Senin, 19 Desember 2011

macapatan

1.Yen nangis lare puniku, lela-lelanen anuli, supaya doh kang lelara, sarap sawane alari,tan wani anyedhakana, saking rokhmate Hyang Widhi.

2.Winacaa puji iku, setan lumayu anggendring, sarap sawane anyimpang, panca baya pan sumingkir, kala-kalane akesah, datan wani amarani.

3.Pitik tulak pitik tukung, tetulake jabang bayi, situlak tunggu ing marga, situkung makungkung ngarsi, cacing recek samya ilang, kruma-kremi padha mati.

4.Ana kinjeng nangis mabur, amencok ing sela hardi, mireng tangise si jabang, arsa nyuwuk anjampeni, jabang bayi wis menenga, wis turua awya nangis.

5.Sapa manglong-manglong iku, apa sira maling sekti, ing lor kidul kulon wetan, den kongkon aguna maling, amburu siasu ajag, dipoma den konsi mati.

6.Maling aguna sireki, kalawan si bajing kikik, miwah si aji palampang, reksanen si jabang bayi, mburu si jinadha jantala, lawan sigumarang sapi.

7.Miwah seceleng demalung, tundhungen dimen angalih, yen wis nora katinggalan, sira balia den aglis, reksanen ingkang santosa, anakingsun jabang bayi.

8.Sawengi ajana turu, dimen adoh kang bilahi, sumingkir ingkang lelara, tan ana wani nyedhaki, muliha awya nggegawa, sijabang amales becik .

(sumb.kitab primbon.BA, 44-45 )

Jumat, 16 Desember 2011

remidi uas


Sing mbaleni/remidi UAS Basa Jawa SMP 2 SBY semester gasal 2011 – 2012, ing ngisor iki :

Kekas IX A , nomer absen :8, 19, 24, 31, 35, 36 = 6 murid
Kelas IX B, nomer absen :22, 25, 29 = 3 murid
Kelas IX C, nomer absen :8, 15, 19 = 3 murid
Kelas IX D, nomer absen :5, 13, 17, 21, 24 ,25, 27, 28, 30, 33, 37, , 38 = 12 murid
Kelas IX E, nomer absen : 1, 3, 10, 13, 15, 18, 22, 23,25, 26, 30, 36, 37, 38 = 14 murid.
Kelas IXF, nomer absent : 1, 3, 6, 7, 9, 10, 12, 15, 16, 17, 19, 29, 30, 31, 32, 37 = 16 murid.
Kelas IX G, nomer absen : 1, 5, 7, 10, 13, 17, 18, 25, 32, 37 = 10 murid.
Kelas IX H , nomer absen :2, 5, 7, 8, 21, 22, 23, 25, 28, 30, 31, 36 = 12 murid .
Kelas IX I : -
Kelas IX J : -

Nomer kasebut ing ndhuwur/ sing remidi, mung ngumpulne buku cathetan lan garapan ing buku pendamping bab I - bab VI, palimg telat dina Selasa tanggal 20 Desember 2011 .
Remidi ora mung ndeleng UAS, nanging iya ndeleng UH1, UTS tugas lan liya-liyane. Yen kurang jelas bisa nyuwun pirsa Rak Pur/ Bu Endang ing ruang guru.

Minggu, 11 Desember 2011

materi ulangan


Materi ulangan Basa Jawa kelas IX , smp2 sby semester gasal 2011 -2012 , bab I nganti ban VI .
Bab I Drama crita rakyat : Andhe-andhe Lumut .
Bab II Drama kedadeyan padinan : Kelangan HP.
Bab III Pidato : Pidato pentas seni.
Bab IV Wacana :Informasi Jawa Tengah .
Bab V Tembang Macapat Dhandhanggula : Pancasila .
Bab VI Wayang kulit :kanthi lakon Petruk madeg pandhita .
Jadwal ulangan Basa Jawa dina Kamis , tanggal 15 Desember 2011 jam I : 07.30 - 09.00 .

Kamis, 01 Desember 2011

jujur, pejabat lan pinter

Jujur lan pinter, ora sudi dadi pejabat, apa sebabe ? Amarga ngerti yen dadi pejabat iku awujud amanah, sanggane abot,sejene iku godhane akeh, donya brana lan wanita iya apa ora ?
Pinter yen wis dadi pejabat ora kira jujur, apa sebabe ya amarga wis kepenak ngrasakae kamulyan, saben dina keceh arta ora perduli rakyate kang sarwa kecingkrangan, linak litu lingga lilur, lali anak lali putu lali tangga lali sedulur.
Jujur dadi pejabat ,ora kira pinter alias bodho. Mbingungisasi, karo kanca sing wis dadi team suksese lali, yen ana proyek malah diwenehke wong liya, dudu partai sing nyengkuyung dheweke...........
SAPA SING BINGUNG NGACUNG ?

Minggu, 06 November 2011

Kebun Binatang Surabaya, dhuh komodo ...... dhuh satwaku..........

Bebarengan karo kawentare kang terus deder, komodo dipilih dadi ikon Kebun Binatang Surabaya. Nanging dadi logo anyar KBS, ora njamin “ senenge “ komodo ing kebun kewan kang umure 95 tahun iku.
Dina Minggu (23/10) jroning kandhange, komodo mati siji. Tim dokter nduga paneyebab matine kewan mau amarga infeksi ing saluran telur, nanging ing awake uga ditemokake tatu njarem. Saliyane iku, ing Kebun Binatang Surabaya (KBS), uga ora aman maling kewan. Ing wulan Maret, anak komodo sing cacahe telu amblas saka kandhange. Sarwa nggregeteke, nganyelake , megeleke, ironis, Ora adoh saka kandhang komodo dipasang spanduk iklan pemihan komodo kadidene keajaiban donya :”Komodo Kita Keajaiban Dunia “. Matine komodo nambah daftar dawa kewan sing mati ing KBS. Sawetara dina teruse, siji babi rusa ya mati, banjur baya muara, bekantan, ula piton, gajah lan jalak bali sing mati luwih dhisik.
Manut data KBS, Januari nganti September 2011, wis ana 245 kewan sing mati. Pancen kanthi populasi 4.020 kewan, mesthi ana kewan sing mati. Mung wae matine kewan mau amarga lara, ora kok wis tuwa. Warsito, salah sijine karyawan sing wis nyambut gawe ing KBS wiwit tahun 1994, ngelingake matine kewan kang akeh, wis kedadean makaping-kaping. “ Matine kewan iku wiwit maneh wiwit 2006. Wektu iku ana konflik , kepengurusan. Kahanan mau terus nganti saiki “ omonge. Manut dheweke, konflik jroning pengelola KBS ndadekake karyawan kaya dheweke ora nyaman nyambut gawe “ Ya bener tetep nyambut gawe, nanging rasane tetep ora legawa “ omonge. Liang Kaspe, Kepala Rumah Sakit Hewan KBS, ngakoni yen umume kondisi kewan ing ing KBS ora “ sejahtera “. Iki antara liya disebabke kondisi kandhang sing ora layak dienggoni amarga kepangan umur. Ndandani kandhang saya arang-arang.Wiwit dibangun taun 1916 nganti saiki ora ana renovasi kandhang gedhen-gedhen. Macan ing bonbin iki prasasat ora weruh padhange srengenge, amarga kandhange ciut lan katutup. Iwak-iwak ukuran gedhe uga dikunjara jroning akuarium ciut lan peteng. Maneka warna rusa ya ora bisa mlayu kanthi bebas amarga ana pager wates.
Direktur Lembaga Pemerhati Konservasi Profauna, Rosek Nursahid mbiji akeh kandhang KBS ciut lan ora dijangkepi panggonan sing bisa kewan-kewan mau bisa urip alami. Wates antarane pengunjung lan kewan cedhak “ Dadi pengunjung bebas nindakake apa wae karo kewan mau.Pengunjung bisa nyawatke panganan menyang njero kandhang “ omonge. Lan ya bisa dipesthekake kewan dadi korban. Saka jero wetenge kewan sing mati, petugas kerep nemokake gulungan plastik lan gombal. Rosek mbiji. Kandhang sing ora layak nduweni akibat mudune kebebasan lan kuwarasane kewan. Kahanan ngono mau saya runyam kanthi anane konflik tarik ulur sing ngelola KBS. Konflik diwiwiti taun 2000 an . Diwiwiti saka konflik internal, banjur mrembet kegiatan konservasi satwa saya minim. Akibate bisa dibadhe akeh kewan sing lara lan pungkasane ya mati. Konflik antara liya iya muncul amarga potensi ekonomine. Mbladere panggonan hiburan modern ing kutha Surabaya pranyata ora ngurangi minate masyarakat nekani KBS. Saben pungkasane minggu lan liburan KBS dijubeli ora kurang 5000 pengunjung. Mula saka iku akeh wong sing modale kuwat kepengin nguwasani lahan kang jembare 15 hektar. Apa maneh panggonane strategis ing kutha Surabaya. Tahun 1999 upamane , meh wae “hutan kota “ pindah tangan menyang sing modhale kuwat arep didadekne pertokoan lan hotel.
Gonjang-ganjing konflik pengelolaan KBS , kepeksa Menteri Kehutanan Zulkifli Hasan nerbitake keputusan bab Tim Pengelola Sementara Kebun Binatang Surabaya (TPSKBS). Tim sing ketuane Tony Sumampau iki, nduweni tugas ngelola KBS lan njaring investor sing nduweni potensi. Tugas tim iki “ diperpanjang “nganti Februari 2012. Manut Tony , sasuwene TPS nyambut gawe, wis akeh owah-owahan ing KBS. Lingkungan KBS luwih resik, kewan sing amti ya suda adoh. Mung wae , kanggo ndandani KBS mbutuhake renovasi total. .” Butuh dhuwit kira-kira 90 milyar kanggo renovasi total.Dadi perlu ana investor, “ omonge Tony. Ya amarga masa kerjane TPS mau njalari konflik anyar. Walikota anyar Tri Rismaharini rengu amarga lahan KBS , sawijining aset Pemkot Surabaya. Mula saka iku pengelolaan KBS luwih apik ditangani Pemkot Surabaya. Risma wis ngajokake proposal menyang Menhut supaya bisa ngelola KBS, “TPS ora perlu nggolek nggolek investor, amarga Pemkot dibantu sakabehing pegawai KBS sing wis kompeten banget, bakal bisa ngurus kewan kanthi profesional. Aja nganti KBS dadi hotel “ omonge Risma.
Rosek iya ngomong yen sing ngelole mung golek untung thok njagakake dhuwit sing mlebu KBS, ora layak ngelola kebun binatang mau.. “ Apa maneh nganti ana ada-ada mbangun hotel sing menune kewan ing KBS. Iku ora cocog upaya koservasi .” omonge Rosek ( sumber.kom.1.11.11 ).

Kamis, 27 Oktober 2011

REMIDI UTS LAN TUGASE, smp2sby

Sing remidi UTS wulangan Basa Jawa lan tugase .
Kelas IX A nomer absen : 8, 19,31 .
Kelas IX B nomer absen : 29, 34.
Kelas IX C nomer absen : 1, 3, 29
Kelas IX D nomer absen : 21, 27, 30, 37, 38
Kelas IX E nomer absen :4, 5, 10, 15, 18, 22, 23, 25, 26.
Kelas IX F nomer absen :1, 6, 12, 15,16,17,29,30.
Kelas IX G nomer absen : 1,7.
Kelas IX H nomer absen : 5, 8, 18,24, 31.
Tugase : Nulis warta upacara dina Sumpah Pemuda 28 Oktober 2011, ing lapangan SMPN 2 Surabaya.
Ditulis ing kertas folio, dikumpulne paling telat dina Senin tanggal 31 Oktober 2011.

Senin, 17 Oktober 2011

glagepan banyu pdam surabaya

Tanggal 13 Oktober 2011 nyku sida nekani undangane PDAM Surabaya, isine undangan nyekseni tera angka langganan . Wah ya duwe pengarep-arep bakal normal maneh anggonku mbayar langganan banyu mau lan bakal oleh kalonggaran kanggo nyicil, ngono batinku.Sore aku teka saka nyambut gawe, langsung dilapori bab asile nekani undangan PDAM, iki sing dicritakake .
PDAM : wis bu ya, wis ditera ,saiki ibu menyang loket sebelah kana lo bu....”. .Nyku mara marang sing dituduhke , pranyata loket pembayaran. Bareng diwenehi kwitansi, kaget amarga totale 600.000 rupiah luwih, lan iya setengah kaget amarga wingi wis disetujoni yen dicicil. lan diwenehi kwitansi sing nuduhake kliwat saka 600.000 rupiyah . Nyku bantah “ lo wingi rak wis dirinci yen dicicil ta,mung wae saiki aku ora nggawa rinciane piye ta iki, antarane pegawai siji lan sijine kok ora padha “ ngono nyku ngeyel wiwit emosi.
PDAM “ sik ya, amarga ibu durung mbayar mula dipedot “
Nyku “ Kasep pak, pancen wis dipedhot lan banyu ya ora mili, nanging wingi wis ngetokke biaya Rp 16.500, kanggo mbukak banyu . Pegawai sisji lan sijine kok beda panemu “.
PDAM meneng nggoleki bukti lan ya ketemu, banjur sesorah, yen anggota kulawarga ana 5, lan enteke banyu mung samono rata-rata sawulan 60.000 rupiah iku kurang, mulane mbendol mburi. Nyku sing dasare wis bosen bola-bali menyang PDAM , emosi ora bisa dicandhet, omonge : “Kok ana istilah mbendol buri ki piye, wong saben wulan dikontrol, kleru kok saben wulan pak, tanggaku sing akehe anggota kulawarga sepuluh kliwat. Iku mung entek ben wulane ora luwih saka 60.000 rupiah, pantes ra yen aku mung 5 anggota kulawarga sawulan 350.000 rupiah. Pak aku manggon wis meh telung tahun, ayo sampean print pira rata-rata sawulan, lan kapan aku lapor. PDAM mangsuli “ iya nanging ibu olehe lapor telat mula banjur digawekke kwitansi”.
Nyku mangsulu : Lo kok lapor telat ki piye ? Wis aku dak crita disik. Wulan Juni 2011 aku lapor amarga entek akeh. Aku dierih-erih/dirayu supaya mbayar, lan ditanggung wulan ngarep wis normal ora sah kuwatir, aku manut kanthi abot dak bayar padha karo kwitansi Rp,337.890 ( telung atus telung puluh pitu ewu wolung atus sangang puluh rupiah), wulan Juli Rp.59.890,- iku wae meterane diawur supaya aku ora nesu, wulan Agustus Rp.352.490,-, aku iya wis lapor lan petugas mung ndeleng thok ora nemokake penyebabe, mula aku ora gelem mbayar, wulan candhake September 2011 sing kudu dak bayar Rp, 251.790, aku iya emoh mbayar lan ya wis lapor menyang PDAM . dak deleng total sing kudu dakbayar kalebu denda Rp,604.280,- intine saben wulan lan entek akeh aku iya wis lapor tetep ora ana tindakan lan ya ora digoleki penyebabe,lagi wulan katelu September 2011 konangan yen pipane bocor.......Pancen bener pak entek samono tanggungane pelanggan ,,,,,, nanging yen ana kebocoran pipa PDAM arep dibebanke mutlak pelanggan , apa bener?.Kesel pak angger mrene pitakone iku-iku wae ,sing lapore terlambat , sing meterane salah,sing ika.....sing...... wong pipane bocor sing nanggung kok konsumen kabeh ....biyen telung tahun kepungkur ya entek akeh, mbayar akeh ....... lan meterane diganti.......dinolke maneh....... bareng wingi ditliti lan arep diganti meteran anyar tibake meteran gawean tahun 95 ,iku wae aku mbayar 100 ewu, wingi ganti meteran maneh , meteran diunggahe tenaga lan pirantine aku cucul dhuwit 200. 000 rupiah, tenagane 150.000 lan tuku peralatan baut lan puteran 50.000 rupiah .
PDAM :” Bu nanging sampean tetep mbayar iki sistem “
Nyku : “Sistem salah kok diteruske, wong penyebabe durung ketemu kok dikon mbayar “.
Otot-ototan mlaku terus lan kaya sing badhe sadurunge, nyku kudu tetep mbayar, suk kapan lan nyicile pira aku wis ora sambung, krungu crita mau sirahku kliyeng-kliyeng ngelu nganti olehku curhat iki ukarane morat- marit dasar ora konsentrasi akeh sing dak pikir, apa maneh diwenehi cathetan nyku sing kudu dak bayar total ana 604.250 rupiah ditambah kurang luwih 517.500 rupiah , totale RP. 1.121.780 ,-( satu juta seratus dua puluh satu ribu tujuh ratus delapan puluh rupiah) wis kalebu denda, biyuh ....iku mung banyu...... telung wulan, kudu mbayar sak juta sayuta luwih..........walah nyu ....... banyu . Yen ngene aku kepengin nglaporke nyang Yayasan Yembaga Konsumen Indonesia ( YLKI) utawa pihak YLKI kira-kira bisa maos apa ora ya ?.Arsip kirim layang menyang PDAM Surabaya atas nama nyku , balesan, sarta dokumen sawetara liyane isih dak simpen, embuh yen ilang diguwang putuku......embuh kono ........( curhat daktulis nganggo basa jawa).

Senin, 10 Oktober 2011

Materi uts semester 1 th 11-12,smp2 sby, remidi lan tugase

a.Materi UTS bab 2 lan bab 3
b.UH 1 sing remidi yaiku :
Kelas IX A nomer absen : 3,5, 8, 12, 14, 22, 28,33, 35, 36.
Kelas IX B nomer absen :22, 27.
Kelas IX C nomer absen : 8, 31.
Kelas IX D nomer absen :5, 13,17,30, 36, 37.
Kelas IX E nomer absen :1, 3, 8, 12,13,15,18,23, 26,30, 31,33, 36,37.
Kelas IX F nomer absen :3, 6,7,10,12,30.
Kelas IX G nomer absen :1,2,5,7, 8,10,11,13.15, 18,20,22,23,25,32,37.
Kelas IX H nomer absen :5, 8, 21, 23, 25, 28, 33.

.

Tugas pilihen salah siji : 1.nembang macapat Pucung kanthi teks :
murid iku,wajib bekti lan mituhu,
pituturing dwija,
sabarang reh ngati-ati
tatakrama empan papan katindakna.
2.maca geguritan , geguritane golek dhewe
3.golek crita cekak banjur dilempelne / dilem ing buku cathetan.

Minggu, 02 Oktober 2011

Kelompok kelas


KELOMPOK KELAS IX SPENDABAYA TAHUN 2011 – 2012 , WULANGAN BASA JAWA ,KELAS IX A - IX J.
Kelompok I nomer absen : 1, 2, 7, 8, 9,10,15, 16, 17, 18 .
Kelompok II nomer absen : 3, 4, 5, 6, 11, 12, 13, 14, 19, 20 .
Kelompok III nomer absen :21, 22, 27, 28, 29, 30, 35, 36, 37 .
Kelompok IV nomer absen :23, 24,25, 26, 31, 32, 33, 34, 38 .
Tugas kelompok : golek naskah pidato saka para tokoh nasional / riwayat tokoh nasional dijarwakake nganggo basa Jawa banjur dilem / ditempelke ing buku kelompok kaca 5 (lima ).
Dikumpulke minggu ngarep, tanggal 10 – 14 Oktober 2011..

Rabu, 14 September 2011

REUNI SMPN 2 SURABAYA angkatan '79

“ He aja rame apaa rek , aku dak ngomong yen kabeh rame aku mudhun lo “ ngono cluluke mas Wahyu Muryadi wartawan TEMPO nalika didaulat aweh sambutan ing adicara reuni SMPN 2 Surabaya, dina Minggu tanggal 11 September 2011, Sawetara kanca alumni ana sing cluluk aruharuh “ Wahyu nesu......kae lo..... meneng apaa rek .....”, rupane mas Wahyu iya nglenggana maklum wis meh 32 tahun ora ketemu dadi swasana ya ngono kuwi , gemrenggeng rame kaya tawon.

Bareng wis rada lerem Mas Wahyu banjur nutugake sambutan. “ Ngene ya mbok ayo ngelingeling para bapakibu guru lan para kanca alumni sing wis seda padha donga ya..... lan adicara iki dak jaluk ora mung cukup samene wae , kudu ana bacute, sukur –sukur nggawe yayasan, embuh ing bidang apa, mula kanca-kanca kudu sing ngerti......, saupama iya ..... aku saguh dadi donatur tetap...... kabeh mau minangka bukti yen kita iki tetep peduli ing jagading pendidikan utamane almamater kita SMP Negeri 2 Surabaya iki........”ngono omonge lan disambut aplaus tandha yen setuju.

Adicara sing diwiwiti jam 09.00 wib, pancen semuwa banget, gayeng katitik olehe ngomong ora ana lerene. Saliyane ketua panitia Mas Irfan sing paring sambutan, uga pak Hidayat minangka Kepala Sekolah lan sawetara bapak ibu guru sing mulang tahun 79an.

Bapak Hidayat nelakake panuwun banget marang kepeduliane para alumni, dene wis kerayaraya paring sumbangan awujut kanopi kanggo masjid nggon wudhu lan sumbangan pribadi awujud mikroskop. Salah siji alumni mau crita yen biyen nalika praktek IPA tau mecahke, dadi ya saiki lagi bisa ngijoli.......wahh...... kesuwun... nedha nrima. Bapak ibu guru sing rawuh, nalika kondur isih dioleholehi, bareng tekan ngomah dak bukak, wadhuh eyange Ricky sing seneng.......banjur coba dak ramesi.


Kranjang sing digawe sak pring : minangka wadhah. Samubarang kudu ana wadhahe, kegiatan kudu ana wadhahe, yen ora bakal kececeran, mblader tekan ngendiendi.
Anduk: minangka lap ngresiki barang sing kotor, lire aja katutan barangbarang sing ora ngendi asalusule, kudu rezeki sing halal, yen ora halal bakal ora barokah, nistha banget urip ing alam donya .
Fulpen:piranti kanggo nulis, ateges kita kudu sregep sinau, ana wewarah saka njeng Nabi , sinaua wiwit lair ngati tumekaning janji/ nganti ing liang lahat .Sinau hukume wajib dudu sunah .


Gantungan kunci awujud lambang SMPN2 Surabaya dene walike kaca pengilon
: ngelingeling yen kita alumni ing sekolah iki, kanthi kekurangan lan kaluwihan, aja digoleki alane, nanging kudu ngelingeling endi sing apik apa maneh kitawajib bekti marang bapak/ibu guru sing wis maringi ilmu sasuwene iki. Dene kaca pengilon kita kudu introspeksi apa kang dadi kekurangan kita jer manungsa ora luput saka kekurangan, apa sing wis kita darmabektekake marang liyan, apa tumindak kita wis migunani kanggo wong liya.


Dhuwit : kabeh kudu disranani nganggo dhuwit, jer basuki mawa beya , lire kita ora mung cukup aku tresna SMP2 Surabaya , nanging iya kudu ana tandha yekti sing migunani kanggo almamater.
MUG/ CANGKIR ana tulisane jenenge guru lan simbol SMP2 Surabaya :aku ora bakal lali yen kok wenehi kenangkenangan lan kanggo crita anak putu yen aku tau mulang ing kene, SMP2 Surabaya iki.
Wah, pangapurane ya yen ana kleraklerune tembung saka Eyang/ Pak Pur , matur nuwun wis dioleholehi samono akehe, mugamuga gampang olehe golek sandhang pangan, seger kuwarasan lan tetep setya labuh negara .Amin
Ing postingan iki ana sawetara album foto, mangga dikomentari.

Senin, 12 September 2011

REUNI SMPN 2 SURABAYA angkatan '81




Nekani reuni SMPN 2 Surabaya lulusan tahun 1981, gayeng banget . Sing dadi pembawa acara mak Bongki JTV , agawe ger-gerane sing padha rawuh . Ana rasa mongkok, bombong marang para alumni dene ora padha lali marang almamatere, ya sekolah iki SMP Negeri 2 Surabaya .Saliyane reuni para alumni iya ora lali paring tandha mata mirunggan arupa kanopi sing dipasang ing sisihe masjid Arrohmah SMP Negeri 2 Surabaya, pamrihe supaya para jamaah utamane para murid luwih krasan ing masjid kang dibangun sawetara wektu kepungkur. Kesuwun banget mugamuga tansah pinaringan ing karahayon gampang gengser anggone golek sandhang pangan , amin.Ing postingan iki sawetara album reuni tanggal 4 September 2011, ing aula SMPN 2 Surabaya .................. ayo dikomentari, karo Pak Purwito ora lali ta, biyen aku mulang nggambar banjur ketrampilan sablon tau mulang elektro, ... e ........kenangan sing ora dak lalekake........

Minggu, 11 September 2011

Mudik 1432 H




GUWA GONG, GUWA TABUHAN LAN PANTAI TELENG RIA , KABUPATEN PACITAN.
Crita mudhik ora ana entek-entekke, kaya sing dak alami riyaya tahun iki. Olehku sholat Ied dina Selasa tanggal 30 Agustus 2011, dina iku aku ana ngomah wae nampani unjung unjung saka anakputu. Aku sakulawarga ora unjungunjung marang tangga kiwa tengen. amarga tanggatangga riyayane/ sholate dina Rabu 31 AGUSTUS 2011.. Wingenane anakku wis duwe rencana yen riyaya taun iki lelungan menyang Pacitan wae lan uga panggonan wisata sing ana ing sakupenge Pacitan.Aku iya nayogyanei banget awit wis meh 28 tahun ora tahu ngerti kemajuane kutha Pacitan. Paling-paling yen menyang Pacitan ya mung ing terminal Tanjung sari, kreteg Penceng sing saiki wis ora penceng sapengalor bablas Arjosari, Tegalombo, Gemaharjo bablas Slahung, Ponorogo Madiun Caruban Saradan Nganjuk Kertosono Jombang Mojoagung Mojokerto (omahe nyku), lan Surabaya olehku ngupaya boga wis iku thok. Dina Selasa tanggal 31 Agustus 2011 jam 02.00 wayah tengah wengi aku budhal mudhik. Amarga etungane telung kulawarga, kepeksa nganggo gledhekan jepang loro.Ora kacarita lakune gledhekan lancar kurang luwih jam 9 tekan ing Pucangombo, Pacitan . Sungkem karo ibu, banjur mlaku-mlaku ngubengi kutha Pacitan.

Esuke tanggal 1 September 2011, menyang guwa Gong, ing tlatah Punung . Dina iku para pengunjung akeh banget, arep mlebu wae rada kangelan, ketambahan kipas angin ing njero mati siji, dadi kanggone awak sing tuwa iku ya rada menggehmenggeh.Ing guwa mau kanthi ora kasengaja ketemu karo Drs Wakino, sing nemokake guwa Gong iki.Saka guwa Gong banjue neruske laku menyang guwa Tabuhan, papan ndhelike Sentot Prawirodirjo nalika dikuyakuya dening Walanda, duk ing perang Diponegoro. Ing kono panggonan rada omber lan ora sepira kangelan mlebune, pengunjung wis akeh sing kondur. Tanggal 2 September, aku kulawarga ndeleng pantai Teleng Ria awit pancen ngancik 32 tahun ora mrono, wah kemajuane akeh banget, dikonsep kanthi profesional . Arep parkir wae kangelan, untung ketemu Denbey Rimboko, petugas sing ngatur parkir. Nyku tuku urang goreng laro iwak tuna sing pancen regane rada kacek. Kapankapan mrono maneh nganti tuwuk .

Wah jenenge putu ora bisa disanak, saking senenge klekaran ing pasir, mlayu mrana mrene poto kana kene, nganti bingung golek papan, awit mranani kabeh. Pengunjung dina iku jan tumplekbleg tenan, dak waspadakae didominasi kendaraan B Jakarta. Rampung mejeng ing pantai Teleng Ria banjur tatatata mulih. Jam 12 awan tekan Gemah Arjo ketemu Mas Dibyo, pelukis kaloka sing saiki pidalem ing Bandung. Gledhegan Jepang mlaku terus tekan,Caruban diguwang mengiwa, byuh matal macet total, tekan Surabaya jam 10 bengi......slamet.....slamet

Senin, 22 Agustus 2011

SUGENG ARIADI 1432 H



dhandhanggula amba amiwiti
wulan Syawal ing warsa Hijriyah
sawusnya siyam nindakke
tigang dasa ri nutug
meper dhahar lawan guling
uga tingkah lan pangucap
iku kang tinuju
amung nengenke ibadah
konjuk Gusti kang murbeng dumadi
slamet donya delahan

wiwit dalu dumugining enjing
takbir saha tahmid angumandhang
Ngagungken apangeranNe
Gusti Allah satuhu
Panguwaos kang rohman rohim
saindheng jagad raya
datan angon wektu
kabeh saisi bawana
tan ana kang luput takdir illahi
mula pancen sanyata

Umat Islam ing jagad puniki
ngantu antu dinten ingkang mulya
Idul fitri ya arane
kakung putri nom sepuh
gegancangan tindak tumuli
tan cicir sakluwarga
wya supe ruh-aruh
kanan kering pra tangga
kantun milih pundi ingkang suka ing galih
ing masjid apa lapangan

lenggah jajar urut kanan kering
ngajeng wingking tan ana kang gothang
anyemut tan rinasakke
mirengken khotbahipun
pangarsaning agami nenggih
iya da’i lan ustad
tan bosen pitutur
dadya umat ingkang setya
adhedhasar kitab Qur’an saha Hadis
tuntunan umat sadaya

sampun rampung sholat idul fitri
samya suka karenaning driya
sesalaman gebinage
gegancangan dha kondur
sampun nengga nisepuh nuli
mapag agita-gita
sembah sungkem konjuk
tandha setya mring sudarma
nyuwun idi pangestu lan pangaksami
apura lan ingapura

kepareng kula taliman tabik
kagem sedherek lan para mitra
tan saged anyebutake
kula saanak putu
ngaturken sugeng riadi
jipatluro hijriyah
siji syawal wektu
ari ingkang tuhu mulya
pangaksama lahir trusing batin
manggya ing karaharjan

Minggu, 21 Agustus 2011

abang putih ing tapel wates Indonesia-Malaysia


Kurang luwih 4000 wong, saka anggota TNI, POLRI, pelajar lan warga ing tapel wates, menthang gendera abang putih sing dawane 3000 meter tanggal 16 Agustus 2011, jam 14.00 WITA. Aksi sing digagas LSM Panjiku bebarengan karo Barisan Pemuda Perbatasan , diwiwiti ing titik nol RI-Malaysia, tepate ing petok 215 A, Desa Sekadayan Taka, Kecamatam Nunukan, Kabupaten Nunukan. Manut ketua LSM Panjiku Nunukan Mansur Rincing, ide aksi kasebut thukul saka nurani masyarakat Nunukan, kususe warga tapel wates.”Kadidene warga ing tapel wates, kita ora kepengin yen tapel wates iki dijajah negara tangga ing sektor ekonomi. Kita kudu njaga kedaulatan Republik Indonesia, “ omonge.Kanthi aksi kasebut, warga ngajab Presiden RI Susilo Bambang Yudoyono, supaya langsung ndeleng kondisi warga ing tapel wates sing sasuwene iki terisolasi.Manut dheweke, aksi kasebut lagi iki ditindakake ing wilayah tengah Indonesia.”Iki sekaligus kado istimewa kanggo negara. Apamaneh jroning wektu 66 tahun Indonesia mardika, lagi iki kita mengeti kamardikan kang bebarengan karo 17 Ramadan, “ omonge.
Mansyur uga ngaturke panuwun marang kabeh warga Nunukan, TNI, POLRI, pelajar lan Muspika sing nyengkuyung aksi kasebut. Ketua Pemuda Pancasila Kabupaten Nunukan Muhammad Nurdin Kule nyatakake, kegiatan iki mujudake upaya kanggo ngrabuk rasa nasionalisme ing tapel wates.” Sasuwene iki kawigaten saka pemerintah pusat minim banget.Kanthi kegiatan iki, aku kabeh ngareparep ,pemerintah nuruti pepenginane warga. Aku kabeh ngareparep, pemerintah pusat ndadekake daerah tapel wates dadi maju”omonge.Ketua panitia Haris Arlek nyatakake siap nggelar aksi sing padha ing daerah saliyane tapel wates.” Nanging modele seje, ora menthang gendera, “ omonge.
MENEK UWIT SING DHUWURE 100 METER, ING MEDAN.
Salah sijining warga Desa Namo Batang, kecamatan Namo Rambe, Medan duwe cara unik kanggo nyambut HUT ka 66 RI.Marhen Sembiring, 42,duwe niat ngibarake gendera abang putih ing sandhuwure wit raja(tualang), sing dhuwure 100 meter ,tanggal 17 Agustus 2011, jam 13,00, sawise upacara. Wingenane(16/8), kirakira jam 12,00 bapak kang duwe anak telu iki, menek uwit sing dhuwure 100 meter masang cagak gendera. Dheweke uga nulis HUT ke 66 RI, nganggo cet abang ing dhuwure wit kasebut.
Aksi Marhen mau gawe penasaran warga Kecamatan Namo Rambe. Malah, warga nutup dalan sing ambane patang meter kanggo nglancarake lan antusianisme anggone nyekseni aksine Marhen.
“Wiwit tahun kepungkur, aku kepengin masang gendera ing dhuwure wit tualang iki. Nanging ora ana sing nyengkuyung kekarepanku mau. Tahun iki lagi bisa kaleksanan sawise Kepal Desa Bekukul nyengkuyung. Aku mung kepengin masang gendera abang putih ing ndhuwure wit iki, ora duwe niat liya “. Omonge Marhen nalika ditemoni sawise menek wit sing dhuwure 100 meter.
Kepala Desa Bekukul R. Simbolon nalika dikofirmasi mung kepengin mbantu kekarepane wargane mau”Tanggal 17 Agustus iki, dheweke menek maneh kanggo ngibarake gendera abang putih ing ndhuwure wit raja kasebut. Eman banget, pihak kecamatan ora ana sing nyengkuyung, kamangka wis ngirim undangan “. Omonge.( sb jp17811 )

Jumat, 19 Agustus 2011

17 agustus 2011



.......tujuh belas agustus tahun empat lima......itulah hari kemerdekaan kita.......hari merdeka.....nusa dan bangsa.......hari lahirnya bangsa Indonesia...........
Lagu mars kang dilagokake kanthi sigrak mau keprungu nalika aku melu upacara gendera ing sekolah , dina Rabu tanggal 17 Agustus tahun 2011.
Pengeten kamardikan sing kaping 66 Republik Indonesia tahun iki mabarengi wulan siyam, aku kok njur
kelingan nalika umur sewelasan tahun, kelas papat SR/ SD, kang melu karnaval lan maneka warna lomba. Lan aku iya niteni saben Agustusan , saliyane uoacara gendera, mesthi ana pameran.Biyen jenenge exposisi, yaiku pameran kerajinan utawa prakarya sing dieloni SD lan SMP ing lapangan kecamatan Ngadirojo, kabupaten Pacitan. SMA /SMK durung ana, dadi yen kepengin neruske SMA, SPG, lan sekolah liyane iya kudu menyang Pacitan , sing adohe 38 km saka Lorok. SMP wektu iku mung Taman Dewasa(TD), SMP Swasta lan SMP Muhammadiyah, SMP Negeri ana tahun 63 an, kang jenenge SMP Negeri Lorok. Dhek jaman samana durung ana barang saka plastik, dadi sing dipamerke sabangsane kebutuhan rumah tangga kayata :irus saka bathok klapa gading, siwur saka bathok klapa, serok saka pring ,kalo yaiku saringan klapa saka pring, kesed saka sepet , sulak iya saka sepet klapa kang dithutuhuki utawa sulak saka wulune pitik, kenthing , pithi, krembu wong ya pring iya ora kurang, kelud saka sepet lan sapanunggalane. Ora keri sabangsane wayang sing digawe saka kardus, iya dipamerake.Saben SD oleh stand, stand mau dipayoni kepang blarak klapa. Ya ing stand mau diisi ketrampilane para murid, ketrampilan sing pancen akeh pigunane salaras karo umure bocah-bocah sekolah.Pengunjung jejel riyel amarga kepengin pirsa asile para putra , lan akeh sing padha tuku,karyane para putra mau. Saben barang sing payu para murid iya oleh pituwas semene presen, mula saben murid apik-apikan nggawe prakarya supaya payu. Saliyane pameran, ing bengi iku uga ana maneka warna tontonan kayata wayang wong, andhe-andhe lumut malah tau ana wayang kulit barang. Bisa dibayangake, sawise kesel mubeng-mubeng ndeleng stand lan mborong sing dikersakake, banjur lungguh ngematake tontonan kari milih, karo themal-themil mangan kacang.O iya ing SDku biyen prakarya sing layak jual, sewulan sepisan bocah-bocah didhawuhi dodolan asil karyane ing pasar sing ora adoh karo sekolah. Lan ya kaya sing dakaturake , barang sing payu murid oleh bageyan samene rupiyah.
KASTI.
Saliyane ekposisi ana pertandingan olah raga sing banget merakyat yaiku kasti. Jago kasti dhek jaman samana yaiku SD Wonokarto lan SD Sidomulyo, sejene 2 SD mau iya ana team sing kuwat yaiku Ngadirojo, Bogoharjo lan sawetara SD liyane. Bal kasti cilik, saemper bal tenes nanging atos banget lan ora bisa mendal kanthi sampurna.Sing nakalan nggawa bal kanthi nguber, disawatke ing perangane awak mungsuhe, mesthi wae mungsuhe kelaran nanging ora dirasakke, terus anggone main nganti rampung karo wektu sing ditemtokake.
Wah crita jaman biyen ora ana enteke, kebak cathetan kang sarwa endah ,sarwa nyenengake ,nostalgia kang ora dak lalekake.

KEGIATAN ING SMP 2 SURABAYA.
Ing sekolah SMP 2 Surabaya, iya ana lomba lan upacara gendera. Sing dilombakake yaiku, sing ora ngetokake fisik salaras karo wulan siyam,yaiku lomba adzan, pildacil, fasion moslem lan nggambar poster. Tanggal 17 Agustus 2011 minangka gonging kegiatan dianakake upacara gendera lan dum-duman hadiah.Sing dadi pembina upacara pak Mimin Haryoto wakasek, amarga Pak Hidayat minangka kepala sekolah upacara ing Dinas Pendidikan kota Surabaya

Minggu, 31 Juli 2011

SUGENG SIYAM


Kagem para sedherek ingkang ngrasuk agami Islam, kula ngaturaken sugeng siyam 1432 H, mugi-mugi anggen kita nglampahi ibadah siyam saged nutug, lan kita dados tiyang ingkang ahli ibadah, nindakaken sedaya dhawuhipun Gusti Allah, lan nebihi sedaya laranganipun Gusti Allah. Amin.
Kula sakulawarga
Purwito.

Selasa, 26 Juli 2011

cathetan tilik dusun

Sampun dangu kula boten wangsul tilik dusun nitih kendaraan umum bus .Kaleresan sanget kepengker punika ibu nelpon menawi kula dpun utus nyekar swargi bapak,mila kalodangan punika kula ginakaken wangsul kanthi ngginakaken kendaraan umum.Sontenipun anak kula elik-elik, wosipun menawi bidhal dalu badhe dipun teraken dumugi Bungurasih,boten sisah sepedamotoran. Kula inggih mangsuli gampang mengko.Nanging ing dalu menika badan kula boten patos sekeca, dados jam sedasa dalu kula boten siyos bidhal. Pancen sampun nglilir,nanging badan taksih awrat sanget. Anak kula kadosipun inggih sampun sumadiya badhe ngeteraken, nanging boten wantun gugah-gugah.Wekasan bibar sholat subuh kula bidhal sepedha motoran. Dumugi Bungurasih muter-muter pados panggenan parkir, mrika mriki kok inggih kebak,kanthi ngrekaos pikantuk sisih kidul wetan menika kemawon setengah meksa.
Jam setengah pitu bus Eka jurusan Ponorogo tleser-tleser bidhal ninggalaken Bungurasih. Lampahipun bus sanjawinipun kitha balap kados dipun sawataken, lan namung kendel wonten saben terminal perlu mandhapaken lan nginggahaken penumpang.
Drs. Prawoto. Ing salebeting bus kalawau kula pikantuk tepangan ingkang kaleres lenggah jejer kula, asmanipun drs Prawoto.Ngobrol mrika-mriki wekasan inggih blaka menawi panjenenganipun sawijining dwij a ing SMP Negeri Surabaya lan mucal matematika.Pak Prawoto tindak dusun wonten Goranggareng tlatah Magetan. Kula inggih nyuwun pirsa” Menawi sonten punapa boten maring les matematika pak ?”lan dipun wangsuli “Boten, boten . Menawi sonten kula muruki ngaji, ngiras ibadah “Lajeng kula komentari “ Wah jempol kagem panjenengan “.

Watawis jam 11.00 kula sampun dumugi kitha reyog Ponorogo, kula lajeng madosi bus dhateng Pacitan. Bus mini ingkang isinipun watawis selangkung, namung wonten penumpang wolu.Bus bidhal, wonten ing salah satunggaling panggenan kendel sekedhap ngampiri semah lan anakipun pak sopir.Penumpang wolu dipun tambahi semah lan anakipun pak sopir, bus inggih taksih glondhangan.Inggih boten aneh menawi salebeting bus kalawau sami gegojegan antawispun pak sopir,anakipun pak sopir ingkang keleresan jaler ,kernet bus lan ibunipun lare kalawau.Dumugi Gemaharjo kendel sawetawis malah kepara radi dangu, kalodangan kalawau kula ginakaken mlampah-mlampah ngeling –eling wekdal kepengker, kawontenan owah gingsir manut kemajenganipu jaman. Gemaharjo saya rejo.Wonten Gemaharjo menika antawisipun anakipun pak sopir wawan rembag nanging kok ngangge basa Indonesia, upaminipun “ Papa kok cemberut “ lan sanes-sanesipun. Bus lajeng bidhal, anggenipun gegojegan kaliyan anak taksih dipun lajengaken, pak sopir ngajari etang ngangge basa Jawi “ setunggal, kalih , tiga, sekawan,gangsal,” bibar gangsal boten enem nanging “ gangsal tambah setunggal, gangsal tambah kalih, gangsal tambah tiga..........dipun saut kaliyan anakipun “ lo kok gitu, lajeng noleh kaliyan ibunipun “ kok gitu,.... betul ma..... “ ing batos kula inggih nganggit-anggit wong nembe gegojegan ingkang penting sianak rumaos kalipur.Boten kraos bus ngancik laladan Pacitan, hp kula geter mratandani wonten sms mlebet. Kula tingali saking dik Pramono, putranipun bulik ingkang bantu ibu sawanci- wanci wonten karepotan. Dik Mono paring ancer-ancer supados mandhap Tanjungsari, terus nitih becak dhateng Arjowinangun, mangke kathah angkot dhateng Lorok, kula inggih manut kemawon.Wonten becak kalawau kula ngebel Pak Ugeng mitra sinarawedi wonten Surabaya, ingkang dalemipun celak peken Arjowinangun, lan pak Ugeng inggih wonten dalem pas keleresan kondur liburan. Malah kula inggih dipun dhawuhi istirahat wonten dalemipun lan inggih kula wangsuli menawi boten saged amargi wekdal ingkang cupet sanget.. Becak kendel wonten panggenan ngetem angkot jurusan Lorok, penumpang sampun lumayan kathah.
Pas kula ningali jawi, kok wonten sepedhah kendel, kula setitekaken kok kados pak Ugeng, kula langsung mandhap, pak Ugeng saestu.”Taksih dangu kok pak, ngentosi kebakipun,” ngaten ngendikanipun pak Ugeng. Kula inggih janji menawi Gusti Allah marengaken kula badhe sowan.Boten sawatawis dangu bus mini jurusan Lorok bidhal,dumugi Tulakan kendel , penumpang kirang lan kula kaliyan sawetawis penumpang dipun operaken bus ngajengipun.Dumugi Baran, sampun dipun papag dhik Pramono kula lajeng nyengklak sepeda Jepang.Boten dangu sampun dumugi Wonodadi, dik Mono criyos menawi adhik kula ragil ingkang dados guru SMP wonten Bandar inggih dhateng, malah inggih tumbas gledhegan Jepang senaosa boten enggal. Dinten Sabtunipun kula matur ibu, menawi bibar nyekar swargi bapak, kula badhe wangsul dhateng Surabaya. Nanging ibu boten pareng, “mbok ayo nyambangi budhemu neng Panggul, wong wis suwe ora rana,” ngaten ngendikanipun. Kula gagas-gagas inggih manut ngendikanipun ibu, kula piyambak sampun dangu boten sowan budhe.Wekasan ing dinten Sabtu kula ndherekaken ibu dhateng Panggul. Isinipun gledhekan Jepang adik sakulawarga kula lan paklik Ahmadi adikipun swargi bapak tunggal bapak seje biyung. Dumugi Panggul watawis jam sedasa, lan alhamdulillah kepanggih budhe lan mbak Sri ingkang tinanggenah ngrumat budhe. Budhe inggih gita-gita sanget dipun sambangi ibu saputra wayah. Budhe ingkang yuswanipun ndungkap wolungdasanan taksih sehat walafiat taksih ethes, malah kadosipun taksih kiyeng budhe kaliyan ibu.Watawis jam setunggal kula sarombongan nyuwun pamit budhe kanthi pawadan semahipun adhik jam wolu dalu jagi wonten Puskesmas ing tlatah Tegalombo Pacitan.Budhe inggih owel,” iya kowe wingi rak bar ka kene ta, saiki wis rene maneh “ lan inggih kula wangsuli “inggih boten ngaten budhe , mangke menawi kedangon selak jawah “ ibu inggih nambahi “ wis ta yu.... kapan-kapan tak mrene mane “. kula lajeng wangsul.,Dumugi Wonodadi watawis jam tiga.Badan raosipun sayah sanget, kula lajeng leyeh-leyeh. Jam sekawan nembe tangi, kawontenan jawah, kamangka kula dereng nyekar. Ing kawontenan jawah kalawau, kula lajeng beta payung dhateng sareyan. Kawontenan jawah mendung swasana sonten ingkang peteng-peteng damel nglanguting kawontenan. Ing sela-selaning maesan lan pathok-pathok kuburan, kula dedonga mugi-mugi arwahipun swargi bapak tinampia ing ngarsanipun Gusti Allah, amin.Watawis jam setengah gangsal sonten, kula bidhal nilaraken dusun Wonodadi, nunut gledhegan Jepangipun adik. Swasana jawah, lampahipun gledhegan Jepang boten saget lancar. Adik ngengetaken supados dateng Pucangombo kemawon, istirahat wonten mriku, kaliyan ngentosi bus malam Pacitan Surabaya, kula inggih manut. Sasampunipun mandhapaken semahipun ingkang keleresan dados perawat wonten Puskesmas, kula lajeng dateng griyanpun adik.
Ponakan kula, dumugi griya sampun sayah sanget. Bibar nedha lajeng tilem angler. Ing batos kula inggih ngudarasa.... ealah le........ ndhuk abot -abote ditinggal ibu nyambut gawe, kowe cah loro isih cilik-cilik wis bisa mandiri.......Swasana dalu ing padusunan kraos sanget, sepi, tebih saking krameyan, ndadosaken manah kraos asrep, langkung nambahi iman kita dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Bibar nedha dalu lajeng tilem. Watawis jam sewelas dalu, bus Pacitan-Surabaya dhateng , kula enggal-enggal minggah. Watawis jam enem enjing sampun dumugi Bungurasih, kanthi wilujeng.( cathetan ing wulan april 2011, nalika wangsul dateng dusun).

Minggu, 10 Juli 2011

ora cukup mung thenguk-thenguk


Rakyat ing negara-negara kang wis merdika, diperdi dening Pamarentahe supaya bisa maca lan nduweni kasenengan memaca. Pancen kasenengan memaca ( buku-buku kang becik ), iku rekadaya kang becik dhewe lan enggal dhewe kang kanggo nggayuh kemajuwaning bangsa.Klawan nyisihake wewatakane kang ora kita setujoni, kita akoni kasenengane bangsa Jepang ing bab memaca. Iya sarana seneng memaca iku dene bangsa Jepang kang maune meh kabeh buta huruf, ing saturunan wae bisa nututi kemajuane negara-negara gedhe. Saiki ing negara iki wis ora ana wonge kang ora bisa maca, lan aran aneh wong kang ora seneng memaca surat khabar, majalah utawa buku-buku. Kacarita oplaage surat kabar siji kang metu ing Tokyo bae kehe ngungkuli gunggune oplaage surat-surat kabar ing saindhenge negara kita. Nanging kasenengan memaca mau iya kudu pilih-pilih apa kang diwaca. Yen buku kang diwaca nyata-nyata becik isine, iya bakal aweh paedah marang kang maca. Bukune rakyat jaman penjajahan, beda lan buku wacane rakyat ing jaman merdika.Dek jaman penjajahan, dening penjajah prasasat disebar anane buku-buku wacan kang isine klawan ndidik rakyat supaya ora nduweni kapercayan marang diri pribadi. Diangkah supaya rakyat lestariya tutut mbangun turut, aja ana kang mbengkang prentah, aja ana kang lumawan :
DEDALANE GUNA KLAWAN SEKTI,
KUDU ANDHAP ASOR,
WANI NGALAH LUHUR WEKASANE,
TUMUNGKULA YEN DIPUN DUKANI,
BAPANG DEN SIMPANGI,
ANA CATUR MUNGKUR.
Tembang Mijil iki dhek biyen ora mung anjrah dilagokake ing kalangane rakyat, ing tontonan ,kethoprak lsp, malah ing sekolahan iya diwulangake. Cetha banget isine mung lagu “mbangun turut” utawa ninah bubuk. Mula iya ora anggumunake yen nganti saprene isih akeh banget kang isih padha kawarisan nguler- kambang nrima pandum, ngrasa apes sarwa ringkih.Dhek biyen sadurunge kita merdika, yen rakyat kita ora nduweni semangat berjuang nedya ndandani panguripane, sing diluputake pendidikan kolonial. Yen rakyat kurang enggone nduweni inisiatif, ora nduweni autoaktiviteit, sing diluputake pendidikan penjajah.Saiki ,negara kita wis merdika. Yen ta kita isih panggah nguler kambang, isih mlempem, isih ora pecaya karo kekuwatane dhewe, isih ora ngandel marang kapinterane dhewe, sing diluputake dudu pihak liya maneh, dudu pendidikan kolonial, nanging kita dhewe.
Saiki wis dudu mangsane maneh bocah-bocah kita nglagokake lagu-lagu kaya jaman kolonial biyen : kang ora sethithik kang isi rasa pangrasa apes lan pepes, kaya upamane iki :
CILIK MULA CILAKA WAK MAMI,
MANGGUNG DADI LAKON,
NISTHA PAPA WUS NGLAKONI KABEH,
AMUNG SIJI KANG DURUNG NGLAKONI,
MUKTI LAWAN MATI,
PUNDI MARGINIPUN.
Pancen bener, mbiyen cilik mula kita cilaka, nistha papa wis nglakoni, nalika semana urip ing jaman penjajahan. Nanging saiki kudu ora kena nduweni ati pepes lan gampang mupus. Kudu bisa berat rasa pangrasa mau, minggkis lengene klambi, cancut taliwanda , berjoang kanthi kapercayan diri pribadi.
Nadyan wis merdika, ora cukup mung thenguk-thenguk ngenteni tekane kethuk, kang isine kencana sesotya abyor.
Aja padha kleru tampa marang ramalane pujangga Ranggawarsito kang sanyatane panjenengane ora nate nganjurake supaya wong kang wis merdika iku kesed-kesedan : thenguk-thenguk bae, nanging malah ngatag supaya makarti, katandha panguwuhe ing ukara :”Esthinen mulih kelakon “. Esthinen, sarta lakonana, tindakna, perjuangna, nganti kelakon.( sumber :percaya diri pribadi-imam supardi-mei-1960, tulisan disalarasake ejaan anyar )

Minggu, 05 Juni 2011

tembang dolanan


Lelagon lawas (I)
Cah bocah ing desa-desa
Sanajan bocah desa
Rungokna padha
Sekolah sing nganti bisa

Rungokna anakku ya ngger
Jik cilik dak kudang-kudang
Dadia pengalamanmu
Mbesuk gedhe kena daksawang

Lelagon (II)
Jo ijo kembang kenanga
Saben bocah kudu bisa
Etung nulis, klawan maca
Apadene tata krama

Lelagon lawas (II)
Tindak pundi raden….. pamulangan
Pados napa raden……kapinteran
Kangge napa raden…… golek pangan


Lelagon lawas (III)
Ayo melu aku le golek kapinteran
Aja pijer dolan
Yen dolan marahi tuman
Saya suwe pakulinan
Ayo yo bali dalan
Mbesuk yen wis gedhe
Pisah karo wong tuwane

Lelagon lawas (IV).
Mengko sore nggonku, arep ana wayang
Mengko sore aku cedhak sandhing dhalang
Mung jrek-jrek mung jer, mung jrek-jrek mung jer
Yen wis metu Petruk tak nggon nggugah kakang
Semar celuk-celuk, Gareng nantang-nantang
Mung jrek-jrek mung jer, mung jrek-jrek mung

Lelagon lawas (V).
Lindri, adang telung pithi
Lawuhe bothok teri
Aditutul mak net- net, adiemplok amak telep- lep
Macak gulu cingkring adhuh yayi sendhal pancing
Adhudhangkrek-krek nung, adhudhangkrek- krek gong

Lelagon lawas (VI).
Kembang jagung omah kampung pinggir lurung
Jejer telu sing tengah bakal omahku
Gempa mungguh guwa
Medhun neng bonraja
Methik kembang sutra dicaosne kanjeng rama
Maju kowe tatu , mundur kowe ajur
Jokna sakbalamu ora wedi sudukanmu
Iki lo dhadha satriya, iki lo dhadha janaka
Iki lo…. dhadha ……satriya

Lelagon lawas(VII).
Kuwi apa kuwi, kuwi mbang melathi
Sing dak puja-puji aja dha korupsi
Yen padha korupsi, negarane rugi
Ngono ya ngono, aja ngona…..ngona……ngono……
(wah lali tenan iki…….).

Lelagon lawas (VIII).
Ning kuning parine kuning
Wung tani aring kutut manggung-manggunga
Ndhaplang tangan tengen macak gulu, yake
Ndhaplang tangan kiwa macak gulu, yake
Ngadeg jejeg……ngapurancang

Lelagon lawas (IX).
Dhok tri legendri nagasari-ri
Riwul owal-awul jenang katul-tul
Tulen olan-alen jadah manten-ten
Entenana mbesuk gedhe dadi apa-pa
Padheng mbako enak mbako sedheng-dheng
Dhengklok oklak-aklok putra kodhok-dhok
Dhok ………..(mbalik menyang larikan wiwitan).

Lelagon lawas(X).
Sore-sore neng latar akeh kancane
Rame-rame tetembangan sasenenge
Kanca ayo kanca
Kanca ja sembrana
Ayo mubeng desa
Lawong kowe-we-we sing marah-marahi
Mentas saka toko merek simplek nganggo berko
Simplek nganggo berko
Minggir mas…. minggir, mlipir mas……. mlipir
Lihatlah aku menari
Tari gembira loka
E, ……. tape ketan, tape joli
O, yes….. e mambo
Wong-wong padha gumun, mandheg
Nyawang montorku dhin-dhin, dhin-dhin gong.

Lagu lawas (XI)
Pring prung pring ori, pring prung pring jawa
Sing negor mas Bonari, sing mikul kanca-kanca
Godhong jeruk amba-amba, cino wungkuk keplese tiba
Ndhas pethak meleng-meleng, manten nggalek tiba briyeng
………………( wah kesupen, sinten inggih, ingkang kersa nglajengaken ? ngapunten mas Bonari, sanes panjenengan tanggi kula naminipun kang Bonari )
SERATAN ING NGINGGIL INGGIH PUNIKA LELAGON INGKANG KULA APALI NALIKA TAKSIH WONTEN SR /SD RIKALA TAHUN 1960 AN. BILIH WONTEN LEPATING PANYERAT, KERSAA PARING PANYARUWE , NUWUN ( EYANGIPUN RICKY).

Jumat, 03 Juni 2011

Informasi Kelulusan SMP Negeri 2 Surabaya

INFORMASI PENGUMUMAN KELULUSAN
SMP NEGERI 2 SURABAYA
TAHUN PELAJARAN 2010 -2011

Jumlah Peserta : 339 siswa
Tingkat Kelulusan : 100 %
Daftar Peraih Nilai terbaik Ujian Nasional untuk tahun ini :
01. Zulfatus Saidah ( kelas IX B) jumlah nilai = 38,75
02. Abdul Mutholib ( kelas IX A ) jumlah nilai = 38,50
02. Fitri Anggraeni N ( kelas IX H ) jumlah nilai = 38,50
03. Gea Papurane Langi ( kelas IX C ) jumlah nilai = 38,40
04. Cahyani Oktavia Z ( kelas IX A ) jumlah nilai = 38,35
04. Ayu Safira ( kelas IX F ) jumlah nilai = 38,35
05. Hadi Prasetya ( kelas IX G ) jumlah nilai = 38,30
06. Satrio Aji Prakoso ( kelas IX D ) jumlah nilai = 38,15
07. Putri Nurfriana ( kelas IX G ) jumlah nilai = 38,10
08. Febby Fitri Nurjanah ( kelas IX G ) jumlah nilai = 38,05
08. Syahrial Fajar ( kelas IX G ) jumlah nilai = 38,05
08. Adisti Eka Pratiwi (kelas IX D ) jumlah nilai = 38,05


SELAMAT ATAS KEBERHASILANNYA
SEMOGA SUKSES DAN DITERIMA DI SEKOLAH YANG DIINGINKAN

Minggu, 15 Mei 2011

siji, lolo........

Wis ora kurang-kurang anggonku muruki putuku loro iki supaya bisa basa Jawa. Wiwit saka angka Jawa,lelagon lan pacelathon mesthi nganggo basa Jawa, mengku karep aja nganti basa Jawa iki musna kagerus ombyaking jaman.
Isih kelingan nalika anakku ing SMP biyen, diutus maju nulis aksara jawa ora bisa, banjur didedes, bapak ibu asli ngendi lan diwangsuli bapak asli Pacitan ibu asli Mojokerto. Banjur didangu maneh bab pegaweyan, lan iya diwangsuli ibu ngasta ing rumah sakit, bapak dadi guru. Guru ngendi lan mulang apa sapa asmane. Ya diwangsuli apa anane, byuh isinku, bingung nyeleh rai.Mulang anake wong ora kangelan, bareng mulang anake dhewe ora kasil piye ngene iki ? Anakku sing saiki umure 29 tahun “ lali Tok kowe biyen ing SMP diutus Bu Wijayati maju nyang arep nulis aksara Jawa ora bisa ? “ mung ngguyu, walah pak jaman smp wis lali aku….ngono wangsulane. Mula putuku loro kudu bisa, aja nganti kebacut.Putuku sing gedhe wis kelas lima yen ana peer basa Jawa mesthi sambat , kepeksa aku sing ngrewangi nggarap. Bab komukasi ing omah tetep dak jak basa Jawa senajan wangsulane nganggo basa Indonesia , upamane Ricky ditimbali Uti, ayo ndang iyam , ayo sholat dhisik lan sapanunggalane. Sakjane ya ngerti karepe, nanging ya kuwi wangsulane tetep nganggo basa Indonesia. Dene Rival putuku sing cilik isih limang tahun , luwih lucu ya iki sing marahi ngangeni. Telung dina kepungkur dak ajari ngucapake angka dak wiwiti siji, loro, telu sateruse, nyandhak pitu diganti tujuh, dadi siji, lolo, telu, papat, lima , enem , tujuh…….nganti sepuluh.Ya wis, banjur dak jak basa krama, setunggal, kalih tiga ...... Butuh kesabaran ekstra…..Sing cilik wiwit kenal wayang, amarga ing laptopku dak simpen pengenalan aksara aksara Jawa lan sawetara tokoh wayang. Angger aku nyandhak laptop mesthi melu- melu lan ngeklik tokoh wayang mau, olehe ngucapne pelat,upamane bapa semal (bapa Semar), Galeng ( Gareng), Petluk (Petruk), Bagooong (Bagong), Jambumaklik (Jambumangli), Dunek (Durna),Leeesono(Lesmono), Kumbokalnooo( Kumbokarno) lan sapanunggalane.
Paraga wayang wis dikenal banjur dak wuruki angka , supaya gampang ngerti dak lagokake kaya cilikanku biyen…… siji loro telu tangane sedheku ngawasake…… lsp, rampung nembang dak paringi dhuwit, e bocahe kok semrinthil kadhang-kadhang nembange durung rampung wis nyuwun dhuwit.Lelagone mengkene ……..
Siji loro telu, tangane sedheku, ngawasake bu guru manawa didangu……
Papat nuli lima, lungguhe sing tata, aja padha sembrana mundhak ora bisa.
Banjur ditirokke putuku :
Siji lolo telu, tangane sedeku, ngawasake bu gulu, manawa didangu…..
Papat nuli limo, lungguhe sing tata, ada pada semblana mundak ola isa.
Rampung nembang dak wenehi aplaus...... pinteeer ...... karo dak paringi lembaran rupiah, banjur dipamerke mase “kak saya dibeli uang bapak kun ( yen nyeluk aku bapak kun, karepe bapak kung ), banjur nggoleki utine” uti , ival (Rival), titip uang ya…………lan diwangsuli …iya pinter…… uangnya ditabung ya….
Ngono anggonku ngenalake basa Jawa marang putu, paling ora wis dak latih wiwit cilik……….Apa panjenengan kagungan pengalaman liya ? Mangga pengalamane didum…..

Kamis, 05 Mei 2011

tumbal

ing pinggire kutha gedhe
ana wong lanang nggawa larahan
tanpa ewuh pekewuh diguwang
ing kali cedhak omah
larahan pating slengkrah
ambu banger ora betah

ana wong aruh-aruh
pak mpun teng mriku
nika lo teng bak sampah
wong lanang mandeng mentheleng
banjur mlebu omah
metu nggawa arit gedhene sahohah
lon-lonan jumangkah
arit digegem ceket, keket


piye, kowe nantang ya
nyah tampanana
modar kowe
cras ......
adhuh biyung, ampun pak, ampun .....
arit diobat abitake
swara pangadhuh ora digatekake

kowe ngamuka
banggamu sepira
ing kene aku sing kuwasa

Senin, 02 Mei 2011

Kartiniku, Kartinimu.....

Album dina Kartini , tanggal 21 April 2011 ing SMPN2 Surabaya.
Foto 1. Ibu Sutarti, nalika dadi pembina upacara . Paring pangandikan biografine Ibu Kartini lan kahanane wanita jaman biyen .Aja gampang nyerah, sinau sing sregep supaya ora disepelekake liyan, nyambut gawe tumemen kanthi ora ninggal kapribaden lan kodrate wanita.

Foto2.Bapak Hidayat minangka Kepala Sekolah ngersakake foto bareng karo bapak ibu guru sing dina iku mengagem maneka warna batik.”Ayo foto , kanggo cathetan yen dina iki kita ora lali karo perjuangane kaum wanita “ ngono ngendikane. “La ….mangga, setunggal….., kalih….., tiiiiiga…….

Foto 3. Yen mau karo bapak Kepala Sekolah saiki ibu-ibu mangga, lenggah ingkang sekeca, wah aja pepet-pepetan ngono ta………..ngono ngendikane bu Minto Rahayu.

Foto 4. Ibu Hj. Nunung Nurwiyah karo Ibu.Hj. Mientarsih, ngersakake foto ing ruang guru. Wah mangga yen pancen kersa difoto, sapa ngerti putra wayah bisa mirsani foto eyange ……………..

Foto 5. Ing dina iku uga kelas sanga dianake “pembekalan”, kanggo ngadhepi UNAS 2010 -2011.Ana sing nangis ngguguk, ana sing ngadhepi kanthi tatag. Rampung pembekalan banjur nyuwun pangestu marang bapak/ ibu guru. Katon mam Ririn dirangkul sawijining putra kelas IX, dene ing sisihe katon pak Anggit lan sawetara murid liyane.

Sabtu, 30 April 2011

pitutur bisane gampang turu lan paedahe turu kang angler.

Ora angger wong gampang bisane tumuli turu, apa maneh turu kang angler kepati. Wong gampang turune prasasat antuk kanugrahan saka Pangeran, dene pinaringan gampang enggone arep ngasokake pancadriya lan badan jasmanine.Sawijining panggawe kang perlu banget tumrap kawarasane badan lan pikiran kita.Elinga, sajrone sedina sewengi, 24 jam, meh sapretolene ( 7 jam ), kita kudu turu saperlu ngasokake badan lan pikiran. Dadi yen dipikir dawa, sajroning kita urip ing donya iki, saproteloning umur kita dumunung ana ing paturon. Mula bab turu iku pancen wigati banget manut para ahli kasarasan tumraping kasarasaning jiwa raga. Kudu kita tata murih bisane kelakon kanthi becik : cukup wektune, lerem lan angler.Wong kang wayahe kudu turu ( wayah bengi ), ora turu nanging omong ropyan-ropyan reroyalan minum lan dansa-dansi kang sejatine kang sedyane nggolek kasenengan, sanyatane ora bakal antuk kemareman kang langgeng.
Tumrapa wong kang kang angel bisane turu, kudu ngrekadaya murih bisane ngurangi kangelan mau sarana nidakake patrap kasebut ing ngisor iki :
1.Pepalange wong angel turu iku kang adakan :” rasa pangrasa wedi ( kuwatir ), yen ora bakal bisa turu”. Rasa pangrasa ngene iki kudu kita brantas. Sing bisa mbrantas dudu wong liya, iya dudu dokter, nanging iya awake dhewe. Kudu percaya dhiri pribadi, yen ora wedi ora bisa turu. Kudu yakin, lan ora perlu sumelang yen ora bisa turu. Rasa pangrasa wedi lan was sumelang mau kudu disirnakake. Badan kudu sumeleh, pikiran sumarah, aja mikir kang ora-ora.

2.Tumrap wong kang saben rinane nyambut gawe abot, adate ora nemoni kangelan nalika arep turu ing wengine. Mula tumrap wong kang pegaweane ora ngobahake awak, becik yen gelema nyambut gawe kasar ing ngomah :ngangsu, siram-siram, nenandur lan sapiturute utawa olah raga.
3.Senthong lan paturon kudu tansah resik gumrining.Sanajan sarwa prasaja, nanging diupakara resike, sukur kang ngresepake, apa dene cukup hawane kang kepenak, ora kaganggu dening lemut lan kewan-kewan liyane. Senthong kang rupak, paturone reged, peteng, hawane panas, ganda apek lan sapiturute, memalangi rasa pangrasa gampang turu.
4.Ana sawenehing wong nalika arep mapan turu , sarana memaca buku utawa kalawarti luwih dhisik. Pamrihe supaya mripat dadi sayah, tur pikiran ora ngambra-ambra saparan-paran. Adate iya banjur tumuli ngantuk, lan yen wis banget ngantuke, lagi mateni(nyilikake) lampu, terus turu.
5.Ana uga wong kang nalika arep mapan turu, luwih dhisik nindakake olah raga ing sajroning senthong nuli adus badan sakojur. Perlune supaya urat saraf bisa gampang lereme.
6.Yen ora tahan kopi aja ngombe kopi yen wayah arep turu. Menkono uga panganan kang “panas “ kayadene masakan kanggo mrica, daging wedhus lan sapiturute, awit bisa njalari asambat tansah nggekeng, ora lerem-lerem. Suwalike: powan(susu), sayur asem, kangkung kates lan sapanunggalane, iku bisa mbiyantu gampang lereme urat saraf.
7. Yen kita turu, getih kang ana ing uteg kita, ora akeh kang mili ing kono. Semono uga yen weteng kita isi panganan lan omben-omben, lakuning getih kang akeh iya menyang weteng.Iku sababe dene yen weteng wareg, banjur krasa ngantuk. Mula saka iku, ana sawenehing wong kang marga kepengin ndang bisa turu, banjur memangan luwih dhisik, pamrihe supaya lakune getih supaya medhun menyang weteng.
8. Ana maneh kang migunakake obat turu (obat tidur), kang diedol ing rumah-obat. Nanging ngulinakake ngombe obat turu iki, ora becik tumrap kuwarasan kita sarta njalari tuman. Yen ora obat-obatan malah banjur ora bisa turu. Aluwung yen ora ana reka daya liyane, becik metu ing njaba, mlaku-mlaku ing rattan nganti sayah. Yen wis sayah, banjur mulih mapan turu.Satemene wae kita dhewe kudu ngudi murih bisane gampang turu ing wayahe yen kita kudu turu, sarta ngudi sajrone turu mau bisane pules, angler temenan, nganti tangine ing wayah esuk: badan lan pikiran kita dadi seger buger. Awit mung saranasa badan lan pikiran kang seger buger, kita bisa yambut gawe kanthi becik, kanthi gembira, kanthi rasa-pangrasa entheng, satemah pegaweyan kita bisa ngasilake kaya kang dadi pepenginan kita.
9.Ana maneh nasehat kang luwih penting bisane enggal turu, yaiku : aja mapan turu yen mripat durung arip( ngantuk) temenan.Kaya dene ing bab mangan, panganan bakal luwih krasa enak lan luwih manfaat tumrap badan kita, yen wetenge wis luwe temenan lagi mangan. Mapan turu nalikane mripat durung ngantuk temenan mung bakal ngentek-entekake wektu kanggo memikir sing ora-ora, awit yen mripat durung ngantuk, adate pikiran ngrambyang mrana-mrene tanpa tujuan, mung malah mitunani tumrap kuwarasan lan tumrap ajining pikiran kita.
10.Pitutur kang wekasan, nanging ora kurang pentinge, yaiku kudu duwe keyakinan yen ora ana wong kang mati marga saka kurang turu. Dadi ora perlu was sumelang, suwalike kang ekhlas sumarah marang Kang Maha Kuwasa , kaya dene pakartine Yeanette Mac Donald yen nuju peteng atine , ruwet pikire, banjur sembahyang kanthi nnyipta isine Psalm 23 ing Kitab Injil : Allah Maha Agung juru pangen kula, kula mboten badhe kekirangan setunggal menapa. Panjenenganipun manggekaken kula ing pangenan ingkang kathah rumputipun. Paring toya ombe ingkang nyegeraken…….”.
Tumrape kaum Muslimin saweneh wis ana kang duwe pakulinan, yen arep mapan turu maca donga :” niyatingsun turu, aturu badan gumuling, roh madhep iman tetep, ati muji, amuji marang Allah: Laa ilaa ha ilallah. Muhammadur rasulullah.”
Apa sebabe turu angler iku iku kalebu perangan sarat urip seneng lan tentrem ?.
Kawuningana, wong mlarat kang bisa turu kepenak ing bale-bale(amben) pring iku luwih begja tinimbang wong sugih kang turu ing paturon”Hero” kang kasure empuk lan membat mentul, nanging sawengi natas mung tnsah klisikan marga tansah was sumelang, ora jenjem tansah nglilir-nglilir.
Anak pangon kang ing rinane nyambut gawe adus kringet, bisa turu senggar-senggor lemek suket garing ing kandhang sapi, satemene luwih begja tinimbang putrane pegawai tinggi kang turu ing paturon, nanging sewengi muput tansah pijer kogat-kaget marga rasa pangrasa ora tentrem lan marga saka sedina-dinane kurang ngobahake badane.
Para maos, tulisan iki dak tulis amarga aku kalebu wong sing angel turu. Bareng nemokke wacan iki, alhamdulillah kok ana owah-owahan, bisa turu kanthi kepenak, nuwun.
(dijupuk saka: seneng lan tentrem, i.spd 1955-1960 disalarasake ejaan anyar).

Kamis, 14 April 2011

nilai presentasi mapel sosiologi

Nilai presentasi hari Kamis 14-4-2011, kelompok IV Kelas VIII A Spendabaya , berdasarkan penampilan, penguasaan materi bab XIV( Pranata Sosial), dan kerjasama maka kelompok IV mendapat nilai = 78 ( tujuh puluh delapan . Untuk presentasi berikutnya adalah kelompok I (satu ).
TUGAS : Membuat poster dengan tema budaya malu, yang sudah mengumpulkan adalah kelompok 1( satu), dengan nilai = 85 ( delapan puluh lima), kelompok II =80 (delapan puluh),III =80(delapan puluh),sedangkan kelompok IV mengumpulkan.
Nilai presentasi kelompok I, berdasarkan kriteria yang ada mendapat nilai = 85 (delapan puluh lima ).

Selasa, 12 April 2011

CARANE NGETUNG NILAI UNAS

Ujian nasional sedela maneh bakal dilakoni dening para murid.Jadwal unas SMP/MTs tanggal 25 nganti tanggal 28 April 2011.Tahun pelajaran 2010 - 2011 model paket lan kriteria kelulusan ora padha karo tahun kepungkur.Tahun pelajaran 2009 - 2010 , model paket ana 2( paket A lan Paket B ), lan lulus orane bocah gumantung 4 wulangan UNAS(Bahasa Indonesia, Matematika, Bahasa Inggris lan IPA), tahun iki seje. Saka informasi sing wis diweruhi, model soal ana 5 ( lima) paket, yaiku paket A, paket B, paket C, paket D lan paket E. Mengku karep bocah-bocah ora contoan, ora takon-tinakon antarane siji lan sijine.Manut panemune sebagean para murid sing kebeneran lagi ngaso ,dak takoni bab paket soal 2 paket utawa 5 paket ora masalah. Nalika try out wiwitan pancen 2 paket nanging soale pancen angel luwih akeh variasi , sing try out kaloro limang paket luwih gampang( ing surapringga ana try out unas ping pindho). Model paket soal boten masalah, ingkang penting kula kedah sregep sinau, ngono omongane. Ana maneh saweneh murid ngomong, yen limang paket mau padha wae, mung diwolak-walik. Upamane ,iki upamane lo ya nomer 1 ing paket A , dipindah dadi nomer 10 ing paket B, nomer 18 ing paket C dipindah nomer 25 ing paket D, nomer 30 ing paket D dipindah nomer 40 ng paket C lan sateruse. Yen nyemak kriteria kelulusan tahun 2010 -2011, aturan luwih luwes lan duwe pengarep-arep lulus, awit digabung karo ujian sekolah lan gabungan nilai saka kelas VII nganti kelas IX kanthi perbandingan 60 % :40%.Mangga disemak kriteria kelulusan lan kriteria ketidak lulusan kaya ing ngisor iki.



Bahasa Inggris = ( 8,16 X 0,60) +( 9,00 X 0,40 ) =8,50
IPA = ( 8,60 X 0,60) +(9,50 X 0,40 ) =9,00
Syarat kelulusan yaiku : nilai ujian nasional + nilai gabungan sekolah.
Bahasa Indonesia= ( 0,50 X 0,60) + ( 9,25 X 0,40 ) = 4,00
Matematika = ( 4,00 X 0,60) + ( 8,00 X 0,40 ) = 5,60
Bahasa Inggris = ( 1,00 X 0,60) + ( 8,50 X 0,40 ) = 4,00
IPA = (8,00 X 0,60) + (9,00 X 0,40 ) = 8,40
Rata-rata =( 4,00 + 5,60 +4,00 +8,40 ) : 4 =5,50 (LULUS).
KET : 0,60 = 60%, 0,40 = 40 %. Angka-angka ing dhuwur ( nilai sekolah ), ngalami pembulatan.
II. Pirsani ketidak lulusan . Carane ngetung padha, mung wae bareng dirata-rata ketemu =5,41 (ORA LULUS).
Ayo tetep maringi semangat marang para cantrik, ora susah bingung model paket soal, didhawuhi sinau sing luwih sregep , dikantheni donga, insya Allah bakal lulus, Amin.

Kamis, 31 Maret 2011

MILIH KALANGAN SESRAWUNGAN

Ing layang “Wulang Reh” anggitane Paku Buwono IV, tinemu pitutur sethithik kang gegayutan karo bab sesrawungan. Tembange kinanthi :
*Yen tinitah wong agung, aja sira nggunggung diri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ajak-ajak, satemah anulari.
*Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes karaketna, darapon mundhak kang budi.
*Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.
Terange : wong iku sanadyan tinitah dadi panggedhe, aja banjur gumedhe, nanging suwalike aja srawungan karo wong ala. Nadyan asale saka wong pidak pedarakan, tembunge saiki rakyat jelata, nanging yen wong mau kelakuane becik: pantes disrawungi, supaya bisa ketularan becike. Awit kalumrahane, yen wong nom-noman ( wong tuwa uga ), yen srawungan karo wong ala, ora wurung ing tembe iya ketularan ala. Sok mengkonowa, manut pepeling ing ndhuwur mau wong urip iku kudu pilih-pilih enggone sesrawungan.
Nanging yen sajroning sesrawungan, kita wis nduweni tetepungan kang beda-beda kelakuwane, ana kang becik ana kang ala, kita iya aja kurang wicaksana ing bab nyilah-nyilahake sing becik lan ala mau. Yen pranyata kita dhewe bisa mbedak-mbedakake lan bisa njupuk kang becik, mbuwang kang ala, tinemune iya mung bakal becik wae.

Mengkene banjure pepelinge “ Wulang Reh” mau, isih kinanthi :
*Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
*Ingkang becik kojahipun, sira anggowa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.
*Akeh wong sugih wuwus, nanging yen sampun pakolih, among badanira priyangga, kang den pakolehken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
*Aja na wong bisa tutur, amonga sira pribadi, aja na ingkang memada, angrasa pinter pribadi, iku setan nunjang-nunjang, datan pantes den pareki.
Pancen iya bener. Manungsa tinitah ing donya iki, ana kang becik ana kang ala, ana kang kekurangan ana kang sampuna. Ora ana negara kang warga negarane dumadi saka wong kang becik kabeh ; jujur, tuhu, kena dipecaya, temen, suci lan sapanunggalane. Pancen iya warna-warna lan campur bawur mengkono iku sipate ndonya.
Mula saka iku, becik uga yen sajroning kita sesrawungan, bisoa milih-milih mitra sesrawungan mau. Nanging tumindak kang kaya mengkene iki : ora gampang, kita kudu ngempakake patrap kang wicaksana, kang sabisa bisa aja nganti gawe seriking liyan. Saupama kita wis kebacut sesrawungan utawa tetepungan karo si Candhala kang watake ala utawa si Dursila kang watake asor, iku anggon kita nyingkiri kudu angon ulat, kudu ngempakake siasat kang ngati-ati ora ketara yen kita wis ora serju marang dheweke. Ngelingana uga marang patrap : kita aja nganti gawe seriking liyan, suwalike sabisa-bisa :karyennak tyasing sesama, agawe kepenake atine sapadha-padha. Yen kaya mangkono sesrawungan kita, sanajanta ing satengahing wong kang ora kita sarujuki bab tujuwane, kita ora bakal dadi wong kang “asing”. Suwalike :marga saka patrap kang ajur-ajer mau, bisa nuwuhake penganggep yen kita malah dadi mitrane utawa saora-orane dianggep wong kang ora ngalang-alangi panemune utawa gegayuhane.
Panutuping atur :
Tulisanku ing ndhuwur ora kok aku banjur tutur-tutur ngguroni kaya-kaya aku iya-iyaa kae ora. Nanging sepisan maneh iki warisan para leluhur sing kudu dilestarekake, utamane marang para mudha lan para muridku .Ana kedadeyan sing marahi aku kegugah nulis ing postingan iki yaiku :ana sawijining karyawan saka instansi tertentu departemen K, kang mlebu bui, amarga salah milih kanca srawung. Critane sawijining karyawan sebut wae jenenge St, wani-wani mengkonsumsi narkoba . Kamangka karyawan mau nembe wae diangkat dadi pegawai tetap , durung oleh setahun. Anak polah bapa kepradah, wong tuwa gulung koming lan ora tega marang anake.Sowan menyang direktur, nangis-nangis lan nyembah-nyembah marang direkture instansi mau kang kabeneran sawijining Srikandhi. Pamundhute direktur bakal disembadani sauger anake bisa metu saka kunjara, awit keterangan ngenthengake paukuman lan bisa dadi karyawan maneh iya mung saka direktur mau.Kepriye wangsulane? Ora bisa, instansiku kudu resik, ora ana karyawan sing kena kasus narkoba ! Anak buahku kudu sehat jasmani lan rokhani , ngono wangsulane direktur. Jajal dadi wong tuwa apa ora susah ? Durung anak bojone , wong wis bale somah. Durung mbayar polisi samene atus yuta, iku wae mung ngenthengke paukuman , upamane limang tahun dadi telung tahun, durung mbayar BNN. Biyuh rasane donya iki kukut tenan sirah rasane abot kentepan ungkal. Maneka warna komentar, ya rasakna dhewe, mesakke wong tuwane ya, mesakake anak bojone ya,lsp lsp.Tuladha liyane iya ana, sawijining tilas begal sing wis kasusra, ora nduweni rasa welas , e… bareng ketemu lan srawung karo wong alim kok iya sarwa nyenengake satindak tanduke. Ya sregep ibadah, sregep tumandang gawe, pokoke ora ngrugekake liyan kepara malah ngenthengake sesanggan wong kang ora duwe, nulung samurwate , sakuwate. Nuwun.( sumber I.S, hkb 1956)

Rabu, 30 Maret 2011

Materi usek wulangan basa Jawa SMP 2 Surabaya.


Ujian sekolah wulangan basa Jawa sing kudu kok sinaoni yaiku, saka kelas 7 kelas 8 lan kelas 9, kanthi prosentase kelas 7 = 10 %, kelas 8= 20 % lan kelas 9= 70 %.
Kelas 7 materine wacana : Bebayane narkotika lan wacana Khasiate Cucuk baya.
Kelas 8 materine wacana : Kenakalan remaja lan geguritan.
Kelas 9 materine kedadean saka : bab 1 drama tradisional Andhe-andhe Lumut nganti bab 11 Geguritan. Minangka ancer-ancer wacanen wae kaca :2,4,11,17,18,22,23,26,27,29,30,40,45,53,54, 64 lan sapanunggalane.
Yen nemoni soal sing rada angel, wacanen prentahe soal bola-bali nganti paham apa karepe soal mau. Aksara Jawa kudu disinaoni, utamane nggawe ukara nganggo aksara Jawa.Wektu sing disediyakake 120 menit, cukup kanggo ngasilake biji maksimal.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming