Sabtu, 30 Mei 2009

Pengalaman nonton bal-balan


NONTON BAL-BALAN MEH KEDRAWASAN.

Pengalaman iki nalika aku nggendhengi bal-balan udakara tahun wolungpuluhan .Wong yen lagi gendheng,panatik apa bae mesthi ditindakake ora mikir apa kedadeyane.Nalika iku pertadhingan antarane PERSEBAYA mungsuh PSIS Semarang, sing pancen loro-lorone wis mungsuhan sajege PERSEBAYA dikalahake ing final kanthi gol tunggal Ribut Waidi.Jam loro awan aku wis antri karo anakku Antok sing saiki wis kerja lan saiki umure wis nyandhak 25 tahun. Nalika antri tuku karcis ya isih rada sepi, nanging bareng nuju pintu gerbang,e...ndadakno penonton wiwit uyel-uyelan angel diatur rebut ngarep. Ndeleng kahanan kang kaya ngono aku waspada, nanging wis kasep.Saka kiwa,saka tengen ngarep lan buri aku kedhesek jan sasat ora bisa ambegan. Anakku enggal dak gendhong aku nangis(wah jan gembeng tenan kok),lan sambat-sambat"anakku ....anakku ....anakku.....E kok bareng krungu sambatku mau lan kersane Gusti Allah,ana salah sijine penonton utawa petugas sing maringi aba-aba"minggir...minggir..." lan menehi dalan marang aku supaya maju tumuju tribun stadion Tambaksari Surabaya. Alhamdulilah ...slamet...slamet lan aku bisa nonton nganti rampung, lan bal-balan mau dimenangake PERSEBAYA 2-0.Saking senengku anakku dak tumpakke taksi lan ana seporter liyane sing nunut aku ya ora kabotan. Nganti saiki saupama ana bal-balan ing Tambaksari anakku mesthi nggodha, pak gak mirsani bal-balan ,sepi kok pak ......lan mesthi dak wangsuli ...ora arep mbelani bal-balan ora kepengin nonton bal-balan maneh....jian kapok tenan.Bareng riyaya, mulih ing desa crita karo dulur-dulur malah diguyu,dadi guyon, ibu luwih duka maneh iku ora nyenengke anak, nanging arep nyilakakke anak .....kapokmu kapan

Minggu, 24 Mei 2009

Dhingklik sing isih dadi ganjelan


AH .....DHINGKLIK IKU

Saben budhal ngantor dhingklik iku isih ana .Saben mulih saka kantor ya isih ana, ora pindah saka nggone sakawit. Pancen jenenge bae dhingklik.....dudu jenenge kewan....dudu jenenge tanduran apamaneh jenenge wong kok ora tau tumon aku.Oleh wae ing pinggir gang ning mbok aja ngganggu dalane wong akeh ngono lo...Mesthine kowe ing jero omah apa ing ngendi kono ...ing pawon ya bisa.....ing teras ya bisa....malah ing ruang tamu ya ora dilarang.Mlebu apa'a kendaraan liwat kangelan ..kae lo....Yen dak pikir aku sing gendheng dhewe mikir barang sing jenenge dhingklik.Iki saupama lo....upama dhingklik-dhingklik mau ora ngganggu dalan lan ora gawe eleke kahanan, mesthi tambah asrining sesawangan ing gang iku.Lan kendaraan-kendaraan sing liwat, apa iku sepedamotor,becak,sepedaonthel lan kendaraan roda papat bakal lancar ora ruwet.Nanging pangangen angenku mung kandheg saupama.....saupama ...... ora ngerti kapan dingklik mau bisa tumata ing panggonan kang samesthine.
ah ..... dhingklik iku

Sabtu, 23 Mei 2009

Romo Semar nimbali putrane


ROMO SEMAR ...PUSING

Kaya biasane saben sore sawise padha mangan romo Semar nimbali putra-putrane:Nala Gareng,Petruk lan Bagong. Nanging sore iki romo Semar olehe nimbali sinambi nembang/dilagokake,lan putrane olehe matur ya ditembangake.Ayo ditirokke bareng-bareng.
S e m a r :Reng-Gareng ndang tutura Gareng, sekolahmu cah bagus pinter apa.
G a r e n g :Mo...kembang sukun...mo...kembang sukun anakmu mung pinter nurun.
S e m a r :.....? .....Truk.Petruk ndang tutura Petruk, sekolahmu cah bagus pinter apa.
P e t r u k :Mo...kembang tebu...mo..kembang tebu anakmu mung pinter mlayu.
S e m a r :.....? ....Gong -Bagong ndang tutura Bagong, sekolahmu cah bagus pinter apa.
B a g o n g :Mo...kembang gadhung...mo...kembang gadhung anakmu mung pinter ngetung.
S e m a r :.....?(ngendika rada gela,kanthi kebak kawicaksanan putrane diambungi, lan ngendika )." Gareng, Petruk lan Bagong kene anakku sing bagus.Apa sing kok aturke yen dak semak aku kok rada pusing .Sawise disekolahke lan saiki arep unggah-unggahan kapinteranmu kok nurun, mlayu lan ngetung . Ya ta ..thole muga olehku negesake kapinteranmu, romo ora kliru.Gareng sing mung bisa nurun, ateges nurun tuladha utawa tumindak sing apik .Bisa mbedakake endi sing ala lan endi sing apik.Mesthi bae sing apik ditindakake diamalake kanggo njaga jenenge sekolahmu, aja yen pas ulangan nurun, nyonto, ngrepek iku tumindak nistha, ngono ya thole.Petruk pinter mlayu, ngene ya thole, mlayu nguber ilmu kanggo sangumu ing donya lan ing delahan mengko.Aja wedi kangelan, jangkahmu isih adoh thole.Delengen para dwija ing sekolahmu, senajan yuswane wis sepuh terus ngudi ilmu ing sadhengah papan, ngono ta ngger Petruk. La sing pungkasan kowe Bagong,iki rada lumayan.Ngetunga kanthi permati leladi apa sing dadi lelabuhanmu marang sekolah iki.Upamane kowe wayahe piket petungen kudu budhal luwih esuk,wayahe kerja bakti sekolah, aja ngarep-arep pamrih supaya dielem guru, dielem kanca , iku mono tugasmu lan kanca-kancamu thole....
Gareng,Petruk, Bagong :......Iiiya ....mo
Semar :wis thole ndang baliya sinau ..... kowe munggah kelas kanthi biji sing maremake .........
ning ning nong nong blang gentak tinggen ndang gung tancep kayon

Senin, 18 Mei 2009

Lelagon paringane ibu

WELINGKU
Welingku ngger- angger ,mumpung durung kadalarung marenana ngger angger,
Luwih ala, luwih ala melik darbeke wong liya .........................
(Bahasa Indonesianya :pesan saya ya nak, sebelum terjerumus hentikan ya nak, perbuatan yang tercela jika ingin memiliki barang orang lain)

Lelagon ing dhuwur diparingi ibu nalika aku isih cilik, kira-kira kelas
3(telu)SD. Aku apal banget amarga tembunge kang gampang lan anggone nuturi
karo dilagokake.Ibu ngelingake aja sok seneng njupuk duweke wong liya.Amarga aku isih ana SD, aja seneng jupuk bukune kanca, grip, sabak,kapur lan liya-liyane,iku tumindak sing kurang apik lan banget nistha. Bareng aku wis dadi guru lelagon mau dak terusne marang muridku, mung wae anggonku nuturi ora ndaklagokake. Saupama ana murid lan kebeneran bocah mau wong tuwane mampu,nanging seneng nyilih ora ngomong karo sing duwe, mesthi dak sindhir:mosok cah,bolpen wae nyilih ...... mosok cah arep tuku potlot nganti dodol omah....
Yen wis ngono lagi gelem tuku dhewe, lan aku ora bosen-bosen terus ngelingake aja seneng nyilih,aja seneng jupuk barange kancane....... bisa kebablasen.Wiwitane bulpen, potlot, garisan,stipo.....nanging yen dijarne bisa njupuk barang sing luwih pengaji malah bisa-bisa dhuwit, arloji,kalkulatore kancane ya disaut ......piye yen ngene iki?

Rabu, 13 Mei 2009

Nembang Panembrama


WIS DAK NIYATI
Catetan nalika mahargya pameran pendidikan .........

Rabu tanggal 13Mei 2009,aku sakanca ngisi acara pembukaan pameran Sekolah Kejuruan sing dianakake Dinas Pendidikan Surabaya, manggon ing dalan Pemuda Surabaya.Sadurunge tampil wis latihan kanthi mateng ya pangrawite ya panembranane kanthi tujuwan ora nguciwani ing ngarepe para priyagung dinas pendidikan.Aku bungah dene diwenehi kalonggaran kanggo mamerake kabisane.Esuk iki aku semangat banget kabeh samubarang wis dak tata malah wingi bengi wis sinau nganggo nyamping karo pak Sugeng mitra raketku.Mantan pacar ngelikake, ora sah kesusu paling-paling jam 9 acara diwiwiti wis hebat. Aku ora mikir samono bah jam 9 apa jam 10 diwiwiti ora dak reken pokoke ndang enggal budhal salin ing kana, menganggo beskap blangkonan ,selopan ....dadi wong Jawa tenan(apa wingi ora Jawa ?).Temenan tekan dalan Pemuda wis wiwit ana greget yen dina iku ana kegiatan malah ibu-ibu kanca basa Jawa ya wis ana sawetara sing rawuh ngagem kebayak.Ibu-ibu pangrawit agemane abang sing panembrama agemane biru. Abang karo biru apa sida koalisi ya.... ah kok nglantur .
Jam 08.30 kabeh wis siyap kanggo latihan nyocogake kahanan lan papan,manut aba-abane sing nglatih pak Djumiran lan pak Warsito saka SMK 9 Surabaya. Cekaking crita jam 11.00 aku sakanca sida tampil kanthi lamncar. Kanggo nyingkat wektu lan lancare pameran Sekolah Kejuruan,amarga acara saka panitia akeh upamane pengguntingan pita ,tindak mirsani stand Sekolah Kejuruan lsp, aku sakanca nembang Kinanthi 3 pada senggakan 3 pada ,dene bawa lan lagu jamu-jamu ora ditembanganke ..... Alhamdulillah. Ora duwe rasa gela,ora duwe rasa kuciwa.... wis padha diniyati....pancen wis dak niyati, ora ketang ngadeg mung sedhela .....
...sanajan sakedheping mata kanggo tamba kangen jroning dhadha
...sanajan wektu mung sedhela kanggo tamba kangen jroning dhadha(lagu Didi Kempot)
nuwun
,

Jumat, 08 Mei 2009

Pitutur mantan murid

APA AKU WIS .........
Aku wis lali wulan lan tanggale, yen ora kliru beneri pasa wulan Oktober 2008. E... mbok manawa ana gunane tulisan iki...Sore iku aku tuku soto ing langganan.Biasa saben mantan pacar ora masak amarga kesel momong putu, aku sing kebagean golek iwake. Nalika tuku soto,ketemu mantan muridku SMA Ta'miriyah Surabaya tahun 80an. Aku ora lali jenenge awit muridku mau kalebu istimewa, embuh ing endi istimewane.
"Assalamu alaikum " ngono sapane .
"Waalaikum salam, sik ta awakmu lan Nurwakib? Apa isih nyopir lyn Wl(Wonosari-Pasar loak Surabaya).
"Inggih pak, kula Nurwakib, ayo nak salim iki gurune bapak biyen" ngono karo nyalimke tangane anake, lan dak tampani.
"Wadhuh, ganthenge, kelas pira iki ?
"Kelas tiga, anu kok pak kula mboten boten nyopir malih samenika inggih nyabut damel sawontenipun pokokipun halal "
"Iya bener iku , yen halal insya Allah barokah lan bakal lancar samubarange "
"Inggih, dospundi pak kabaripun guru-guru kula ?
"Aku ya ora pati srawung wong aku wis metu saka Ta'miriyah.Kabar sing dak krungu pak Husnan wis seda, pak Fakih wis seda, pak Imam Mahdi wis seda pak Ahyar olahraga ya wis seda embuh liyane, saiki kepala sekolahe yen ora salah pak Munif Munsyarif"
"Inggih ,kula boten badhe kesupen dhateng guru -guru kula,saben malem Jum'at kula waosaken Yasin kangge guru-guru ingkang sampun seda, lan guru ingkang sugeng mugi-mugi pinaringan seger kewarasan .Sampun pak kepareng, menika sotonipun sampun kula bayar ...assalamu alaikum ...
".....Waalaikum salam......Dheg atiku kaya diosikake, dadi aku iki seprana-seprene nganti dadi guru durung bisa nyaosi apa-apa karo bapa guru sing minterake aku kok asor banget budiku , apa aku wis.....donga ....maca yasin marang guru sing wis seda .....apa bales budimu ....... utang dhuwit bisa dibayar ....utang budi...nganti mati ora bakal lali....dhuh Gusti Allah .....ya wis matur nuwun Nurwakib muga-muga anggonmu golek sandhang pangan bisa lancar lan anakmu bisa migunani kanggo nusa bangsa agama selaras karo kekudangane wong tuwa....amin , aku njur kelingan tembang gambuh bab pitutur

pitutur bener iku
samesthine apantes tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira anggo

Materi ujian sekolah

MATERI UJIAN SEKOLAH BASA JAWA
Murid-muridku iki materine ujian sekolah sing kudu disinaoni.
A.Crita wayang lan cita rakyat
-Laire Werkudara
-Pandhawa lan Korawa
-Abimanyu kerem
-Jaka Kendhil
-Prabu Anglingdarma
B.Unggah-ungguh basa
-Basa krama
-Basa ngoko andhap
-Basa ngoko lugu
C.Kawruh basa
-Tembung entar
-Tembung andhahan
-Tembung jarwan
D.Aksara Jawa lan angka Jawa
E.Karya sastra
-Geguritan
-Tembang macapat lan tembang dolanan
F.Artikel panggonan wisata
F.Teks pidato
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming