Sabtu, 09 Januari 2010

KUMPULAN CRITA CEKAK

Crita cekak.
Sabtu tanggal 9 Januari 2009, bar jaga ulangan aku karo Pak Sugeng ngendhangi majalah Panyebar Semangat, klangenanku nalika aku isih ana SR biyen.Saliyane silaturahmi aku iya kepengin nggoleki/copy crita cekakku sing tau kapacak ing majalah iki tahun pitung puluhan isih ana apa ora.E...kanggo cathetan anak putu yen yangkunge biyen tau ngarang sing dipacak ing majalah, sanajan majalah mau basa Jawa Panyebar Semangat. Tekan Bubutan wis rada awan, udakara jam loroan lan ditemoni piyayi sing asmane iya pak Sugeng padha karo asmane kancaku iki.Sawise ngobrol ngalor ngidul aku diparingi wektu kanggo nggoleki karanganku biyen.Mitraku pak Ugeng(aksara S ngarep dak ilangi), iya nggoleki kanthi tlaten.Perlu kawuningan aku biyen tahun pitung puluhan sregep nulis crita cekak,nanging sajege tahun wolung puluhan nganti saiki kok ora duwe semangat blas kanggo nulis, apa maneh saiki wis dadi embah.Tinimbang ngetik rak luwih apik momong putu, guyon lan liya-liyane maneh. Untunge ana pak Ugeng sing maring panjurung duwe blog, ora ketang bloge cowek....diwaca dhewek. La iki ketemu.....kanthi ora urut :
1.50.000 rupiah, dipacak majalah Panyebar Semangat no.42,tanggal 16 Oktober 1976.
2.Jaka Kawuk , no.48,tanggal 26 Oktober 1974.
3 Kaliren awujud jarwan bebas pengarang asline Naguib Mahfuz tg.
4.Memedi Sawijining Bocah jarwan bebas pengarang asline Agatha Cristie,no 29,17 Juli 1976.
5.Titik Sumarawati, PS no35/30 Agustus 1975
.
Sing isih durung ketemu antara liya:Angin Pesisir, Wulan Juni Wis Kliwat, lan sawetara maneh, pancen lalian.
Salam kagem kanca pengarang sastra Jawa Surabaya, sing nggambar simbol/lambang iku aku, ana gambare Tugu Pahlawan lan ana aksara Jawa HANA,terus ana gambare ombak lan ana tulisan Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya(PPSJS), dak gambar nalika Bapak Suripan isih sugeng.Saiki lambang mau isih dikanggokake apa ora ya sumangga. Dene pengarang wektu iku Suharmono Kasiyun,Sriyono, Susi Partosudarmo, Slamet Isnandar wah liyane lali aku.Mbok manawa ana sing maos blog iki, kersaa maring alamat, sapa ngerti bisa kekancan maneh kaya biyen tahun pitung puluhan.Aku biyen nggendhengi seratane Sri Setya Rahayu, Purwono, Tamsir AS,Esmiet, Suparto Brata,St Iesmaniasita pengarang mudha Suharmono Kasiyun lsp.

Materi Ulangan

Materi Ulangan Basa Jawa Semester Gasal tahun 2009-2010,kelas IX SMP 2 Surabaya.
Buku pendamping weton MGMP, wacanen wiwit bab 1 nganti bab 6.
Bab 1.Crita rakyat Andhe-andhe Lumut.
Bab 2.Critane Pak Narko si tukang becak kang anake tumindak kurang prayoga.
Bab 3.Pidato/pengumuman/wara-wara.
Bab 4.Informasi Provinsi Jawa Tengah.
Bab 5.Tembang macapat Dandanggula.
Bab 6.Crita Wayang Banjaran Kresna, lan wacanen maneh kliping wayang kulit utamane silsilah Pandhawa.
Soale gampang kok,embuh wangsulane. Wacanen bola-bali mesthi bisa nggarap,ok.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming