sing disuguhake...... e dudu hamburger, dudu masakan Cino nanging panganan asli sli indonesia pohong diwenehi santen, iku mono salepek regane ngancik 15.000 rupiah, woh-wohan..... tibake kesemek impor saka Malang Indonesia. Coba yen krungu crita ngene iki apa sirah ora ngelu, iku durung .....ana crita maneh wong Landa sing piknik menyang Surabaya .....apa sing dipangan...... sega goreng.....dadi disuguhi roti sameja ora dipangan .....Wah dadi nglantur upacara kok ngomongke bab panganan, iku mono supaya generasi penerus ora kakehan tingkah ......wis sekolah ora mbayar dikon pinter ora gelem...... mulane ta .....mulane ta rek sinaua sing sregep.........

Jumat, 06 November 2009

WAYANGE KUNGPUR



ANGGODO
Ing crita wayang, Anggodo iku sawijining kethek/ munyuk/monyet kang ulese coklat. Mungkin asline kuning nanging bareng kakehan pencolotan mula rupane dadi coklat.Anggodo utawa jangkepe Jaya Anggodo(supaya jaya terus beke), iku kalebu senopati kang peng-pengan mula diasihi karo prabu Sugriwa raja kethek ing kraton Guwakiskendho.Dina apa, tanggal pira taun pira bapak lan ibune sapa ora ana sing weruh la wong ing pewayangan ora ana catatan sipil, mara-mara metu saka kothak,iku wae metune ora ajeg.Dene sebabe ora gelem metu dhalange aras-arasen ngetokake apa maneh saiki arang-arang banget ana giyaran wayang kulit ing stasiun TV apa radio.Kadhang-kadhang dheweke ya ngelu, ngrasakake nasibe dadi kethek/monyet kok mung kanggo tambel butuh, malah duwe rasa wedi mengko gek dikrangkeng, didadekake siji karo kewan sing dilindungi lan dikirim menyang bonbin perlu dilestarekake lan diopeni.Ing lakon Anggodo balik,dicritakake nalika Anggodo diutus prabu Ramawijaya supaya lumawat menyang Ngalengka perlu dadi telik sandi lan jaluk bali dewi Sinta,sing nalika semana direbut karo Dasamuka/Rawana raja ing Ngalengkadiraja.Ing kono Dasamuka bareng ketekan Anggodo ora dimungsuhi malah disubya-subya kadidene tamu agung. Apa panjaluke dituruti sakabehing panganan lan omben-omben ditokne, sing ora ana mung telo,amarga telo lagi dientas disaut dhalange.Sakabehing sate jangkep, sate ayam, sate kambing, sate kelinci, sate celeng iya ana, dasare Dasamuka raja sing sugih brewu, ora ana tegese ngetokake panganan lan omben samono....keciilll.Nanging yakuwi bareng wis wareg ,plempogen ,dirayu lan dikandhani karo Dasamuka yen Anggodo iku duweni hak dadi raja ing Guwakiskendha. Akeh-akeh pituture Dasamuka lan dielingake yen Sugriwa iku paman sing kurang ajar, Ramawijaya kudu dipateni amarga iku mungsuhe bapake Anggodo.Kocap Anggodo kang nembe wuru, lali purwa duksina mesat genti balik menyang pesanggrahe Ramawijaya kang nalika semana lagi jejagongan karo prabu Sugriwo lan para senopati, kepriye carane nyerang Ngalengkadiraja.EE.... dadak keprungu gegere para monyet, amarga Anggodo ngamuk punggung suratantaha, sapa sing nyedhak menthi kedrawasan kabeh sakehing woh-wohan sing lagi disuguhake morat-marit,para prajurit wanara kocar-kacir mlayu salang tunjang awit saka pangamuke Anggodo.Gedung KPK Guwakiskendo diobrak-abrik malah kantor polisi cedhak pesanggrahan ancur rata karo lemah. Prabu Sugriwa legeg lan si monyet putih Anoman kepeksa maju mapag pangamuke sang Jaya Anggodo kang nembe wuru. Rame denya bandawala pati silih ungkih genti kalindhih, cakot cinakot, banting binanting, cakarcinakar, rebut atosing balung kandele kulit, pancen nuduhake senopati kang pilih tanding.Anoman kang menang pengalaman datan katalompen lena sitihk pangendhane, sang Anggodo kasil kapikut diadhepake marang prabu Ramawijaya, keng paman prabu Sugriwa semu lingsem mundhut banyu sagenthong meres, kagebyurake marang Anggodo, megap-megap sang Anggodo sajak kentekan daya ........

Jumat, 23 Oktober 2009

halal bihalal pwp



NEDYA NGUMPULAKE BALUNG PISAH AJA KONGSI KEPATEN OBOR.
Manggon ing Sidotopo Wetan Indah II, warga Pacitan ing Surabaya dhek dina Minggu tanggal 18 Oktober 2009 nganakake Halal Bihalal.Acara mau manggon ing sekretariat PWP ya ing Sidotopo Wetan Indah II, mengku karep mbok manawa ana warga Pacitan kang wis mapan ing Surabaya.Perlu kawuningan yen tanah sing didegi bangunan iku saka hibahe almarhum Bapak Kasimin, sing nalika semana ngasta dadi pegawai catatan sipil Surabaya.Mula wis pas banget kita kudu ngeling-eling jasane almarhum Bapak Kasimin, muga-muga amale ditampa Gusti Allah, lan diapura kabeh dosane..... amin.Kita kudu nyengkuyung apa programe PWP, ya mesthi wae jer basuki mawa beya, yen kepengin program sukses kita kudu gelem cucul wragad.Ing acara mau semuwa banget, malah sambutan-sambutan iya gayeng, mung Bapak Suyono(Bupati Pacitan), ora bisa rawuh dadi diwakili Bapak Maulana (Asisten III).
Ing sambutan mau Bapak Maulana maosake sambutan Bapak Bupati wose Kutha Pacitan kemajuane cepet banget, pambangunan luwih maju, angka kemiskinan wis suda semono uga pengangguran iya wis suda.Malah pembangunan PLTU kang manggon ing kecamatan Sudimoro dadi bombonge warga Pacitan, biayane ora baen-baen, padha karo pembangunan Suramadu.
Aja lali 3 P.
Ing antarane sambutan,kadidene warga Surabaya aja lali karo 3 P yaiku :
1.Peduli karo warga (kampung).
2.Peduli karo Surabaya.
3.Peduli karo Pacitan.
Ya 3 P mau aja nganti dilalekake, amarga 3 P mau bakal nuduhake yen warga Pacitan bakal ditampa ing ngendi manggon.
Kabeh padha remen karo acara halal-bihalal iki,ngumpulaake balung pisah aja kongsi kepaten obor kalakon temenan, minal aidin walfaidzin .

Jumat, 16 Oktober 2009

MUSIBAH ISIH DURUNG PISAH

LUH IKI RASANE WIS ASAT.
Wulan Syawal kang mesthine kanggo mahargya Idul Fitri lebaran padha kumpul kulawarga sambang sinambang apura -ingapura nanging apa kang kedadean. Ing ranah Minang Sumatera Kulon dadi kosok balen.Durung sewulan lindhu gedhe ngobrak abrik laladan Jawa Kulon, Rebo sore watara jam 5,giliran Sumatera Kulon lemahe horeg.Punjere lindhu kanthi kekuwatan 7,6 Skla Richter(SR) ana ing segara sing dohe watara 57 km sisih kidul kulone Pariaman, Sumatera Kulon. Ewonan omah ambruk. Miturut Menkes, akibat lindhu ing Sumatera Kulon luwih nggegirisi dibandingake lindhu ing Jogya.Banguna ing Pariaman mung kari 25 persene kang isih wutuh.Nganti dina Kemis esuke,ora kurang wong 75 sing tinemu tiwas, lan atusan liyane diupakara ing rumah sakit sarta puluhan liyane sish kurugan bangunan sing ambruk.Nalika warta iki ditulis, Kemis esuk 1 Oktober 2009, laladan Sungai Penuh Jambi,uga dihoregake lindhu kanthi kekuwatan 7,0 SR kang punjere ing sisih Kidul kulone kota Sungai Penuh.Ing kahanan udan deres warga padha semburat mlayu metu saka omah, pasien sing ana ing Rumah sakit Kerinci panik, jalaran bangunan rumah sakite padha ambruk.Pira korban jiwa lan bangunan rusak ing jambi durung kinawruhan.
Sing cetha listrik ing laladan Sungai Penuh langsung mati. Lindhu ing Sumatera Kulon uga dirasakake warga ing Medan, Bengkulu,Pekanbaru,Palembang, Jambi, Bandarlampung malah nganti tekan Aceh.Sing dilaporake nganti sedina sawise lindhu, dampak horege bumi mau paling nggegirisi ing Padang lan Pariaman.Pemerintah langsung netepake musibah musibah gedhe ing Tanah Minang kasebut minangka bencana nasional, kanthi mangsa tanggap darurat suwene rong wulan.Atur bela sungkawa, muga-muga arwahe tinampa ing ngarsane Gusti kang Maha Agung lan kulawarga sing ditinggal tetep tabah ngadhepi pacoban iki, ......amin

halal bi halal sekolah


ALBUM HALAL BI HALAL SEKOLAH SMPN 2 SURABAYA TAHUN 1430 H
Tanggal 20 September 2009 ing lapangan SMP Negeri 2 Surabaya ana halal bihalal antarane para guru lan para murid. Halal bihalal mau kaya wis mentradisilan ditindakake mlebu wiwitan sawise libur pasa lan riyaya .








Salaman diwiwiti saka bapak Drs.H.Astari minangka kepala sekolah, banjur diteruske para murid nyalami bapak/ibu guru.







Ing kalodangan mau uga dicaosi kalonggaran marang Bapak Harjono,S.Pd kanggo pamitan marang para murid amarga wis purna tugas.








Minal aidin wal faidzin lan sugeng tindak pak Har muga-muga tansah pinaringan karahayon lan ayem momong putra wayah ..amin.

Senin, 05 Oktober 2009

tuladha donga

Tuladha donga kang agamane Islam.
A'uudzu billaahi minasy syaithoonir rojiim.
Bismillaahirrohmaanir rohiim.Alhamdu lillahi roobil'aalamiin.
Dhuh Gusti Allah ingkang Maha Agung, sedaya pujian mligi kagem Panjenengan, awit sedaya panguwaos Panjenengan ingkang tanpa winates.
Dhuh Gusti Allah kula nyuwun rahmad, rahmad hidayah lan nikmat tansah kapringaken dhumateng junjungan kula sedaya seadaya nabi Muhammad S.A.W, ingkang sampun tuntunan dhumateng umat Islam ing saindhenging donya punika, saengga saged gesang laras kaliyan ajaran Al-Qur'an ingkang agung menika.Boten kesupen para sahabat nabi lan rosul, para wali, syuhada ingkang ngrumiyini seda jalaran bela agami. Semanten ugi para ulama inngkang sampung kersa ngamalaken ilmunipun, tiyang-tiyang ingkang sholeh lan sholekah, para mukmin lan mukminah, para tabi'in, bapaklan ibu kula sedaya lan sedaya kemawon ingkang dereng kasebat utaminipun ingkang sampun paring kalodangan ing mriki, saengga adicara menika saged kaleksanan.
Dhuh Gusti Allah ingkang Maha Asih, kula sedaya nyuwun asih Panjenengan awit saking tumindak kula ingkang tansah nambahi dosa ing saben dintenipun, kula sedaya rumaos mboten pantes manggen ing swarga Panjenengan, nanging kula inggih mboten kiyat menawi kedah mlebet ing neraka Panjenengan, mila saking menika Gusti kanthi raos asih Panjenengan, kula suwun sampun ngantos kulawarga kula sedaya ingkang kempal wonten ing mriki dipunlebetaken neraka. Kula ugi nyuwun sedaya kalepatan saged dipun apunten.
Dhuh Gusti Allah,Panjenengan paringi sih katresnan dhumateng tiyang sepuh kekalih kados asihipun bapak saha ibu ingkang sampun kula raosaken nalika kula taksih alit lan mugi sedaya dosanipun bapak saha ibu Panjenengan apunten, supados saged kagolong dados tiyang sholeh lan solikhah ing ngarso Panjenengan.
Ya Allah kula suwun Panjenengan kers ngijabahi sedaya panyuwun kula.
Amin, amin yarobbal alamin.

Kamis, 24 September 2009

DINANE ISIH RIYAYA



CATHETAN MUDIK MENYANG PACITAN.
Sabtu,19 September 2009 aku sakulawarga sida budhal menyang desa, riyaya lebaran, Sadurunge iku aku ngenteni anakku mapag menyang bandara Juanda jam 18.30, pesawat Garuda dellay kurang luwih 20 menit, kok tumben.Pancen anakku sadurunge wis pesen , ora usah leren, bengi iku uga budhal.Apa ora kesel, diwangsuli ora, malah nalika teka aku dioleh-olehi kamera sing pancen kepenginanku wiwit biyen.Bengi iku uga jam 22.00 sida budhal.

Sadalan-dalan isih nemoni wong sing mudhik, embuh rodha loro apa papat wis ora kocap akehe, bot-bote kepengin sambang wong tuwa, setahun sepisan. Mungkin amarga sesuk riyaya/sholat id dalan ora sepira rame,dadi anakku olehe nyopiri ya lancar. Ngancik mlebu tlatah Kediri anakku kepengin sega pecel, jarene ing Minggiran ana, nanging meh tekan Kediri sing jenenge pecel ora ana, paling sing isih dodol tempe penyet, sega bebek iku wae arang-arang pancen ya bengi gek swasana takbiran pisan.Metu saka Kediri bablas wae, kathik olehe nyopiri banter,angger anakku takon bener pak dalane, lan dak wangsuli bener, terus ae . E... kok dadakno keblasuk tekan Srengat tlatah Blitar, untunge takon banjur dikongkon menggok tengen arah Tulungagung.Tekan Tulungagung menggok ngiwa arah Trenggalek,lancar.

Nanging yaiku arep ngarah menyang Panggul, kesasar maneh mesthine arah Dongko, Panggul, kliru menyang Kampak, Munjungan.Tekan Polsek Kampak aku nyuwun pirsa bapak polisi, lan aku kepeksa dipandu bapak polisi mau, nuju Dongko mung wae dalane munggah deder katik menggak-menggok tikungan nyeklek banget. Meh wae ora kuwat munggah nganti kampas rem mambu sangit, atiku wis ketir-ketir wae, dhuh Gust Allah kawula nyuwun pangaksami. Mlebu metu alas kahanan sepi ing kalane mlebu padesan kang bengi iku wis padha takbiran mapag dina kang agung dina riyaya.Ati lagi plong bareng wis tekan pasar Dongko, lancar nganti tekan Panggul ,Lorok, banjur ing desaku Wonodadikulon, kec.Ngadirojo, kab.Pacitan. Alhamdulillah isih bisa menangi sholat Ied.Rampung sholat aku saanak putu sungkem ibu, lan padha apura ingapura ing dina riyaya iki.Kabeh padha ngondhok-ondhok ana rasa bagya mulya ing dina iki,apa maneh sajege anakku nyambut gawe ing jaban rangkah kurang luwih 6 taunan lagi iki kumpul bareng ,ketemu karo eyange.Lan dina iki aku unjung-unjung marang tangga teparo.Dina esuke Senin 21 Oktober 2009, aku kepeksa nuruti kulawarga mulih Surabaya. Ing sadalan-dalan nuju Panggul sesawangan apik banget, ing ngarepe gedung SMA Sudimoro,kab Pacitan mandheg poto-potoan , katon jelas proyek PLTU ing tlatah Sudimoro embuh kapan rampunge, ora keri segara Panggul kang pancen endah ngelam-elami ati.

Pancen yen dak pikir sesawangan ing wilayah iki ora kalah karo tlatah liyane, iki mung sebageyan wae durung tlatah liyane ing Indonesia.Dak pameri anakku yen ing Indonesia akeh sesawangan kang endah, meneng wae mbokmanawa setuju, dheweke ya tau crita yen wis tau menyang jeram Niagara numpak prau cilik karo rombongan kadhemen lan rada wedi. Ora kacarita mulihku slamet tekan Surabaya, lan iya tata-tata ngadhepi pegaweyan sakawit gegojegan karo para murid generasi penerus bangsa. Isih ana sing ngganjel,aku ora bisa ndeleng segara kidul ing wilayah desa Hadiwarno lan segara anakan ing wilayah desa Sidomulyo, aku durung bisa sowan karo guruku SD biyen, Bapak Syamsuri Dwijomursito kang dedalem ing desa Cangkring, kec.Ngadirojo, kab.Pacitan. SUGENG ARIADI RAMA, NGATURAKEN SEMBAH BEKTOS BILIH WONTEN KALEPATAN NYUWUN PANGAPUNTEN,kula Purwito murid panjenengan wonten SD Wonodadikulon.

Jumat, 11 September 2009

Lebaran 1Syawal 1430 H

SUGENG IDUL FITRI 1430 H.
Kula sabrayat ngaturaken Idul Fitri, 1 Syawal 1430 H.
Nyuwun gunging samodra pangaksami mbok bilih anggen kula srawung dhateng panjenengan wonten tembung saklimah , lampah satindak ingkang kirang mranani penggalih. Mugi-mugi ibadah kita utaminipun ing wulan Siyam kepengker dipun cathet
Gusti Allah SWT, dipun apunten sedaya kalepatan saengga sedaya amal kasaenan saged nambahi keimanan kaliyan ketaqwaan kita ing salebeting nindakaken sedaya dhawuhipun lansedaya laranganipun kangge miwiti lembaran enggal kados bayi ingkang suci.Amin.

Kula :
Purwito /Hj.Siti Hayati.
Rijanto/Rahajeng Purwitorini.
Dwiyanto Kuncoro.
Ricky Achmad Subagya (putu).
Rival Brain Subagya(putu).

Selasa, 08 September 2009

iki lo budayaku budaya indonesia



Malingsia.
Yen ndeleng cathetan iki,rasane ati ora bisa diselaki maneh ya pegel, gregeten,kepengin ngamuk, kepengin nesu....... coba hara wis nyata-nyata budayaku asli -sli INDONESIA kok tegane ngaku-aku/ngeklaim produk Malaysia.......mesthi wae ana demo sing nelakake ora simpatik karo Malaysia..ganyang Malaysia......ganyang Malaysia........
1957 .Lagu"Terang Bulan".

2000 .Gamelan saka Jawa.Klain lan eksploitasi komersial.
.Lagu"Injit-injit Semut" saka Jambi.

2005 .Badik Tumbuk Lada saka Riau, Deli, lan Siak.

2006 .Batik Parang saka Yogyakarta.
.Alat musik angklung saka Jawa Kulon

2007 .Wayang kulit saka Jawa dipentasake ing acara-acara kaya dene kesenian Malaysia.
.Rendang panganan khas Sumatra Kulon.
.Naskah Kuno saka Sulawesi Tenggara, Sulawesi Kidul,Sumatra Kulon,lan Riau
digawa menyang Malaysia banjur digawe versi online.
.Lagu"Rasa Sayange" saka Maluku .
.Lagu"Soleram"saka Riau.
.Musik Indang Sungai Garingglang saka Sumatra Kulon.Ditampilake Tim
Kesenian Malaysia ing acara Asia Festival 12-14 Oktober 2007.
.Tari "Kuda Lumping" saka Jawa Wetan.
.Lagu"Jali-jali" saka Jakarta, diklaim kaya dene lagu asli saka Langkawi.

2008.Reog Ponorogo saka Jawa Wetan.Klaim lan eksploitasi komersial.
.Kain Ulos saka Sumatra Lor.
. Keris saka Jawa.

Ora dingerteni taun klaim.
.Tari piring saka Sumatra Kulon.
.Lagu "Kakatua"saka Maluku, klaim lan eksploitasi komersial.
.Lagu "Anak Kambing Saya" saka Nusa Tenggara.

2009.Tari Pendet saka Bali, ditampilake ing iklan pariwisata Malaysia.
.Tenun ikat Sambas, sing dituku saka Kalimantan Kulon diedol ing Malaysia kanthi label made in Malaysia.




PANCEN ORA DUWE ISIN KOK MALAYSIA IKI, MULA WIS PAS YEN ANA SING NYEBUT MALINGSIA.

UHB


Materi UHB, kelas 9 SPENDABAYA semester gasal 09-10.
.Wayang lan paraga wayang salah sijine Pandhawa (sinopsis).
.Ngarang paragraf:
a.pengumuman.
b.pidhato(pambuka lan panutup).
c.Sing dibiji/ kriteria yen kancamu pidhato.
d.lsp, lsp.............................

Batik

BATIK DADI WARISAN DONYA.
BOGOR- Badan PBB kanggo Pendidikan, Ilmu Pengetahuan lan Kabudayan(UNESCO)wekasane nglebokake batik dadi warisan budaya donya(representatif list of intengible cultural heritage of humanity).
Pengakuan iku arep diwenehake marang Indonesia suk 28 September nganti 2 Oktober 2009 ing Abu Dhabi, Uni Emirat Arab(UEA).
 Menko Kesar Aburizal Bakri lan Menbutpar Jero Wacik nglaporake marang presiden Susilo Bambang Yudhoyono(SBY) ing istana Bogor wingi(7/9)
.Kanggo pakormatan prestasi mau, presiden ngajab marang masyarakat padha nganggo batik suk 2 Oktober." Presiden ngendika, suk 2 Oktober kabeh masyarakat Indonesia padha nganggo batik. Iku minangg\ka pahargyan yen batik didaftar reprensentatasi budaya donya saka UNESCO,"kandhane Ical, cekakane Aburizal.Mlebune batik ing daftar warisan donya iki melu suksese wayang kulit lan keris kang luwih dhisik oleh pahargyan kang padha ing tahun 2003 lan 2005. Ical mratelakake, batik dianggep ikon budaya bangsa kang unik, duweni simbol lan tradisi, sarta urip ing masyarakat.
Batik uga duweni filosofi kang jero bab siklus panguripane manungsa. Kain tradisional iku dikembangamngake turuntumurun. saka akehe kriteria iku wekasane batik katetepake minangka warisan donya saka Indonesia. Syarat liya kang katetepake UNESCO yaiku anane pangayoman saka pamarentah ngenani warisan budaya iki.Ing antarane nglebokake wulangan batik jroning buku-buku sekolah. "Kita duwe masyarakat batik, kita duwe industrine, kita duwe budayane,kita duwe sejarahe. Adhedhasar mau, syukur alhamdulillah, batik wis disetujui dadi warisan budaya dudu manungsa saka UNESCO," ujare Ical.

Senin, 07 September 2009

BASAKU BASAMU


KEBANTEREN NGOYAK BASA INGGRIS, NYEPELEKAKE KABUDAYANE DHEWE.
    Maca andharane Mendiknas bapak Prof.DR.Bambang Sudibyo iku penulis kaget, sebab sekolahan-sekolahan kang diatur dening Depdiknas iku wiwit TK gandrung kepiyeng-piyeng, sajake nganti mendem anggone ngrungkepi basa Inggris. Bocah-bocah kelompok Taman Kanak-kanak wis padha lomba pidato nganggo basa Inggris.Wong tuwane boch-bocah kuwi mongkog yen bocah-bocah TK faseh ngucapake Good morning, Hello Maa, Okey.
Mendiknas nyentil kelas internasional iki mesthine kang dikarepake yaiku sekolah Berstandar Internasional kang migunakake basa pengantar basa Inggris. Yen sinyalemen iki bener, iki kejutan temenan. Sebab sing kuwasa ngatur persekolahan iki rak mendiknas. Yen pancen iku diakoni nyimpang, ora laras karo kabudayan bangsa Indonesia, kok diterusake! Kudu kita akoni yen jejer fungsine basa Inggris iku ing jagad Internasional.Sarta wigati kanggo ngedhuk ilmu jagadan. Nanging yan anggone ngoyak basa Inggris nganti ngorbanake kabudayan bangsa, apa karan mburu uceng kelangan dheleg.
       Kaya-kaya kabeh bocah Indonesia mengko bakal mergawe kang ana hubungane karo basa Inggris. saka pangirane penulis 90% bocah-bocah iki kerjane informal lan butuh otot. Ing Yogyakarta ana ada-ada ngedegake Desa Kebangsaan lan Sekolah Kebangsaan. Desa Kebangsaan iki wargane dilangsir saka propinsi sa Indonesia.Desa Kebangsaan iki mujudake monument humanis kang becik. Tujuane cetha kanggo ngrabuk rasa kebangsaan sing wis rapuh. Sekolah Kebangsaan iku manggon manggon ing laladan kang biyen dadi papan pamulangan jaman Walanda yaiku Kwekscool Voor Inlander Onderwjzert, kang dipengeti papan Konggres Boedi Oetomo biyen.
        Sekolah Kebangsaan iku mujudake winih kang bakal ditanem ing wilayah Indonesia sakabehe. Kajaba saka iku uga kanggo nuduhake, lan kanggo mbuktekake marang jagad internasional yen kebangsaan Indonesia isih ana. Kang positif banget yaiku ing Sekolah Kebangsaan iki edigrengsengake migunakake basa Indonesia kang becik lan bener.Sekolah Kebangsaan nanem kapribaden! Manut ngendikane mas Beni Setiawan, bocah Indonesia saiki wis asing marang kabudayan   Nuswantara.Bocah Indonesia ing dina iki luwih nepungi lagu-lagu lan tari dancing ketimbang joged ketimuran. Bocah Indonesia luwih seneng roti burger katimbang klepon.Pendidikan kurang migatekake kapribaden! Basane bocah Indonesia ya wis morat-marit,singsal saka kabudayan ketimuran.
      Basa iku pancen ngemot kabudayan. Yen bocah kebangeten anggone ngrungkepi basa Inggris, mesthi ketularan kabudayan kulonan.Contone yen ngulungake saweneh barang marang wong tuwa migunakake tangan kiwa, yen omong pecicilan ora ana subasitane/tatakramane lan sapanunggalane. Basa iku paling sethithik duwe aspek humanitis, aspek politis lan aspek kulturalis. Aspek humanis basa iku dadi piranti mahami peradapan lan kabudayan bangsane.
     Yen bocah diwulang basa Jawa ateges nggegulang atur marang basa Jawa.Aspek politis basa iku nepungake bocah marang gegayuhan politik kebangsaan. Yen bocah diwulang basa Jawa lan basa Indonesia ateges nepungake gegayuhan basa Jawa sawutuhe. Mawa sarana piwulang basa Jawa lan basa Indonesia kang tumemen, bocah-bocah tartamtu maujud dadi Warga Negara Indonesia kang njunjung dhuwur keIndonesiaan minangka kabudayan ketimuran kang adiluhung lan santun.
(PSno.32/9 Agustus 2008).

Senin, 31 Agustus 2009

Aja dientekne


Bapak ,teyo.....bapak ,teyo
Ing omah iki anggota kulawargaku ana 5 yaiku aku,mantan pacar anakku nomer loro sing durung gelem omah-omah lan putuku loro.Putuku loro mau dak cekak wae jenenge Ricky umur 9 tahun sekolah kelas 4,lan adike jenenge Rival umure suk Nopember 3 tahun.Dene wong tuwane putuku(anakku nomer siji karo kakunge) golek rejeki ing jaban rangkah rencana suk riyaya 1430 H insya Allah padha teka.Putuku loro mau lucu-lucu, kadang rukun kadang tukaran, wong loro-lorone pada lanange kamangka let umure 6 taunan. Yen tukaran ya aku kudu ngguyu, kok isane bocah samono, bocah cilik padha dulure kok gelutan, paling aku biyen ya ngono..... Yen Ricky rumangsa kalah utawa ngalah banjur bengok-bengok " dhik.....dhik....., nanging yen si Rival sing kalah banjur nangis lan nggoleki eyange karo nangis mingseg-mingseg lan sambat;"....uti....uti... Yen ngono aku lan nyonyaku sing ora tega langsung dak gendhong yen ora gelem ya ngampok nyang utine. Putu loro mau sasat anakku dhewe, malah bisa-bisa ngalahi anak, ya piye maneh jare embah iku nggo tambah- tambah.Isih eling nalika anakku biyen dak terke nyang bandara Juanda " Wis pak/bu ndherek titip cah loro " aku dadi kasok tresnaku marang putuku loro mau. Minggu kepungkur aku nyambangi bapak/ibu marasepuh ing Mojokerto, lan kaya dat saben aku mampir barang perlu tuku buah kanggo oleh-oleh saperlune.Ya ing pasar mau aku mesthi nggoleki senenganku telo rambat sing wernane kuning lan sing ungu. Embuh karo panganan siji iki kok rasane kaya wong nyidham. Sorene bareng dak rasa wis cukup sowan bapak/ibu marasepuh,aku mulih, telo mau langsung dak kukus. Mateng langsung dak nikmati, pancen ya enak tenan, dene putuku ora dak wenehi wong panganan telo.Nanging utine ngandhani."Rival minta bapak kung, itu lo bapak kung punya...." e e.. Rival kok mara lan dak dulang lo kok gelem kok dungaren cah iki. Bareng adhike gelem telo si Ricky emoh kalah " aku bapak kung....." ee tibake gelem ta bocah iki. Lumayan wis gelem karo sing jenenge telo sanajan ora akeh. Lan ora krasa wsi bengi lan telo mau wis mlebu kabeh ing wetengku..... kok dremba temen ya.....Kira-kira jam sepuluh bengi ndadak putuku si Rival nglilir karo bengok-bengok" teyo.;"bapak teyo.. bapak teyo....hh mateng aku nanging aku ora ngrungokake.Lagi tangi bareng utine gugah-gugah ,telone pa entek, ki lo Rival nyuwun, dak wangsuli ya entek wong ya mung samono, utine takon maneh sing mentah ya entek..., dak wangsuli isih ana..... ya wis dak kukusne ..... karo ngarih arih si Rival, sik ya lee.......Rival manthuk kaya ngerti ngertiya..... Cekak cukupe bengi iku ngukus telo maneh , bareng wis mateng dak wenehke Rival, ini lo le teyone .....ya gelem mangan nanging ya kuwi ora sembada karo olehe nyuwun..... ora nganti separo nglepus maneh karo utine, wis lega beke...... wah pancene si bocah

Senin, 24 Agustus 2009

wulan siyam


Sugeng siyam
KAGEM PARA KADANG INGKANG NGRASUK AGAMI ISLAM, KULA SAKULAWARGA NGATURAKEN SUGENG SIYAM WULAN RAMADHAN 1430 H,MUGI-MUGI SEDAYA AMAL IBADAH KITA TINAMPIA ING NGARSANIPUN GUSTI ALLAH INGKANG MAHA AGUNG LAN KITA KALEBET TIYANG INGKANG AHLI IBADAH .... AMIEN.

MALINGSIA


TANGGA KANG SENENG GAWE GARA-GARA.....
Isih eling pulo Sipadan lan Ligitan dicaplok Malaysia amarga Indonesia kalah ing pengadilan Internasional, iki ketambahan maneh tari pendet kang asli Bali diklaim duweke Malaysia.Sadurunge iku pancen tangga sitok iki seneng nggodha semu ngece, ngiwi-iwi .Lagu Rasa Sayange asli Maluku diakoni, angklung asli Jawa Kulon diakoni, reyog Ponorogo diakoni, wayang kulit sing asli-sli Jawa diakoni, batik diakoni pisan, terus..... kok isa-isane TARI PENDET ASLI BALI diklaim/diakoni yen tari mau duweke Melayu ,Malaysia.....kok tambah nglamak. EE..... mbok ya eling padha Melayune aja nemen-nemen, dumeh Indonesia ngalah ..... sabar....., wong sing ngalah sabar ya ana watese ta.....Ngene iki wis nandur ...bibit ala marang bangsa Indonesia ya tanggamu dhewe.Kita ya ora apa-apa nanging akonana, yen sing dianggo mau nyebutne dudu asli budayamu, lan dikantheni sing kok anggo promosi pariwisata mau pancen duweke Indonesia.Durung telat kanggo ngakoni kaluputan, apa maneh iki wulan Ramadhon, wulan sing suci kanggone umat Islam. Ora usah sungkan-sungkan,..... luwih jentle yen dudu duweke dibalekake manut apa mesthine....bangsa Indonesia nunggu kabare.....ok.

Minggu, 16 Agustus 2009

Pengetan Agustusan



MENGETI DINA KAMARDIKAN.
Dina iki Senin tanggal 17 Agustus 2009 kita nganakake upacara gendera, kanggo mengeti dina kamardikan Indonesia sing kaping 64.Kabeh warga padha bombong, sadurunge iku saminggu utawa luwih wis nyiapake maneka warna lomba kanggo mengeti dina kang kebak sejarah perjuangane bangsa kita, bangsa Indonesia.Aku kok eling lelagon nalika ish ana SR biyen :

bung bung Hadi, kowe arep nyandi
kathik nganggo topi dak sawang mundhak aksi
aku arep dolan,dolan nyang prapatan
nonton keramean, hari kemerdekaan

kae pak guru, rawuh ngasta buku
karo mesem ngguyu sajak seneng karo aku
pak guru gagah mimpin bocah-bocah
sing sregep sekolah tahun ngarep bisa munggah


Iku lelagon sing dak apali lan nuduhake menawa perayaan pitulas Agustusan pancen istimewa banget.Saben tanggal pitulas Agustus esuk msethi ana titir sing swarane medeni banget kaya-kaya ana bebaya sing bakal tumiba marang desaku lan desa-desa sakiwa tengenku. Bapak swargi sing kebeneran ngasta guru SR nerangake yen iku pangeling-eling yen dina iki Indonesia merdika uwal saka penjajahan Walanda. Aku banjura tata-tata saperlu budhal upacara ing lapangan Bedali kawedanan Lorok, kecamatan Ngadirojo. Sarampunge upacara ana tontonan reyog sakecamatan, sing paling onjo dhewe saelingku reyog saka desa Nogosari.Rampung nonton reyog aku kabeh dijak pak guru perlu mangan awan sing wis disiapake ibu mau esuk. Wah kenangan sing ora dak lalekake.

Jumat, 14 Agustus 2009

Nasibmu Penyu



ING MALAYSIA DIJAGA,ING INDONESIA DIJAGAL.
SAMBAS-Colong jupuk ing Pantai Paloh,Sambas, Kalimantan Kulon, banget mrihatinake.
Pelaku ora mung nunggoni kewan lucu iku ngendhog lan lunga.Wong-wong mau malah luwih sadis kanthi mateni penyu sing arep ngedhog.Tumindak kang mengku karep komersial kasebut dadi ancaman serius, amarga endhog sing dijarahrayah akeh banget,ngancik ewon.Asil panyelidikan kelompok warga Paloh,paling sithik ana wong telu sing nukoni lan nampung asil jarahan endhog penyu sing akeh mau.Wong-wong iku asale saka Sambas,Tebas lan Desa Temasuk.Endhog penyu diedol menyang Malaysia ngliwati Serikin utawa Sematan.Pancen ironis,ing Malaysia penyu-penyu mau dislametake, nanging ing Indonesia malah dicolong lan didol menyang negara jiran.Pemerintah Malaysia nyiapake pulo loro, yaiku pulo Satang lan pulo Talang-Talang kanggo njga penyu mau. Yen ana sing nyolong lan konangan dol tinuku penyu,maling mau didenda sewu ringgit saben endhog siji.Suwalike ing kene, tindakan tegas ora tau digatekake."Kami sudah sering lapor polisi.Kadang-kadang bosan sendiri.Kami juga pernah memergoki speedboat dari Malaysia yang membeli telur penyu beberapa bulan lalu"ngono omongane Trino Junaidi,34, ketua Kelompok Sadar Wisata Kecamatan Paloh,kanthi rasa gela.Sekretaris desa Temajuk Asman ngandakake. pancen ana warga sing kadang-kadang jupuk endhog penyu. Biasane yen nemu susuh penyu kanthi ora kasengaja, nalika warga ngliwati pesisir yen arep menyang kecamatan"Aku ora bisa nglarang, wah kebeneran nemu ing dalan dadi dianggep rejeki" kndane Asman.Asman ngakoni, kadang-kadang meruhi warga sing mateni penyu kanthi kejem ing pinggire pesisir.Maling-maling mau ora sabar nunggu penyu ngendhog kang mbutuhake wektu pirang-pirang jam. Weteng penyu dibelek kanthi sadis, banjur endhoge dijupuk.Nalika pengunjung Panati paloh, Pontianak Post bareng karo rombongan WWF, nemokake bathang penyu sing wis badheg ora adoh saka desa Temasuk.WWF nemokake yen rong wulan pungkasan,ana 6 penyu ijo sing wis dadi bathang sadawane Pantai Paloh. Bisa uga akehe penyu sing dipateni luwih saka iku amarga panaliten ora kabeh. Sebagian warga ya ngandhakake, yen petugas Balai Konservasi Sumber Daya Alam(BKSDA)melu kecokot bab endhog penyu lan diedol, yaiku Latif. Nalika dikonvirmasi. pancen diakoni Latif, pegawai honorer Manggala Agni sing diwenehi wewenang ngurusi Taman Wisata Alam Tanjung Belimbing Paloh.Latif ya ngawasi pesisir nganti tekan desa Temajuk.Manut Latif, endhog-endhog penyu kepeksa didol saben pungkasane wulan kanggo mbiyayani kebutuhan operasi TWA lan mbayari 8 karyawan sing ora resmi. Cobi kadospudi ngaten menika ......(sumb.jp.sel.110809)

Sabtu, 08 Agustus 2009

IN MEMORIAM MBAH SURIP LAN MAS RENDRA



SUGENG TINDAK MBAH, SUGENG TINDAK MAS...
INNA LILLAHI WA INNA ILLAIHI ROJIUN
Satemene aku saka PANJENENGANE lan aku bali marang PANJENENGANE.
Iku ukara sing pantes diucapake nalika krungu kabar yen para seniman loro mau seda dhisiki kita kabeh.Mbah Surip kang asma jangkepe Urip Ariyanto kanthi lagu kang kondhang "Tak Gendong "seda dina Selasa 4 Agustus 2009 kanthi yuswa 60 tahun lan mas Rendra/WS Rendra kanthi yuswa 73 tahun seda dina Kemis tangga 6 Agustus 2009.Sadurunge seda mbah Surip ngendika ,aku ora apa-apa...aku ora apa-apa...Nanging ora bisa diselaki maneh yen pancen tanggapan akeh, nganti lali karo kesehatane. Durung bisa methik asile..nanging Gusti Allah kagungan kersa liya . Dene WS Rendra kang lair kanthi asma Willibrordus Surendra Broto Rendra kang oleh sebutan SI Burung Merak iki sadunge seda nyebut asmane keng rama kanthi luh kang nelesi soca, sajak kepengin enggal ketemu karo ramane....Seniman kang kagungan asma liya Wahyu Sulaiman Rendra sawise ngrasuk agama Islam, dipetak 6 meteran saka makame mbah Surip ing komplek Bengkel Teater ing Citayam Depok Jawa Kulon, ya ing bengkel seni kagungane Mas Rendra piyambak.Loro-lorone wis dhisiki kita kabeh ,loro-lorone wis kasil ngrebut ati para penggemare. Sugeng tindak mbah,sugeng tindak mas Rendra.....aku kabeh bakal ora nglalekake panjenengan .....

Minggu, 02 Agustus 2009

PRITA MULYASARI


DAGELAN APA MANEH.
Sawise dinyatake bebas dening Pengadilan Negeri Tangerang,Prita kudu dadi pesakitan maneh amarga kebebasan mau dibatalake Pengadilan Tinggi Banten.Kabar kang ngagetake,
ditampa Prita Kamis sore 30 Juli 2009 kepungkur,nalika dheweke lagi gegojegan karo putra kinasih Khairan Ananta 3 th lan Rana Puandita Nugraha 1,5 tahun.Ujug-ujug HPne
ana nada getar, nomer pribadi saka kanca muncul ing layar ponsele.Sawise omong-omongan rampung,awake lemes tanpa daya.Praupan sing sakawit dikebaki rasa bagya mulya gembira, langsung pucet kadya dluwang.Kanca mau menehi weruh Yen Pengadilan Tinggi(PT) Banten mbatalake putusan Pengadilan Negeri(PN) Tangerang sing mbebasake3 saka tuduhan pencemaran nama baikTumuju RS Omni Internasional Tangerang.Sapa sing ora sedih, manut Prita kasus sing dianggep rampung pranyata isih diongkreh-ongkreh maneh, isih durung tuntas.Wis dikunjara 21 dina, dinyatakake bebas, e ora ana udan ora ana angin la kok arep disidang maneh, kathik wektu lan panggonan sidang ya durung ana kepastian."Aku durung ngerti kapan sidange, pengacara ya durung kandha marang aku"omonge.Manut Prita,keputusan PT Banten pancen ngugekake lan mbuktekake yen ora matone hukum pancen kabukten.Dheweke wis dinyatakake bebas lan ora salah, la kok iki diperkarake. Apa maneh persoalan bab surat elektrnik iku babar pisan ora ana gandhenge karo"pencemaran nama baik", iku mung curhat wae.Saking susahe Prita kudu pamit ora ngantor, kanggo nentremamke pikir."Aku kudu siap mental lan pasrah karo Gusti Allah"ngono omonge. Prita rumangsa yen kasus kaloro iki sepi pendukung kang nebeng pilpres.Capres telu sing golek simpati masyarakat kaya ana perlombaan nggatekake Prita.Ana sing besuk langsung ana uga sing aweh statemen saka kadohan.Mbah Petruk kadidene punakawan mung legeg, dagelan apa maneh iki? Apa bener payung hukum mung kanggo warga sing dhuwite kandel?(sumb.jp.Minggu 020809).

Jumat, 31 Juli 2009

Tugas 2 Spenda .sby.


TUGAS 2 KELAS 9 smp2surabaya, semester gasal 09-10.
Gawe kliping wayang.
Golek artikel bab wayang, kang kedadeyan saka :
a.Asal usule wayang .
b.Crita pakem.
c.Crita carangan.
d.Tokoh/paraga wayang(paling sethithik 5 paraga, jangkep sinopsise).
e.Tuladhane crita pakem.
f.Tuladhane crita carangan.
Tugas mau digarap kelompok paling sethithik bocah 5(lima), paling akeh 10(sepuluh).
Sumber bisa saka media cetak lan media elektronik(internet,tv lsp).
Yen ora ngerti nyuwun pirsa pak Pur, wektu 2 minggu sawise tugas iki dak tulis.

Senin, 27 Juli 2009

tugas siji kelas9 spenda semester gasal 09-10


TUGAS WIWITAN KELAS 9 SMP 2 SURABAYA TAHUN WULANGAN 2009-2010.
Bocah-bacah mesthine wis akeh ta kawruhmu bab basa Jawa, coba miliha salah siji soal ing ngisor iki,banjur tulisen ing kertas folio sing ana garise.Aja lali sisih kiwa digaris 3cm, lan sisih tengen digaris 2 cm.

1.Gawea crita sapada wae nganggo basa Jawa,banjur salinen nganggo aksara Jawa .
2.Nulisa layang marang tokoh idolamu. Tokoh mau bisa negarawan,seniman,olahragawan artis lsp
3.Nulis warta nganggo basa Jawa.Kanggo referensi bocah-bocah bisa migunakake media cetak lan media elektronik, nanging pak Pur luwih seneng yen warta mau asli apa sing kok weruhi langsung.
4.Nulis pengalamanmu sing ora kok lalekake utawa kedadeyan lucu saengga yen eling kowe kepengin ngguyu terus.
5.Nulisa cerkak utawa cermis.
Wis cah iki tugas sing wiwitan, gatekno aturan tata tulis, kudu ana pambuka isi
lan panutup.Tugas dikumpulke minggu iki tgl 26- tgl. 31 Juli 2009.

Kamis, 23 Juli 2009

crita misteri


DI GUGAH MAS GEN
Crita iki dak alami nalika aku dekor ing sekolah kanggo pertemuan mantan kepala sekolah, guru lan karyawan (PAMANPALARUWAN) SMP2 SBY. Sing ngutus pak Ramelan (kadospundi pak Ram kabaripun, taksih nyerat wonten kalawarti inggih)Wiwit awan wis dak siapke
kabeh ubarampe kayata manila karton,lem, kain kanggo dasar tulisan lan liya-liyane.
Nanging embuh apa sebabe kok ora rampung-rampung ,apa wis tuwa ki pa piye karo ma-
neh kok ya tumben ora ana sing ngrewangi. Nganti jam 10.00 bengi lagi rampung lan
kari nempelke ing kain sing wis dipasang dik Kasmiran karyawan sekolah.Rampung,na-
nging ya kuwi, arep mulih wedi katik ngliwati dalan sing rawan.Ya wis turu wae ing sekolah, ing ruang guru ya kena ing teras sekolah ana pak No, malah ing pos satpam ana pak Rus karo nonton TV.Wiwitane aku turu ing meja guru, nanging kok ora jenak, ijen pisan. Banjur pindah ing ngarepe teras cedak pak No, ing kono ya turu
nanging mung ketha-kethip thok, lan kademen mangka wis kemulan jaket.Amarga ora bisa turu, aku pindah maneh menyang ruang guru, ora turu ing dhuwur meja, nanging gelar klasa sing magrib mau dak anggo sholat mapan ing cedhak lawang.Embuh saking keselku
aku les turu, nanging rumangsaku panggonan sakiwa tengenku kaya ana lindhu lemah sing nggo turu kaya horeg kaya ana sing gugah-gugah lan krungu kaya wong ngeses wus-wus kaya nggusah pitik, aku gregah tangi, dak deleng jamku jam 03.25 menit.Aku banjur tangi lungguh tenger-tenger,banjur marani pak No. Boten wonten napa-napa pak Pur paling kesayahen ngono pak No menehi komentar.Dina Senin aku crita kanca-kanca,warna -warna komentare," pancen ana mbah Pur, ngarepe kopsis iku rak omahe mas gendruwo,sajake gendruwo mau gugah-gugah ndang sholat " ngono pak Nursawi melu urun rembug.Embuh ...mangga komentar percaya apa ora sumangga.Sing jelas yen ana tugas sekolahan lan kepeksa turu ijen aku mikir-mikir .....

Jumat, 10 Juli 2009

Pasca pilpres.


KOMENTARE MBAH PETRUK.
Jum'at tanggal 10 Juli 2009 omahe Petruk Kantongbolong ditekani kangmas Nala Gareng lan rayi kinasih Bagong.
"piye kakangku Gareng lan adhimas Bagong, panjenengan sakloron wis nyontreng ta ?"ngono ki lurah Petruk mbukani rembug.
"Uwis dhi,la iki mangsine ish durung ilang"ngono Gareng mangsuli.
"Jenthikku tambah dak clupke meh setengah driji kakang, saking senengku"Bagong emoh kalah.
"Wah ya apik kuwi, ing TPS panjenengan sakloron aman ta?"
"Aman kok dhi,mung wae ana warga sing ora bisa teka ,amarga ana kaperluan utawa alasan sing awake dhewe ora ngerti".
"Ing TPSku malah diparingi aqua barang, kok kakang, bener kakang Gareng ana warga sing ora nggunakake hake. Kakang Petruk dadi ketua KPPS, apa ana masalah? Crita kakang "


"Iya dhi Petruk critaa, e mbok manawa bisa kanggo pangeling-eling kanggo anak putu" ngono Nala Gareng aweh pamrayoga.
"Iya...iya . Ngene ya kakang Gareng lan adhiku Bagong.Pilpres wis rampung,ayo ditunggu asile.Pancen wis ana hitung cepat nuduhake yen calon nomer 2 menang kanthi prosentasi sing meyakinkan.Hitung cepat ana sing pro lan sing kontra,malah sing kalah ngudal-udal yen pilpres ora beres, akeh kecurangan akeh pelanggaran.Manut aku, iki aku lo kang Gareng lan adhiku Bagong sing rumangsa dicurangi mbok ayo dirampungke liwat jalur hukum kanthi bukti sing otentik, mengko hukum sing bakal mutusi perkara iki.Yen hukum wis aweh vonis, kita kabeh kudu nglenggana. Rakyat wis dewasa kok.Iku salah sijine dalan kanggo ngrampungake masalah.Yen terus-terusan rebut bener embuh iku ing media cetak lan media elektronik ora bakal rampung, wong padha ahli wicara.Karo maneh KPU nemtokake tanggal 23 apa 25 Juli 2009 bakal menehi keterangan resmi, ayo ta ditunggu kanthi sabar.

Crita misteri


DIKETOKI MBAK KUN
Kedadeyan iki dak alami kira-kira wulan Desember 2008. Kok ya tumben,biasane, angger bar mulang langsung cabut, dadi MC{ momong cucu). Kanggo ngisi wektu ya ngobrol ngalor ngidul, bab bocah-bocah sing nakal, sing pinter sing ayu sing anake wong sugih, anake wong ora duwe lan liya-liyane.Sing biasane mulih rada sore ya Bu Lin, Bu Yuni lan sawetara bapak ibu guru, dene murid ya isih ana sing durung mulih, ana-ana wae kegiatane. Bocah ki aneh, yen mulihe gasik ora enggal mulih, nanging yen dimulihne manut aturan lan rada sore,njaluk mulih, kok tidak bel-bel pulang ya pak saya sudah lapar, langsung dak komentari, gayamu ...... paling kon ora mulih wedi diutus mamamu resik-resik iya ra,lan si murid mau lagi meneng.Mbaleni bab kedadeyan, enak-enake ngobrol e.. kok ana bocah sing bengok-bengok, bocah mau kelas 8B lali jenenge.Kontan wae bapak ibu guru mara nggoleki prenahe swara. Ana bocah siji ditulung kanca-kancane, ana sing jupukne ngombe ana sing mijeti lan liya-liyane. Kebeneran pak Nursawi paranormal sekolahku{kanca-kanca yen marabi para normal amarga duwe kaluwihan bab iku},langsung menehi pitulungan, lan ora let suwe bocah mau bisa ngedaleni emosine lan bisa crita.Dheweke karo kanca-kancane awan iki sinau drama amarga ana tugas basa Indonesia. Bareng rampung latihan drama padha leren, salah sijine murid ana sing mlaku-mlaku ing ruang kelas IXH.Ya ing kelas IXH mau tangane kok usil, bukak lemari e kok diketoki kuntilanak, langsung wae jerit-jerit.Bu Yuni langsung maringi pitutur setengah elik-elik, mulane ta yen latihan drama aja bengak-bengok, yen rampung ndang mulih.Bu Lin langsung nyaut, e kowe ki arep kenalan karo mbak Kun tah rek. Percaya utawa ora sumangga.

Kamis, 02 Juli 2009

Atine Bocah


E ..E.... KASARE...
Saben arep miwiti mulang aku mesthi duwe aturan-aturan kang tujuane supaya muridku nggatekake, nglungguhi sopan santun lan tata krama. Aku eling lelegon nalika isih ana SR biyen.
Ijo-ijo kembang kenanga,
Saben bocah kudu bisa,
Etung nulis klawan maca,
Apa dene tata krama.
Dadi wis trep yen aku menehi aturan lan aturan mau ditulis ing buku cathetan kaca ngarep.Sawanci-wanci muridku nglanggar aturan, wis ana dasare tertulis apa ukumane. Upamane bocah telat luwih saka 3 menit kudu nembang, klambi dilebokake rapi, buku cathetan keri kudu nembang, matur karo guru/komunikasi nganggo basa krama, ora pareng ngomong kasar lsp.Upama ana bocah sing ngomong karo kancane kasar, misuh lan liya-liyane mesthi dak welehake...e..e kasare, lan e..e kasare wis dadi trade mark. Nanging piye maneh kedadeyan -kedadeyan tetep klakon wong jenenge bocah. Kaya biasane aku mlebu kelas IX yen ora salah IX F(sepurane ya cah, lan kesuwun aku kok wenehi tandha mata klambi batik), lo kelas mau kok ora jangkep, nyang endi muridku iki.Nganti rong jam pelajaran ora ketok, aku dhewe durung-durung kepengin nesu olehku mulang jian ora konsentrasi blas, pokoke mulang ....nganti rong jam bel mulih bocah 5 mau ora muncul. Sesuke aku wis ora kanti maneh ,bocah 5 apa 6 dak timbali ing ruang guru, dak kongkon nulis apa alasane jam basa jawa ora mlebu. Bareng dak waca : Saya kira bapak tidak masuk, jadi saya keperpus mohon maaf pak". Dak wangsuli kanthi atos "Rungokna, saka ruang guru menyang kelasmu ki rumangsamu mlayu pa piye, aku krungu bel ora usah kakehan alasan, ora gelem dakwulang ora usah melu basa jawa nganti ujian , wis metu..metu. Nanging muridku ora gelem metu saka ruang guru mau, bareng daksentak sepisan maneh lagi gelem metu alon-alon. Salah sijine murid mara lan matur "sebetulnya anak-anak mau masuk, tapi takut pak ". Dak sentak maneh,... metu! Rada awan sithik yen ora kliru janm ka 5, aku mlebu kelas mau. Pas sing ngasta Bu Lilik, sawise nuwun sewu aku nutugake uneg-unegku marang kelas IX F. Ya rada kasar, ya rada emosi wong gawan bayi beke..................
Bareng wis rampung aku metu, la kok krungu ana murid sing ngomong ... e e kasare. Luwih cilaka maneh liwat kelas IX D(kelasku dhewe), murid-murid kaya koor......e. e kasare.................. batinku sapa dirigene.....

Rabu, 01 Juli 2009

Bab perpisahan kelas


PERPISAHAN KELAS KANG KEBABLASEN .

"Assalamu alaikum..."
"Waalaikum salam..., o ..rama......, mangga "ngono ki Petruk ngacarani bareng uninga sapa sing rawuh.
"Kok isih repot ta thole "ngono rama Semar wiwit ngunandika. " Jarene wis longgar kok ora ketok, jarene arep sinau unggah gambar, kok ora muncul ? Aku mung nyambangi buyutku kok thole. Padha menyang endi kok sepi ?"
"Di ajak utine menyang jembatan Suramadu rama, embuh wong jembatan wae kok dadi pangeram-eram, apa rama wis mirsani ?"
"Ya ora ngono thole, iku mono rak mujudake bombonge Jawa Timur khususe lan bangsa Indonesia umume .Rama wis mirsani, mbok kono ta thole karo kancamu apa Pak Sugeng apa pak Parman dijak mirsani bisa kanggo ngisi blogmu thole".
"..Iyya ma"
"Ya wis, kowe ki nggarap apa maneh ta thole, apa aku ora ngganggu ?Apa ana crita sing perlu kok aturke rama, e... mbok manawa ana gunane kanggo anak putu ."
"Anu kok rama, iki diutus nulis ijasah wis rampung kok ma kari nyetipi tilase potlot. Mau awan ki ana perpisahan kelas. Mung sing rada ngganjel ing atiku wong perpisahan kok ora ndeleng wektu. Kelas pitu munggah kelas wolu perpisahan, kelas wolu munggah kelas sanga ya perpisahan maneh. Perpisahan iku lo ma, mbok sepisan wae yaiku yen wis bar ujian kelas sanga sinambi acara pelepasan yen para murid wis bisa ngrampungke sekolahe sasuwene telung tahun. Aku tau krungu rerasane wong tuwa sing ekonomine kurang mampu, perpisahan kok saben unggah -unggahan ngene iki rak dadi nambahi sesanggan.Nanging abota kaya ngapa wong jenenge anak kepeksa dituruti. Sing kepenak ki ya wali kelase, oleh kado terus, sing dudu wali kelas ya angop. Apa guru ora bisa tuku yen ora diwenehi muride .Malah-malah bisa dadi balas jasa, sing muride kurang pinter diunggahke ing wekasane dadi masalah ing kelas candhake, wong ora pinter kok munggah ? Piye ma ?"
Rama Semar " Ngene ya thole .......iki yen rama lo, apa ora apik yen perpisahan mau diganti tasyakuran. Acarane ditindakake sawise unggah-unggahan, la danane nganggo uang kas, aja nganti narik dana maneh marang wong tuwa. Ya saanane dhuwit kas kelas mau, syukur yen luwih bisa diinfakake, lan wali kelas aja ngarep-arep kado.
Petruk " Ngono ya ma.......

Selasa, 30 Juni 2009

Acara Pelepasan Sekolah.


ACARA PELEPASAN SISWA KELAS IX SMP Negeri 2 SURABAYA.

Acara pelepasan dan perpisahan kelas IX SMP negeri 2 Surabaya, kali ini mempunyai kesan khusus. Acara yang semula diprogramkan di RRI Surabaya, dengan berbagai macam pertimbangan akhirnya dibatalkan, karena ada wali murid yang bersedia mensponsori tempat dan akomodasi yaitu di KRI Makasar. Hari Kamis tanggal 18 Juni 2009 jam 07.00 WIB para siswa sudah berkumpul disekolah menunggu bus AL yang akan membawa ketempat lokasi acara pelepasan. Bus yang ditunggu akhirnya datang, hanya saja kesemuanya tidak terangkut satu kali, terpaksa yang lain harus sabar menunggu. Sekitar jam 10.00 acara dimulai, diawali dengan pembukaan, paduan suara , sambutan-sambutan malai dari ketua panitia ,Kepala Sekolah, Komite Sekolah dan Komandan KRI Makasar, kemudian dilanjutkan dengan penampilan seni masing-masing kelas IX.

Penampilan band gabungan kelas IXD dan kelas IXA yang kesemuanya cewek layak mendapat apresiasi, demikian juga jula-juli Suroboyo oleh ananda Billy kelas IXH, cukup mengena dihati bapak/ibu guru dan para taruna AL yang menyaksikan. Penampilan band masing-masing kelas tidak kalah menariknya, tidak henti-hentinya mendapat aplaus setelah tampil. Dari pihak taruna AL, memperagakan tentang pakaian lengkap dengan uniform mulai busana keprajuritan sampai penjinak bom, sangat gagah sekali. Menjelang selesainya acara para siswa secara bergantian diajak oleh para prajurit Al, untuk mengenal lebih dekat KRI Makasar.Melihat secara detil setiap ruangan dan persenjataan yang dimiliki oleh Al, seorang siswa terlontar kata yang pada intinya tidak rela kawasan Ambalat diganggu Malaysia, ayo serang saja pak. Dari pihak taruna yang mendampingi kelas tersebut menjawab, jangan ya adik-kita bangsa yang cinta damai, jangan mudah terprovokasi. Siswa tersebut masih kurang menerima, tapi keterlaluan tu Malaysia. Tarunapun menjawab bahwa dengan Malaysia masih satu rumpun, ya kita duduk satu meja untuk berunding, itu cara yang paling tepat. Perang adalah alternatif terakhir, ok
Acara selesai kitapun menuju bus yang sudah menunggu.

Selasa, 23 Juni 2009

Wayange kungpur


RUMAH SAKIT.
Rama Semar, rada samar.
Bar sholat isya, rama Semar ditekani putra kinasih saka Pecukpecukilan, sapa maneh yen dudu ki lurah Petruk Kantongbolong. "Aku mung dolan kok ma "ngono ki lurah Petruk mbukani rembug.
"O, ngono ta ngger. Piye apa arep internetan maneh, endi sing ora bisa ? Blogmu kok pancet wae ta ngger ? E... mbok ditambahi! Komentar.....unggah gambar.......mengko sing kok deleng gambar sing ora- ora, aja ya ngger " rama Semar ora kurang grapyake.
"Anu kok ma, aku pancen rada repot, piye wong dadi walikelas 9, mau bar nyerahke rapot karo SKHUN sementara , bijine muridku ya ora nguciwani kok ma, malah ana sing arep daftarke nyang SMA RSBI, saiki aku ya rada longgar .Bab blog aku ya kurang trampil, enak-enak ngetik diparani putuku loro sing lucu-lucu, akhire aku ya ngalah. Mula aku diajari menehi variasi lan lan unggah gambar ya ma ?"
" Aja kuwatir , kae tela senenganmu wis dak cepakke, kene ta thole kok kaya arep ana sing kok aturke ".
" Iya ma, iki mau , eh mau awan ding ma, aku rak leyeh-leyeh mara- mara diparani utine Ricky dak kira arep jaluk jatah, e..... tibake crita bab kahanane rumah sakit panggonane nyambut gawe. Kamangka utine sedhela maneh arep pensiun, eman yen rumah sakit mau manajemene amburadul. Sajege ganti pimpinan , dokter ing mimpin mau ora gelem turun menyang lapangan
mung lungguh ing ruangan kang wis disediyakake. Kamangka jenenge rumah sakit akeh banget sing kudu dikunjungi, antara liya ruang opname, ruang poli, ruang UGD, ruang TU, apotik, la kok pimpinan mung lenggah duduk manis. Sejene iku rumah sakit mau nampa pegawai terus-terusan ora ana mandhege, pokok ana famili karo KTU mesthi didadekke pegawai nganti akehe ana yen 160 pegawai. Kabar sing pungkasan KTU mau dipindah menyang kutha reyog, apa kutha tahu utine Ricky ora pati ngreken. Pegawai samono mau manut ukuran, kurang efektif lan kerjane ora bisa maksimal, rama. Para perawat ya nggrundel amarga pembagian jasa medik oleh sethithik, apa tumon sing golek dhuwit perawat kok sing ngatur TU. Jarene yen ora diatur TU kabeh ora mlaku. Utine Ricky banjur bandhingne karo rumah sakit Sumbergagah, ora gelem nampa pegawai anyar, tenaga sing ana dimaksimalkan diefektifkan, asile pancen nyata. Kesejahteraan pegawai terjamin, malah saben pegawai diusahakake kaplingan saiki wis bisa dinikmati ,apa ora hebat rama. Rama, sedhela maneh riyaya yen pembagian jasa medik ora pantes ,ora adil , aku kuwatir yen ana kecemburuan sosial saengga nyambut gawene para perawat lan tenaga medis liyane drop. Mesakake para pasien kang temen-temen butuh pitulungan. Tau biyen demo sing kethuthuk ya utine Ricky, sing jarene perawat senior ora bisa ngatur anak buahe, sing ora loyal karo kantore, sing jarene kakehaan tuntutan.......
Rama Semar :...........KOK RADA SAMAR AKU ........
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming