Jumat, 25 Desember 2009

Sugeng Warsa Enggal


Cathetan TAHUN 2009
Tahun 2009 sedhela maneh bakal ninggalake kita kabeh lan kita ngadhepi tahun anyar 2010.Sadurunge iku akeh banget cathetan sing isih tumemplek ing angen-angen kita wiwit kasuse baya lan cecak,kasuse Prita Mulyasari sing oleh simpati awujud koin sing pengaji luwih saka limang atus yuta,pansus bank century sing saiki isih rame ing kalangane anggota DPR,program seratus hari SBY-Budiono,pro lan kontra ujian sekolah lan isih akeh maneh. Salah sijine cathetan mau yaiku kasuse Mbok Minah, wanita tuwa umur 55 tahun, wuta sastra,kang ing pertengahan wulan Agustus kepungkur nyolong woh coklat(kakao) ing perkebunan PT RSA 4(PT Rumpun Sari Antan 4)tanpa pager ing dukuh Sidoharjo,desa Damarkradenan,kecamatan Jatibarang, kabupaten Banyumas.Mbok Minah kang uga penduduk desa Sidoharjo mau,methik woh coklat nedya kanggo bibit,kang arep ditandur ing tegale.Woh coklat kang dicolong mau cacahe telu, pengaji Rp2.100,-(rong ewu satus).Konangan mandhore, kakao dibalekake karo njaluk ngapura marang kesalahane.Woh kakao ditampa dening mandhor, nanging mbok Minah ora diapura,malah dilaporake marang pimpinan kang sabanjure nglapurake menyang Kepolisian Sektor Ajibarang.Sawise polisi mriksa mbok Minah, ngelingi lan nyumurupi barang kang dicolong pranyata ora mingsra, polisi banjur ngajokake usul marang pimpinan PT RSA 4,supaya perkara iku dibatalake wae. Nanging pimpinan PT RSA 4 ora setuju, alesane "wong nyolong kudu diukum, ben kapok".
Sidane perkarane mbok Minah diproses, dening polisi diterusake menyang kejaksaan.Prosese dawa lan wiwit pertengahan Oktober nganti awal November ora kurang saka ping lima mbok Minah bolak-balik menyang Purwokerto, saperlu minangkani panggilan kejaksaan. Kamangka dohe saka omahe menyang Purwokerto ora kurang saka 25 km. Tur iku ora gampang, sebab saka omah tekan dalan sing ana tumpakan angdes menyang Purwokerto dohe udakara 15 km, kang biasane ditempuh mawa ojek, yen anake sing omahe cedhak kono ora bisa ngeterake nganti tekan dalan gedhe.Lunga menyang Purwokerto saperlu minangkani panggilan kejaksaan, ragade rata-rata Rp 50.000,-(seket ewu rupiah) sanyangan.Kepeksa mbok Minah nampa sumbangan lan bantuwan saka tangga-tangga, awit mbok Minah dhewe kalebu mlarat.
Wekasane ing sidang pengadilan tgl 19 November 2009 kepungkur, mbok minah dening hakim ditibani ukuman kunjara"percobaan" 1 sasi 15 dina,iki ateges mbok Minah ora perlu mlebu kunjara, kanthi cathetan, ora bakal nindakake tindak pidana sajrone wektu"percobaan" telung sasi.Mbah Pur mung mbatin yen nyolong barang pengaji Rp 2.100,-(rong ewu satus), diukum 1 sasi 15 dina, la koruptor sing ngrugekake negara trilyunan rupiah diukum pirang atus tahun?Aku isih eling nalika sekolah biyen ana maling pitik, diring reme-rame menyang kantor polisi, dietutake hansip lan sawetara bocah tanggung nyekeli tangane maling pitik mau.
Ah, tahun 2009 kang kebak sandiwara lan kebak tandha pitakon, piye iki, kok ngono ya?Muga-muga tahun sing bakal teka kahanan luwih tumata lan prastawa ing tahun 2009 kang kurang prayoga ora dibaleni maneh,Amin.
SUGENG WARSA ENGGAL TAHUN 2010.

Rabu, 16 Desember 2009

SEMINAR

Sendika Dhawuh .
Bubar mulang mbah pak Petruk maca pengumuman sing ditempelke ing papan, e mbok manawa ana warta sing perlu dingerteni.Rada sawetara olehe jingglengi pengumuman mau, diwaca bola-bali nanging unine ya pancet wae.Apa maneh iki, seminar, pamicarane priyagung sing lagi nyekel panguwasa,pangarsa ing dinas pendidikan barang ya dadi pamicara, banjur prabeya pira iki, boten salah tulis ta pakdhe? Ngono batine, mbah Petruk kelingan nalika dadi tenaga honorer tahun pitung puluhan kanthi bayar Rp.9000,-(sangang ewu rupiah),kanggo numpak angkot bemo roda telu RP.60,-/pp, supaya irit, saka kos menyang nggone mulang kepeksa mlaku lsp-lsp.Owahe kahanan saiki bayare wis bisa dirasakake, guru bisa kredit sepeda motor, bisa kredit omah nganggo KPR, malah guru sing wis nyukupi syarat oleh tunjangan proferi barang.Ana kancane pak Petruk sing guyon ngene, saiki golek bojo gampang amarga bayare guru akeh, biyen disiya-siya aja gelem ngepek mantu guru, anakku diingoni apa? Begjane guru saiki,apa maneh guru kakung,nembe diangkat PNS kathik ganteng pisan, sepedhae motor anyar sapa prawan ora katut, gak ngertiya sing mbandhani bapake.
"Ana apa kung? " aku kaged tibake pak Cantrik,yen nyeluk aku mbahkung,pancene wi s embah tenan wong putu wis loro.
"Iki lo seminar, wis maos apa durung?"wangsulanku genti takon.
"Walah kung, wong seminar kok dipikir.Awake dhewe arep pensiun. Coba diwaos sing tliti, lagi mengko menehi keputusan melu apa ora.Dadi ora dianggep angin-anginan. Dadi guru kok mung sendika dhawuh, bayare dipotong sendika dhawuh, dikongkon seminar kanthi mbayar samene kehe sendika dhawuh, embuh kono yen dhuwite wis akeh, bayare wis kakehan tah"?ngono pak Cantrik elik-elik setengah prentah.
"Sendika dhawuh pak Cantrik "wangsulanku.Pikiranku nglantur maneh.Ana saweneh kanca sing melu alasane, pira tegese dhuwit 300.000 repis yen dibandhingne karo tunjangan sing ditampa, apa maneh iki sing dadi pamicara para pangarsa sing pana banget marang tunjangane para dwija, mengko gek.....mengko gek.....Ana kanca kalebu pak Cantrik sing ora melu seminar mau kanthi alasan, sing nganakake saka swasta ,dadi dinas mung kanggo rekomendasi ajange kanggo golek rejeki, dene persyaratan foto copy rekening bank, foto copy setifikasi mung kanggo ngawu-awu wae. Seminar pesertane mung duduk manis melu saka wiwitan nganti rampung,menthi oleh sertifikat. Beda karo workshop, pesertane aktif nambah ketrampilan.Wah piye ngene iki? Wah ya wong akeh,seje-seje panemune.Wektu lumaku terus dina esuke ana warta yen sing wis mbayar 300.000 repis oleh cashback 100.000 repis, dadi mung mbayar 200.000 repis.Malah mbah Petruk krungu sruwing-sruwing yen mbayar langsung panitia mung 190.000 repis, mbuh bener apa ora wong mbah Petruk dhewe ora daftar.Peserta seminar mau manut kabar, ewon cacahe nganti disebar ing ngendi-endi panggonan,wong sa provinsi Amarta.Kanggo nglipur ati, mbah Petruk sowan keng rama ing Karangkedempel.
"Kene thole, kene thole...... lenggah kene thole, kae tela kukus karemanmu wis dak sediyakake ".
"Sendika dhawuh ...ma ".
" Thole Petruk, lenggah kene, jare awake ora kepenak, mbok dijaga ta thole kuwarasane".
"Sendika dhawuh ma, anu kok pancen awak ora kepenak watuk ora waras-waras, wis dak rontgenke ora apa-apa, pokoke aaja nganti kesel nemen ma ".
"Iya thole, yen ana larane sing mesakke ya anak putumu, mula ya kuwi thole sing pinter ngatur wektu lan jaga kuwarasan, iku pesene rama. Piye wis nyemak warta kang dimadi ing pungkasane tahun iki ?".
"Uwis kok ma, wiwit gegere pansus bank century,pro lan kontra ujian sekolah pengadilane Prita sing nganti bisa ngumpulake koin nyandhak atusan yuta, demo masa supaya wapres Budiono lan Sri Mulyani non aktif lan warta sing isih gres nelakake yen SBY nolak rekomendasi DPR".
"Bener thole, e..... ya kanggo nambahi wawasan paling ora menehi tulada marang murid yen guru pancen isih sregep maca ".
"Sendika dhawuh, tujuanku ya iku kok ma, menehi tuladha marang muridku,sukur-sukur kanggo guyon supaya muridku ora bosen ".
"Iya, thole iki mau rak tanggal 19, kok ora melu seminar rugi lo thole ".
"Ora ndeleng untung rugine kok ma, nanging ana bab liya sing perlu dak aturake".
"Thole, rama wis apal lageyanmu.Bab seminar rama iya wis ngerti critane, wong akeh mantan anak buahku ya crita bab seminar iki.Mau si Cangik ya teka kene, banjur uwakmu Togog ya nyambangi ngejak kancane,akeh kok iki mau.Aku ya rada kaged, biasane kowe kuwi anane mung sendika dhawuh ana prentah,apa iku warta apa pengumumann mesthi kok tindakake la iki kok ora melu. Mung dak batin apa ora duwe dhuwit anakku iki,arep dak paringi mengko atimu kagol, nesu, wong tuwa disiwak. Aku ya mung nyawang saka kadohan. Ya uwis yen kowe duwe panemu ngono, ora melu seminar ora apa-apa wis kadung kok niyati. Mung pesene rama aja lali kuwajibanmu nyambut gawe sing genah, aja nganti nyalahi aturan, kowe dibayar nganggo dhuwite rakyat, eling ya thole".
"Sendika dhawuh ma ".
..................................................................................

Senin, 14 Desember 2009

Critane RAKA

DIKETOKI TANGAN
Dina Jum'at ing sekolah mesthi ana apel esuk. Dene tujuane nglatih bocah-bocah supaya disiplin ing samubarang ya seragam sekolah, sepatu ,dasi, sabuk lan liya-liyane. Sing dadi pembina apel bapak/ibu guru sing dina iku piket.Bapak /ibu guru ora bosen ngelingake bab disipln mau, nanging wong jenenge bocah mbuh siji apa loro apa pira mesthi ana sing ora melu apel. Ana sing tekane telat, ana sing alasane lara sing aneh ki ana bocah sing sengaja menyang buri.....piye ngene iki.Salahe dadi pak/bu guru, pancen wis kuwajibanmu momong anake wong sing maneka warna sifat lan tindak-tanduke, saiki bayare wis akeh ta? Mbaleni bab apel esuk iki, bareng apel wis rampung bocah-bocah mlebu kelas, e..... si Raka kelas IX B, kok menyang ruang guru kanthi polatan sing rada pucet, banjur matur lan crita iki critane.Dina iku dheweke ora melu apel, amarga awake ora kepenak.Mula dheweke ana kelas lan ngenteni kancane sing melu apel.Ora kasengaja noleh menyang mburi hi.....ing pojok kidul ana tangan kang obah-obah......tangan thok wernane putih.Sirah gulu weteng sapengisor ora ana, mung tangan thok.Mesthi wae dheweke kaged lan ora wani noleh memburi maneh. Arep mlayu awake lagi ora kepenak, bisane mung lungguh ing bangku karo nutupi rai. Untung wae dheweke bisa nguwasani kahanan lan siji mbaka siji kancane teka saka apel, dheweke banjur menyang ruang guru lan matur ora melu apel lan crita yen dheweke diketoki tangan tugel.Bapak/ibu guru komentare maneka warna , wah ana-ana wae sekolah iki. Malah ana ibu guru sing ngendikan nalika arep tour biyen arep menyang jedhing ora wani, ya mesthi wae wong bengi kathik lampu nalika iku durung dipasang.Wah ana-ana wae.....

Senin, 07 Desember 2009

POLISI

Polisi kok di........
I. Sawetara kepungkur aku lan nyku ndandakke gledhekanjepang ing UMC dalan Achmad Yani Surabaya.Ya rada suwe pancene, servis lan wayahe ganti oli lan dina iku sing service lumayan akehe.Ora kacarita gledhekanjepang wis rampung lan wis dak cukupi kabeh administrasine. Aku lan nyku mlaku alon-alon ninggalake bengkel ngetutke lakune kendaraan ing ngarepku kang lalu lintase pancen padhet banget.Nyku ing sisih kiwaku dak elingke aja ngantuk, aja turu amarga yen ora dibantu akeh sepeda motor nyalip saka kiwa saka tengen sepenak udele dhewe.Embuh nyku kekeselen apa piye aku ya ora pati nggatekke nanging dak lirik kok ya meneng, kesel dadi mc beke.Tekan stopan bangjo yen lurus nuju terminal Wonokromo, aku nengen nuju pasar Wonokromo.Lampu nuduhke kuning ateges aku isih bisa terus lan aku ngetutke kendaraan ngarepku.Enak-enak mlaku e..... bapak polisi wis ana ing ngarepku menehi tandha supaya aku minggir, batinku salahku apa..... sepedamotor tengenku ya isih ana sing bablas ora diendheg.Nyku gragap tangi, ana apa ,tekan ngendi iki.... dak wangsuli tekan ngendi,iku lo diendheg polisi, nyku ngomong maneh aku keturon wis kono ndang mudhun. Wose polisi nerangake yen aku nglanggar marka dalan yen lampu abang kudu mandheg, aku iya mbantah yen lampu isih kuning mula aku wani terus, polisi ngomong maneh yen lampu wis abang, lan aku iya matur maneh isih kuning, polisi rada sereng wis abang, lagi aku sadhar ora ana gunane bengkerengan,simku kanthi abot dak caosake diwenehi surat tilang lan ditemtokake tanggal lan panggonan sidang.Sadawane mulih aku isih nggagas bab kedadeyan mau, nyku setengahe daksalahake ora gelem melu ngawasi kahanan,nyku ya genti nyalahke wong dadi sopir kok njagakke wong liya.Yen dak pikir-pikir bener nyku, nanging karepku ki wong neng gledhekanjepang mau mung wong loro ngeling-eling jaman pacaran biyen......wah tambah nggladrah iki......
II.Isih polisi maneh,nanging polisi iki ora kena diajak kompromi.
Tanggal 29 Nov 2009, aku lan nyku nyambangi tangga sebut wae asmane Abah Dhori, sing kena alangan urusan karo polisi.Abah mau opname ing rsud.dr Sutomo lan operasi amarga balung tangan tengen retak/tugel.Aku mara ing daleme, awit ora kober niliki nalika panjenengane opname. Bareng wis satata lungguh abah Dori crita yen kedadean mau waktu esuk arep budhal ngantor. Embuh saking kesusu apa yuswane wis sepuh apa piye, enak-enak sepedhahan ana polisi ing ngarepe ya mesthi wae abah mau kedandapan ora bisa ngendhaleni sepedamotor tiba, lan tangan tengene nahan abote awak lan sepedhamotor wusanane kedrawasan kaya ngene iki.Aku takon polisi napa se Abah, diwangsuli niku.....polisitidur.Dak guyoni.....Abah,polisi tidur niku mpun diganggu, niku boten saged dijak kompromi.....ngalah mawon mangke rak sekeca.Diwangsuli inggih-nggih kula kuwalat ngantos ngathang-athang teng griya sakit la niki rontgene. Dak deleng karo nyku tulang belikat apa tulang sendi aku ora faham, nanging ketok tugel lan disambung nganggo pen.Sawetara suwe anggonku jejagongan,wong abah Dhori sekailyan iku blater lan seneng guyon, aku banjur nyuwun pamit.La iya wong ing dalan kang jembar kok ana/dipasang polisi tidur.Malah ing gang-gang ya ora gelem kalah, jor-joran gawe polisi tidur. Dilematis, yen ora dibangun polisi tidur, sepedamotor sing lumrahe nom-noman ora ngerti unggah-ungguh ora ngerti tatakrama sepedhahan ing kampung,nanging yen dibangun bisa nyilakakake wong liya contone sing dialami abah Dori. Kepriye yen ngene iki?
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming