Selasa, 24 Maret 2009

catatan harian

YEN ELING DHEK JAMAN SAMANA
Wektu lumaku terus ora krasa awak iki wis ngunduri tuwa. Yen Gusti Allah marengake 3 tahun maneh pensiun, cepet banget....cepet banget. Rumangsaku kok kaya wingi wae lulus SD Wonodadikulon kawedanan Lorok(saiki Kecamatan Ngadirojo),Kab.Pacitan,Madiun.Eling nalika ana SD biyen,guru kelas papat asmane ibu Saridjah sing daleme dukuh Waluhtowo, nunggal desa karo aku.Seminggu sepisan apese sawulan  sepsan mesthi maringi dongeng. Ing antarane dongeng mau sing narik kawigtenku yaiku dongeng Damarwulan ngarit, sing nyritakake lara lapane Damarwulan nalika ngawula menyang Patih Logender, sing ora liya pamane dhewe. Buku komik sing kandel mau, diwaos yen ora salah ping papat tamat. Saben patang lembar kendel olehe maos, diteruske minggu candhake nganti tamat. Sing paling ngguyokake nalika maos tukar padu rewange Damarwulan y aikuSabdopalon lan Nayagenggong  karo rewange Anjasmara ing pasar wah jan lucu banget. Yen ora kleru Bu Sarijah mundut ngampil komik sing kebeneran komik mau asale saka kirimane mase kancaku ing Surabaya,kancaku mau jenenge Prapto tibake isih mambu dulur, eyangku karo eyange mas Prapto isih sedulur kakang adhi.
Khabar pungkasan mas Prapto ngasta ing RSU dr Sutomo, saiki wis pensiun apa durung ya ora ngerti wong padha ribut ngopeni keluargane dhewe,paling ya wis mantu barang. Baleni bab ing SD,yen wis rampung olehe dongeng ibu Sarijah mau mesthi maringi tepa tulada yen kepengin kepenak kudu rekasa disik, mung wae aku ora mudeng pitutur mau sing penting aku rumangsa seneng yen bar didongengi.
Ngancik kelas VI sing mulang bapak Samsuri Dwijamursito sing daleme ing desa Cangkring kec.Ngadirojo Pacitan.Kelas 6 diteter sinau amarga ngadhepi ujian, malah pak Sam isih kersa tindak-tindak nyambangi murid sing sekirane ana pelajaran sing isih kurang. Yen bengi daleme disediyake kanggo sinau aku lan kanca kancaku. Yen bar sinau mesthi diparing jajan embuh kolak apa gedhang godhog lan sapanunggalane. Ana kedadeyan nalika Gunarto {saiki mas Gun dadi guru SD Wonodadikulon I),lara langsung karo pak Sam dikeroki kanthi gemati banget banjur diparingi teh anget dadi lan warase.Kelas 6 ujian akhir,peserta yen ora salah 28 sing lulus 17 kalebu aku.Ya amarga lulus mau aku dijak bapak ibu dolan menyang Madiun sowan pakdhe Mul(saiki wis seda) numpak sepur. Mbaleni bapak Samsuri,ngendikane ibu kabar pungkasan wis tindak haji....alhamdulillah. Saben ibu ketemu Pak Sam, mesti mundut pirsa bab aku,...Pur kadospundi bu...,samenika wonten pundi ?.Mesti bae ibu ya mangsuli ...wonten Surabaya putunipun kalih ..... Yen dak pikir sing kebangeten ki aku meh saben riyaya mulih kok ora tau sowan ...ya wis aku janji yen Gusti Allah marengake suk riyaya aku dak sowan nyang Cangkring....amin .Lulus SD aku nerusake aku nerusake neng SMP Negeri Lorok, saiki SMP Negeri 1 Ngadirojo.
Ing SMP mau kancaku akeh sing dak apali Parngadi saka Beton Banjur Sucipto sing pinter voli, Supandi lan Mas Sudiyono,jare saiki dosen apa dekan UNES Semarang apa piye,wong ya ora tau srawung wis urip dhewe-dhewe,Warino ,Untung saka Pagerjo, wah ya akeh sing lali wong pancene lalian.Guruku sing paling dak apali pak Ratmono  mulang Geo lan aljabar,banjur pak Sukadi  mulang sejarah, pak Muhadi ilmu hayat lan pak Suradi basa Indonesia,PKN pak Warno, ilmu ukur pak Miftah, basa Inggris pak Sumarsono, sing mulang gambar pak Pamuji,pak Giarto  mulang olah raga daleme desa Nogosari wah akeh ..... e...mbok manawa ana kanca sing maca blog iki mbok sambang sinambang ya.....ora ketang liwat internet......Lulus SMP aku menyang SMA Negeri Pacitan.,sekolahe Bp.SBY sing saiki presiden RI,e muga-muga kepilih maneh ....amien.Ana SMA iki aku rada gela jalaran ora bisa mlebu ipa. Yen ora kleru 6 kelas sing ipa 2kelas, lan sinauku kurang maksimal. Meh bae arep kecanthol karo putra kos paling saiki ya wis tuwa lan wis dadi embah kaya aku .
Guruku sing paling antik pak Haryono guru gambar,yen ana tugas crita dhisik,sawise critane rampung bocah-bocah diutus nggambar.Kepala sekolahe bp.Sunaryo,matematika bp.Supardi,guru liyane dak sebut bae pak Sujud Pramono,bu Mamik, bu Luluk Ariyani basa Jerman pak Warno ekonomi.Ing SMA Pacitan aku kenal karo Suharno, tau mulang ing SMPN 19 Surabaya, saiki ana ngendi wong jarene wis pensiun dini apa ngono.Rampung SMA aku ndherek bulik ing Semarang,pengalamanku akeh banget sasuwene ing Semarang,banjur ndherek paklik sing nalika semana isih dadi brimob ing jl.Waspada Surabaya,saiki pasar Atom Surabaya sinambi kuliah ana ing jl.Pecindilan saiki dadi showroom mobil. Kancaku akeh lan isih sering ketemu upamane Ida Herawati,dene sing liyane ya wis padha mapan olehe nyambut gawe. Mau tgl.25 April 2009 sinau IT ana SMK 11 Surabaya nggoleki Himawati Cahyanti ora ketemu. Salamun malah dadi dekan ing UNESA ,dene Dandung jarene Ida wis seda innalillahi wainna illaihi rojiun..... dene jeneng-jeneng liyane Chusnul hadi, Haryanto,Ismiati ,Oka Jauhari,Endra Wasono,Edy Wahyono,Asih Wahyuning,Mintarsih....
wah sapa maneh ya.......lan sing pungkasan Bambang Sumarsono sing dadi masku ipe....pancen jodho beke .....
Ah crita kok ora rampung.... Kagem para guruku aku ora bakal lali karo panjenengan supama wis wis seda muga-muga kabeh amale tinampia ing ngarsane Gusti Allah kang maha agung,dene sing isih sugeng muga-muga tansah pinaringan seger waras lestari olehe momong putra wayah.....amin,dene kancaku sing kebeneran maca iki ayo padha nerusake olehe kekancan ........
Wasalam ......

Rabu, 11 Maret 2009

Mr.Purwito says

Mr.Pur says ......
To the students of 9 class Junior High School 2 Surabaya

To the My beloved 9 class students that I proud of.
On April 27 2009 you will have an national examination. It is a decision for you future it can be good or ......bad.Will you pass the examination or not. There are four subject for National examination ,they are Indonesian, Math, English and science. Beside national examination, too . They are Religion, Civil, Social, Local education etc. You have to study all of them hard, stay healthy and always pray to you God. Study without pray was called snob because you forgot about your God, pray without study was called dumb because you knew that you have an examination but you don't want to study. You must do to thing, study and pray. For Muslim's students, don't forget to pray in over to night to your God in order to give you easiness in your examination, and I hope all of the students of SMPN 2 Surabaya will pass 100% and all of you have a good mark. Amien .....
My beloved students,
All the teachers just try you help you become the best next generation, clever and always have a a good habit and behavior to you parents and teachers. You must remember that you are next generation. Indonesian future is on your hands, the youth generation. I think that enough, Mr Pur can say, as you Javanese teacher. I say in this blog because I don't want to get behind about IT. Please teach me,students.......
I think, it's time for finish my words.More and less I say sorry. Good bye.

Selasa, 10 Maret 2009

Ujian praktek basa jawa

Ujian praktek basa jawa SMPN 2 Surabaya
Materi tembang macapat
Ngarang tembang :dandanggula, pucung, gambuh, kinanti.
a.1 .Tembang dandanggula nganggo sandiasma jenenge dhewe-dhewe.
2.Tembang pucung nganggo jenenge guru SMP 2 lan bapak/ibu guru mau mulang apa.
3.Tembang gambuh nyritakake kahanane kutha sing narik kawigatenmu.
4.Tembang kinanti nyritakake panggonan pariwisata.
b.1.Patang tembang mau saliyane dandanggula digawe 2 pada(2 bait)
2.Konsep pareng digarap ing omah lan ing sekolah ditulis ing kertas folio.
3.Tetep dijaga sopan santun lan tatakrama.
c.Jadwal wiwit dina Senin tgl.16 Maret 2009 nganti Jum'at 20 Maret 2009, manut kelas sing ana wulangan basa jawa, lan aja lali nggawa kertas folio.

Senin, 02 Maret 2009

tugas 3 kelas 9 smp2 surabaya

Materi tembang macapat
- Goleka tuladha tembang macapat saka majalah/internet jangkep saknotasine banjur dikliping ing kertas folio
-Nulis identitas tembang macapat (guru gatra, guru lagu lan guru wilangan) t
tembang:dandanggula,sinom, asmaradana, pangkur, kinanthi,pucung, gambuh.
-Ngarang tembang Pangkur, pucung, gambuh, nganggo asmane guru ,lan gurumu mau mulang apa, saben tembang 2(loro) pada, sopan santun digatekake .
-Nembang salah siji tembang macapat.
Yen durung ngerti utawa kangelan nyuwun pirsa pak Pur .
Salam
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming