Sabtu, 14 November 2009

Apa bayarane cukup ?

ENDI SING SALAH.
Nalika nerangke geografi bahas bab kependudukan,olehku nerangake sinambi guyon lan ora krasa nyandhak beban ketergantungan.Wose saben wong siji nanggung wong pira. Sing paling ideal ya wong siji mau ya nanggung awake dhewe, tegese bayare cukup kanggo kebutuhan kulawarga. Banjur dakwenehi tuladha ngene: bayare pak Pur anggep wae telung yuta sawulan. Dianggep rata-rata sawulan ana 30 dina,dadi sedina sing dak blanjakake 100.000 repis.Dhuwit mau isih dipara 3(aku,nyonyaku lan anakku siji sing isih durung kulawarga),dadi sedina aku,nyku lan anak nampa rp.33.000 an.Dhuwit Rp.33.000,- isih dipara 3,kanggo mangan esuk 11.000 repis,mangan awan 11.000 repis lan mangan sore/bengi 11.000 repis.Iku yen sesasi 3000.000 rupiah. La yen sawulan mung 1.500.000 repis/rupiah kari ngetung wae:Rp.1.500.000,- :30 =Rp50.000,- Dhuwit Rp.50.000,- dipara anggota kulawarga kari ngetung. Yen anggota kulawarga ana 2 ateges Rp.50.000 :2=Rp.25.000,- Dhuwit Rp.25.000,- kanggo mangan ping telu , yaiku esuk,awan lan sore.Mudheng apa ora cah, diwangsuli muridku paham pak, nanging ana sing gedhek gedhek sajak bingung.Ana muridku sing nylemong,untuk bayar listrik dan telpon uang dari mana pak, dak wangsuli ya embuh cah. Ana maneh sing takon untuk bayar air uang dari mana pak,dak wangsuli ya embuh rek ..... kon kok takon kaya wartawan wae, meneng apaa.Ana murid sing ngomong ora pati banter, mesakne ya.......dak dhedhes sapa ngomong mesakne, ngacung ......ora ana sing ngacung.Banjur dak jlentrehake sing penting mensyukuri paringane Allah, ya diakal supaya cukup e sapa ngerti TPP metu maneh..... bocah-bocah kudu sregep sinau ok...

Senin, 09 November 2009

PENGETAN DINA PAHLAWAN

UPACARA DINA PAHLAWAN ING SEKOLAH.
Upacara dina Pahlawan ing sekolah SMPN 2 Surabaya tahun iki katon seje yen dibandingake karo upacara-upacara tahun sadurunge.Yen tahun kepungkur bapak/ibuguru seragam biasa(PSH), nanging dina iki 10 Nov 2009 ana bapak/ibu guru mengagem kepahlawanan.Mengagem mau ditindakake amarga kanggo ngeling-eling perjuwangane arek-arek Suroboyo,ngusir para penjajah kang nedya bali ngebroki tanah wutah getihkuIndonesia kanthi mbonceng NICA lan GURKHA. Kepala sekolah bapak Astari mengagem ijoseragam kemiliteran,napak tilas ramane kang pancen mantan pejuang. Ing kalodangan upacara iki, bapak Astari minangka kepala sekolah, ngelingake marang para murid , supaya aja wedi kangelan ningkatake sinaune, kang ing tembe bisa ngisi negara Indonesia kanthi bab sing positif,cundhuk karo cita-citane para pahlawan.Yen jaman biyen,jaman perjuangan ngangkat bedhil bambu runcing lan liyaliyane saperlu ngusir penjajah, saiki seje kang diusir yaiku kebodohan, kemiskinan, pengangguran lan isih akeh maneh.Aja nganti generasi penerus kelu ing jaman, upamane ngonsumsi narkoba, melu group/gang,lan tumindak sing dilarang agama.Pak Astari ngelingake supaya bombong karo produk Indonesia, apa iku sandhang, pangan lan budaya.Bocah saiki luwih seneng panganan kang sarwa luar negeri, upamane KFC, hotdog roti lsp.Yen bocah-bocah disuguhi pohong ,telo ora payu,ora dipangan malah dianggo sawatsawatan.Pak Astari nate study banding ing Bejing Cina, nalika tindak restoran apa sing disuguhake...... e dudu hamburger, dudu masakan Cino nanging panganan asli sli indonesia pohong diwenehi santen, iku mono salepek regane ngancik 15.000 rupiah, woh-wohan..... tibake kesemek impor saka Malang Indonesia. Coba yen krungu crita ngene iki apa sirah ora ngelu, iku durung .....ana crita maneh wong Landa sing piknik menyang Surabaya .....apa sing dipangan...... sega goreng.....dadi disuguhi roti sameja ora dipangan .....Wah dadi nglantur upacara kok ngomongke bab panganan, iku mono supaya generasi penerus ora kakehan tingkah ......wis sekolah ora mbayar dikon pinter ora gelem...... mulane ta .....mulane ta rek sinaua sing sregep.........

Jumat, 06 November 2009

WAYANGE KUNGPUR



ANGGODO
Ing crita wayang, Anggodo iku sawijining kethek/ munyuk/monyet kang ulese coklat. Mungkin asline kuning nanging bareng kakehan pencolotan mula rupane dadi coklat.Anggodo utawa jangkepe Jaya Anggodo(supaya jaya terus beke), iku kalebu senopati kang peng-pengan mula diasihi karo prabu Sugriwa raja kethek ing kraton Guwakiskendho.Dina apa, tanggal pira taun pira bapak lan ibune sapa ora ana sing weruh la wong ing pewayangan ora ana catatan sipil, mara-mara metu saka kothak,iku wae metune ora ajeg.Dene sebabe ora gelem metu dhalange aras-arasen ngetokake apa maneh saiki arang-arang banget ana giyaran wayang kulit ing stasiun TV apa radio.Kadhang-kadhang dheweke ya ngelu, ngrasakake nasibe dadi kethek/monyet kok mung kanggo tambel butuh, malah duwe rasa wedi mengko gek dikrangkeng, didadekake siji karo kewan sing dilindungi lan dikirim menyang bonbin perlu dilestarekake lan diopeni.Ing lakon Anggodo balik,dicritakake nalika Anggodo diutus prabu Ramawijaya supaya lumawat menyang Ngalengka perlu dadi telik sandi lan jaluk bali dewi Sinta,sing nalika semana direbut karo Dasamuka/Rawana raja ing Ngalengkadiraja.Ing kono Dasamuka bareng ketekan Anggodo ora dimungsuhi malah disubya-subya kadidene tamu agung. Apa panjaluke dituruti sakabehing panganan lan omben-omben ditokne, sing ora ana mung telo,amarga telo lagi dientas disaut dhalange.Sakabehing sate jangkep, sate ayam, sate kambing, sate kelinci, sate celeng iya ana, dasare Dasamuka raja sing sugih brewu, ora ana tegese ngetokake panganan lan omben samono....keciilll.Nanging yakuwi bareng wis wareg ,plempogen ,dirayu lan dikandhani karo Dasamuka yen Anggodo iku duweni hak dadi raja ing Guwakiskendha. Akeh-akeh pituture Dasamuka lan dielingake yen Sugriwa iku paman sing kurang ajar, Ramawijaya kudu dipateni amarga iku mungsuhe bapake Anggodo.Kocap Anggodo kang nembe wuru, lali purwa duksina mesat genti balik menyang pesanggrahe Ramawijaya kang nalika semana lagi jejagongan karo prabu Sugriwo lan para senopati, kepriye carane nyerang Ngalengkadiraja.EE.... dadak keprungu gegere para monyet, amarga Anggodo ngamuk punggung suratantaha, sapa sing nyedhak menthi kedrawasan kabeh sakehing woh-wohan sing lagi disuguhake morat-marit,para prajurit wanara kocar-kacir mlayu salang tunjang awit saka pangamuke Anggodo.Gedung KPK Guwakiskendo diobrak-abrik malah kantor polisi cedhak pesanggrahan ancur rata karo lemah. Prabu Sugriwa legeg lan si monyet putih Anoman kepeksa maju mapag pangamuke sang Jaya Anggodo kang nembe wuru. Rame denya bandawala pati silih ungkih genti kalindhih, cakot cinakot, banting binanting, cakarcinakar, rebut atosing balung kandele kulit, pancen nuduhake senopati kang pilih tanding.Anoman kang menang pengalaman datan katalompen lena sitihk pangendhane, sang Anggodo kasil kapikut diadhepake marang prabu Ramawijaya, keng paman prabu Sugriwa semu lingsem mundhut banyu sagenthong meres, kagebyurake marang Anggodo, megap-megap sang Anggodo sajak kentekan daya ........
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming