Minggu, 19 Agustus 2012

Sugeng Ariadi 1 Syawal 1433 H.

Amungkurken wulan siyam,
Setunggal Syawal Hijriyah anenggih,
Kepareng kawula matur,
Sedaya sanak kadang,
Ya, Taqabalallahu Minna Wa Minkum,
Nyuwun gunging pangaksama,
Dinten endah Idul Fitri.

Kamis, 16 Agustus 2012

LAMBANG NEGARA INDONESIA

Kapan Garuda dadi lambang Negara Indonesia?
  Nalika Bung Karno ngrumusake Pancasila dhek tanggal 1 Juni 1045, panjenengane kepengin konsepe divisualake. Visual mau arep dianggo minangka lambange negara.Nanging lambang mau ora dadi kawigaten nganti limang tahun candhake. Lagi ing taun 1950, Bung Karno kanthi resmi nganakake sayembara lambang Negara. Tanggal 10 Januari 1950, Bung Karno mbentuk panitia sing tugase nyeleksi urusan lambang Negara. Koordinatore Sultan Hamid II, menteri negara zonder portofolio.
Klakon loro kapilih yaiku karyane Sultan Hamid II lan M Yamin. Loro-lorone gambar garuda. Simbol loro mau diajokne ing DPR Republik Indonesia Serikat ( RIS). Sing kapilih yaiku karyane Sultan Hamid II, dene karyane M Yamin dianggep ana pengaruh Jepang amarga ana sunare srengenge.Lambang mau dituduhne marang Bung Karno tanggal 8 Februari 1950. Sawise dibenakke lan disampurnakake sawetara, gambar garuda mau disetujoni minangka lambang resmi Negara RIS , tanggal 11 Februari 1950. Bung Karno banjur ngenalke marang publik tanggal 15 Februari 1950 ing Hotel Des Indes. Tanggal 20 Maret 1950, gambar mau disampurnakake maneh dening pelukis istana, Dullah. Kanthi Peraturan Pemerintah No.66 Tahun 1951, lambang mau resmi digunakake.
 Saka ngendi asale Garuda ?
 Garuda minangka jeneng umum elang mitologis.
Manuk iki tinemu ana ing relief-relief Candi Dieng (abad ka 9 ). Sirahe kaya manungsa nanging duwe cucuk. Relief ing candi Prambanan lan Panataran uga ngemot gambaran manuk Garuda . Saliyane ing relief, Garuda digunakake lambang lan stempel kraton-kraton ing Jawa. Ing jagading pewayangan, Garuda kondhang minangka paraga sing kebak kekendelan, setya, lan kinormat.Gambaran mau ana ing carita seri Ramayana sing diadopsi kanggo lakon wayang. Jenenge manuk mau Jatayu. Kekendelane Garuda pancen rumaket nganti Indonesia mardika.

Jumat, 10 Agustus 2012

Kapan jeneng Indonesia muncul wiwitan ?


Sadurunge iku akeh julukan kanggo Indonesia. Sing paling umum yaiku Nusantara, nusa tegese pulo, antara yaiku seje utawa seberang. Tembung mau dianggo Majapahit kanggo sebutan wilayah telukane, sing nyakup saka bawana Asia nganti Australia. Sebutan mau tinulis jroning naskah-naskah Jawa Kuno ing abad ka-14.
Ngancik abad ka 17, pulo-pulo sing ngasilake rempah iki biasa disebut Ost Indische ( Hindia Wetan ).Ana uga sebutan Kepuloan Hindia ( Indian Arciphelago), Samodra Wetan ( The Eastern Seas), lan Insulinde( Pulo-Pulo Hindia ).
Ing taun 1850, George Samuel Windsor Earl, sawijining pelancong lan pengamat sosial saka Inggris ,  nggagas tembung Indonesia kanggo makili kelompok ras manungsa (polinesia) sing manggon  kepuloan Hindia (etnografis). Mitrane James R. Logan, sawijining etnolog, nduweni panemu tembung Indonesia luwih apik dilebokake ing istilah geografis amarga cekakan saka  Kepuloan Hindia, lan kanggo nyebut sing  manggon/penduduke, Logan usul Indonesian.
Landa luwih sreg milih jeneng Hindia- Belanda.
Alternatif jeneng Hindia-Belanda nate diangkat ing taun 1919. Volksraad diskusi  bab papat jeneng sing diusulake yaiku : Indonesie, Insulinde, Hindia Belanda, lan Oost-Indie. Jroning pemungutan swara tanggal 26 April, jeneng Insulinde menang kanthi 16 swara. Nanging sawetara dina bacute, keputusan mau dimasalahake, minangka gantine Hindia dipilih tanpa ana udreg-udregan  kanthi alasan yen jeneng mau pancen wis dikenal  apik .
Ing wulan Oktober 1920, Komisi Negara kepengin ngowahi konstitusi  Hindia Belanda.Sawise disetujoni  pamarentah, pasal 1 muni;” Kerajaan Belanda meliputi Belanda, Hindia Belanda, Suriname, dan Curacao….”Pasal iku didiskusekake jroning Volksraad ing Batavia tanggal 26 -29 April 1921.
Sadurunge iku, ing awal taun, Dirk van Hinloopen Labberton, sawijining guru rumangsa trenyuh karo gerakan lan partai-partai kang muncul ing Jawa, nyiapake amandemen lan ngusulke jeneng Indonesia. Dheweke nyiapake karo Ch.Crammer lan Th. Vrede, saengga dikenal minangka  Labberton-Cramer-Vreede. Amandemen iki ditolak saengga ora dibahas jroning sidang Volksraad wulan April 1921. Sawetara wong ing  Volksraad ngremehke “ lagi pantes jeneng mau kanggo salah sijining cerutu “.
Ing wiwitan, pemerintah wis negesake yen sebutan  Hindia –Belanda sacara esensial  wis duwe teges jroning hokum internasional.
Second Chamber saka parlemen ing Walanda nganakake diskusi  tanggal 1 November 1921, oleh inpirasi amandemen Labberton-Cramer-Vreede, W.van Ravestern wakil saka komunis, njelasake maneh sebutan Indonesia. Nasibe sami mawon. Amandemene ditolak.
Digunakake kanggo identitas politik.
Para mudha cerdik cendikia sing nempuh studi ing Nagara Walanda ngganti jeneng pakumpulane Indische Vereeniging (Perhimpunan Hindia) sing madeg taun 1908 dadi Perhimpunan Indonesia (PI ) taun 1925. Tembung Indonesia digunakake jumbuh  karo sawijining gegayuhan negara anyar lan identitas politik.
Nalika konggres Demokratis Internasional kang manggon ing Bierville, cedhak Paris, Agustus 1925, kanggo sing wiwitan jeneng Indonesia dikenalke. Mohammad Hatta makili PI, jroning pidatone mratelakake perjuangan rakyat Indonesia nggayuh kamardikan nasional. Amarga nggunakake jeneng mau kanggo politik, pamarentah Walanda nglarang  tembung Indonesia ing Hindia Belanda. Nanging ora ana sing bisa mbendung.(maneka warna sub,nhis312kc8384pjb).




Senin, 06 Agustus 2012

Saka ngendi asale "Jolly Roger " ?


 “Jolly Roger “ gendera sing dianggo para bajak laut kanggo neror calon korban, bisa kita deleng ing film-film sing temane bajak laut. Lepas saka posisine jroning sejarah lan folklore, asal-usule gendera perompak mau ora dingerteni. Gendera sing gambare tengkorak kinanthenan balung awangun aksara X, ing wiwitan kacathet ing  buku harian kapal sakiwa tengene  pungkasaning taun 1600
Ana sawetara panemu asal istilah Jolly Roger. Warna asli gendera begal segara mau abang, iku nuduhake sinyal umum angkatan laut ing abad 17 sing duweni teges “ tanpa ampun “. Dadi bisa wae istilah basa perancis “jolie rouge “ sing tegese “abang ayu “ ditegesi salah minangka “jolly roger” ing basa Inggris. Istilah Jolly Roger  wiwitan  muncul ing “ A General History of the Pyrates “ (1724)  karangane penulis Inggris Charles Johnson. Manut buku mau , istilah sing digunakake kanggo gendera perompak awarna ireng. Gendera ireng sing lumrahe digunakake  kanggo karantina wabah penyakit, dening para perompak  ditambahi  gambar cumplung lan balung awangun X , simbol universal pepati.Be
Begal-begal samodra negesi genderane nganggo symbol-simbol sing nduweni  maneka warna makna.Gambar Jolly Roger sing paling "menarik " lan dikenal jembar yaiku Blackbeard,
dasare awarna ireng gambar rangkane manungsa , tangan tengen nyekel sloki tangan kiwa nyekel tombak kang tombake ngarah godhong waru abang/pralambange jantung manungsa.(kps.5812kc12pjb).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming