Kamis, 17 Juni 2010

LUWIH APIK TELAT TINIMBANG ORA BABAR PISAN



Ukara ing dhuwur sejatine ora cocok karo kahanan jaman saiki.Nanging kepriye maneh pancen kudu kaya ngene.Sing bener “ luwih cepet luwih apik “. Repot, ora duwe ide, gawean ing kantor numpuk, gawean ing omah ya numpuk, ketambahan dadi MC( momong cucu), pancen bisa kanggo alas an nulis ukara mau, mbuh bener mbuh ora. Mula ora aneh ana sawetara mitra takon, kung endi tulisane, endi postingane , wadhuh piye iki.Mesthi wae dak wangsuli, sik ta rek, isih kentekan ide, ketekan inspirasi. Pancen akeh sing arep dak tulis, nanging kaya-kaya ora duwe niat, ora duwe semangat blas, kaya wong bingung dasare bingungan, gugup lan sarwa salah. Yen ditlusuri repote apa ta, ujian nasional wis rampung lan smp2surabaya tahun iki lulus kabeh, ujian sekolah uwis, ujian praktek iya uwis, tour menyang Bali iya sukses, ijazah lan skhun iya wis diedum, MC iya wis ana sing nggenteni, rasane sirah iki mikir terus, ngelu lan abot kanggo nulis. Ana sing ngganjel, nanging dak petani ora ketemu apa sing ngganjel mau. Ya muga-muga enggal bisa sregep nulis maneh, mbuh nulis apa wae supaya ora cepet pikun…..Amin. Kanggo muridku , iki postingane pak Pur dak kantheni foto sawetara, embuh iku foto ing sekolah, foto tour ing Bali, fotone bapak/ibu gurumu sing tau nggula wentah kowe kabeh, iku kabeh kanggo pangeling-eling supaya kowe eling karo almamatermu SMP Negeri 2 Surabaya sing kita tresnani.Bapak/ibu gurumu mung bisa paring dedonga muga-muga apa sing kok gayuh bisa kasembadan bisa ketampa ing sekolah sing kok tuju….Amin.Bocah-bocah pak Pur kepengin maringi reward, dene pathokane biji sing paling apik ujian sekolah lan praktek, sing ngumpulke luwih dhisik nalika ngumpulke geguritan ing bloge pak Pur, lan sing paling sregep ngumpulke tugas. Bareng ditintingi sing oleh reward tahun iki, yaiku :

1.Nia Ayu Tantha Aulia kelas ,IX A.
2.Novia Setyowati kelas, IX E.
3.Claudia Permata Puspa , kelas IXB.
Aja lali ya, yen telat dak wenehne bocah liya.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming