Senin, 22 Agustus 2011

SUGENG ARIADI 1432 H



dhandhanggula amba amiwiti
wulan Syawal ing warsa Hijriyah
sawusnya siyam nindakke
tigang dasa ri nutug
meper dhahar lawan guling
uga tingkah lan pangucap
iku kang tinuju
amung nengenke ibadah
konjuk Gusti kang murbeng dumadi
slamet donya delahan

wiwit dalu dumugining enjing
takbir saha tahmid angumandhang
Ngagungken apangeranNe
Gusti Allah satuhu
Panguwaos kang rohman rohim
saindheng jagad raya
datan angon wektu
kabeh saisi bawana
tan ana kang luput takdir illahi
mula pancen sanyata

Umat Islam ing jagad puniki
ngantu antu dinten ingkang mulya
Idul fitri ya arane
kakung putri nom sepuh
gegancangan tindak tumuli
tan cicir sakluwarga
wya supe ruh-aruh
kanan kering pra tangga
kantun milih pundi ingkang suka ing galih
ing masjid apa lapangan

lenggah jajar urut kanan kering
ngajeng wingking tan ana kang gothang
anyemut tan rinasakke
mirengken khotbahipun
pangarsaning agami nenggih
iya da’i lan ustad
tan bosen pitutur
dadya umat ingkang setya
adhedhasar kitab Qur’an saha Hadis
tuntunan umat sadaya

sampun rampung sholat idul fitri
samya suka karenaning driya
sesalaman gebinage
gegancangan dha kondur
sampun nengga nisepuh nuli
mapag agita-gita
sembah sungkem konjuk
tandha setya mring sudarma
nyuwun idi pangestu lan pangaksami
apura lan ingapura

kepareng kula taliman tabik
kagem sedherek lan para mitra
tan saged anyebutake
kula saanak putu
ngaturken sugeng riadi
jipatluro hijriyah
siji syawal wektu
ari ingkang tuhu mulya
pangaksama lahir trusing batin
manggya ing karaharjan

Minggu, 21 Agustus 2011

abang putih ing tapel wates Indonesia-Malaysia


Kurang luwih 4000 wong, saka anggota TNI, POLRI, pelajar lan warga ing tapel wates, menthang gendera abang putih sing dawane 3000 meter tanggal 16 Agustus 2011, jam 14.00 WITA. Aksi sing digagas LSM Panjiku bebarengan karo Barisan Pemuda Perbatasan , diwiwiti ing titik nol RI-Malaysia, tepate ing petok 215 A, Desa Sekadayan Taka, Kecamatam Nunukan, Kabupaten Nunukan. Manut ketua LSM Panjiku Nunukan Mansur Rincing, ide aksi kasebut thukul saka nurani masyarakat Nunukan, kususe warga tapel wates.”Kadidene warga ing tapel wates, kita ora kepengin yen tapel wates iki dijajah negara tangga ing sektor ekonomi. Kita kudu njaga kedaulatan Republik Indonesia, “ omonge.Kanthi aksi kasebut, warga ngajab Presiden RI Susilo Bambang Yudoyono, supaya langsung ndeleng kondisi warga ing tapel wates sing sasuwene iki terisolasi.Manut dheweke, aksi kasebut lagi iki ditindakake ing wilayah tengah Indonesia.”Iki sekaligus kado istimewa kanggo negara. Apamaneh jroning wektu 66 tahun Indonesia mardika, lagi iki kita mengeti kamardikan kang bebarengan karo 17 Ramadan, “ omonge.
Mansyur uga ngaturke panuwun marang kabeh warga Nunukan, TNI, POLRI, pelajar lan Muspika sing nyengkuyung aksi kasebut. Ketua Pemuda Pancasila Kabupaten Nunukan Muhammad Nurdin Kule nyatakake, kegiatan iki mujudake upaya kanggo ngrabuk rasa nasionalisme ing tapel wates.” Sasuwene iki kawigaten saka pemerintah pusat minim banget.Kanthi kegiatan iki, aku kabeh ngareparep ,pemerintah nuruti pepenginane warga. Aku kabeh ngareparep, pemerintah pusat ndadekake daerah tapel wates dadi maju”omonge.Ketua panitia Haris Arlek nyatakake siap nggelar aksi sing padha ing daerah saliyane tapel wates.” Nanging modele seje, ora menthang gendera, “ omonge.
MENEK UWIT SING DHUWURE 100 METER, ING MEDAN.
Salah sijining warga Desa Namo Batang, kecamatan Namo Rambe, Medan duwe cara unik kanggo nyambut HUT ka 66 RI.Marhen Sembiring, 42,duwe niat ngibarake gendera abang putih ing sandhuwure wit raja(tualang), sing dhuwure 100 meter ,tanggal 17 Agustus 2011, jam 13,00, sawise upacara. Wingenane(16/8), kirakira jam 12,00 bapak kang duwe anak telu iki, menek uwit sing dhuwure 100 meter masang cagak gendera. Dheweke uga nulis HUT ke 66 RI, nganggo cet abang ing dhuwure wit kasebut.
Aksi Marhen mau gawe penasaran warga Kecamatan Namo Rambe. Malah, warga nutup dalan sing ambane patang meter kanggo nglancarake lan antusianisme anggone nyekseni aksine Marhen.
“Wiwit tahun kepungkur, aku kepengin masang gendera ing dhuwure wit tualang iki. Nanging ora ana sing nyengkuyung kekarepanku mau. Tahun iki lagi bisa kaleksanan sawise Kepal Desa Bekukul nyengkuyung. Aku mung kepengin masang gendera abang putih ing ndhuwure wit iki, ora duwe niat liya “. Omonge Marhen nalika ditemoni sawise menek wit sing dhuwure 100 meter.
Kepala Desa Bekukul R. Simbolon nalika dikofirmasi mung kepengin mbantu kekarepane wargane mau”Tanggal 17 Agustus iki, dheweke menek maneh kanggo ngibarake gendera abang putih ing ndhuwure wit raja kasebut. Eman banget, pihak kecamatan ora ana sing nyengkuyung, kamangka wis ngirim undangan “. Omonge.( sb jp17811 )

Jumat, 19 Agustus 2011

17 agustus 2011



.......tujuh belas agustus tahun empat lima......itulah hari kemerdekaan kita.......hari merdeka.....nusa dan bangsa.......hari lahirnya bangsa Indonesia...........
Lagu mars kang dilagokake kanthi sigrak mau keprungu nalika aku melu upacara gendera ing sekolah , dina Rabu tanggal 17 Agustus tahun 2011.
Pengeten kamardikan sing kaping 66 Republik Indonesia tahun iki mabarengi wulan siyam, aku kok njur
kelingan nalika umur sewelasan tahun, kelas papat SR/ SD, kang melu karnaval lan maneka warna lomba. Lan aku iya niteni saben Agustusan , saliyane uoacara gendera, mesthi ana pameran.Biyen jenenge exposisi, yaiku pameran kerajinan utawa prakarya sing dieloni SD lan SMP ing lapangan kecamatan Ngadirojo, kabupaten Pacitan. SMA /SMK durung ana, dadi yen kepengin neruske SMA, SPG, lan sekolah liyane iya kudu menyang Pacitan , sing adohe 38 km saka Lorok. SMP wektu iku mung Taman Dewasa(TD), SMP Swasta lan SMP Muhammadiyah, SMP Negeri ana tahun 63 an, kang jenenge SMP Negeri Lorok. Dhek jaman samana durung ana barang saka plastik, dadi sing dipamerke sabangsane kebutuhan rumah tangga kayata :irus saka bathok klapa gading, siwur saka bathok klapa, serok saka pring ,kalo yaiku saringan klapa saka pring, kesed saka sepet , sulak iya saka sepet klapa kang dithutuhuki utawa sulak saka wulune pitik, kenthing , pithi, krembu wong ya pring iya ora kurang, kelud saka sepet lan sapanunggalane. Ora keri sabangsane wayang sing digawe saka kardus, iya dipamerake.Saben SD oleh stand, stand mau dipayoni kepang blarak klapa. Ya ing stand mau diisi ketrampilane para murid, ketrampilan sing pancen akeh pigunane salaras karo umure bocah-bocah sekolah.Pengunjung jejel riyel amarga kepengin pirsa asile para putra , lan akeh sing padha tuku,karyane para putra mau. Saben barang sing payu para murid iya oleh pituwas semene presen, mula saben murid apik-apikan nggawe prakarya supaya payu. Saliyane pameran, ing bengi iku uga ana maneka warna tontonan kayata wayang wong, andhe-andhe lumut malah tau ana wayang kulit barang. Bisa dibayangake, sawise kesel mubeng-mubeng ndeleng stand lan mborong sing dikersakake, banjur lungguh ngematake tontonan kari milih, karo themal-themil mangan kacang.O iya ing SDku biyen prakarya sing layak jual, sewulan sepisan bocah-bocah didhawuhi dodolan asil karyane ing pasar sing ora adoh karo sekolah. Lan ya kaya sing dakaturake , barang sing payu murid oleh bageyan samene rupiyah.
KASTI.
Saliyane ekposisi ana pertandingan olah raga sing banget merakyat yaiku kasti. Jago kasti dhek jaman samana yaiku SD Wonokarto lan SD Sidomulyo, sejene 2 SD mau iya ana team sing kuwat yaiku Ngadirojo, Bogoharjo lan sawetara SD liyane. Bal kasti cilik, saemper bal tenes nanging atos banget lan ora bisa mendal kanthi sampurna.Sing nakalan nggawa bal kanthi nguber, disawatke ing perangane awak mungsuhe, mesthi wae mungsuhe kelaran nanging ora dirasakke, terus anggone main nganti rampung karo wektu sing ditemtokake.
Wah crita jaman biyen ora ana enteke, kebak cathetan kang sarwa endah ,sarwa nyenengake ,nostalgia kang ora dak lalekake.

KEGIATAN ING SMP 2 SURABAYA.
Ing sekolah SMP 2 Surabaya, iya ana lomba lan upacara gendera. Sing dilombakake yaiku, sing ora ngetokake fisik salaras karo wulan siyam,yaiku lomba adzan, pildacil, fasion moslem lan nggambar poster. Tanggal 17 Agustus 2011 minangka gonging kegiatan dianakake upacara gendera lan dum-duman hadiah.Sing dadi pembina upacara pak Mimin Haryoto wakasek, amarga Pak Hidayat minangka kepala sekolah upacara ing Dinas Pendidikan kota Surabaya
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming