Minggu, 31 Juli 2011

SUGENG SIYAM


Kagem para sedherek ingkang ngrasuk agami Islam, kula ngaturaken sugeng siyam 1432 H, mugi-mugi anggen kita nglampahi ibadah siyam saged nutug, lan kita dados tiyang ingkang ahli ibadah, nindakaken sedaya dhawuhipun Gusti Allah, lan nebihi sedaya laranganipun Gusti Allah. Amin.
Kula sakulawarga
Purwito.

Selasa, 26 Juli 2011

cathetan tilik dusun

Sampun dangu kula boten wangsul tilik dusun nitih kendaraan umum bus .Kaleresan sanget kepengker punika ibu nelpon menawi kula dpun utus nyekar swargi bapak,mila kalodangan punika kula ginakaken wangsul kanthi ngginakaken kendaraan umum.Sontenipun anak kula elik-elik, wosipun menawi bidhal dalu badhe dipun teraken dumugi Bungurasih,boten sisah sepedamotoran. Kula inggih mangsuli gampang mengko.Nanging ing dalu menika badan kula boten patos sekeca, dados jam sedasa dalu kula boten siyos bidhal. Pancen sampun nglilir,nanging badan taksih awrat sanget. Anak kula kadosipun inggih sampun sumadiya badhe ngeteraken, nanging boten wantun gugah-gugah.Wekasan bibar sholat subuh kula bidhal sepedha motoran. Dumugi Bungurasih muter-muter pados panggenan parkir, mrika mriki kok inggih kebak,kanthi ngrekaos pikantuk sisih kidul wetan menika kemawon setengah meksa.
Jam setengah pitu bus Eka jurusan Ponorogo tleser-tleser bidhal ninggalaken Bungurasih. Lampahipun bus sanjawinipun kitha balap kados dipun sawataken, lan namung kendel wonten saben terminal perlu mandhapaken lan nginggahaken penumpang.
Drs. Prawoto. Ing salebeting bus kalawau kula pikantuk tepangan ingkang kaleres lenggah jejer kula, asmanipun drs Prawoto.Ngobrol mrika-mriki wekasan inggih blaka menawi panjenenganipun sawijining dwij a ing SMP Negeri Surabaya lan mucal matematika.Pak Prawoto tindak dusun wonten Goranggareng tlatah Magetan. Kula inggih nyuwun pirsa” Menawi sonten punapa boten maring les matematika pak ?”lan dipun wangsuli “Boten, boten . Menawi sonten kula muruki ngaji, ngiras ibadah “Lajeng kula komentari “ Wah jempol kagem panjenengan “.

Watawis jam 11.00 kula sampun dumugi kitha reyog Ponorogo, kula lajeng madosi bus dhateng Pacitan. Bus mini ingkang isinipun watawis selangkung, namung wonten penumpang wolu.Bus bidhal, wonten ing salah satunggaling panggenan kendel sekedhap ngampiri semah lan anakipun pak sopir.Penumpang wolu dipun tambahi semah lan anakipun pak sopir, bus inggih taksih glondhangan.Inggih boten aneh menawi salebeting bus kalawau sami gegojegan antawispun pak sopir,anakipun pak sopir ingkang keleresan jaler ,kernet bus lan ibunipun lare kalawau.Dumugi Gemaharjo kendel sawetawis malah kepara radi dangu, kalodangan kalawau kula ginakaken mlampah-mlampah ngeling –eling wekdal kepengker, kawontenan owah gingsir manut kemajenganipu jaman. Gemaharjo saya rejo.Wonten Gemaharjo menika antawisipun anakipun pak sopir wawan rembag nanging kok ngangge basa Indonesia, upaminipun “ Papa kok cemberut “ lan sanes-sanesipun. Bus lajeng bidhal, anggenipun gegojegan kaliyan anak taksih dipun lajengaken, pak sopir ngajari etang ngangge basa Jawi “ setunggal, kalih , tiga, sekawan,gangsal,” bibar gangsal boten enem nanging “ gangsal tambah setunggal, gangsal tambah kalih, gangsal tambah tiga..........dipun saut kaliyan anakipun “ lo kok gitu, lajeng noleh kaliyan ibunipun “ kok gitu,.... betul ma..... “ ing batos kula inggih nganggit-anggit wong nembe gegojegan ingkang penting sianak rumaos kalipur.Boten kraos bus ngancik laladan Pacitan, hp kula geter mratandani wonten sms mlebet. Kula tingali saking dik Pramono, putranipun bulik ingkang bantu ibu sawanci- wanci wonten karepotan. Dik Mono paring ancer-ancer supados mandhap Tanjungsari, terus nitih becak dhateng Arjowinangun, mangke kathah angkot dhateng Lorok, kula inggih manut kemawon.Wonten becak kalawau kula ngebel Pak Ugeng mitra sinarawedi wonten Surabaya, ingkang dalemipun celak peken Arjowinangun, lan pak Ugeng inggih wonten dalem pas keleresan kondur liburan. Malah kula inggih dipun dhawuhi istirahat wonten dalemipun lan inggih kula wangsuli menawi boten saged amargi wekdal ingkang cupet sanget.. Becak kendel wonten panggenan ngetem angkot jurusan Lorok, penumpang sampun lumayan kathah.
Pas kula ningali jawi, kok wonten sepedhah kendel, kula setitekaken kok kados pak Ugeng, kula langsung mandhap, pak Ugeng saestu.”Taksih dangu kok pak, ngentosi kebakipun,” ngaten ngendikanipun pak Ugeng. Kula inggih janji menawi Gusti Allah marengaken kula badhe sowan.Boten sawatawis dangu bus mini jurusan Lorok bidhal,dumugi Tulakan kendel , penumpang kirang lan kula kaliyan sawetawis penumpang dipun operaken bus ngajengipun.Dumugi Baran, sampun dipun papag dhik Pramono kula lajeng nyengklak sepeda Jepang.Boten dangu sampun dumugi Wonodadi, dik Mono criyos menawi adhik kula ragil ingkang dados guru SMP wonten Bandar inggih dhateng, malah inggih tumbas gledhegan Jepang senaosa boten enggal. Dinten Sabtunipun kula matur ibu, menawi bibar nyekar swargi bapak, kula badhe wangsul dhateng Surabaya. Nanging ibu boten pareng, “mbok ayo nyambangi budhemu neng Panggul, wong wis suwe ora rana,” ngaten ngendikanipun. Kula gagas-gagas inggih manut ngendikanipun ibu, kula piyambak sampun dangu boten sowan budhe.Wekasan ing dinten Sabtu kula ndherekaken ibu dhateng Panggul. Isinipun gledhekan Jepang adik sakulawarga kula lan paklik Ahmadi adikipun swargi bapak tunggal bapak seje biyung. Dumugi Panggul watawis jam sedasa, lan alhamdulillah kepanggih budhe lan mbak Sri ingkang tinanggenah ngrumat budhe. Budhe inggih gita-gita sanget dipun sambangi ibu saputra wayah. Budhe ingkang yuswanipun ndungkap wolungdasanan taksih sehat walafiat taksih ethes, malah kadosipun taksih kiyeng budhe kaliyan ibu.Watawis jam setunggal kula sarombongan nyuwun pamit budhe kanthi pawadan semahipun adhik jam wolu dalu jagi wonten Puskesmas ing tlatah Tegalombo Pacitan.Budhe inggih owel,” iya kowe wingi rak bar ka kene ta, saiki wis rene maneh “ lan inggih kula wangsuli “inggih boten ngaten budhe , mangke menawi kedangon selak jawah “ ibu inggih nambahi “ wis ta yu.... kapan-kapan tak mrene mane “. kula lajeng wangsul.,Dumugi Wonodadi watawis jam tiga.Badan raosipun sayah sanget, kula lajeng leyeh-leyeh. Jam sekawan nembe tangi, kawontenan jawah, kamangka kula dereng nyekar. Ing kawontenan jawah kalawau, kula lajeng beta payung dhateng sareyan. Kawontenan jawah mendung swasana sonten ingkang peteng-peteng damel nglanguting kawontenan. Ing sela-selaning maesan lan pathok-pathok kuburan, kula dedonga mugi-mugi arwahipun swargi bapak tinampia ing ngarsanipun Gusti Allah, amin.Watawis jam setengah gangsal sonten, kula bidhal nilaraken dusun Wonodadi, nunut gledhegan Jepangipun adik. Swasana jawah, lampahipun gledhegan Jepang boten saget lancar. Adik ngengetaken supados dateng Pucangombo kemawon, istirahat wonten mriku, kaliyan ngentosi bus malam Pacitan Surabaya, kula inggih manut. Sasampunipun mandhapaken semahipun ingkang keleresan dados perawat wonten Puskesmas, kula lajeng dateng griyanpun adik.
Ponakan kula, dumugi griya sampun sayah sanget. Bibar nedha lajeng tilem angler. Ing batos kula inggih ngudarasa.... ealah le........ ndhuk abot -abote ditinggal ibu nyambut gawe, kowe cah loro isih cilik-cilik wis bisa mandiri.......Swasana dalu ing padusunan kraos sanget, sepi, tebih saking krameyan, ndadosaken manah kraos asrep, langkung nambahi iman kita dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Bibar nedha dalu lajeng tilem. Watawis jam sewelas dalu, bus Pacitan-Surabaya dhateng , kula enggal-enggal minggah. Watawis jam enem enjing sampun dumugi Bungurasih, kanthi wilujeng.( cathetan ing wulan april 2011, nalika wangsul dateng dusun).

Minggu, 10 Juli 2011

ora cukup mung thenguk-thenguk


Rakyat ing negara-negara kang wis merdika, diperdi dening Pamarentahe supaya bisa maca lan nduweni kasenengan memaca. Pancen kasenengan memaca ( buku-buku kang becik ), iku rekadaya kang becik dhewe lan enggal dhewe kang kanggo nggayuh kemajuwaning bangsa.Klawan nyisihake wewatakane kang ora kita setujoni, kita akoni kasenengane bangsa Jepang ing bab memaca. Iya sarana seneng memaca iku dene bangsa Jepang kang maune meh kabeh buta huruf, ing saturunan wae bisa nututi kemajuane negara-negara gedhe. Saiki ing negara iki wis ora ana wonge kang ora bisa maca, lan aran aneh wong kang ora seneng memaca surat khabar, majalah utawa buku-buku. Kacarita oplaage surat kabar siji kang metu ing Tokyo bae kehe ngungkuli gunggune oplaage surat-surat kabar ing saindhenge negara kita. Nanging kasenengan memaca mau iya kudu pilih-pilih apa kang diwaca. Yen buku kang diwaca nyata-nyata becik isine, iya bakal aweh paedah marang kang maca. Bukune rakyat jaman penjajahan, beda lan buku wacane rakyat ing jaman merdika.Dek jaman penjajahan, dening penjajah prasasat disebar anane buku-buku wacan kang isine klawan ndidik rakyat supaya ora nduweni kapercayan marang diri pribadi. Diangkah supaya rakyat lestariya tutut mbangun turut, aja ana kang mbengkang prentah, aja ana kang lumawan :
DEDALANE GUNA KLAWAN SEKTI,
KUDU ANDHAP ASOR,
WANI NGALAH LUHUR WEKASANE,
TUMUNGKULA YEN DIPUN DUKANI,
BAPANG DEN SIMPANGI,
ANA CATUR MUNGKUR.
Tembang Mijil iki dhek biyen ora mung anjrah dilagokake ing kalangane rakyat, ing tontonan ,kethoprak lsp, malah ing sekolahan iya diwulangake. Cetha banget isine mung lagu “mbangun turut” utawa ninah bubuk. Mula iya ora anggumunake yen nganti saprene isih akeh banget kang isih padha kawarisan nguler- kambang nrima pandum, ngrasa apes sarwa ringkih.Dhek biyen sadurunge kita merdika, yen rakyat kita ora nduweni semangat berjuang nedya ndandani panguripane, sing diluputake pendidikan kolonial. Yen rakyat kurang enggone nduweni inisiatif, ora nduweni autoaktiviteit, sing diluputake pendidikan penjajah.Saiki ,negara kita wis merdika. Yen ta kita isih panggah nguler kambang, isih mlempem, isih ora pecaya karo kekuwatane dhewe, isih ora ngandel marang kapinterane dhewe, sing diluputake dudu pihak liya maneh, dudu pendidikan kolonial, nanging kita dhewe.
Saiki wis dudu mangsane maneh bocah-bocah kita nglagokake lagu-lagu kaya jaman kolonial biyen : kang ora sethithik kang isi rasa pangrasa apes lan pepes, kaya upamane iki :
CILIK MULA CILAKA WAK MAMI,
MANGGUNG DADI LAKON,
NISTHA PAPA WUS NGLAKONI KABEH,
AMUNG SIJI KANG DURUNG NGLAKONI,
MUKTI LAWAN MATI,
PUNDI MARGINIPUN.
Pancen bener, mbiyen cilik mula kita cilaka, nistha papa wis nglakoni, nalika semana urip ing jaman penjajahan. Nanging saiki kudu ora kena nduweni ati pepes lan gampang mupus. Kudu bisa berat rasa pangrasa mau, minggkis lengene klambi, cancut taliwanda , berjoang kanthi kapercayan diri pribadi.
Nadyan wis merdika, ora cukup mung thenguk-thenguk ngenteni tekane kethuk, kang isine kencana sesotya abyor.
Aja padha kleru tampa marang ramalane pujangga Ranggawarsito kang sanyatane panjenengane ora nate nganjurake supaya wong kang wis merdika iku kesed-kesedan : thenguk-thenguk bae, nanging malah ngatag supaya makarti, katandha panguwuhe ing ukara :”Esthinen mulih kelakon “. Esthinen, sarta lakonana, tindakna, perjuangna, nganti kelakon.( sumber :percaya diri pribadi-imam supardi-mei-1960, tulisan disalarasake ejaan anyar )
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming