Minggu, 06 November 2011

Kebun Binatang Surabaya, dhuh komodo ...... dhuh satwaku..........

Bebarengan karo kawentare kang terus deder, komodo dipilih dadi ikon Kebun Binatang Surabaya. Nanging dadi logo anyar KBS, ora njamin “ senenge “ komodo ing kebun kewan kang umure 95 tahun iku.
Dina Minggu (23/10) jroning kandhange, komodo mati siji. Tim dokter nduga paneyebab matine kewan mau amarga infeksi ing saluran telur, nanging ing awake uga ditemokake tatu njarem. Saliyane iku, ing Kebun Binatang Surabaya (KBS), uga ora aman maling kewan. Ing wulan Maret, anak komodo sing cacahe telu amblas saka kandhange. Sarwa nggregeteke, nganyelake , megeleke, ironis, Ora adoh saka kandhang komodo dipasang spanduk iklan pemihan komodo kadidene keajaiban donya :”Komodo Kita Keajaiban Dunia “. Matine komodo nambah daftar dawa kewan sing mati ing KBS. Sawetara dina teruse, siji babi rusa ya mati, banjur baya muara, bekantan, ula piton, gajah lan jalak bali sing mati luwih dhisik.
Manut data KBS, Januari nganti September 2011, wis ana 245 kewan sing mati. Pancen kanthi populasi 4.020 kewan, mesthi ana kewan sing mati. Mung wae matine kewan mau amarga lara, ora kok wis tuwa. Warsito, salah sijine karyawan sing wis nyambut gawe ing KBS wiwit tahun 1994, ngelingake matine kewan kang akeh, wis kedadean makaping-kaping. “ Matine kewan iku wiwit maneh wiwit 2006. Wektu iku ana konflik , kepengurusan. Kahanan mau terus nganti saiki “ omonge. Manut dheweke, konflik jroning pengelola KBS ndadekake karyawan kaya dheweke ora nyaman nyambut gawe “ Ya bener tetep nyambut gawe, nanging rasane tetep ora legawa “ omonge. Liang Kaspe, Kepala Rumah Sakit Hewan KBS, ngakoni yen umume kondisi kewan ing ing KBS ora “ sejahtera “. Iki antara liya disebabke kondisi kandhang sing ora layak dienggoni amarga kepangan umur. Ndandani kandhang saya arang-arang.Wiwit dibangun taun 1916 nganti saiki ora ana renovasi kandhang gedhen-gedhen. Macan ing bonbin iki prasasat ora weruh padhange srengenge, amarga kandhange ciut lan katutup. Iwak-iwak ukuran gedhe uga dikunjara jroning akuarium ciut lan peteng. Maneka warna rusa ya ora bisa mlayu kanthi bebas amarga ana pager wates.
Direktur Lembaga Pemerhati Konservasi Profauna, Rosek Nursahid mbiji akeh kandhang KBS ciut lan ora dijangkepi panggonan sing bisa kewan-kewan mau bisa urip alami. Wates antarane pengunjung lan kewan cedhak “ Dadi pengunjung bebas nindakake apa wae karo kewan mau.Pengunjung bisa nyawatke panganan menyang njero kandhang “ omonge. Lan ya bisa dipesthekake kewan dadi korban. Saka jero wetenge kewan sing mati, petugas kerep nemokake gulungan plastik lan gombal. Rosek mbiji. Kandhang sing ora layak nduweni akibat mudune kebebasan lan kuwarasane kewan. Kahanan ngono mau saya runyam kanthi anane konflik tarik ulur sing ngelola KBS. Konflik diwiwiti taun 2000 an . Diwiwiti saka konflik internal, banjur mrembet kegiatan konservasi satwa saya minim. Akibate bisa dibadhe akeh kewan sing lara lan pungkasane ya mati. Konflik antara liya iya muncul amarga potensi ekonomine. Mbladere panggonan hiburan modern ing kutha Surabaya pranyata ora ngurangi minate masyarakat nekani KBS. Saben pungkasane minggu lan liburan KBS dijubeli ora kurang 5000 pengunjung. Mula saka iku akeh wong sing modale kuwat kepengin nguwasani lahan kang jembare 15 hektar. Apa maneh panggonane strategis ing kutha Surabaya. Tahun 1999 upamane , meh wae “hutan kota “ pindah tangan menyang sing modhale kuwat arep didadekne pertokoan lan hotel.
Gonjang-ganjing konflik pengelolaan KBS , kepeksa Menteri Kehutanan Zulkifli Hasan nerbitake keputusan bab Tim Pengelola Sementara Kebun Binatang Surabaya (TPSKBS). Tim sing ketuane Tony Sumampau iki, nduweni tugas ngelola KBS lan njaring investor sing nduweni potensi. Tugas tim iki “ diperpanjang “nganti Februari 2012. Manut Tony , sasuwene TPS nyambut gawe, wis akeh owah-owahan ing KBS. Lingkungan KBS luwih resik, kewan sing amti ya suda adoh. Mung wae , kanggo ndandani KBS mbutuhake renovasi total. .” Butuh dhuwit kira-kira 90 milyar kanggo renovasi total.Dadi perlu ana investor, “ omonge Tony. Ya amarga masa kerjane TPS mau njalari konflik anyar. Walikota anyar Tri Rismaharini rengu amarga lahan KBS , sawijining aset Pemkot Surabaya. Mula saka iku pengelolaan KBS luwih apik ditangani Pemkot Surabaya. Risma wis ngajokake proposal menyang Menhut supaya bisa ngelola KBS, “TPS ora perlu nggolek nggolek investor, amarga Pemkot dibantu sakabehing pegawai KBS sing wis kompeten banget, bakal bisa ngurus kewan kanthi profesional. Aja nganti KBS dadi hotel “ omonge Risma.
Rosek iya ngomong yen sing ngelole mung golek untung thok njagakake dhuwit sing mlebu KBS, ora layak ngelola kebun binatang mau.. “ Apa maneh nganti ana ada-ada mbangun hotel sing menune kewan ing KBS. Iku ora cocog upaya koservasi .” omonge Rosek ( sumber.kom.1.11.11 ).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming