Jumat, 28 September 2012

satwa dilindungi disita

Petugas kepolisian kehutanan, Mamat menyelamatkan elang bondol( Haliastur indus) di Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSD ) Jawa Timur, Sidoarjo, yang berhasil disita dari Pasar Burung Larangan, Sidoarjo pada hari Jum'at(28/9). BKSD bekerja sama dengan kepolisian hutan mengamankan masing-masing seekor elang jawa, elang hitam, elang bondol, elang bido, kakaktua kecil jambul kuning dan lisang. ( sumb.komp.29-9-12)

Minggu, 23 September 2012

DONYA NGAKONI BATUR

Taman Bumi Batur ing Kabupaten Bangli, Provinsi Bali, wekasane cinathet minangka sabagean saka Global Geopark Network sing dibawahi UNESCO, yaiku Organisasi Pendidikan, Ilmu Pengetahuan lan Kebudayaan Perserikatan Bangsa-Bangsa.
Cinathete saka lembaga internasional kasebut, Taman Bumi Batur perlu dikelola kanthi intensif lan ngrangkul pemangku kapentingan, kalebu ahli geologi. Dipilihe Batur minangka anggota Global Geopark Network (GGN),diananakake ing dalem Konferensi Geopark Eropa Ka 11, ing Portugal tanggal 19 – 21 September. Ing forum mau, Taman Bumi Batur rebut unggul mungsuh 16 taman bumi liya negara.
 Kepala Badan Geologi Sukhyar mratelakake, kabar kasebut ditampa dina Kemis(20/9) bengi, saka tim Badan Geologi, sing dipimpin Sekretaris Badan Geologi Yunus Kusumahbrata, sarta tim saka Kementerian Pariwisata lan Ekonomi Kreatif. “Iki lo geopark internasional wiwitan ing Indonesia,”omonge, dhek dina Jumat(21/9), ing Bandung Jawa Kulon. Wektu iki Cina , siji-sijine negara kang paling akeh nduweni taman bumi internasional ngancik 26 lokasi. Negara tanggane Indonesia kayata Malaysia wis duwe taman bumi internasional Langkawi lan Australia iya duwe Kanawinka. 
Taman Bumi Batur, sawijining kawasan kang jembare 100 kilometer pesagi kang nyakup Kaldera Gunung Batur lan tlaga. Sukhyar nerangke, katagori taman bumi berskala internasional kudu nduweni bentang alam sing unik sarta wangunan geologi sing narik kawigaten. Salah siji faktor sing nyengkuyung kapilihe Batur yaiku budaya kang sesandhingan karo kawasan geologi kasebut, antara liya Desa Trunyan, Kecamatan Kintamani.
 Desa iki nduweni budaya sing umure atusan taun kayata mepasah, nyeleh jenazah cedhake wit sing aromane wangi. Sukhyar nerangke, Badan Geologi nduweni ancang-ancang ngajokake sawetara panggonan maneh, kayata Taman Bumi Merangin ing Jambi, sing nduweni kaunikan geologi fosil saka flora. Sateruse daerah Toba ing Sumatera Lor, Pacitan ing Jawa Wetan, Raja Ampat ing Papua Kulon.
 Kintamani antusias
Masyarakat Kintamani, Kabupaten Bangli, Bali mangayubagya prastawa diakoni Taman Bumi Batur dening UNESCO. Sadurunge iku pancen wis nyiapake sosialisasi geopark iki menyang sekolah-sekolah wiwit rong taun kepungkur.Camat Kintamani Wayan Dirga Yusa mratelakake, masyarakat antusias ngenani usul kawasan Kaldera Batur supaya diakoni dening UNESCO.Fakta sosial budaya ora direkayasa lan apa anane ing kawasan geopark iki, jarene.Entitas budaya, pendidikan lan ekonomi pancen wis ana kanthi natural ing kaldera Batur.
Pamarentah ing Kabupaten Bangli bebarengan masyarakat wis nyiapapke 22 side ing kawasan kaldera. Papan-papan jeneng wis dipasang ing sakabehing side, kayata side budaya ing desa Trunyam lan side ekonomi ing Desa Buahan. Perbekel (Kepala Desa) Buahan I Wayan Antara rumangsa bombong kanthi anane pangakon mau.( sumb.kom. kc.22.22912.pjb).

Kamis, 20 September 2012

"BUSHMEAT" SING AGAWE CURESE SATO GALAK

Bushmeat ing kamus Oxford nduweni teges jinising panganan sing asale saka daging sato galak ing Afrika. Kabiasan mangan daging sato galak pancen akeh ditemokake ig Afrika.Nanging, kabiasan mau uga timnemu ing Sulawesi Lor. Ing daerah iki sebagean warga duwe kabiasan mbebedhag lan mangan maneka warna kewan, tanpa pilih-pilih.
Kewan sing dipangan wiwit saka, anoa, babirusa, babi hutan, kuskus, monyet, kucing alas,ula nganti maneka warna manuk kalebu rangkong. Malah kewan sing diingu kayata asu lan kucing iya dipangan.
 Dhuwure konsumsi sato galak ing Sulawesi Lor nyebabake sawetara spesies sing diayomi kaancam cures. Jane Onibala lan Sylvia Laatung jroning Busmeat Hunting in North Sulawesi and Related Conservation Strategies (2007), nyebutake yen sawetara kewan sing kaancam cures akibat diburu yaiku babirusa, anoa lan yaki utawa monyet ireng Sulawesi.
Ora mung kanggo keperluan subsisten, diburune sato galak ing Sulawesi Lor wis ngarah gaya hidup EJ Milner-Gulland lan Lynn Claiton jroning The Trade in Babirusas an Wild Pigs in North Sulawesi (2002), nemokake yen tingkat konsumsi sato galak biasane mundhak ngadhepake pengetan dina gedhe keagamaan. Daging satogalak malah dianggep panganan mewah lan disuguhake ing acara khusus, upamane bayi lair, perkawinan lan dina gedhe.
 Milner lan Clayton uga nemokake yen akehe pemburu lan pedagang sing dodol daging babi liar lan babi rusa saya mundak angel dipenggak. Ing taun 1948 – 1970 mung ana bakul siji sing dodolan ing Sulawesi Lor. Taun 1970 – 1984, akehe pedagang ana telu lan ing taun 1993 saya ndadra dadi 12. Telung taun candhake akehe bakul sato galak saya tambah, ngancik angka 30. Bebarengan karo akehe wong mburu sato galak, populasi babirusa ing Sulawesi Lor terus suda, malah malah ing sewetara kawasan alas diprediksi wis cures.
Saroyo Sumarto, ahli biologi saka Universitas Sam Ratulangi, Manado, ngomong yen nganti saiki sato galak isih terus diburu amarga ora ana tindakan hukum marang pemburu.Akibate populasi yaki utawa monyet ireng khas Sulawesi Lor terus suda. Sasuwene 30 taun, populasi monyet ireng terus mudhun ngeget.Panaliten ing taun 1980, nuduhake isih ana kurang luwih 300 Macaca nigra saben sakilometer pesegi lahan alas ing Bolaang Mongondow lan Minahasa. Sangang taun candhake, populasi dadi 76. Ing taun 1998 populasine kari 26 saben sakilometer pesegi. Ing hutan lindung Tangkoko, akehe Macaca nigra teru suda. Ing taun 1900, isih nyisa 1.900 saka 3.000 Macaca nigra. Wiwit curese sawetara kewan saka alas Sulawesi Lor, ndadekake para bakul nekakae sato galak saka Gorontalo lan kawasan liya ing Sulawesi.( sum.kom1912-pjb).

Senin, 17 September 2012

Ana ngendi Palmyra ?

Runtuhe Romawi Purba ing tengah gurun pasir Suriah aweh tandha panggonan sawijining kutha metropolis sing biyene pancen berkembang lan duwe penduduk 200.000 an . Kutha mau jenenge Palmyra. Kutha iki dadi punjere dedagangan, punjere kanggo leren para penjelajah, lan kutha sing menghubungkan Damaskus lan Mesopotamia.Kahebatane kutha purba iki ana ing jroning cathetan-cathetan abad 2 sadurung Masehi.
Ing abad ka 16, Palmyra temen-temen ditinggalake lan diumbar.Bangunan-bangunan sing biyen ngagumake, teater, gedung parlemen, kuil agung, kari puing reruntuhan. Para ahli sejarah lan peneliti, nyelidhiki reruntuhan Palmyra kanggo mangsuli pitakon : Kepriye sawijining kutha kok bisa berkembang rame lan misuwur ing tengahing gurun pasir ? Sawetara arkeolog saka Universitas Polandia wis nemokake wangsulane sanajan ora bener satus persen. Ekskavasi lan uga citra satelit nuduhake ana rong puluhan desa pertanian sing nate makmur ing sakiwa tengene Palmyra. Arkeolog iya nemokake jaringan irigasi banyu lan reservoir sing digunakake tadah udan lan nyimpen banyu. Kebon-kebon pertanian wektu iku budidaya zaitun, woh ara, kacang pistasi lan jelai. Irigasi banyu iku digunakake kanggo irigasi pertanian sekaligus ngoncori banyu menyang kutha sing manggon antarane Romawi lan kekaisaran Persia.(sb.kom9912-h12-pjb).

Minggu, 16 September 2012

pring isih klenger kebanting.....

Pring pancen cedhak karo panguripan rakyat Indonesia. Ana 156 jinis pring kang ana ing negara iki. Ana 1500 piranti digawe saka pring  kang digunake masyarakat. Zaman owah gingsir. Masyarakat modern ing negara pring , saya adoh karo barang sing jenenge pring mau.
Swarane kolecer utawa mainan saemper kitiran saka pring lan kertas iku sigrak kaprungu  ing Assembly Hall Jakarta Convention Center(2/9) minggu awan. Dolanan mau didum marang atusan penonton sing nyekseni tontonan Komunitas Hong, sawijining komunitas sing diedegake kanggo nglestarekake dolanan tradisional.
Sawetara jinis dolanan sing ditindakake lan dipamerke jroning acara mau , mung sebagian sethithik saka atusan dolanan tradisional ing Indonesia.
“Saka  akehe dolanan sing nggunakake alat, 60 -80 persen digawe saka pring “, jae  Zaini Alif, pendiri komunitas Hong.
Minggu awan iku bocah-bocah saka komunitas mau tampil ing acara Festival Bambu Nusantara Ka-6 sing dilaksanakake Kementerian Pariwisata lan Ekonomi Kreatif sarta Republic of Entertainmen, penggagas maneka warna festival saka Bandung. Bocah-bocah saka komunitas Hong mraktekake maneka warna dolanan saka pring, digabung karo warna-warna  dolanan liya. Ana bocah sing  dolanan egrang saka pring,ana sing dolanan bedil(pistol) jepret lan tulup. Uga wayang, gasing lan mobil-mobilan. Kabeh saka pring.Pring sing digunakake manut kabutuhan. Tulup digawe saka pring wuluh, egrang digawe saka pring sing kuwat yaiku pring ijo lan pring ireng.
Kena dijagakake kanggo panguripan.
Ing kampung  Kabandungan, desa Sindangasih,Kecamatan Karangtengah, Cianjur Jawa Kulon, pring isih dadi  panguripan. Meh penduduk ing kampung iki duweni profesi minangka pengrajin kurungan manuk, sing bahane saka pring. Sanjabaning kampung iku, pring pancen dadi andelane warga Cianjur. Nam-naman saka pring bisa disulap dadi tampah, baki, tudung saji, wadhah tisu, lampu duduk lan sapanunggalane.Terus menyang Kabupaten Tangerang , Banten, kerajinan pring arupa topi nate dadi primadona. Wiwit tahun 1813 topi pring saka Tangerang malah ngrajani pasar ekspor  ing Perancis lan Amerika. Pesenan topi  pring sing rada gedhe nganti saiki saka Negara Jepang lan Australia.
Ketua Komunitas Topi Bambu Tangerang Agus Hasanudin mratelakake, luwih saka 80 persen masyarakat  padesan ing Tangerang bisa  ngenam pring. Wolak waliking jaman mode  topi pring internasional, saiki topi pring dimanfaatke kanggo topi pramuka , kanthi pesenan 30.000 kodi saben wulan saka akehe pengrajin .
Emane sanajan Indonesia nduweni maneka warna pring,  pring mau ora bisa dimanfaake kanthi maksimal. Mukoddas Syuhada saka Banten Creative Community, ngomong yen ing Banten pring mung digunakake kanggo pager omah lan wong-wongan ing sawah.Panemu sing padha Jatnika Nanggamiharja, tokoh sing wis 20 taun nggeluti pring, lan salah siji minangka eksportir omah pring. Manut Jatnika  sanajan Indonesia sugih maneka warna pring, masyarakat negara iki isih kalah “bersaing “ karo, China, India lan Jepang jroning migunakake.”Iki amarga masyarakat Indonesia isi ngandelake keahlian tradisional nalika ngolah pring saengga kalah kwalitas dibandhingne Negara liya “ jare Jatnika.
Panemu sing salah.
Pring pancen dadi kabudayan bangsa Indonesia  kabukten saka kepriye carane manen, ngawetake, lan carane ngolah sing diwarisi kanthi turun-tumurun mbah-mbah buyut kita.
Jatnika, sawijining pawongan pelestari pring kanthi nandur ing bantaran kali Ciliwung, Cisadane, Ciluwer, sarta ing pinggire kali Cimande, lan wis ndhata 1.511 produk kerajinan sing digawe saka pring.
Nanging yakuwi, amarga pring lan produk saka pring dianggep murahan, kampungan, ndesa lan identik karo kemiskinan dening masyarakat kita, mula ora nggumunake yen ing jaman modern iki kita saya ‘terasing’ karo pring, pring klenger kebanting.
Saka total  156 jinis pring ing Indonesia, akeh sing punah utawa sekarat nuju punah. Wit pring euleul  sing saben rose sing ngadhung banyu lan dipercaya bisa ngobati sawetara penyakit, wis angel ditemokake. Sawetara jinis pring liyane, kayata pring sing mrambat, pring sing duwe woh,  nganti pring sing awedhak putih, wis amblas tanpa tilas.Tanduran pring diumbar, thukul karepe dhewe. Ora ana sing gelem nandur kanggo keperluan industri. Akibate, produk kerajinan pring angel digarap lan dipasarake kanthi ajeg.
Kamangka, minat masyarakat Internasional tumuju eksotisme produk pring  isih dhuwur. Tuladhane ya Jatnika iki, dheweke wis kasil ngeksport omah pring menyang Malaysia, Jerman lan Timur Tengah.Wiwit taun 2000 nganti saiki, Jatnika wis mbangun luwih saka 3.500 omah pring. Saliyane nduweni  rega ekonomis, pring akeh gunane kanggo lingkungan. Pring kuwawa nyimpen 90 persen  banyu saka lingkungane, dene tanduran liyane mung bisa nyimpen maksimal 45 persen. Saben wit pring bisa ngasilake 1,2 kilogram oksigen , cukup kanggo   wong loro saben 24 jam.
Saka pring, embah-embah biyen mulang nganggo falsafah pring, kayata leuleus jeujeur liat tali. Falsafah basa Sunda sing nggambarake lemese pring lan ulete tali sing digawe saka pring iki nduweni makna yen jroning nglakoni panguripan iki, diperlokake ketekunan, kasetian lan kelenturan. Saking cedhake pring karo panguripan lan budaya Indonesia, nganti Jatnika duwe panemu “Yen pring ora ana, budaya bangsa ilang. Ateges kekuatan negara ya ilang “ Wah…(jarwan tulisan mawar kusuma&yulia saptiani, harian kompas 9912,h1 dan -11-pjb).

Minggu, 09 September 2012

Kapupuh sawise lumpuh

Koleksi Kebun Kewan Surabaya suda maneh. Sabtu sore(8/9) kurang luwih jam 15.30, macan putih ditemokake mati ing kandhange.Macan wedok sing umure 16 taun mau, pranyata nandhang lara paru-paru lan lumpuh telung taun pungkasan.
Manut Ketua Harian Tim Pengelola Sementara (TPS) KBS Toni Sumampau, umur macan mau kagolong tuwa manut jinise. Dadi matine ora ngagetake. “ Apamaneh, macan mau wis lara ing dalem kurun waktu sing suwe. Wiwit aku durung dadi pengelola KBS “ Jare Toni. Matine macan kasebut ndadekake koleksi macan putih kari loro. Yen ditambah karo macan sumatera lan macan benggala, koleksi macan ing KBS isih 20.Toni njelasake yen sejatine akeh satwa ing KBS sing lara-laranen lan ya wis tuwa. Adhedhasar data ing KBS, wektu iki ana kurang luwih 4.021 satwa saka 220 spesies. Ing antarane akehe kewan mau, 69 satwa wis tuwa, lara nemen kari ngenteni matine. Dene sing overload ngancik sewuan satwa. Kewan sing mati keri-keri iki total ana telu, yaiku gajah (29/7), macan tutul (24/8) lan macan putih wingi sore. Pancene, satwa ing KBS butuh panggonan longgar supaya ora jejel riyel. Sapa wae sing ngelola KBS kudu mikirke perlu diarangake. Carane, antara liya nyerahke satwa overload menyang lembaga konservasi euthanasia kanggo kewan-kewan sing wis tuwa utawa lara nemen. “Tumindak mau wis dadi rekomendasi para pakar,” jare Toni. Sing dikarepne pakar yaiku saka kalangan akademisi, dokter kewan, lan pecinta satwa sing sasuwene iki nganakake panaliten bab KBS. Sauntara iku, Pemkot Surabaya lan Pemprov Jatim ya wis duwe rencana nindakake ngarangake satwa. Bisa uga, mengko ana program njembarake KBS menyang kawasan Keputih. Nanging kabeh mau bisa ditindakake yen yen KBS wis ditangani pemkot ngliwati BUMD. Kados pundi Pak Menteri Kehutanan ?( Sumb.jp9912/h29-39/pjb).

Kamis, 06 September 2012

rangutan,Diumbar ing Kalbar , kepenak ing Sarawak

Sanajan manggon ing pulo kang padha, nasib rangutan ing Kalimantan Barat lan Negara Bagean Serawak, Malaysia ora padha. Ing Sarawak rangutan pancen kepenak dadi aset wisata suwalike ing Kalbar dadi satwa sing diumbar.
Matine rangutan(pongo pygmaeus pygmaeus) lanang sing umure 17 taun ( Rabu29/8 )bengi ing Kalbar ngagetake para pegiat konservasi.Apamaneh iki wis ping pindho matine rangutan ing Kalbar jroning wektu rong wulan, Juni nganti Agustus. “Matine rangutan loro ing wektu kang ora suwe iki ngelingake yen perlune upaya konservasi ora bisa diselaki, “ ujare manajer Program World Wildlife Fund (WWF) Kalbar Hermayani Putera.
Rangutan sing mati Rabu bengi kepungkur, diidentifikasi ngalami komplikasi  dehidrasi, stress, lan kekurangan oksigen. Satwa sing diayomi mau, wiwitane mlebu mlebu kebone penduduk ing Wajok Hilir, Kabupaten Pontianak, banjur ngalami tatu kobong nalika dievakuasi.
Ing pungkasane Juni kepungkur,  rangutan siji umur 1,5 taun , wekasane iya mati  nalika dirawat ing International Animal Rescue ( IAR ) Ketapang. Kewan iki dievakuasi  dening petugas Balai Konservasi Sumber Daya Alam  (BKSDA ) Kalbar saka panggonan ingon ing Kabupaten Sambas, kahanane wis sekarat. Dokter kewan ing Yayasan IAR Ketapang, Adi Irawan nuduhake yen matine rangutan mau amarga tuberculosis..” Nalika diserahke saka pangingone menyang petugas BKSDA, rangutan mau wis koma sawise ngalami demam lan diare sawetara dina,” jare Adi. Malah rangutan mau kangelan diinjeksi infus amarga pirang-pirang dina ora gelem mangan wiwit kena demam lan diare.
Terus kadhesek.
Rangutan sing mlebu ing padunung lan tlatah budidaya penduduk umume sing habitate sanjabaning kawasan konservasi.. “Rangutan sing habitate ing jero kawasan konservasi ora ana masalah. Habitat rangutan sanjabaning kawasan konservasi,  hake pengelola ya pemerintah kota utawa kabupaten ,” ujare Niken.Ing sanjabaning konservasi, rangutan kudu njaga uripe jroning kondisi alas sing saya kadhesek dening kawasan budidaya perkebunan kang pancen gedhen ora baen-baen. Mlebune rangutan menyang padunung utawa kebun penduduk nuduhake yen iku sawijining indikasi kadhesek saka habitat asli. Koordinator Media Kampanye Tumbuhan Satwa Liar(TSL) Yayasan Titian, Wahyu Putra, ngomong yen rangutan biasane  mlebu ing padunungan warga saperlu golek pangan.” Alas minangka habitat alami rangutan saya suda  lan ora bisa maneh nyediyakake panganan” jare Wahyu.
Asil survey WWF Indonesia, nuduhake ana subjinis rangutan ing Kalbar, yaiku Pongo pygmaeus pygmaeus lan Pongo pygmaeus wurmbii. Subjinis pygmaeus ndweni populasi 2000 kewan sarta manggon ing Taman Nasional Betung Kerihun lan Taman Nasional Danau Sentarum, Kabupaten Kapuas Hulu. Subjinis wurmbii, nduweni populasi kurang luwih 2500 kewan, manggon ing Taman Nasional Gunung Palung, Kabupaten Ketapang lan Kabupaten Kayong Utara.
Sanjabaning kawasan konservasi, rangutan uga bisa dideteksi ing sawetara kawasan alas produksi utawa panggonan  produksi l
Lelawanan
Matine rangutan amarga dibantai taun 2011 kawiyak ing Kabupaten Kutai Kartanegara lan Kutai Timur, Kalimantan Timur.Asil panaliten Universitas Mulawarman, Samarinda, nuduhake yen 20 rangutan dibantai ing taun 2011. Tumindak  beda banget kang dialami rangutan sing manggon Semenggoh Wildlife Centre, Kuching Sarawak. Ing kana rangutan setengah galak malah dadi asset wisata sing banget  diandelake. Kawasan sing dibangun  taun 1975 iki, dadi konservasi kanggo sawetara satwa galak, utamane rangutan lan maneka warna manuk, sarta punjere wisata alam.
Atraksi sing ditunggu-tunggu wisatawan ing Semenggoh yaiku sesi mangane rangutan ing wektu esuk lan sore. Rangutan bakal mudhun saka saka alas menyang kawasan yang dirancang khusus minangka panggonan mangan rangutan mau jam 09,00 nganti jam 10.00 lan jam 15.00 nganti jam 15.30. Jroning wektu kang cupet mau, wisatawan bisa nyekseni rangutan dewasa mangan utawa rangutan sing lagi ngajari bayine menek utawa mangan. Semenggoh , salah siji tujuan wisata andelane Kuching. Saben dina ana puluhan malah atusan wisatawan sing teka ing Semenggoh, ya mung kepengin weruh atraksi alami rangutan nalika sesi mangan.
Awewaton saka matine rangutan loro jroning waektu rong wulan, para pemangku kepentingan ing Kalbar luwih apik enggal-enggal aksi nyata  kaya sing ditindakake negara tangga wiwit taun 1975 kasebut.( sumb. Komp3912h1-15pjb).

Selasa, 04 September 2012

NUSWANTARA, Sumber Inspirasi Wallace

Alfred Russel Wallace lair taun 1823 ing Usk, Monmouthshire, Inggris. Wiwit cilik, Wallace sering diejak kulawargane pindah-pindhah panggonan. Ing tembe, anggone ngumbara mau dterusne Wallace meh sadawane uripe. Sadurunge lelana pulo-pulo ing Nuswantara sing suwene wolung taun (1854 – 1862, dheweke nate lelana uga ing Amazon, Amerika Kidul sing suwene patang taun. Nalika isih remaja dheweke uga nate lelana ngubengi Inggris.
Wallace metu saka sekolah nalika umur 13 taun.Nanging kepenginane ngerti samubarang ndadekake luwih sregep sinau lan ngumbara.Dheweke seneng maca buku, utamane matematika, geometri lan botani. Ora mung seneng maca lan ngumbara, Wallace uga sregep nulis buku lan makalah ilmiah. Kapinterane nulis kanthi otodidak.Buku wiwitan Narrative of Travels on the Amazon and Rio Negro, diterbitke taun 1853. Taun candhake dheweke budhal menyang Nuswantara. Ing wulan April taun 1854, teka ing Singapura, banjur nerusake laku menyang Sumatera, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawesi, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawesi, Halmahera, Ternata, Bacan, Timor, Seram, Kepuloan Aru, lan Kepala Burung(Papua).Sasuwene ing Nuswantara, Wallace nglakoni urip lan bisa interaksi karo masyarakat. Dheweke ngumpulake maneka warna spesimen kewan. Ora kurang saka 300.000 kulit manuk sing kedadeyan 1000 spesies, 20.000 kupu-kupu lan kumbang saka 7000 spesies, lan maneka kewan sikil papat sarta cangkang siput darat. Ora mung trima samono, dheweke iya nyathet suku-suku lan basa sing digunakake kepuloan Nuswantara.
Adhedhasar pengamatan lan ketekunane sasuwene ing Nuswantara iki, Wallace bisa nemokake rumus pemikiran sing menjila. Saka akehe spisies sing dikumpulake, Wallace ndeleng sawijining bab kang penting bab satwa ing alam: ing antarane individu saben spesies ditemokake variasi beda siji lan sijine. Wawasan iki penting banget kanggo ngrumusake gagasan bab evolusi seleksi alam. Wawasan iki banjur ditulis awujud makalah lan dikirim menyang Charles Darwin saka Ternate ing taun 1858, setahun sadurunge Darwin nulis bukune Origin of Spesies(1859). Ing tembe mburi Wallace dikenal minangka perintis biogeografi evolusi, yaiku kajian bab spesies apa, manggon ing ngendi lan kena apa. Dheweke uga dianggep minangka peletak dhasar bab mimikri adaptif lan penyeru maneka warna hayati.Penjelajahane ing Nuswantara iku dai inspirasi sawetara bukune, utamane buku The Malay Archipelago (1869). Buku mau banjur diwenehi panghargyan Royal Medal dening Royal Geographikal Society. Buku liya sing ditulis yaiku Contribution to the Theory of Natural Selection, Miracles and Modern Spiritualism, Geographical Distribution of Animal, Tropical Nature and Other Essays, Island Life, lan The World of Life. Buku pungkasan sing ditulis yaiku Social Environment and Social Progress, diterbitke taun 1913. Ing taun iku uga, dheweke seda kanthi umur 90 taun. Sanajan ngasilake karya agung, malah banjur diakoni minangka penemu teori evolusi bebarengan Charles Darwin, jeneng Wallace ing Indonesia, jelmaan saka Nuswantara kurang dikenal. Mung kanggo jenenge dalan wae, iya dilarang. Ing taun 2008, jeneng AR Wallace nate dianggo sawijining dalan ing kutha Ternate. Dalan sing sadurunge diwenehi Dalan Nuri, dipercaya yen biyene ana omah sing dipanggoni Wallace nalika manggon ing Ternate. Nanging ing taun 2010 jenenge dalan mau diowahi dadi Dalan Juma Puasa nganti saiki(sum.Komp.1912, 41pjb).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming