Senin, 30 Agustus 2010

DREDAH SAJRONING GOTRAH


Rumah sakit Karangkidang ing wewengkon praja Ngastina iku pancen kuncoro wiwit biyen mula.Manggone ing kecamatan Kadilengeng cedhak lan wewatesan negara Mandura. Antarane negara Ngastina lan negara Mandura diwatesi karo bandaran agung kang banget migunani kanggo para among dagang.Pimpinan rumah sakit gilir gumanti manut aturan sing wis dtemtokake dening negara Ngastina. Pimpinan sing wiwitan dr Bambang Ekalaya, sawise iku dr Basukarno. Ya dr Basukarno iki sing rada suwe amarga bisa ngatur lan mrenahake amrih rumah sakit mau dikenal sakiwa tengene Ngastina.Bareng dirasa wis nyukupi syarat banjur ngajokake status yen rumah sakit sing unggulane paru-paru layak digedhekake, amarga wewengkon Kadilengeng sisih lor durung ana rumah sakite.Kamangka pasien iya akeh nganti para tenaga medis kuwalahan ngadhepi pasien.Apa maneh saiki dibangun jembatan Ngasman ,(Ngastina Mandura) wah pasien saya rame amarga para warga Mandura ora perlu paspor yen arep menyang Ngastina.Dr Basukarno promosi dadi direktur Rumah sakit sing nampung wong gendheng kalebu kecamatan Banjarjungut lan Rumah sakit Karangkidang dipimpin dr Anggrahini. Pasien saya akeh lan iya nampa dokter lan karyawan yen ditotal ngancik 150.Dr Anggrahini iki nggatekake marang pasien lan karyawan. Aja disentaki, aja dikasari pelayanan optimal, mesakke para pasien wis golongan ora duwe, berobat kok dingel-ngel aja gawe lingsemku, ngono omonge nalika brifing.Sing paling ditunggu ki yen dum-duman jasa medis ngadhepake riyaya, wah kena dijagakake temenan. Dadi kanggo riyaya oleh bayaran dobel sing siji vakasi saka praja sing siji saka dum-duman jasa medis, wah riyaya tenan.Bu Limbuk salah sijining karyawan bagian cleaning service seneng banget.Saben tahun sing diarep-arep wulan Pasa , kok gak wulan pasa ya…kok gak wulan pasa ya.Saben riyaya Limbuk mesthi mudhik, nyarter mobil lan nuduhake yen anggone ngumbara kasil.Oleh-oleh saka woh-wohan kayata semangka, garbis, kesemek digawa sakehing iwak kayata teri, iwak bandeng iwak kakap iya digawa iku durung klambi-klambi sing wis ora kanggo iya ora keri.Nanging kahanan ing donya iki gilir gumanti, kalebu rumah sakit Karangkidang.Dr Anggrahini promosi ngetutke kakunge anggota dewan ing wewengkon Sokalima, sing ngganti dr Banowati.Pimpinan sing anyar iki mung duduk manis ing meja kerja. Mudhun jluk saka mobil pribadi langsung mlebu ruangan nyandhak hp, mbuh nelpon sapa ora ana sing ngerti, apa maneh dhalange.Pokok ana laporan saka andhahan wis cukup, ora perlu control bagian bagian, apa maneh menyang zal nemoni pasien, toh wis ana dokter jaga, ora perlu ora perlu.Dr Banowati percaya banget karo laporan-laporan sing ana ing mejane.Jasa medis lan kesejahteraan liyane ora direken.Malah gawe aturan anyar jasa medis didum 3wulan sepisan, riyaya ya riyaya, ora ana thr, yen ora bisa lebaran salahmu dhewe kena apa ora bisa nabung.Kabeh karyawan nggrundel, wanine mung ngrasani liwat buri, wani silit wedi rai.Mung bagian TU sing ngguya-ngguyu amarga kabeh mlebu metune dhuwit sing ngatur TU.Pertengahan tahun wingi rumah sakit Karangkidang oleh bantuan bopda sing kudu dilaporake tanggung jawabe. Mesthi wae kabeh karyawan ngarep-arep banget bantuan mau, saliyane kanggo laporan, para karyawan mesthi kecipratan.Kabeh padha ngarep-arep lan diumumke yen suk Soma Manis arep didum. Pas dina sing ditemtokake kabeh padha antri, sing oleh giliran dhisik para dokter.Dr Srikandhi marani arep tanda tangan lan KTU iya wis siyap amplop isi dhuwit. Tan kocapa bareng ndeleng angka-angka saka dhuwur mangisor sakala dr Srikandhi nggebrak meja praupane brabak karo ngucap” Pira , iki pira dokter oleh 650.000, Tu oleh 2.000.000,-, sing bener, yen ngene nyoh peken aku ora gelem nampa nyoh, …….dokter perawat iku sing pegang peran ing rumah sakit iki, pira perawat 450.000,-?…….dr Banowati,padha-padha doktere apaa kowe ora belani dokter, yen ora isa mimpin mundura akeh sing luwih pinter saliyane kowe…"…Diundamana ngono dokter Banowati minangka pimpinan rumangsa dicecamah banjur metu omonge” yen ngono ora sah didum yen ora trima karo keputusanku…".
Dokter Srikandi : terserah…..iku hakmu……nyoh pek peken kabeh, pimpinan ora jegos nyoh peken kabeh……..”semparet dr Srikandi metu karo mbanting lawang jdhor
Kahanan usreg para dokter liyane dukung keputusane dokter Srikandi, dene karyawan liyane mung plonga-plongo ngerti dodok selehe, lan buyar dhewe-dhewe dene staf TU, mrengut, cemberut ora sida oleh-olehan. Kamangka wis ditata tharik-tharik bakal pesta ing restoran Maduganda (dhalange nglindur kakehan turu).Bu Limbuk sing kawit mau ngadek polatane peteng, sajak arep udan.......

Sabtu, 28 Agustus 2010

LELUNGAN MENYANG KOREA KIDUL





TETEPUNGAN KARO “DEO “
Deo jangkepe Deo Ekoputra Sasongko, sawijining murid SMP Negeri 2 Surabaya semester ganep tahun 2009-2010 lunga menyang Korea Kidul amarga lolos seleksi pertukaran pelajar.Nalika ditimbali pak Pur dheweke lagi sinau nyiapake ulangan harian bersama akhir Agustus 2010.Bocah Manukan Ranu VII/04 putrane Leonardus Yuli Sasongko, sedulur nomer 1 saka 2 sedulur,pancen ora ngawaki blas, ora ngira yen dheweke duwe kaluwihan lan lolos seleksi pertukaran pelajar.Cita-citane kepengin dadi programmer komputer,apaa kok ora kepengin dadi insinyur dadi dokter, alasane mayar bae supaya luwih kreatif. Lo dadi insinyur utawa dokter rak bisa kreatif ta Deo? Dheweke meneng wae. Suwene kunjungan ing Korsel 19 dina yaiku tanggal 7 Juli nganti tanggal 23 Juli 2010.Kenangane akeh banget kaya dicritakake ing ngisor iki.Bocah kelas 9 wajib maca lan kudu bombong yen ing spendabaya kene ana adikmu sing bisa njunjung jenenge almamater.
Ing ngisor iki critane Deo.
Sadurunge aku ngucapake puji syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga aku bisa melu program Pengiriman Delegasi Pendidikan Kota Surabaya menyang Busan, Korea Kidul. Matur nuwun kang tanpa upama marang sakabehe amarga tanpa bantuan mau mokal aku bisa lolos seleksi lan melu program iki. Bapak lan Ibuku, bapak kepala sekolah,bapak ibu guru utamane mam Ririn lan kanca-kancaku sepisan maneh aku ngaturake gunging panuwun.
Sing melu kegiatan iki yaiku:Qashmal Mafazi S(SMPN1), Deo Ekoputra S(SMPN 2),Clarisa Azalia M.(SMPN 13),Winna Andriana(SMPN 35),I Made Artha S. (SMAN 5), Hilaliyah Nur S. (SMAN 20), Amanda Jasmine D. (SMAN 21), Alfandi Aryadinar (SMA Dr. Soetomo), Era Disti Y. (SMKN 8), Dimas Ayodhya Wahyu W. (SMKN 11) Surabaya.
Sadurunge nyritakake anggonku lungo menyang Busan, Korea Kidul, aku luwih dhisik ngenalake anggota delegasi pendidikan sing ngwakili Surabaya menyang luar negri. Akehe rombongan ana 12, 10 antarane anggota delegasi yaiku murid-murid SMP, SMA, SMK sing ngliwati tes sing abot, lan 2 pendamping sing salah sijine
Delegasi pendidikan budhal tanggal 7 Juli 2010 nganggo maskapai penerbangan Cathay Pacific menyang Hongkong. Aku sarombongan kumpul ing bandara Internasional Juanda, ing babagan penerbangan Internasional. Sawise check in, aku sarombongan langsung menyang babagan imigrasi kanggo cek paspor lan kelengkapan liyane. Sawise iku, rombongan langsung munggah menyang pesawat.
Pesawat mulai lepas landas jam 08.30. Suwine perjalanan Surabaya-Hongkong yaiku 4 jam. Ing pesawat, aku menikmati layanan sing ana ing pesawat, kaya mangan lan minum, televisi portable sing ana ing kursi ngarepku. Sawise 4 jam perjalanan, aku akhire ndharat ana ing Hogkong International Airport utawa Bandhara Internasional Hongkong. Rombongan delegasi ing bandhara dipapak karo pendhamping wisata sing asmane Mr. A Hin.
Ing Hongkong, rombongan dlegasi diajak mlaku-mlaku menyang panggonan wisata lan kabeh pangonan ing kutha. Panggonan wisata sing ditekani karo rombongan delegasi iku salah sijine kaya Hongkong Disneyland Resort, Avenue of Stars, Victoria Peak, lan Ladies Market.
Sawise mlaku-mlaku, rombongan langsung mampir menyang Hotel Metropark Mongkok. Sawise istirahat lan santai ana ing hotel, rombongan delegasi isih ana sing blanja menyang Ladies Market sing ana ing cedhake hotel. Sawise blanja, rombongan padha bali menyang hotel lan istirahat kanggo persiapan budhal menyng Seoul.
Rombongan budhal saka Hongkong nganggo maskapai penerbangan sing padha. Perjalanan Hongkong-Incheon suwine 3 jam. Kesele awak isih krasa ing awake kabeh delegasi lan pendamping, merga iku akeh delegasi sing turu ana ing pesawat merga kesel lan pegel. Wektu-wektu sing megel’ake awak akhire wis mari lan pesawat wis ndharat ana ing Incheon, Seoul. Ing Seoul, rombongan delegasi didhampingi karo pendhamping sing asmane Mrs. Anita Lee. Aku ngenteni ing Seoul 2 jam kanggo nglanjutake perjalanan menyang Busan numpak pesawat penerbangan domestik. Sawise numpak pesawat maneh, aku wis teka ing Bandhara Gimhae, Busan. Jam 20.00 wektu Busan (WIT), rombongan dipapak karo pendhamping saka BFIA (Busan Foundation of International Activities). Sawise ngrungokake rencana lan jadwal saka BFIA, rombongan padha istirahat ing Hotel Toyoko Inn, Seomyeon, Busan.
KUNJUNGAN
Sawise nginep ing hotel,aku sarombongan nindakake kunjungan ing sawetara panggonan ing atarane yaiku kantor BFIA, Busan City Hall lan LG Science Hall. Ing kantor BFIA, dibrifing bab kegiatan sing arep ditindakake sasuwene ing Busan.saka kantor BFIA, aku sarombongan nuju kelas basa Korea, lan latihan maneh basa Korea mau.Dianggep cukup banjur nuju LG Science Hall. Ing panggonan mau akeh ilmu sing dak ngerteni, kayata maneka warna tehnologi alternatif,cara nemokake pelaku criminal lan sapanunggalane.Wah akeh pengalaman sing ora bisa dakbayangake.
Sawise nindakake sawetara kunjungan, aku sarombongan nuju Haeundae Centum Hotel.Ing panggonan mau melu kegiatan welcome party utawa perayaan sugeng rawuh selamat datang.Aku ketemu karo Park,Jun Pyo yaiku kanca homestayku sasuwene aku ing Busan.Ngobrol lan guyon nyritakake pengalamane ab kahanan ing Busan utawa ing Surabaya.Sawise welcome party rampung, saben delegasi budhal nuju omah homestay dhewe-dhewe.
Dina Sabtu, kabeh delegasi lan homestay budhal nujuYeongdo Hamjigol Youth Training Centre. Ing panggonan mau, ketemu karo homestay saka delegasi liya lan kenalan. Eman homstayku ora bisa ngancani aku amarga ana keperluan dadak saengga ora bisa ngancani aku. Sanajan minder aku tetep rilek ing acara mau.Sing paling berkesan yaiku nalika oleh tugas”Mission Mobile Possible” sing ngudokake aku sarombongan budhal menyang Nampodong tuku/nylih barang banjur motret. Aku sarombongan nuju Nampodong numpak bus kota.Sanajan kesel mlaku, munggah mudhun bus, aku tetep seneng amarga oleh pengalaman anyar.Ngrampungne kegiatan iki, aku bebas karo homstayne dhewe-dhewe.Aku karo Jun Pyo mlaku-mlaku ing sawetara mall, kayata Hyunday Department Store lan Lotte Mart. Ora mung iku wae malah aku diajak nonton film ing bioskop.Aku uga diajak Jun Pyo numpak sepur bawah tanah,sing kahanane aman nyaman lan tertib. Dina sing bisa ngilangi lan ngobati rasa kesel.
Dina Senin yaiku dina sing paling sibuk aku sarombongan, awit dina iku wis kudu nindakake kunjungan menyang sekolah-sekolah, salah sijine yaiku Busan InternasionalMiddle and High School(SMP lan SMA Internasional Busan).Ing sekolah mau nganakake inspeksi lan mamerake sing saka rombongan lan saka sekolah mau.Tari Glipang sing pemaine 5 cowok, lan tari Sparkling Surabaya penarine 5 cewek ngregengake swasana.Aku sarombongan uga nyanyi lagu tradisional Korea”ARIRANG” lan lagu khas Surabaya”REK AYO REK”.Ya nalika lagu “REK AYO REK”, aku ngajak siswa-siswi BIMHS supaya bareng nyanyi ing panggung.Wiwitane isin nanging suwe-suwe gelem nari bareng.Pengalaman maneh pengalaman maneh.
Dina Selasa,13 Juli 2010, aku bareng homestayne dhewe-dhewe nuju Gijang Culture Youth Centre.Nuju panggonan mau mbutuhake wektu rong jam, aku tetep seneng amarga bisa ngobrol karo homestay.Ing panggonan iki aku diajari nganggo klambi tradisional Korea, sing jenenge Hanbok.Saliyane diajari nganggo klambi tradisional, aku uga diajariSa-mul-no-ri,yaiku musik tradisional Korea.Sa-mul-no-ri kedadean saka 4 instrument yaiku Buk,Jing(Cing),Kkweng’khwari(khweng hwari),lan instrument favoritku:Janggu(Canggu).Buk yaiku bedhug cilik sing ditabuh nganggo kayu sing cilik, Jing yaiku gong cilik, Kkweng’kwari mirip kaya Jing, nanging ukurane luwih cilik lan Janggu padha karo kendhang asline saka India, nanging karo wong Korea diowahi gaya Korea.

Sawise ngunjungi Gijang, aku sarombongan nerusake menyang Gori Nuclear Power Plant utawa Pembangkit Listrik Tenaga Nuklir Gori, Busan.Aku sarombongan nganakake pengamatan maneka warna kegiatan, eman swasana udan saengga ora bisa ngamati langsung reactor nuklir mau.Sanajan ora bisa aku sarombongan isih bisa sinau lumantar miniature ing Science Center ing Gori.Nuclear Power Plant kasebut.Muga-muga minangka generasi penerus bisa bangun reaktor nuklir ing Surabaya utwa wilayah liyane ing Indonesia, Amin.
Sawise ngunjungi Gori Nuclear Power Plant, aku sarombongan nuju Busan Aquarium. Ing kene bsa ndeleng maneka warna spesies iwak, uga tontonan lan uga atraksi kanggo pengunjung.Aku sarombongan uga sianu nggawe warta dhewe ing Stasiun TVCommuity Media Center.Sawise nulis warta aku sarombongan diwenehi kalonggaran diwawancarai stasiun radio KNN.
Pengalaman sing ora dak lalekake yaiku yaiku nalika melu kegiatan Asia Youth Forum. Kegiatan iki dieloni telu negara yaiku, Korea Kidul, Cina lan Indonesia. Kegiatan iki duweni tujuan nglatih lan nggembleng dadi pemimpin dina ngarep. Kegiatan iki presentase perwakilan saben negara, class discuss lan presentase kelompok.Aku kebagian housing utawa omah tradisional saka Indonesia. Wah ilmuku saya tambah.
PERPISAHAN.
Ana wektu ketemu ana wektu pisah, mangkono unen-unen sing sering dak krungu.Sawise nganakake pengamatan ing Busan kantho abot kudu pisah.Ing acara farewell party utawa pesta perpisahan,swasana nrenyuhake. Ana sing nangis, ana sing semaput amarga abot ora gelem pisah.Rampung acara mau,Aku sarombongan kudu balik menyang hotel ringkes-ringkes. Sesuke nuju Gimhae kanggo numpak pesawat menyang Incheon,Seoul. Suwene penerbangan mau kurang luwih sakjam. Ing Seoul dipandu karo Ms.Annie Shin.Aku sarombongan dijak mlaku-mlaku maneh ing Seoul ngunjungi Donghwa,Pasar Dongdaemun lan Museum Nasional Seoul.Aku sarombongan uga kober ngunjung lBlue House, yaiku daleme Presiden Korea Kidul ing Seuol.Nanging eman banget aku ora bisa mlebu amarga dijaga ketat banget. Ing Seuol mau aku iya ngunjungi KBRI, lan nryitakake akabehing kegiatan sasuwene iki. Bengi iki aku nginep ing Hotel Hamilton, sawise nginep sawengi aku nerusake perjalanan nuju Hongkong nganggo pesawat Chatay Pacifik. Tekan Hongkong transit rong jam, banjur numpak Cathay Pacifik.nuju Surabaya.Sawise perjalanan 4 jam, aku sarombongan tekan Surabaya kanthi slamet.Trenyuh lan kangen aku sarombongan sawise ketemu kulawarga ing Surabaya.
Muga-muga tahun ngarep bisa ngunjung maneh bareng delegasi liya ……. Amien.
Kesanku sasuwene ing Busan, aku kagum banget lan pantes oleh acungan jempol yaiku ketertibane, kebersihan, tehnologi lan rumakete penduduk.
Pesenku: minangka generasi penerus bangsa mesthi bisa nerusake lan ngembangake Surabaya kaya ing Busa. SURABAYA BISA, INDONESIA BISA !

Rabu, 25 Agustus 2010

Materi Ulangan Harian


Ulangan harian basa Jawa manut jadwal tiba dina Kamis tanggal 2 September 2010,jam 08.40 - 09.40.Sing kudu disinaoni yaiku :

1. Drama crita rakyat "Andhe-andhe Lumut"( mangsuli pitakon,watake paraga lsp).
2. Naskah pidato(ngarang tekspidato/pengumuman, sing dibiji yen lagi pidato lsp).
3. Teks wacana propinsi Jawa Tengah( mangsuli pitakon, pokok pikiran lsp).

Akehe soal ana 10, kudu tliti prentahe soal, yen ora mudheng diwaca bola-bali.

Selasa, 17 Agustus 2010

MALAYSIA MANEH, MALAYSIA MANEH................


Menlu Mesthekake Malaysia Nglanggar Wates.
Telu Staf Kementerian Kelautan lan Perikanan sing dicekel Malaysia wekasan dibebasna. Indonesia mesthekake yen Malaysia wis nglanggar garis tapel wates rong negara."Wis kedadean nglanggar wates.Kita jaluk aja dibaleni maneh,"ngendikane Menteri Luar Negeri Marty Natalegawa sadurunge upacara HUT RI ka 65 ing Istana Merdeka Jakarta, Seiasa 17 Agustus 2010. Marty negasake, tugas wiwitan wis rampung, yaiku mbebasake telu staf Kementerian Kelautan lan Perikanan, dene tugas kaloro yaiku jaga kedaulatan RI."Tugas kaloro mesthekake yen kita kudu jaga kedaulatan, ora ana kompromi sadumuk bathuk sanyari bumi"tegas mantan juru wicara Departemen Luar Negeri iki.Ing pelanggaran wates wilayah negara, Indonesia wis wis kirim protes marang Malaysia.Indonesia jaluk supaya Malaysia ora mbaleni tumindak sing culika mau."Wis kedadean pelanggaran tapelwates, kita wis kirim protes"tegas Marty.Insiden genti nangkep iku kedadean ing dina Jumat 13 Agustus kepungkur ing perairan Pulo Bintan, Kepulauan Riau.Telu staf Kementerian Kelautan lan Perikanan ditangkep amarga dinuga mlebu perairan Malaysia ing Kota Tinggi.Telu warga negara Indonesia mau digawa menyang Malaysia amarga bekuk pitu nelayan Malaysia. Kamangka pitu nelayan Malaysia sing dicekel Indonesia cetha wela-wela wis nglanggar garis wates rong negara. Police Marine Malaysia ngetokake tembakan pepenget, mula gelem ora gelem pasrah bongkokan wong kapale ora duwe senjata.Esuk mau, wekasan telu warga Indonesia dibebasna, semono uga pitu nelayan Malaysia ya wis dideportasi.

Senin, 16 Agustus 2010

Album Pengetan 17 Agustus 2010




Kaya adat saben, Agustusan ing sekolah iki iya semuwa banget.Agustusan 2010 bebarengan karo wulan suci Ramadhan 1431 H,dadi sakehing lomba lan kegiatan dianakake sadurunge wulan pasa.Maneka warna lomba kayata:karaoke, catur, futsal,pidato basa Inggris,lomba kebersihan kelas lan liya liyane.Sing paling rame yaiku futsal antarane kelas 9d mungsuh 9H. Padha dene ngotote padha dene kuwate, loro-lorone ora ana sing gelem ngalah.Wekasan kelas 9H gelem ora gelem kudu ngakoni kaluwihane 9D kanthi skor 3-1.Bapak ibu guru ya ora gelem kalah, nganakake lomba nyunggi tampah. Saben bapak /ibu guru duwe sporter dhewe-dhewe. Upamane nalika Bu Tarti,Bu Harti lan Bu Nurul nyunggi tampah mau, murid-murid iya bengok-bengok Bu Tarti...Bu Tarti...Bu Harti Bu Harti .....Bu Nurul Bu Nurul lan sapanunggalane, wah aula iki kaya stadion mini wae saking ramene sporter.Ing pungkasane kegiatan yaiku jalan sehat ing dina Sabtu tanggal 7 Agustus 2010.Dene rutene jalan sehat mau yaiku start dalan Kepanjen,dalan Indrapura menggok dalan Rajawali ngetan Jembatan Merah,menggok ngidul dalan Veteran lan menggok Kantor Post Kebon Rojo lan finish ing sekolahan maneh.Gong Agustusan yaiku upacara gendera tanggal 17 Agustus 2010.Upacara diwiwiti jam 06.30, amarga bebarengan ibadah pasa ,luwih esuk luwih apik.Pembina upacara bapak Kepala Sekolah paring sambutan sing wose nggugah semangat supaya bocah-bocah sregep sinau. Saiyane iku uga pembagian hadiah maneka warna lomba, marang para murid sing kasil menangake lomba kepungkur.

Minggu, 08 Agustus 2010

Balada TPP


Sawise otot-ototan antarane DPRD Madukoro karo para guru wekasane ditetepake yen TPP(tunjangan profesi pendidik), bakal dibayar suk tanggal 26 Agustus 2010.Janji mau diucapna anggota dewan sawise nampa kurang luwih 10 wakil guru sing kagabung ing PGRA({ersatuan Guru Republik Amarta).Tanggal 6 Agustus 2010 sadurunge ketemu anggota dewan, ana yen telung atus guru padha nglurug menyang gedung dewan, kesabarane guru wis entek, sabar ana watese, mosok kon sabar kon tlaten yen ngadhepi murid ing jero kelas

Ngukuhi karepe dhewe.
Sapatemon antarane antarane guru lan anggota dewan rada usrek, panas, loro-lorone ngukuhi benere dhewe-dhewe.Manut anggota dewan pambayaran TPP, ngliwati perubahan anggaran khusus(PAK).Alasane, PAK wiwit dibahas Senin 9 Agustus sing arep teka. Ketua pimpinan rapat Bathara Bayu menehi garansi TPP bisa ditampa sadurunge Lebaran.”Wektu iki dewan lagi mroses perda pertanggungjawaban APBD 2009” ucape. Anggota komisi B, Bathara Bayu mratelakake. Sumber TPP wis jelas, yaiku APBN.Kari nunggu wektu dana mau cair. Supaya tepat wektu, pemkot sadurunge bisa nglebokake TPP iku ing APBD. “Yen anggaran wis mlebu APBD, pencairan gak perlu pasetujon dewan” ucape.Bathara Bayu njentrehake, dewan ora duwe karep ngalangalangi pembayaran TPP.Maneh-maneh dewan duwe alasan yen pemkot wis ngajokake ping papat MPAK, yaiku Januari, Februari, April lan Juli” Nah amarga pembahasan PAK enggal ditindakake, TPP ya dibahas ngliwati mekanisme kasebut’ omonge. Para guru genti mentahake argumentasi dewan. Ketua PGRA Wisanggeni ora gelem kalah, yen mekanisme pencairan TPP wis jelas, yaiku liwat MPAK(mendahului PAK).”Anggaran iku saka APBN sing bisa dicairke liwat MPAK,”ucape. Wisanggeni nerangke yen dana mau banget dibutuhake dening para guru amarga kebutuhan ora bisa disemayani lan reregan saya mundhak, Yen ngenteni PAK bakal suwe, yen dewan ora kepengin ditekani terus, tulung TPP enggal dicairke, ngono panjaluke. Swasana saya panas padha wasise micara, wekasan dewan mutusake yen pencairanTPP tanggal 26 Agustus ngarep. Asumsine rapat paripurna pengesahan PAK tanggal 25 Agustus.

Wiwitane para guru tetep nolak idene dewan mau, amarga janjine dewan nalika saptemon sadurunge ,dewan janji PAK digedhog tanggal 15 Agustus. Wah iki ateges omongane dewan ora bisa dicekeli” ngono omongane ketua advokasi PGRA Gathutkaca.”Ora ana jaminan yen yen TPP bakal dicairke tanggal 26 Agustus”. Dewan ya emoh kalah genti gertak para guru. Manut Bathara Bayu, dewan ora duweni wewenang meksa TPP cair cepet” Ora bisa yen dipeksa kaya ngono’ ucape. Ora kepengin kedawa-dawa wekasan PGRA jaluk jaminan supaya pencairan temen-temen tanggal 26 Agustus”Apa jaminane?” pitakone Gathutkaca. Oleh pitakon kaya ngono, dewan ora wani komitmen “Ya aja dewan wae ta sing didesek. Sebab, pembahasan PAK ,ya karo pemkot. Mula eksekutif ya kudu komitmen”wangsulane bathara Bayu.Gathutkaca dhesek terus” Sing ngusulne pencairan suk tanggal 26 Agustus iku dewan, dudu pemkot, dadi ya dewan sing tanggung jawab yen TPP nganti ora cair “.ucape Gathutkaca emoh kalah.
Wali Kota Madukoro Raden Angkawijaya(dhalange nglindur) ngirimi surat menyang Dewan, jaluk cepet dicairne.
$$$

Ing SD 3 Karangkedhempel. Sajege pak guru Arjuna pindah menyang Amarta dadi anggota dewan pusat, lali kontrol utawa inpeksi, wis kadhung kepenak beke. Apamaneh pacar lawas Dra Banowati, SH, MH ya dadi anggota dewan, wah kalodangan perselingkuhan tenan,linak litu lingga lilur singkatan apa ta kuwi? Mula pak guru Gareng, pak guru Petruk, pak guru Bagong olehe ngrasani ora entek-entek.
Pak guru Gareng :ya tutugna olehmu pacaran karo Banowati,konangan KPK sida tamat riwayatmu!"".
Pak guru Petruk :dewan pusat, ya dewan pusat,sing daerah iki ngono pisan,getun
aku milih biyen.Tak kira mbelani wong cilik,kamangka TPP dadi hakku, lan iku anggaran APBN lan dhuwite ya wis ana, ngenteni apa maneh".
Pak guru Bagong :wong yen kuwasa ya ngono kuwi.Ana unen-unen "AKU SING KUWASA KOWE AREP APA".Lali ta ukara mau, pak guru kok telmi, ora sah dadi guru, ngisin-isini".
Pak guru Petruk :ya ora ngono, aja ngundhat-undhat padha gurune, ora pantes dirungokke.Biasane Bathara Wisnu ki tanggap sanajan rada telat, karo aku tak takon pembaharuan berkas ngajokake TPP kanthi gaji pokok sing anyar wis kok setor kangmas Gareng ?"
Pak guru Gareng :lo yak apa se, sing koordinir rak dhi guru Petruk.Saliyane gaji pokok, akeh iku ya sertifikat guru profesional, jumlah akehe beban mengajar, SK wiwitan, Sk pungkasan, rekening bank lan isih akeh maneh. Yen nganti ketlisut awas, ilang-ilangan guru siji !".
Pak guru Petruk : e, dielingke apik-apik kok. Ngancam ya,ngancam ya.Majua sida dak tapuk iki ana jepe"

Swasana rada kisruh, pak guru Bagong isane mung bekah-bekuh, dene guru liyane pak Bilung, bu Cangik etc meneng wis ngerti lageyane pak guru loro mau.Gampang geger lan gampang rukun, ora perlu dagatekake.Nanging awan iki kok sajake temenan, serius wah embuh kah tukarana kono, gelutan kono! Ora padha ngerti yen satindak-tanduke mau di semak kepala sekolah drs Badranaya. Ngendikan kanthi sareh:"wong para dwija kok ngagul-agulke emosine. Wis padha maca koran apa durung? Walikota wis kirim layang marang dewan lan bathara Wisnu wis nyanggupi, TPP cair.Kabeh kudu matur nuwun marang usahane lan perjuangane ketua PGRA drs Wisanggeni sak wadya balane sing gelem nglurug ing kantor dewan. Ora sah nyalahke sapa-sapa,wiwit dina iki bisa dideleng rekeninge, ora ketang metu 5 wulan, kekurangane nyusul.Lo..... arep menang endi kuwi......mengko......bank bukak nganti jam 15.00...... kae lo muride wis ngenteni .......Wah dhagelan ora lucu, mosok dikandhani ngecek rekening kok semburat kabeh....tanggal yahmene apa bayaran wis entek, e bu Cangik aku titip buku tabungan print ya ......."para murid ngguyu ngakak, e tibake sami mawon ......

Sabtu, 07 Agustus 2010

SUGENG SIYAM


Kagem para sedherek ingkang ngrasuk Agami Islam kula sabrayat ngaturaken sugeng nindakaken ibadah siyam tahun 1431 H. Mugi-mugi sedaya amal ibadah kita tinampia ing ngarsanipun Gusti Allah, lan kita kalebet tiyang ingkang sholeh lan sholekhah, amin.

tugas kliping


Sawise ngarang naskah drama crita rakyat, iki ana tugas sateruse yaiku golek rubrik kanthi irah-irahan"SEKOLAH KANGGO APA'", sing diserat bapak Suparto Brata, sastrawan sing wis diakoni jagad Internasional.Rubrik mau ana ing majalah Panyebar Semangat(PS),antarane nomer 27 nganti 30, golekana dhewe.Yen wis ketemu difoto copy banjur ditempelne ing buku folio, tugas iki kelompok.Sing dibiji ora mung ing buku folio, nanging diwaca genti genten manut akehe anggota kelompok mau lan ketua kelompok gawe dudutan(kesimpulan). Perlu kok ngerteni yen bapak Suparto Brata, alumni SMPN 2 Surabaya tahun 1950, bebarengan karo bapak Wardiman Joyonegoro mantan Mendiknas.Bapak Wardiman Joyonegoro rayine(adiknya) bapak Purwadi Joyonegoro ketua Komite SMPN 2 Surabaya.Foto ing dhuwur yaiku panjenengane bapak Drs.Mochtar, piumpinan redaksi majalah Basa Jawa Panyebar Semangat.Sapa sing bisa maca aksara Jawa ing dhuwur lan bisa negesi, enggal matur pak Pur ana hadiah, lumayan bisa kanggo takjil.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming