Minggu, 14 Februari 2010

lalen


AKU DIPARINGI LALIAN.
Sajege tuwa iki yen dakpikir-pikir aku kudu ngguyu dhewe.La piye pancen diparingi sifat lalian/lalen(pelupa).Iku pancen sifat apa gawan bayi apa piye, aku dhewe ora ngerti wong kari nampa paringaNe, lan aku ya ora kuwasa nolak.Kedadeyan sing marakake aku dhewe lan njengkelaku nyku lan anakku wis ora kena dak etung,kayata nyeleh jam tangan, kaca mata,tas kerja lan liya-liyane kaya wis biasa.Sing paling repot, arep budhal nyambut gawe kacamata keri, wong saomah dak takoni kabeh, mesthi wae ora ana sing ngerti wong sing nyimpen ya aku dhewe.Ngerti-ngerti tibake kacamata mau wis ana ing sakku.Kabeh padha ngguyu, nyku komentar.....biasa kungmu penyakite lalian kumat, aku mung meneng wae karo budhal, e.....kok ana maneh..... jagang sepedha ora dak gatekake meh wae tiba, untunge yen sepedhahan alon-alon, jathuka rak dadi gawe temenan.Iku ora sepiroa. Sing luwih isin maneh nalika aku mulih tilik desa,leren ing terminal ana kancaku SMP biyen aruh-aruh, iki sapa ya..... ngerti yen aku lali dheweke banjur nggodha..... mosok Pur kanca sabangku lali...... dak wangsuli sapa ya.....adhuh.....sapa ya.....karo ngeling-eling........"Aku Warino !" .Saploke kedadeyan iku aku ngati-ngati, yen ora apal jenenge aku ora nyapa, wani nyingkrih,utawa ethok-ethok ora weruh tinimbang kisinan.Dene barang-barangku pribadi aku duwe cara ana telung panggonan kanggo nyimpen. Saumpama barangku ilang/ketlisut ya telung nggon mau sing dakubeg-ubeg, yen ora ana ya pancen ilang lan aku kudu nglenggana.Kanca-kanca kantor ya ngerti yen aku lalian,malah pak Prapto ngomentari karo nggodha" gak papa kung pelupa, pokoknya jangan lupa ingatan " wah iki pancen nemen, aku mung ngguyu mesem kecut, wah ana-ana wae, aja sampek aku gendheng.Kadhang-kadhang sifat lalian mau bisa kena kanggo alasan, upamane nalika dolanan pingpong, yen aku ora bisa nampani bal, aku mesthi ngucap wadhuh lali aku....... lan dak tambahi tembung ....... sory ya tholnet.....nyanthol net.Sing aneh ki tanggal laire nyku lan tanggal laire anakku, mula ora aneh yen anakku kewetu"tanggal laire anake wae lali, apa maneh menehi hadiah ulang tahun "jajal piye yen ngene iki, kamangka anake mung loro.Yen putuku ora lali, Ricky tanggal 24 Pebruari 2000, lan Rival tanggal 10 November 2006.
Sifat lalian, isih dak gawa nalika aku nulis postingan.Biasane saben rampung nulis, aku mesthi ndeleng seratane para bloger sing wis kagungan jeneng.Ngiler jane, wah gek mbutuhke wektu pirang wulan ya, postingan kok apik-apik kaya ngono?
Bola-bali ndeleng krepekan, nanging ya isih lali, kepeksa dak akali ngene, sing wis tindak ing blogku dak tulis ing kene, embuh yen ana sing kliwatan.....pancen wis tuwa arep apa.......
.Pak Sugeng :asli Pacitan, guruku amarga tansah paring semangat supaya tetep nulis. Bloge :1.nguripuripbasajawa.blogspot.com.
2.Aku cinta bahari.blogspot.com.
3.Javanese for Beginner.
.mbah Suro: pensiunan PMK Jakarta, daleme Jakarta .
Bloge :mbahsuro99.blogspot.com.
.Mas Paromo Suko:priyayi Yogya, olehe ngasta ing Surabaya.
Bloge :lakukan selagi bisa.
.Ki Ageng Similikithi[asma samaran]:sawijining dokter lembaga antar bangsa, sering ana ing luar negeri, yen ora kliru saiki ana ing Manila.
Bloge :perjalanan waktu.
.Gambrengword :asma asline sapa, daleme ana ngendi aku ya ora weruh.
Bloge :My Bloggyyy.
.Mas Indro Saswanto: daleme dak goleki durung ketemu.
Bloge :Kenangan Sepanjang Masa.
.Yang Kung : Daleme ing kutha tahu Kediri,ngasta Kepala Sekolah.
Bloge :Yang-kung.
.Mas Dwi Joko:daleme Yogya,putrane yen ora salah loro .
Bloge :1.irphotoku.
2.dhenjoko.
.Pak Guru Petrus Soeratno/pieterssoeratno.wordpress.com: daleme ngendi ?
Bloge: Love is always ready to serve with you.
.Kang Sugeng : kelairan Pacitan, daleme ing Kutisari.
Bloge :Be A Great Person.
Digoleki adikmu,"kapan pak kang Sugeng dolan nyambangi pakdhene?".
.Pak Kasimin :guru Fisika daleme ing Sidoarjo.
Bloge :fisikasimin.worpress.com.
.Pak Hilmi :Guru IT , daleme ing Surabaya .
Bloge :muhyiddin11.blogspot.com.
.Mr.Joko Santoso:Guru IT, daleme ing Surabaya.
Bloge :gursmpn2sby.blogspot.com.
.Mas Capricornelian: guru IT, isih bujang, daleme ing Surabaya.
Bloge :caprie.wordpress.com.
Nakmas Setya Tuhu :guru SMA 2 Wonosobo.Yen ora salah bloge:smadazobo.worpress.com/smadazobo.blogspot.com, wah lali aku.
.Sing durung ketemu mbak Sito, apa ya bloge?
.Dene muridku kelas 9 saben kelas duwe blog dhewe,iku durung sing blog pribadi.
.Yen ana sing kliru nulisku, nyuwun pangapunten,nuwun.

Rabu, 10 Februari 2010

KALIREN


Tengahing ratri wis tumapak nanging sunar kauntungan durung durungbisa madhangi Muhamad Abdel Qawi.Nom-noman saka kulawaraga sugih brewu iku wis bola-bali ngalami kekalahan main kertu, kekalahane saya tambah kliwat saka patang puluh poun ing dalem telung jam.Iki meh saben bengi.Sing luwih cilaka maneh babar pisan ora perduli kekalahane mau. Terus anggone main, ngombe lan main karo kancane.
Nalika sikile wiwit jumangkah ninggalake meja main, dheweke wis lali karo apa sing ditindakake.Bengi iku leren anggone main,jalaran kepengin banget mlaku-mlaku ngiras nyegerake awak.Dalan-dalan wiwit sepi, hawa seger temenan, sawijining rasa sing bisa mulihake otot-otot kang lungkrah. Jangkahe alon-alon singsot-singsot lirih kadhangkala rada banter sithik, mlaku terus tanpa tujuan.Bareng wis rada sawetara, menggok manengen ngener kreteg Kasrel Nil. Disawang bae kreteg iku adoh tekan kana nglangut,nyebabake lakune dirikatake. Sikile wiwit munggah kreteg, alon-alon maneh lakune, dimen bisa nikmati hawa bengi. Kendaraan sing liwat sawetara wae, lete lan cepete padha.Lakune wis oleh saprotelon kreteg,ora kasengaja meruhi wong lanang manganggo rowak-rawek, sendhen neng pagere kreteg sangga uwang nyawang kali.Ora dadi kawigatene, lakune diterusake. Tekan watese kreteg mbalik wong mau isih ana kono, tingkahe iya isih tetep sangga uwang ora owah sethithik. Mananwa wae keturon ora krasa. Ora kanyana-nyana wong mau kejungkel, trengginas Abdel Qawi aweh pitulungan. Kurang sadetik mesthi kejegur kali, untung tangane kiwa kecekel. Sing ditulung nguwasi kalem, kaya-kaya ora ana kedadeyan apa-apa.Abdel Qawi lagi ngerti yen wong iku kuru lan praupane pucet.
"Apa sing kok karepake ?".Ora ana wangsulan,wong mau meneng bae. Kena apa wani tumindak kaya ngene? Kewan wae ora gelem nglalu, pikire.
"Apa kowe temen-temen arep nglalu? Geneya?Apa kowe mabuk utawa gendheng? Demi Allah critakna, he kewan !".
"Aku kaliren"wangsulane alot.
"Kowe ngapusi! Asu bae bisa nemokake panganan, lan aku ora percaya yen ing negara kene ana wong mati kaliren. Kowe mesthi tumindak ora bener, adol obat bius mbokmanawa?".
"Aku ora nyalahke kowe.Apa kowe ngerti tegese aliren? Wis nate menangi? Wis kok rasakake nalika nahan weteng perih kaliren? Lan tangise bocah-bocah wis tau nggrebegi kupingmu?Terangna kowe sing ngaku-aku dadi manungsa! Yen pancen ora ngerti golekana wangsulan apa sing jenenge kaliren keparat iku". Abdel Qawi rumangsa kagugah atine, rasa welase thukul banjur takon.
"Temen kowe duwe bojo lan anak?".Wong mau iya mangsuli kebak kekendelan.
"Biyen aku duwe omah.Aku nyambut gawe ana pabrik, duweke Abdul Qawi Shaker".Nom-noman mau kaget krungu jenenge bapake disebut, meh ilang kesabarane, nanging isih bisa nyandhet.
"Dadi kowe nyambut gawe ing kono?".
"Bener. Bayaranku nem piaster(dhuwit Mesir pen)sedina.Aku disenengi lan diregani.Aku bisa ngeneng-ngeneng tangise bojoku lan anakku enem. Kesabaranku cukup tinimbang juragan pabrik, sebab aku matur nuwun karo apa sing tak asilake.Juraganku sambat, mider-mider golek rekadaya kanggo nambah bayaran pegawaine lan ngetung-etung dhuwit sing aku ora ngerti.Pancen uripkuadoh saka cukup,nanging aku duwe pengarep-arep wektu kang bakal teka". Wong iku leren.Wewayangane wektu kepungkur, kaya-kaya ngentekake kekuwatan lan tenagane. Abdel Qawi dadi ora sabar.
"Bacutna , critamu nganti ana kedadeyann mangkene!".
Wong mau ngangkat tangane sing tengen, utwa apa sing isih ana ing ngisore lengenan klambi. Bisa dideleng sawijining balung nongol dudu sebaine.Tangan kiwa nudingi.
"Kowe weruh iki?Mesin nibani tanganku nugel perangan sing dak andelake.Aku dadi barang sing tanpa guna.Sawise aku waras, aku ngadhep juraganku atiku kebak pengarep-arep.Dheweke emoh nampa tekaku mung diwelasi sithik.Kuwi kesalahanku dhewe lan nyalahake sembranaku. Kanthi sinis juraganku menehi pesangon sethithik. Tak jelasake yen dhuwit samono bakal ora suwe lan aku bakal mati kaliren.Juragan janji arep menehi telung puluh piaster saben wulan, aku iya ora kuwawa jaluk luwih saka iku.Lagi tak ngerteni yen uripku ajur,ibuku, bojoku, enem anakku lan aku dhewe pancen ditakdirake kaluwen urip sangsara.Aku ngacungake tangan sing buntung neng dalan, supaya wong-wong mesakake.Gusti ngerti,apa tegese tindakku mau. Meh ora oleh apa-apa klebu nyuthiki tong larahan kanggo nemokake sisa panganan. Wates kekeuatanku kanggo ngregani awakku entek, aku wiwit nglokro. Kepeksa barang sing ana dak dol, malah barang sing banget dak butuhake uga katut. Panganggo entek anak-anakku prasasat wuda.Kaliren saya dak rasakake, tangise anakku banget nyusahake.Sajroning kaliren luwih gampang tinimbang nyawang anakku, nyawang bapake, eluhe dleweran:"pak aku luwe".Pasiksan sing banget nandhese.Aku ora seneng urip iki, aku ora seneng jagad saisine.Salah sijine kanca ngemis ngomong ngene"kowe ku kaya prawan sugih lan ugungan bae, sing biasa mangan setengah kilo daging saben dina. Kowe bisa biasa, kaya apa sing biasa dak tindakake yen ngadhepi anak-anakku.Gepuken nganti bisa lali luwene...."Wong iku leren anggone crita, ambegane menggeh-menggeh.Abdel Qawi sing sugih mau ora sabar, golek wangsulan sing sakira bisa kanggo ngadhepi persoalan iki.
"Apa iku sebabe kowe arep nglalu ?".
Wong mau gedheg, kaya-kaya kepengin yen critane durung entek. lan dicritakake maneh."Bengi nalika aku mulih,gumun weruh anak-anakku padha turu kepati. Apa wis biasa turu weteng kothong, nganti ora duwe rasa luwe? Anakku sing gedhe dak gugah, alon-alon dakjak lungguh. "Aku mari mangan roti panas"ngono omonge sajak ora nglegewa"saka sapa?" dak takoni."Saka paman Suliman tukang roti".Jeneng iku banget ngagetake atiku.Tanganku nyekel tangane sing cilik iku, nunggu tanggapane kanggo wangsulan tanggapanku dhewe:"apa makmu dikongkon jupuk nyang pabrike?".Anakku mangsuli"paman kongkonan anake lanang, ngeterke mrene".Sanajan ora ana alasan kanggo nyalahake, aku nesu banget.Mripatku natap bojoku.Ambeganku seseg.Bojoku turu kepati sawise wetenge isi sarana cah cilik anake tukang roti sing babar pisan ora ditresnani lan nupuk kauntungan sasuwene iki. Aku uga ngerti.....aku ngerti yen aku duwe rasa cemburu,nesu,kejahatan mesthi dak tindakake. Apa dak tekak wong wedok iku?Pikiran ala ngebaki dhadhaku, nganti pandelengku tumuju bocah-bocah.Kepriye yen nganti ora duwe emak lan bapak? Aku bingung.Nanging kanggo nyandhet nesuku angel, sikilku wis kadhung ndhupak sadurunge aku lunga maneh. Tangise sing memelas mbarengi lakuku. Aku bali mlaku-mlaku maneh kaya sakawit. Ngemis? Krenteg kanggo ales ukum banget nyiksa ati.Apa tukang roti Suliman dak pateni? Apa Abdel Qawi Shaker bae?Apa sing daktindakake tanpa anane tanganku sing tengen? Lakuku tekan kene weruh kali.Kali Nil banget dak idham-idhamke.Tekadku wis gembleng lan nuduhake kepriye kanggo ngaso kanggo salawas-lawase. Tembung mati sithik mbaka sithik krasa, yen sawiji dina mesthi tumiba awakku, sajroning aku mikir nasibku, kaliren, sambate bocah-bocah lan piye kabeh mau bisa katulungan. Aku matur nuwun karo Gusti sing Maha Agung, dene ora ana pepati sing nemahi bojoku.Aku arep ngidini mangan kanthi jujur,apa iku saka Suliman utawa wong liya.Aku siji-sijine wong sing kudu nggolekake pangan, dadi aku wani korban.Lan nalika kabeh mau arep dak tindakake,kowe ngalang-alangi.Ngerti saiki kesalahanmu?".
Abdel Qawi ngrungokake crita mau temen-temen.
"Apa kowe arep mbaleni aneh?".
"Ora perlu takon".sawijining wangsulan sing kalem nanging nandhes.Abdel Qawi mesem,tangane rogoh-rogoh sak lan nemokake dhuwit sepuluh piaster, diwenehake wong mau.
"Iki ana dhuwit tampanen.Sesuk esuk tekaa nyang pabrik olehmu nyambut gawe biyen. Aku ana kono, iki kertuku. Tuduhna sapa bae sing wani ngalang-alangi kowe mlebu". Wong mau diseret adoh saka kreteg.
"Keputusanmu aja kok tindakake.Isih ana dalan.Kowe bisa nyambut gawe jaga utawa apa sing kowe kuwagang.Muliha lan pikiren sing temenan.Oh iya sapa jenengmu?". Wong iku kaged, banjur mangsuli " Ibrahim Hanafi".
Tangane njongkrokake maneh nganti wong mau temen-temen adoh saka kreteg.
"Tindakna apa jare kandhaku Ibrahim sugeng dalu".Karo mikir ora leren-leren Abdel Qawi lunga.Kalonggaran apa nganti dheweke ngani tekan kene? Diakoni yen tekane pancen pancen aweh pitulungan.Pitulungan iku sawijining sifat lan tumindak luhur ngluwihi kalodangan kebeneran.Sawijining gagasan kang nggube ati nganti alise tepung.
"Pira kehe kulawarga sajroning kasusahan kaya Ibrahim bisa ditulung nganggo dhuwit sing saben bengi ilang ing meja main?".(TAMAT).


Carita iki nate dipacak ing majalah Panyebar Semangat tanggal 1 Nopember 1975. Pengarange NAGUIB MAHFUS, saka Mesir..

Senin, 01 Februari 2010

50.000 RUPIAH


Surabaya terakhir......Surabaya terakhir barang-barang jangan sampai ketinggalan ngono bengoke kondektur bis lan kernet, aweh tandha yen panggonan kang dituju wis tekan. Bis alon-alon, wong klambi kuning rada abang karyawan terminal beke, padha pating genteyong munggah bis-bis teka. Arep apa,wong arep mandheg koki padha penthalitan.Bis mandheg, penumpang mudhun, wong klambi kuning rada abang kotor malah munggah, ndhesel-ndhesel penumpang.....lo gak mudhun, o.....ngangkat kranjange wong tuwa ya wis !Ee, sik entenana, barengana wong tuwa iku, ya....terusa! Kok wenehi pira mbah satus, wo kakehan iku, hh malah ditambahi seket maneh, ee ....isih kurang maneh wong klambi kuning rada abang kotor. Aja kok wenehi mbah, iya bagus, wis gek endang nitih bemo iku, pinter sampean.
Ana wong lanang isih enom isih enom nyangklong tas SAS, arep mudhun sajak bingung. Kok kari aku dhewe, mbok wong neng ngisor iku nyingkir aku dak liwat.
"Mbecak mas, mangga-mangga dhateng pundi? Ketintang ...Ngageljaya, mangga-mangga".
"Mboten!" wansulane rada santak ben diarani wong kendel wong kutha.
"Jembatan.....Jembatan Merah, Pasar Turi, Karang Menjangan ". Wong iku meneng bae, wong-wong liyane padha pating templek numpak bemo. Dheweke lingak-linguk, endi ta dalane metu, wong ok samene akehe, arep lunga menyang endi bae? Bis ko samene kehe duweke sapa? Paling cina, sasat saben tokogedhe jare masku iya duweke cina. Numpak bemo mudhun kanntor post, mbecaj satus, mlaku gang sedhela wis tekan nggone masku. Nanging bemone sing endi ta iki? Apa Jembatan Merah,bola-bali kowe rak ngomong ngono iya.Iya bemo rodha papat letere A, iya iku ana letere ana ngarepnganggo huruf balok, ora kleru. Penumpang lagi loro, cina siji kabeh nggawa koper gedhe-gedhe, tasku SAS kalah gedhe lan kalah apik. Suk bae yen wis nyabut gawe kaya mas,tuku ngono iku kaya wong kutha. La iki tambah loro, bemone budhal. Tekan endi iki kebun binatang,ana wong nyetop kok ora mandheg,njaga penumpang temenan, ora mburu dhuwit, ora ngebut. Lo, lo koki ngesuk ta wong iki, wis tekan ngendi, oh isih adoh bekne. ya terus-terusna olehmu eker-ekeran karo cina kancamu kuwi.
"Sing nggarahi kon iku Lim. Kudune dina iki kudu budhal Menado, kepeksa nggolek utangan kanca sing ora nggenah nggone.Yen ditata kaya ngene gak kuwat nyambut gawe karo kon".Liem meneng bae, tangane ngothak-athik arloji gedhe puterane ana telu.
"Karepku, suk yen tekan Menado diweseli".
"Apa percaya kancamu, upama didol sapa gelem nuku. Barang ngono kuwiora payu, beda karo mas-masan ".
"Apa maneh ora ana kwitansine".Kwitansi ditampani lan dideleng wong loro kang adhep-adhepan. Sajake wong loro mau kepengin duweni,wiwit mau ndeleng sak ngarep,mbok anawa dhuwite kurang.Sijine brengose nylirit ngganteng, takon ora nganggo basan-basanan.
"Pira koh tukune biyen?".
Durung suwe kok,iki lo delengen dhewe?".
"Wah ya iki sing jenenge arloji.Cocog kanggo nom-noman tambah gagah.Eman dhuwitku gak nyukupi".
"Pira iki? 175.000 rupiah?".
"Bener olehku tuku ana Jakarta, nalika ngencer sepisanan ing kutha iku.". Kanca jejere gendi ndeleng.
"Rugi yen gak dak tuku. Yen telung puluh ewu yak apa? Dhuwitku mung samono hare ".
"Wis ditambahi maneh ".
"Gak ana ya mung iku ".
"Liem kekno, apa klakon dina iki gak sida budhal?". Si Liem meneng bae, nglirik mrana- mrene wong lanang nom nggawa tas SAS iku nganggit-anggit.Mendahneya yen bisa tuku.Mau dienyang telung puluh ewu. Seket ewu mesthi diwenehna. Gampang kangmase bisa ngedol luwih samono, apa maneh ana kwitansine. Mase rak nyambut gawe ana kantor Gubernur. Kancane akeh, tukonane jam mesthi larang-larang.Ora dipikir dawa, lambene kumecap.
"Cobi ningali ".Jam mau wis ana tangane.Embuh dimenyani,embuh dikapakake, sawise nyekel jam, tanpa daya. Sakabehing barang kang diduweni, kudu diwenehake si Liem lan kancane.
"Kula gadhah yatra 50.000 rupiah.Purun mas?" wahuh yak apa se cak kon iku.
"Saklerespun nggih mboten angsal cobi ditingaliniku kwitansine ".Iyabae wong kwitansi palsu, kwitansne bajingan mbok ditulis sak yuta ya bisa bae.
"Wis ta Liem wenehna, pancen ya kudu ngene awake dhewe kudu gelem korban ".
"Yak apa ya" Liem isih ragu-ragu kaya iya kaya ora. Wekasan arloji lan kwitansi wis pindah tangan.
"Enake mudhun kene bae Liem, cedhak yen tuku ticket".
"Slirane mandhap pundi mas " pitakon iku tumuju mase nyangkolng tas SAS.
"Kantor Post!".
"Sekedhap malih pun dugi ngajeng niku. Anu Liem awake mudun kantor post pisan".
Wong iku mudhun, anehe Liem lan kancane bablas ngalor, nuju Jembatan Merah. Tekan omahe kangmase awake lemes,ngerti sabener apa kang kedadeyan?. Dhuwit 50.000 rupiah kanggo cicilan kendaraan amblas, diganti arloji pengaji kurang luwih 10.000 rupiah. Mula ta mula rek ngati-ati. Iku mono kedadeyane kancaku. Arek desa.Surabaya gak padha karo desa.Saiki bemo A diganti bis kota. Embuh suk-suk arep diganti apa maneh ana kedaeyan apa maneh.......... (seri crita kadurjanan).


Crita iki tau kapacak ing majalah Panyebar Semangat no.42 tanggal 16 Oktober 1976,nyritakake adike kancaku kena bujuk penumpang bemo nalika menyang Surabaya. Warta sing dak rungu adike kanca mau saiki dadi polisi.... Alhamdullah, sugeng maos.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming