Sabtu, 24 April 2010

TUKANG PARKIR


Metu saka toko, nyku ngomel-ngomel sing ora cetha juntrunge.Tukang parkir sing biasane diwenehi dhuwit minangka ongkos,olehe maringi kanthi ora dhangan ing penggalih.Aku ya ora nggatekake omongan mau, mbok ya uwis ta, yen niat diparingi,ya diparingi ora sah karo nggunem sing ora-ora, ngono batinku.Sajake nyku ngerti apa sing tak batin, kabukten wiwit crita."Aku mau kober nylathu tukang parkir.Cik enake, teka langsung diwenehi karcis tanpa ngrewangi blas, e sepedhae ditampani tah ditata tah disapa sing enak tah, isa ngomong apa gak jan-jane.Metu ya ngono pisan, wong sing parkir samono akehe, e mbok ditulungi, ditokke supaya gampang nuntune, mosok tukang parkir isane njaluk dhuwit tok. Ngono iku bola-bali, tak sabarake jane saking aku ora kuwat ngempet,kok ya ora ngerti yen golek dhuwit iku kudu tumandang gawe kudu nyambut gawe.Karcise ya ngono pisan, ora resmi, paling dhuwite ya dipek dhewe ". dak wangsuli"yen ora dipek dhewe njur diwenehke sapa?"nyku mangsuli mesthine sebagian ya mlebu nyang dinas sing kawogan ta". Rupane nyku lali, yen tau crita ana sawijining pasiene gaweane nukoni panggonan sing sekirane bisa ngasilake dhuwit parkir. Ing ngendi iku, ya saenggon-enggon, upamane ngarepe restoran, cedhak pasar, ngarepe perkantoran,dalan-dalan sing sakirane bisa kanggo parkir lsp.Iku dituku lan wani mbayar larang malah ngancik limang yuta munggah.


Wong sing mborong lahan parkir mau ngongkon andhahane supaya jaga parkir, lan pranyata asile ora baen-baen, bisa kanggo tuku omah, budhal kaji lan kaperluan liyane.Apa ora hebat?Bareng tak critani lan tak elingne nyku lagi nyambung, e ya sing sabar ta, ngongkon tukang parkir" dhik tulung tokna, methi gelem kok".Aku ya banjur crita,yen kancaku sing saiki wis purna tugas tau cluluk"bayare guru kalah karo bayare tukang parkir".Aku ya meneng wae ora menehi komentar, yen dituruti bisa-bisa tukaran adu panemu sing ora bakal gathuk. Mosok padha gurune padha bengkerengan, saru yen dinulu.Piye, sapa gelem dadi tukang parkir?Dhuwite sapa kanggo tuku panggonan lahan?Apa bisa nglakoni?.Embuh.Sapa sing maos, mangga maringi tanggapan.

Rabu, 21 April 2010

PENGETAN DINA KARTINI




Kartiniku -Kartinimu.

Tanggalr 21 April, mujudake dina kang duweni sejarah tumrape kaum wanita Indonesia. Dina iki dipengeti awit bareng wiyose RA Kartini kang miyos tanggal 21 April 1879 lan seda tanggal 17 September 1904 (yuswa 25 tahun)ing Jepara.





Mesthine para murid iya wis mangerti, kepriye perjuangane RA Kartini, supaya kaum wanita Indonesia ora kalah drajate karo kaum priya, iku bisa dideleng ing kumpulan layange kang dikirim menyang mitrane ing negara Walanda, banjur didadekake buku dening Mr.J.H Abendanon kang dijarwakake nganggo basa Indonesia Habis Gelap Terbitlah Terang, yen dibasa jawakake "Miyak Pepeteng Tekan Ing Pepadhang".Mula wis samesthine para wanita bisa nulad apa sing dikersaake panjenengane mau, supaya apa sing wis diperjuangake ora muspra.



Kanggo mengeti, akeh cara sing bisa ditindakake, kayata ing dina iki para murid putri pada nganggo sandhangan Nasional, dene murid priya menganggo batik. Sejatine ora mung menganggo sandhangan Nasional wae, nanging sing luwih penting kepriye carane yen wanita temen-temen diakoni drajate , kanthi ora ninggal kodrat kadidene wanita. Akeh tuladha yen wanita mung kanggo obyek ngeruk kauntungan, kekerasan ing bale wisma ian liya-liyane tanpa oleh bantuan hukum kang murwat.Iki pancen tugas sing ora entheng.




Pancen bener saiki kaum wanita wis ngenggoni gawean tartamtu, kayata para Lurah, Bupati, Gubernur malah tau Indonesia dicekel Presiden wanita, nanging iku isih durung cukup.Yen kita maos koran utawa mirengake warta bab anane para pembantu rumah tangga ing jaban rangkah kang disiksa para majikan malah ana sing nganti ketiwasan rasane ati iki kari samenir. Niyate nggolek sandhang pangan, dudu bandha sing teka nanging anak sing kesiya-siya.Apa payung hukum pancen ora nempel para pahlawan sing jarene nekakake devisa negara?
Baleni bab pengetan dina Kartini.




Ing SMPN 2 Surabaya iya dipengeti kanthi murwat, sing dadi pembina upacara bapak kepala sekolah ngagem batik lan kopyahan lan sing dadi pemimpin upacara nganggo blangkon, dene para siswane putri iya nganggo sandhangan nasional, ora keri para ibu lan bapak guru emoh kalah ngagem busana nasional nambahi luwese kadidene pendidik. Mangayubagya dina Kartini "KARTINIMU-KARTINIKU "

Jumat, 09 April 2010

UJIAN TULIS BASA JAWA

Materi Ujian Tulis Basa Jawa SMPN 2 Surabaya Th.2009-2010.
Materi ujian tulis dijupuk saka kelas 7 =10%=5 soal.
,, ,, ,, ,, ,, kelas 8 =20%=10 soal.
,, ,, ,, ,, ,, kelas 9 =70%=35 soal.
Buku kelas 7 jupuk bab informasi, golekana wacana"Kebanteren ngoyak basa Inggris.....
Buku kelas 8 jupuk crita cekak( kaca 3) lan crita rakyat "Tengger"(kaca 9-11).
Buku kelas 9 kabeh, wiwit bab 1 nganti bab 11, utamane bab aksara Jawa( gawe ukara nganggo aksara Jawa) lan geguritan.
Yen sregep maca lan nggatekke pituture bapak/ibu guru, insya Allah bakal kasil, amin.

Minggu, 04 April 2010

UJIAN PRAKTEK BASA JAWA

Ujian Praktek Basa Jawa SMP 2 Surabaya,th 2009-2010.
Ujian praktek wiwit tanggal 5 April nganti tanggal 9 April 2010.
Jadwal manut jam wulangan Basa Jawa.
Senin, tgl. 5 April 2010, jam ka 3-4 kelas 9G.
Selasa,tgl. 6 April 2010, jam ka 6-7 kelas 9A.
Rabu, tgl. 7 April 2010, jam ka 4-5 kelas 9E.
Kamis, tgl. 8 April 2010, jam ka 4-5 kelas 9F.
jam ka 6-7 kelas 9C.
Jumat, tgl. 9 April 2010, Jam ka 1-2 kelas 9D.
Jam ka 3-4 kelas 9B.
Jam ka 5-6 kelas 9H.
Piranti sing digawa: kertas folio mawa garis.
Materi : ngarang( milih salah siji).
a. Crita cekak
b. Pengalaman sing ora bakal lali.
c. Warta dina iki/ nulis warta.
Cathetan :Akehe karangan paling sithik rong kaca ora wolak walik.
Sisih kiwa folio dlgaris mengisor 3cm, sisih tengen 2 cm.
Ngaranga geguritan utawa geguritan sing wis kokgarap kaca pungkasan kirimen ing bloge pak Pur(komentar), yen kangelan, bisa ing email :kpurwito@yahoo.co.id. dak tunggu.

Jumat, 02 April 2010

kidung



SEWU KUTHA
(didi kempot)
sewu kuta uwis dak liwati
sewu ati dak takoni
nanging kabeh padha ra ngerteni
lungamu nyang endi
pirang tahun anggonku nggoleki
saprene durung bisa nemoni

wis tak coba nglalekake
atimu saka atiku
satenane aku ora ngapusi
isih tresna sliramu

sanajan ta kowe uwis urip mulya
rila aku rila
ya mung siji iku panyuwunku
aku pengin ketemu
sanajan sakedheping netra
kanggo tamba kangen jroning dhadha
sanajan wektu mung sedhela
kanggo tamba kangen jroning dhadha

menawi badhe mirengaken kula aturi klik wonten mriki
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming