Sabtu, 21 April 2012

ANEH NING NYATA

Chelsea pancen diayomi kauntungan ing leg wiwitan Liga Champion malem Kamis 18/4. La piye, iku bisa dideleng saka adohe statistik Chelsea mungsuh Barcelona ing Stamfort Bridge. Barca julukan Barcelona nguwasani 79 persen bal. Barca uga nendang ping 24 sasuwene tetandhingan mau lan enem ngancam gawang Petr Cech.Nanging Chelsea sing mung ping papat nendhang , lan mung siji ngarah gawang nanging gol.Siji-sijine gol mau saka tendhangane Didier Drogba ing menit ka 45, yaiku sing dadi gol kang nemtokake menange The Blues, julukan Chelsea. “ Bal-balan ya ngene iki, teamku pancen beja, untung sekedhung. Sliramu nyambut gawe nggolek kabegjan, kabegjan teka, ya iki sing digoleki,” ujare Drogba. Kanggone Drogba, gol mau nuduhake yen dheweke durung tamat, lan mbuktekake yen Drogba isih pantes ana ing Chelsea kanggo ngontrak maneh ing pungkasaning digelare bal-balan taun iki.
“Kanggo sing ngomong yen aku wis tuwa, pancen kudu bisa ndeleng playuku paling ora siji, loro utawa telung tahun maneh ing lapangan,”ujare Drogba.. Liga Champion tahun iki pancen dadi prastawa endah kanggone pemain veteran Chelsea kayata Drogba, Frank Lampard, Paulo Ferreira, John Terry lan Florent Malauda. “ Aku kepengin menehi hadiah kanggo pemain senior, “ucape Juan Mata, pemain sayap Chelsea.Mung wae Chelsea ora bisa lenggang kangkung, rileks. Amarga bandha menang 1 -0, durung njamin ngamanake tiket menyang final.
Ing tetandhingan kaloro ana ing Nou Camp minggu ngarep, Chelsea kudu bisa nahan imbang Barca sing mbutuhake kemenangan paling ora loro gol. “ Iki asil sing onjo , ora dinuga Sliramu kudu bisa nahan nalika mungsuh dheweke. Iya iku sing ditindakake AC Milan lan Real Madrid. Aku kabeh kudu bisa ngrampungake saben kalonggaran. Wektu iki kanggo nemtokake lolos orane 50 -50 ,” ujare Roberto di Matteo, manager interim Chelsea . “ Isih ana pertandingan kaloro ing kandhange mungsuh lan aku kabeh ya ngerti yen iki pancen angel, angel tenan “ jare Di Matteo. Yen Chelsea bombong kanthi asil mau, Barca suwalike , “ Asil mau pancen ora adil, nanging kepriye maneh, Chelsea sawijining team sing bisa njupuk kauntungan ing tetandhingan mau, “ terang Andreas Iniesta, gelandang Barca. “ Pancen rada aneh ( amarga kalah ) . Iki dudu asil sing dak goleki. Aku ora bisa mikir sinau akeh saka Chelsea, amarga dheweke mung “bertahan “ lan nindakake serangan balik . Iku dudu strategi anyar, “ jare Thiago Alcantara, gelandang nom Barca, marang UEFA.com. (smb.jp.20412 ).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming