Minggu, 15 Mei 2011

siji, lolo........

Wis ora kurang-kurang anggonku muruki putuku loro iki supaya bisa basa Jawa. Wiwit saka angka Jawa,lelagon lan pacelathon mesthi nganggo basa Jawa, mengku karep aja nganti basa Jawa iki musna kagerus ombyaking jaman.
Isih kelingan nalika anakku ing SMP biyen, diutus maju nulis aksara jawa ora bisa, banjur didedes, bapak ibu asli ngendi lan diwangsuli bapak asli Pacitan ibu asli Mojokerto. Banjur didangu maneh bab pegaweyan, lan iya diwangsuli ibu ngasta ing rumah sakit, bapak dadi guru. Guru ngendi lan mulang apa sapa asmane. Ya diwangsuli apa anane, byuh isinku, bingung nyeleh rai.Mulang anake wong ora kangelan, bareng mulang anake dhewe ora kasil piye ngene iki ? Anakku sing saiki umure 29 tahun “ lali Tok kowe biyen ing SMP diutus Bu Wijayati maju nyang arep nulis aksara Jawa ora bisa ? “ mung ngguyu, walah pak jaman smp wis lali aku….ngono wangsulane. Mula putuku loro kudu bisa, aja nganti kebacut.Putuku sing gedhe wis kelas lima yen ana peer basa Jawa mesthi sambat , kepeksa aku sing ngrewangi nggarap. Bab komukasi ing omah tetep dak jak basa Jawa senajan wangsulane nganggo basa Indonesia , upamane Ricky ditimbali Uti, ayo ndang iyam , ayo sholat dhisik lan sapanunggalane. Sakjane ya ngerti karepe, nanging ya kuwi wangsulane tetep nganggo basa Indonesia. Dene Rival putuku sing cilik isih limang tahun , luwih lucu ya iki sing marahi ngangeni. Telung dina kepungkur dak ajari ngucapake angka dak wiwiti siji, loro, telu sateruse, nyandhak pitu diganti tujuh, dadi siji, lolo, telu, papat, lima , enem , tujuh…….nganti sepuluh.Ya wis, banjur dak jak basa krama, setunggal, kalih tiga ...... Butuh kesabaran ekstra…..Sing cilik wiwit kenal wayang, amarga ing laptopku dak simpen pengenalan aksara aksara Jawa lan sawetara tokoh wayang. Angger aku nyandhak laptop mesthi melu- melu lan ngeklik tokoh wayang mau, olehe ngucapne pelat,upamane bapa semal (bapa Semar), Galeng ( Gareng), Petluk (Petruk), Bagooong (Bagong), Jambumaklik (Jambumangli), Dunek (Durna),Leeesono(Lesmono), Kumbokalnooo( Kumbokarno) lan sapanunggalane.
Paraga wayang wis dikenal banjur dak wuruki angka , supaya gampang ngerti dak lagokake kaya cilikanku biyen…… siji loro telu tangane sedheku ngawasake…… lsp, rampung nembang dak paringi dhuwit, e bocahe kok semrinthil kadhang-kadhang nembange durung rampung wis nyuwun dhuwit.Lelagone mengkene ……..
Siji loro telu, tangane sedheku, ngawasake bu guru manawa didangu……
Papat nuli lima, lungguhe sing tata, aja padha sembrana mundhak ora bisa.
Banjur ditirokke putuku :
Siji lolo telu, tangane sedeku, ngawasake bu gulu, manawa didangu…..
Papat nuli limo, lungguhe sing tata, ada pada semblana mundak ola isa.
Rampung nembang dak wenehi aplaus...... pinteeer ...... karo dak paringi lembaran rupiah, banjur dipamerke mase “kak saya dibeli uang bapak kun ( yen nyeluk aku bapak kun, karepe bapak kung ), banjur nggoleki utine” uti , ival (Rival), titip uang ya…………lan diwangsuli …iya pinter…… uangnya ditabung ya….
Ngono anggonku ngenalake basa Jawa marang putu, paling ora wis dak latih wiwit cilik……….Apa panjenengan kagungan pengalaman liya ? Mangga pengalamane didum…..

Kamis, 05 Mei 2011

tumbal

ing pinggire kutha gedhe
ana wong lanang nggawa larahan
tanpa ewuh pekewuh diguwang
ing kali cedhak omah
larahan pating slengkrah
ambu banger ora betah

ana wong aruh-aruh
pak mpun teng mriku
nika lo teng bak sampah
wong lanang mandeng mentheleng
banjur mlebu omah
metu nggawa arit gedhene sahohah
lon-lonan jumangkah
arit digegem ceket, keket


piye, kowe nantang ya
nyah tampanana
modar kowe
cras ......
adhuh biyung, ampun pak, ampun .....
arit diobat abitake
swara pangadhuh ora digatekake

kowe ngamuka
banggamu sepira
ing kene aku sing kuwasa

Senin, 02 Mei 2011

Kartiniku, Kartinimu.....

Album dina Kartini , tanggal 21 April 2011 ing SMPN2 Surabaya.
Foto 1. Ibu Sutarti, nalika dadi pembina upacara . Paring pangandikan biografine Ibu Kartini lan kahanane wanita jaman biyen .Aja gampang nyerah, sinau sing sregep supaya ora disepelekake liyan, nyambut gawe tumemen kanthi ora ninggal kapribaden lan kodrate wanita.

Foto2.Bapak Hidayat minangka Kepala Sekolah ngersakake foto bareng karo bapak ibu guru sing dina iku mengagem maneka warna batik.”Ayo foto , kanggo cathetan yen dina iki kita ora lali karo perjuangane kaum wanita “ ngono ngendikane. “La ….mangga, setunggal….., kalih….., tiiiiiga…….

Foto 3. Yen mau karo bapak Kepala Sekolah saiki ibu-ibu mangga, lenggah ingkang sekeca, wah aja pepet-pepetan ngono ta………..ngono ngendikane bu Minto Rahayu.

Foto 4. Ibu Hj. Nunung Nurwiyah karo Ibu.Hj. Mientarsih, ngersakake foto ing ruang guru. Wah mangga yen pancen kersa difoto, sapa ngerti putra wayah bisa mirsani foto eyange ……………..

Foto 5. Ing dina iku uga kelas sanga dianake “pembekalan”, kanggo ngadhepi UNAS 2010 -2011.Ana sing nangis ngguguk, ana sing ngadhepi kanthi tatag. Rampung pembekalan banjur nyuwun pangestu marang bapak/ ibu guru. Katon mam Ririn dirangkul sawijining putra kelas IX, dene ing sisihe katon pak Anggit lan sawetara murid liyane.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming