Kamis, 31 Maret 2011

MILIH KALANGAN SESRAWUNGAN

Ing layang “Wulang Reh” anggitane Paku Buwono IV, tinemu pitutur sethithik kang gegayutan karo bab sesrawungan. Tembange kinanthi :
*Yen tinitah wong agung, aja sira nggunggung diri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ajak-ajak, satemah anulari.
*Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes karaketna, darapon mundhak kang budi.
*Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.
Terange : wong iku sanadyan tinitah dadi panggedhe, aja banjur gumedhe, nanging suwalike aja srawungan karo wong ala. Nadyan asale saka wong pidak pedarakan, tembunge saiki rakyat jelata, nanging yen wong mau kelakuane becik: pantes disrawungi, supaya bisa ketularan becike. Awit kalumrahane, yen wong nom-noman ( wong tuwa uga ), yen srawungan karo wong ala, ora wurung ing tembe iya ketularan ala. Sok mengkonowa, manut pepeling ing ndhuwur mau wong urip iku kudu pilih-pilih enggone sesrawungan.
Nanging yen sajroning sesrawungan, kita wis nduweni tetepungan kang beda-beda kelakuwane, ana kang becik ana kang ala, kita iya aja kurang wicaksana ing bab nyilah-nyilahake sing becik lan ala mau. Yen pranyata kita dhewe bisa mbedak-mbedakake lan bisa njupuk kang becik, mbuwang kang ala, tinemune iya mung bakal becik wae.

Mengkene banjure pepelinge “ Wulang Reh” mau, isih kinanthi :
*Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
*Ingkang becik kojahipun, sira anggowa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.
*Akeh wong sugih wuwus, nanging yen sampun pakolih, among badanira priyangga, kang den pakolehken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
*Aja na wong bisa tutur, amonga sira pribadi, aja na ingkang memada, angrasa pinter pribadi, iku setan nunjang-nunjang, datan pantes den pareki.
Pancen iya bener. Manungsa tinitah ing donya iki, ana kang becik ana kang ala, ana kang kekurangan ana kang sampuna. Ora ana negara kang warga negarane dumadi saka wong kang becik kabeh ; jujur, tuhu, kena dipecaya, temen, suci lan sapanunggalane. Pancen iya warna-warna lan campur bawur mengkono iku sipate ndonya.
Mula saka iku, becik uga yen sajroning kita sesrawungan, bisoa milih-milih mitra sesrawungan mau. Nanging tumindak kang kaya mengkene iki : ora gampang, kita kudu ngempakake patrap kang wicaksana, kang sabisa bisa aja nganti gawe seriking liyan. Saupama kita wis kebacut sesrawungan utawa tetepungan karo si Candhala kang watake ala utawa si Dursila kang watake asor, iku anggon kita nyingkiri kudu angon ulat, kudu ngempakake siasat kang ngati-ati ora ketara yen kita wis ora serju marang dheweke. Ngelingana uga marang patrap : kita aja nganti gawe seriking liyan, suwalike sabisa-bisa :karyennak tyasing sesama, agawe kepenake atine sapadha-padha. Yen kaya mangkono sesrawungan kita, sanajanta ing satengahing wong kang ora kita sarujuki bab tujuwane, kita ora bakal dadi wong kang “asing”. Suwalike :marga saka patrap kang ajur-ajer mau, bisa nuwuhake penganggep yen kita malah dadi mitrane utawa saora-orane dianggep wong kang ora ngalang-alangi panemune utawa gegayuhane.
Panutuping atur :
Tulisanku ing ndhuwur ora kok aku banjur tutur-tutur ngguroni kaya-kaya aku iya-iyaa kae ora. Nanging sepisan maneh iki warisan para leluhur sing kudu dilestarekake, utamane marang para mudha lan para muridku .Ana kedadeyan sing marahi aku kegugah nulis ing postingan iki yaiku :ana sawijining karyawan saka instansi tertentu departemen K, kang mlebu bui, amarga salah milih kanca srawung. Critane sawijining karyawan sebut wae jenenge St, wani-wani mengkonsumsi narkoba . Kamangka karyawan mau nembe wae diangkat dadi pegawai tetap , durung oleh setahun. Anak polah bapa kepradah, wong tuwa gulung koming lan ora tega marang anake.Sowan menyang direktur, nangis-nangis lan nyembah-nyembah marang direkture instansi mau kang kabeneran sawijining Srikandhi. Pamundhute direktur bakal disembadani sauger anake bisa metu saka kunjara, awit keterangan ngenthengake paukuman lan bisa dadi karyawan maneh iya mung saka direktur mau.Kepriye wangsulane? Ora bisa, instansiku kudu resik, ora ana karyawan sing kena kasus narkoba ! Anak buahku kudu sehat jasmani lan rokhani , ngono wangsulane direktur. Jajal dadi wong tuwa apa ora susah ? Durung anak bojone , wong wis bale somah. Durung mbayar polisi samene atus yuta, iku wae mung ngenthengke paukuman , upamane limang tahun dadi telung tahun, durung mbayar BNN. Biyuh rasane donya iki kukut tenan sirah rasane abot kentepan ungkal. Maneka warna komentar, ya rasakna dhewe, mesakke wong tuwane ya, mesakake anak bojone ya,lsp lsp.Tuladha liyane iya ana, sawijining tilas begal sing wis kasusra, ora nduweni rasa welas , e… bareng ketemu lan srawung karo wong alim kok iya sarwa nyenengake satindak tanduke. Ya sregep ibadah, sregep tumandang gawe, pokoke ora ngrugekake liyan kepara malah ngenthengake sesanggan wong kang ora duwe, nulung samurwate , sakuwate. Nuwun.( sumber I.S, hkb 1956)

Rabu, 30 Maret 2011

Materi usek wulangan basa Jawa SMP 2 Surabaya.


Ujian sekolah wulangan basa Jawa sing kudu kok sinaoni yaiku, saka kelas 7 kelas 8 lan kelas 9, kanthi prosentase kelas 7 = 10 %, kelas 8= 20 % lan kelas 9= 70 %.
Kelas 7 materine wacana : Bebayane narkotika lan wacana Khasiate Cucuk baya.
Kelas 8 materine wacana : Kenakalan remaja lan geguritan.
Kelas 9 materine kedadean saka : bab 1 drama tradisional Andhe-andhe Lumut nganti bab 11 Geguritan. Minangka ancer-ancer wacanen wae kaca :2,4,11,17,18,22,23,26,27,29,30,40,45,53,54, 64 lan sapanunggalane.
Yen nemoni soal sing rada angel, wacanen prentahe soal bola-bali nganti paham apa karepe soal mau. Aksara Jawa kudu disinaoni, utamane nggawe ukara nganggo aksara Jawa.Wektu sing disediyakake 120 menit, cukup kanggo ngasilake biji maksimal.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming