Selasa, 28 April 2009

Panembrama dinten Pendidikan Nasional ing Sby

Teks ing ngandhap punika angsal nalika kula pelatihan tembang dinten Sabtu ,25 April 2009, wonten ing SMK 9 Surabaya ingkang nglatih bapak Djumiran,RA.

PANEMBRAMA DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL
ING KITHA SURABAYA.

Bawa sekar Pangkur Plg Nem
===========================
Menggah dinten Pendidikan
Pinengetan guru lan siswa -siswi
sesantining sarjana gung
Ki Hajar Dewantara
ing ngarsa sung tuladha tujuwanipun
ing madya amangun karsa
tut ing wuri handayani

Senggakan
Puji sukur kunjuk maring Maha Luhur, awit berkah kang tumerah ing pratitah
aja lali sungkem sembah kunjuk Gusti,Maha Suci ingkang tansah anyekapi

Kinanthi Gandamastuti Plg.Nem
=============================
Atur sugeng rawuhipun
amba guru Basa Jawi
saking kitha Surabaya
sung pambagyarja basuki
Den samya sekeca lenggah
ngantos paripurneng gati

Senggakan 2
Kembang mlathi tinandur tepining kali,
ngati-ati nastiti murih basuki
kembang menur tinandur tepining sumur
miyar-miyur atine wong ora jujur.

Kinanthi 2.
Piwulange para guru
dhateng siswa-siswi sami
datanpa ngetung rekasa
cerdhasing bangsa linuwih
temah luhur budinira
bangsa Indonesia yekti

Senggakan 3
Kembang randhu rinujak rasane langu
dadi guru aja ragu nyebar ngelmu
kembang nangka,rinujak rasane sepa
dadi siswa ja sembrana sing waspada

Kinanthi 3
Siswa guru bareng maju
sengkut nindakake wajib
tanggung jawab pendidikan
gawe ngambar -ruming nagri
pra guru tetep pahlawan
ambangun jiwaning murid

Senggakan 4
Rujak nanas pantes den wadhahi gelas
aja uwas siswa kudu bagas waras
Rujak kates pantes den wadhahi toples
aja nglewes dadi siswa kudu beres

Kinanthi 4
Pamungkasing atur ulun
nggen kula tur bagya puji
yen wonten kirang trapsila
miwah yen tan kasdu nggalih
nyuwun samodra aksama
kawula lumengser sami


LAGU JAMU-JAMU
Suwe ora jamu, jamu godhong pandhan
siswa karo guru eling dina Pendidikan

Suwe ora jamu, jamu godhong waru
kabeh siswa siswi nurut wulanganing guru

Suwe ora jamu, jamu godhong uwi
kabeh para guru tresna asih siswa siswi
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming