Minggu, 28 November 2010

nekani undangan kemanten ing kampung


Wulan Besar, wulan sing apik kanggone wong sing duwe khajad, embuh iku mantu, ngrabekke apa sunatan kabeh diramekake ing wulan Besar iki.Mula ora aneh yen ing gedung, ing kampung dipasang terop ,dipasang penjor ana umbul-umbul mratandani ana wong duwe gawe.Sing paling nyusahake iya anane terop iki. Wis manggone ing dalan,ditutup pisan, ya mesthi wae ta lalu lintas semrawut, matal macet total. Aku tau nyipati dhewe, wis budhalku kawanen, tekan dalan ana terob, wadhuh kepeksa ngubengi gang lan gang mau iya wis macet amarga siji-lan sijine ora gelem ngalah, rebut ducung dhisik-dhisikan. Untung wae tekan sekolahan ora didemo para cantrikku.
Mbaleni bab resepsi. Sawetara wektu kepungkur aku nekani undangan kemanten ing kampung. Saka kadohan wis katon sederhanane.Ora ana kwade sing dihiasi kembang maneka warna, sing ana mung kursi loro dihias sederhana, ora ana pager ayu apa maneh pager bagus, kabeh mung samadya ora ana kesan wah.Kursi meja tamu iya ngono, malah katone mung cukup nyilih tangga kiwa tengen. Manten iya dirias, nanging riase iya sederhana banget, menawa wae sing maesi iya biyunge dhewe.Electon kang biasane ngregengake swasana iya ora ana, sing ana mung tape kang unine kemrosak ora stabil kadang alon kadang banter.Sing rada menjila mung juru foto, menawa wae kepengin ngyakinake yen dina iki , dina kang ora bakal dilalekake, dina kang nyathet yen wong loro wis nyawiji prasetya ing janji nganti tekan kaki nini.Tekaku dipapag kanthi grapyak semanak karo rama ibune kemanten, katon polose .Karo ngrahapi pasugatan aku kober nyawang penganten sakloron, katon bagya banget, mesam-mesem asli. Mesem kalegan amarga kemanten ing bengi iki bakal necep madune katresnan kanggo mbangun kulawarga anyar ing dina-dina kang bakal teka. Nikmate pasugatan ngalahke pasugatan ing gedhong kang kari milih apa sing dipengini , semono uga anggonku lungguh ing kursi, nikmate ngalahake ing hotel utawa ing gedung kang standing party mangan karo ngadeg.Unine music tradisional, ngalahake swarane penyanyi ing hotel lan gedhung kang kerep nglagokake lagu manca kang kadang-kadang ora pas karo kuping tengen lan kuping kiwa.Swasana bengi, swasana resepsi ing kampung , pasamuan kang regeng adoh saka kesan mewah.
Karo nuntun sepeda Jepang metu saka panggonan mau, pikiranku nglantur semono ya bagya mulyane kemanten ing kampung kang adoh saka kemewahan. Kabeh sarwa asli, sarwa polos apa apane. Bagya mulya ora mung diduweni wong sing saben dina keceh dhuwit manggon ing omah gedhong magrong-magrong sing asale dhuwit saka nggarong dhuwite negara utawa jegang ing kursi sing asale dhuwit saka korupsi, nanging bagya mulya ya dadi hake wong sing uripe prasaja, apa anane, ora kakehan tingkah ora kakehan polah.

Minggu, 21 November 2010

aku isih kelingan

aku isih kelingan ........yen ing auditorium rri Surabaya tanggal 12 Nopember tahun 2010 sore.....sliramu padha kumpul.....padha maos geguritan lan puisi.....ketang anggone keraya-raya teka ngetokake gembolane ati.....ora perduli ngetokake pira beya sing ditokke saka kantong pribadi.....kanggo kidung nagari.
aku isih kelingan kok mitraku .....
anggonmu maos kebak semangat makantar-kantar .....ngalahke jebluge arga merapi.....
ana kang sedhih .....ngalahke panandhange para pengungsi ing Jogja,Wasior lan Mentawai..... ana uga kang nyritakake panalangsane para TKW .....kang jarene dadi pahlawan devisa ..... ana uga sing maos kanthi kebak rasa asih marang para putra .....
aku isih kelingan kok mitraku....... yen rawuhmu bisa gawe padhange atiku..... bisa gegojekan lan udu panemu .....kanggo jumangkah dina-dina kang lumaku.

Selasa, 09 November 2010

upacara dina pahlawan ing sekolah




Saben tanggal 10 November, kabeh wis mangerteni yen tanggal iku, tanggal kang banget bersejarah ing perjalanan bangsa Indonesia iki.Ya ing tanggal iku uga kabeh pada mengeti utamane arek-arek Surabaya anggone mempertahanke kamardikane. Diwiwiti tekane Landa sing mbonceng tentara Inggris kang ndharat ing Tanjung Perak Surabaya wiwitane ditampa kanthi apik, nanging amarga Inggris culika, wekasan nuwuhake perang brubuh,paribasan sadumuk bathuk sanyari bumi, dilabuhi taker pati rawe-rawe rantas malang-malang putung.Akeh kusumaning bangsa kang gugur dadi rabuking negara.Kanggo mengeti lekase para pahlawan sing wis dhisiki kondur ing jaman kelanggengan ,kabeh padha ngaturake kormat, kanthi upacara gendera, tabur bunga ing makam pahlawan lan kegiatan liyane.

Bangsa sing gedhe yaiku bangsa sing gelem ngakoni labuh labete para pahlawan. Ing sekolah iki SMP Negeri 2 Surabaya , iya dianakake upacara kanggo mengeti dina pahlawan. Kabeh padha menganggo ala pahlawan, kayata para prajurit kang lagi ngayahi tugas perang ngusir tentara sekutu, sukarelawan PMI ana sing nggawa bambu runcing saweneh ethok-ethok dadi Lanada lan sapanunggalane.Sing dadi pembina pak Sudijanto guru senior, guru sing wis tuwuk ambyur ing jagading pendidikan.

Dene sing dadi petugase wiwit pemimpin upacara ,pasukan pengibar bendera iya para murid sing wis digladhi kanthi disiplin. Wah jan menjiwai banget, mula upacara dina pahlawan tahun iki khidmat. Kabeh padha sadar yen bisa kaya ngene iki amarga iya jasane para pahlawan.Jam 08.00 krungu swara sirine, tandha yen asung kormat donga marang para Pahlawan.

Swasana tambah mrinding bareng disetelake vidio pidatone Bung Tomo, sing intine mbakar semangat arek-arek Surabaya supaya aja wedi karo sekutu sing gamane luwih pepak.Acara dipungkasi adu kawasisan sing dianakake ing bangsal,saben kelas ngirimake wakile supaya mamerake utawa meragakake perang sepuluh Nopember 45, wah meriah banget.Uga peragaan saka OSIS SMP 2 sing kasiL ngrebut juara pengetan dina Pahlawan, sing dianakake Pemkot.Juara 1 piala walikota, juara 1 tatarias terbaik, juara 1 tata gerak terbaik.Jam setengah sepuluh kabehing adicara rampung, para murid banjur mlebu kelas , nampa piwulang saka bapak/ ibu guru.

Kamis, 04 November 2010

PIDATONE BUNG TOMO ,10 NOV '45(jarwan bebas)


Bismillahirohmanirrohim….
MERDIKA !!!
Dulur-dulur rakyat saindhenge Indonesia khususe penduduk Surabaya,
Kita kabeh meruhi menawa dina iki tentara Inggris nyebarake pamfle-pamflet sing isine aweh ancaman marang kita ……..kita diwajibake ing wektu kang wis ditemtokake nyerahake gaman-gaman sing wis kita rebut saka tangane tentara Jepang.
Dheweke njaluk supaya kita mara kanthi angkat tangan…… dheweke njaluk supaya kita mara kanthi nggawa gendera putih tandha nyerah……
Dulur-dulur…..
Ing jroning paprangan sing uwis-uwis, nuduhake, menawa rakyat Indonesia ing Surabaya,pemudha saka Maluku, pemudha saka Sulawesi, pemudha saka pulo Bali, pemudha saka Kalimantan, pemudha saindhenge Sumatera, pemudha Aceh, pemudha Tapanuli lan kabeh pemudha sing ana ing Surabaya …. jroning pasukane dhewe-dhewe karo pasukan rakyat sing dibentuk ing kampung-kampung wis nuduhake pertahanan sing ora bisa dijebol lan nudhake siji kekuatan saengga dheweke kajepit ing ngendi-endi.
Mung amarga taktik sing licik dheweke iku dulur-dulur………kanthi nekakake presiden dalah lan para pemimpin ing Surabaya iki, mula kita manut ……nglereni paprangan, nanging ing wektu iku dheweke nyusun kekuatan……….lan sawise kuwat kaya ngene kedadeyane.
Dulur-dulur kabeh………
Kita bangsa Indonesia sing ana ing Surabaya iki, arep nampa tantangan tentara Inggris, lan yen pimpinan tentara Inggris ing Surabaya kepengin ngrungokne wangsulan rakyat Indonesia, kepengin ngrungokake wangsulan kabeh pemudha Indonesia ing Surabaya …….iki …………tentara Inggris…..
Iki wangsulan kita……., iki wangsulan rakyat Surabaya…..iki wangsulan pemudha Indonesia marang kowe kabeh…….
He tentara Inggris……kowe kepengin yen kita kudu nggawa gendera putih supaya teluk marang kowe…..kowe ngongkon kita ngangkat tangan mara menyang kowe……… kowe ngongkon kita nggawa gaman sing wis kita rampas saka tentara Jepang lan diserahke marang kowe……..tuntutan iku sanajan kita ngerti yen kowe sepisan maneh ngancam kita kanthi kekuatanmu sing medeni…….. nanging iki wangsulan kita :
Sasuwene banteng-banteng Indonesia isih duwe getih abang…….sing bisa gawe kain putih ……dadi abang lan putih ……….nganti kapan wae kita ora arep nyerah marang sapa wae……..
Dulur-dulur rakyat Surabaya, siagaa! Kahanan gawat!......nanging dak elingake sepisan maneh……aja ndhisiki nembak………lagi yen kita ditembak ……. mula ganti kita serang tuduhna yen kita bener-bener wong sing kepengin merdika…………
Lan kanggo iku dulur-dulur……….luwih becik kita ancur lebur tinimbang ora merdika sesanti kita tetep: merdika utawa mati…..
Kita yakin dulur-dulur kamenangan bakal kita regem, sebab Allah ana ing pihak sing bener……..percaya dulur-dulur………Gusti Allah bakal ngayomi kita…….
Allahu Akbar! Allahu Akbar!Allahu Akbar!
MERDIKA !!!

Selasa, 02 November 2010

SURABAYA, PRASTAWA 10 NOVEMBER 1945

25 Oktober 1945.
Inggris ndharat ing Tanjung Perak dipimpin Brigjen Mallaby.Jumlah kekuatan luwih saka 6000 wong,kalebu pasukan elite.Tekane Mallaby wiwitane disambut kanthi apik.Sawise sapatemon karo Moestopo saka TKR, Mallaby negasake yen sekutu ora arep nylundupake pasukan Landa lan NICA(Netherland Indies Civil Administtration).

26 Oktober 1945.
Mallaby ngirimake sapleton pasukan sing dipimpin Kapten Shaw, kanggo nylametake Kapten Huljer.Arek-arek Surabaya wis kelangan kapercayan marang Mallaby lan pasukane.Situasi saya panas kanthi anane slebaran saka gegana Surabaya, awit prentahe Mayor Jendral Hawthorn, panglima tentara sekutu ing Jakarta.Inti selebaran iku, njaluk supaya Indonesia nyerahke kabeh gaman ing ndalem wektu 48 jam.
27 Oktober 1945.
Sekutu wiwit nindakake agresi.Komandan sekutu nganggep entheng kekuatane Indonesia kanggo mempertahanke kamardikan.Luwih-luwih Inggris, banget njagokake Brigade 49 sing jejuluk The Fighting Cock sasuwene perang mungsuh Jepang.
28 Oktober 1945.
Pasukan sekutu ngendhih lapangan udara Morokrembangan lan sawetara gedhung penting.Ing antarane,kantor jawatan kereta api(KA),pusat telpon lan telegraf ing Kebonrojo, RS Darmo, lsp.
29 Oktober 1945.
Paprangan gedhe ora bisa diselaki, yaiku 6000 pasukan Inggris mungsuh puluhan ewu tentara lan pemudha.Kalah bala, Mallaby njaluk bantuan Hawthorn supaya Indonesia nglereni paprangan. Hawthorn njaluk Presiden Soekarno supaya pemimpin ing Surabaya kanggo nglereni paprangan. Soekarno, Hatta lan Amir Sjarifoedin teka ing Surabaya lan nganakake pirembugan.
30 Oktober 1945.
Mobil Buick sing ditumpaki Brigjen Mallaby dicegat kelompok pejuang nalika ngliwatiJembatan Merah.Amarga ana kesalahpahaman, tembak-menembak ora bisa dicegah.Wekasan mobile Mallaby mbledhos sawise kena tembakan. Mobil gosong dadi angus.Matine Mallaby kasebut dadi sumbere dahuru anane paprangan kang luwih nggeggirisi ing tembene.
1 November 1945.
Kapal perang HMS Sussex ndharat ing Pelabuhan Tanjung Perak.Seminggu teruse, kurang luwih 8000 interniran(sandera), dipindah menyang kapal perang.
9.November 1945.
Kanthi interniran digawa mulih, Inggris wiwit nindakake aksi balas dendam matine Mallaby. Dheweke ngetokake ultimatum , supaya kabeh gaman diserahke sadurunge jam 06.00 esuke, lan wong-wong sing tanggung jawab matine Mallaby diserahake.Ultimatum disebarake saka montor mabur tumuju saindhenge kutha.Saliyane iku, dielingne kabeh bocah lan wanita kudu ninggalake kutha sadurunge jam 19.00.Ana ancaman mati kanggo wong sing nggawa gegaman sawise jam 06.00, ing tanggal10 November 1945.Jam 18.00 elemen TKR lan pemudha nandha tangani Soempah Kebulatan Tekad sing intine ikhlas berkorban kanthi tekad merdika utawa mati.Sawise iku, jam 03.00 Gubernur Surjo ngumumake ing corong radio yen Surabaya arep nglawan nganti titik darah penghabisan
10 November 1945.

Jam 06.00 Inggris miwiti serangan. Bung Tomo ngajak kabeh rakyat supaya nglawan. Perang gedhen kang nggegirisi, Surabaya diserang saka telung jurusan, darat, laut lan gegana, kutha dadi segara geni. Akeh gedhong sing mawut ajur mumur.

tugas ngarang tembang macapat dandanggula

Murid-murid iki tuladhane tembang macapat “DANDANGGULA’’ nganggo sandiasma Pak Purwito.Dadi bocah-bocah kudu ngarang tembang Dandanggula’’ sapada” nganggo jenenge dhewe-dhewe.Sawise kok garap ing buku materi bab 4,tembang sing kok karang mau tulisen utawa diketik nganggo computer lan ditempelke/dilem ing buku cathetan. Gatekna pathokane tembang Dandanggula yaiku:guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.Yen kangelan bisa nyuwun pirsa Pak Pur utawa Bu Endang ing ruang guru.
DANDANGGULA.
P-ara mudha dalah para murid
A-wya kendhat seneng amemaca
K-itab kang akeh gunane
P-oma-poma den emut
U-wal saking cubluking ngilmi
R-a krasa tambah pana
W-asis lantip iku
I-badah ingkang kaarah
T-iba bagya mulya aneng tembe buri
O-pen sangu ngagesang

Sapa sing bisa gancarake tembang ing dhuwur diparingi reward saka Pak Pur, tulisen ing buku cathetan.

PELATIHAN KOMPETENSI GURU BASA JAWA

Bapak ibu mangga amersudi ngelmu
tata cara mulang
kanggo ndhidhik putra-putri
setya budya, mbimbing generasi bangsa

Guru iku,aktif kreatif satuhu
inovatif uga
efektif nyenengke ati
guyub rukun anggayuh tujuwan bangsa

cara mulang, maneka warna kang laku
dasaring konstektual
model langsung koperatif
inkuiri model berdasar masalah

Tembang Pucung ing ndhuwur seratane Ibu Sri Sulistyani nara sumber Saka UNESA, nalika dianakake PELATIHAN PENINGKATAN KOMPETENSI GURU BASA JAWA SMP NEGERI /SWASTA SE KOTA SURABAYA, kang manggon ing SMK 5 Surabaya, tanggal 28 nganti 29 oktober 2010. Manut Bu Lis, sejatine para bapak ibu guru basa Jawa wis kompeten, nanging ora ana alane yen para dwija mau ana penyegaran utawa dicharge, supaya bisa seger maneh lan ora mboseni.Wulangan basa Jawa ora padha karo wulangan liyane, amarga ing basa Jawa mau, ana unggah-ungguh kang magepokan karo tata karma sopan santun.
Ing Indonesia wiwit biyen mula wis kawentar budaya kang adi luhung, kalebu ing tatakrama. Mula nalika anggota DPR sinau tatakrama menyang Yunani, akeh sing nggleges, gumujeng, e tibake ing Indonesia wis ora ana tatakrama maneh ta.La sinau tatakrama menyang Yunani, sinau apa nglencer…..biyuh……biyuh? Akeh materi sing diparingake dening Bu Lis, intine kaya sing sekarake Kinanthi ing ndhuwur.
Narasumber sing kaloro yaiku Bapak Sukarman , ketua jurusan Basa Jawa Unesa.Guru diupamakake pandita kang mulang para cantrik,mula guru kudu sekti. Yen ora sekti, kepriye nasibe para cantrik?
Dene carane kudu anggeggulang ilmu sregep maca lan nulis lan aja ketinggalan infomasi tehnologi. Guru Surabaya yen ora bisa computer wah, kepancal sepur, embuh yen guru Pacitan? Wah-wah iki aku sing rada ganjel, kamangka guru ing Pacitan akeh sing melek computer, ngapunten nggih pak?.Pak Karman paring materi bab RPP(Rencana Pelaksanaan Pembelajaran).RPP saiki kudu berbasis karakter.Indikator nyakup kognitif produk, proses, psikomotor, affektif, keterampilan social.
Semono uga tujuan pembelajaran ,ya kudu nyakup kognitif produk.
Kabeh RPP kudu cocog karo standart isi sing wis ditemtokake, ngono ngendikane Pak Karman.
Kegiatan sing dibukak lan ditutup dening Pak Yusuf minangka wakile Bapak Sahudi awit nindakake ibadah haji,lumaku kanthi rancag. Pak Yusuf ngelingake, bapak/ibu guru aja mung nguber sertifikat wae, nanging luwih saka iku.Tugas guru tambah abot, embuh pirang kwintal abote, apa maneh saiki wis akeh sing oleh TPP.
Para dwija olehe nyemak, kebak semangat, kabukten nalika diparing tugas saka nara sumber bu Lis lan pak Karman ,embuh iku diskusi kelompok, tugas kelompok lan liya-liyane padha nuduhake kawasisane. Jam telu sore sawise adicara penutupan, kabeh peserta kondur nggawa semangat anyar, lan iya ngasta oleh-oleh kanggo para cantrik, nuwun.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming