Kamis, 31 Oktober 2013

MIKRONESIA, diantara gugusan pulau

Kepulauan yang terdiri atas pulau kecil di Pasifik Barat bisa dibagi dalam tiga kelompok etnis dan geografis, yaitu  Melanesia, Mikronesia, Polinesia.
          Mikronesia adalah wilayah timur Filipina yang terdiri dari Carolin, Gilbert, Mariana dan Kepulauan Marshall ditambah Pulau Nauru dan Wake.Kepulauan Caroline terdiri dari Palau Palau yang independen dan konfederasi  Mikronesia, yaitu Chuuk, Kosrae, Pohnpei dan Yap.
Republik Kiribati meliputi sebagian besar wilayah kepulauan Gilbert, sedangkan Kepulauan Mariana  terbagi antara territorial  AS( Guam) dan Kepulauan Mariana Utara, yang seperti juga Puerto Riko yang merupakan persemakmuran AS, memiliki pemerintahan terbatas di bawah administrasi AS.
             Republik Kepulauan Marshal merupakan negara independen  yang memiliki hubungan kuat dengan Amerika Serikat. Nauru merupakan negara kepulauan independen, yang dulu dikenal dengan nama Pulau  Pleasant, sedangkan Pulau Wake yang mungil merupakan teritori yang sebagian besar wilayahnya digunakan untuk pangkalan udara AS.
            Mikronesia merupakan pertemuan beragam etnis dan bahasa yang  berasal dari sejumlah  suku asli disitu. Wilayah ini juga “dibentuk” oleh kekuatan asing  seperti Inggris , Jerman Jepang, Spanyol dan Amerika Serikat.( sumb.gw. komp 61013 pag 12).


Minggu, 13 Oktober 2013

Senapati Negara Sewusijimaling



Swuh rep data pitana,anenggih  pundi ta negari ingkang kaeka adidasa purwa. Eka sawiji adi linuwih , purwa wiwitan. Nadyan kathah titahing jawata ingkang kasangga ing bumi, kaungkulan ingkang akasa, kaapit amudra laya, kathah  ingkang samya anggana raras.
Nanging ora kaya praja Amarta inggih Batanakawarsa. Awasta  praja Amarta, nagara kang ayem sawabe, Ngendraprasta saprowolone kaendran. Cintakapura, praja kang tansah dadi pangungsening titah kang sami nandhang prihatin, Batanakawarsa papan tebane toya jawah adamel siti tansah loh jinawi, apa kang tinandur dadi, wit-witan datan kekurangan warih.Pramila kawentar ing jagad, bebasan negari Amerta gedhe obore, padhang jagade, luhur kukuse adoh kuncarane.Dhasar inkang ngasta  pusaraning praja narendra ingkang mahambeg adil paramarta ber budi bawa leksana. Sinten ta jejuluke sang nata, inggih punika sang Yudhistira, Gunatalikrama, Darmakusuma, iya Darmawangsa iya sang Ajatasatru. Marma ajejuluk Yudhistira panunggaling ratu jim Wanamarta, Gunatalikrama ratu ang bisa naleni basa, sagung kang mijil ing lesan tan bisa gawe seriking liyan, Darmakusuma ratuning adil karana junjungane para kadang, Sang Ajatasatru tan ana manungsa kang nganggep mungsuh. Sadaya sungkem sumawita ajrih asih ing Sri narendra, among kayungyun pojaning ambeg utama.
Nalika samana sri Nata nimbali para kadang lan para prepat punakawan, citraning driya den ajak pirembugan bab adege negari Sewusijimaling, kang samangke nembe amekuwon ing tepis wiringe negari Amerta..
Sawusnya satata lenggah, mangkana wijiling pangandika.
  Prabu Puntadewa : Dhimas Sena apa sing perlu kok aturake yayi, sajak kok rengu ing penggalih.
Werkudara :  Haa …..  mbarep kakangku, sowanku ora kurang sawiji apa.Kahanan Jodhipati  tentrem  kaya padatan, Mung ……haa  Arimbi  saiki kaya wong edan …… gandrung kapirangu karo  calo negara Sewusijimaling kang asesilih raden Patanatikusangkara. Hem pancen  ora nggenah tenan ibune Gatot.
Prabu Puntadewa :Sing sabar ya dimas, cobane wong jejodhohan…..
Werkudara : Penak yen tutur-tutur… Sabar-sabar, hem kurang apa apa aku iki, nafkah lair ora kurang, apa maneh nahkah batin, apa njaluk dak golekne maru maneh pa piye …… hem
Prabu Puntadewa : aja ngono ta dhimas,aja…..   saiki yayi Arjuna , kepriye  panemumu  bab madege negara Sewusijimaling, enggal matura yayi.
 Arjuna : Kaka prabu, saderengipun kula inggih nemahi lampahan kados kangmas Seno, sedaya garwa kawula inggih gandrung kaliyan salah satunggaling pangarsa negari Sewusijimaling, ingkang asma Fathanatikusangkara. Manut tembang arawat bakul sinambi wara, pawongan ingkang kula aturaken kalawau, gadhah donya brana ingkang tanpa wangenan. Inggih kanthi donya brana  kalawau, piyambakipun saged nganthi para putri ingkang dipun pengini. Malah wonten malih warangka praja ingkang  asma Irjenjakasulaya  kumawantun ngrebat pacangan kula inggih punika mantan putri Solo ingkang duk ing nguni sampun janji prasetya kaliyan kula, kaka prabu.Kamangka kula menika sampun  sinengkakaken  satriya lelananging jagad, dhuh kaka prabu……
Werkudara : Ha……wis aja nangis gembeng temen Jlamprong……cethane akeh Janaka saka negara Sewusijimaling lan kowe rumangsa kaganggu statusmu ngono pa piye, hayo ngakua.!   
Prabu Puntadewa : Yayi aja sereng karo sedulur yayi, menepna penggalihmu. Yayi kembar apa ana sing arep kok aturne yayi..
Sadewa  : Inggih kaka prabu. Bab negari Sewusijimaling menika pancen negari ingkang  panjang punjung , pasir wukir,gemah ripah loh jinawi.
Eman negara kalawau, meh sedaya punggawanipun dados maling , korupsi ngambra-ambra sasat sampun mbalung sungsum malah dados budaya.Wiwit saking kulawarga ngantos sedya departemen saged dipun malingi.Sedaya proyek pamarentah, saged dipun akali lan dipun malingi.Ing ri punika negari kalawau sampun amekuwon wonten tepis wiringipun negari Amerta. Malah manut laporanipun matapita ingkang dipun pandhegani ki lurah Petruk, senopati negari Sewusijimaling kalawau wanodya. ingkang sulistya ing warni, ya ngono ta  Petruk, …… enggal matura, aja nganti kecicir !
Petruk : Wani pira …….
Sadewa : ora usah kakehan crigis Truk, kangmas Arjuna wis paring palilah yen lakon iki kowe dadi rewangku…..
Petruk   : O…. nggih dhing, pundi  berita acara serah terima punakawan?
Werkudara : Nyoh( karo nyampluk uwange lurah Petruk), dhagelan ora lucu …..
Petruk : adhuh biyung, apa salahku dak laporne nyang HAM tamat riwayat sampeyan…..
Prabu Puntadewa : Sabar dimas Sena….
Werkudara : Aku yen weruh dagelan elek kuwi bludregku kumat, tanganku gatel…
Petruk  : Purun mirengne napa mboten ?
Sedaya  hanyaguhi.
Petruk : Nggih mpun nanging boten basa lo nggih, kareben wijang, sing padha miyarsa ben ora ngantuk.
Werkudara : Dasar ora bisa basa krama wae, kakehan alasan ( astane kumlawe ngarah uwange Petruk).
Petruk : hahak padha karo sing omong, hadhuh meh kenek uwangku……
Puntadewa : Sabar dimas……..
Petruk : leres ngendikane ndara Sadewa, kula badhe crita napa mawon sing saged dimalingi wonten ing Negari Sewusijimaling…..
(1).Anak nyolong dhuwite wong tuwa, piye maneh wong anake ora  tau digatekke(.2).Wong lanang  nyolong dhuwite bojone, piye maneh wong sing lanang ora gelem nyambut gawe. ya ora salah ta (.3).Wong wadon nyolong dhuwite bojone , la piye maneh sing lanang medhit , pelit bin kikir, kathik blanjane diwatesi. (4.)Putu nyolong dhuwite embahe , kamangka kabutuhane putu dicukupi(5)..Embah nyolong dhuwite putune, embuh sebabe golekana dhewe(.6).Anak mantu nyolong dhuwite maratuwa , la piye maratuwane sugih, rugi yen bandha maratuwa ora dicolong.(7). Maratuwa nyolong dhuwite mantu, wong mantune ya petung banget karo maratuwa. (8). Ngisore udel ya dimalingi.......
Sadewa : Petruk aturmu sing nganggo subasita, iki ing pasewakan agung lo…..
Petruk : nanggap kula napa boten, nek boten purun nggih empun kula dak mlayu teng pakuwon negara Sewusijimaling, wong senopatine wanodya sulistya ing warna, nyawang mawon mpun wareg…( karo klepat nglungani, nanging dicandhet ki Semar Badranaya ).Kula kalih papa niki boten berkutik , kula terusne nggih…..
Bibar ngrembug maling ing kulawarga saniki rada mundhak sithik
( 9). Lemahe negara dimalingi, didol banjur  didadekke mall, mula ora aneh yen ing negara Sewusiji maling akeh mall-mall sing pating dlajik ora sopan blas (10). Rakyate iya akeh melu dadi maling wong pemimpine ya maling, dalan ya dimalingi kanggo parkir , dalan ya dienggo pasar, dienggo warung  lan ing warung kono ya wis sumadiya apa-apa sing dikersakake .Dalan sing  isih jembar dimalingi didegne bangunan semi permanen, ora perduli lalu lintas malih macet (11)Tanah kas desa didol, perkara surat-surat bisa maling, surat apa wae petok D, surat hijau, hgb, sertfikat hak milik gak masalah (12).Pasir ya dimalingi diedol menyang negara liya.Para pangarsa praja  iya adhem ayem, males nyambut gawe, nyambut gawe kanggo apa wong negarane sugih bandha, entek dhuwite ya dodol sembarang, pulo bisa didol, ora perduli anak turune mbesuk.(13)Kantor sing ora ngasilake iya didol sing tuku ya maling, njaluk dhuwit pira wae dituruti (14).Anggota dewan ya maling (15) warangkapraja  ya maling………
“Samana sigeg anggenya mirengaken kojahipun kilurah Petruk Kanthongbolong,kasaru gegernya njawi .Sanes caraka saking negari Sewusijimaling nanging para garwa Pandhawa kadherekake para kenya kang ayu rupane ,  endah-endah busanane, melok-melok wedanane, mandul-mandul payudarane kang rempyoh-rempyoh sesinome agawe brangtane para taruna lan dhalange. Cep klakep kaya orong-orong kepidak , kabeh padha domblong , kedep tesmak anggennya mirsani
“Bapake kulup, aku terna menyang pakuwone negara Sewusijimaling,bapake kulup. Seprana seprene njaluk  fortuner wae ora, bisa, kae lo aku wis ditukokne  mobil sport karo Raden  Fatanatikusangkara calo Negara Sewusijimaling …..” Dewi Wara Sembadra lan para maru liyane ngebyuki anggane raden Arjuna.
“Aku iya bapake Gatot, mosok bojone Gubernur Jodipati mung trima numpak Toyota Inova, iku wae taun lawas. Iki lo bapake Gatot, Pajero  esteene wis jenengku kari njupuk, ayo terna nyang pakuwone Negarasewusiji maling,  pengin weruh karo sing maringi, kaya apa ta ganthenge raden Fatanatikusangkara, karo kasulistyan senopatione......“ dewi Arimbi lan para maru iya ngglendhoti anggane Raden Werkudara .
Werkudara : Edan kabeh …….
Arjuna          : Yayi Sadewa, tulungana pun kakang iki piye yayi……..
Sadewa   : kakang Semar, ayo padha sabiyantu kakang, kahanan banget mutawatiri…….
Semar   : O inggih, mangga den…..
Sebet byar katalika wau, eling-eling ki lurah Semar punika jawata ingkang angejawantah, sigra tumandang karya angrampungi prakara.Dewi Arimbi kacepeng astane dhawah kantaka, saking anggane mijil Bathari Durga amithet grana datan kuwawa angganda badheg bacin, jelih-jelih asesambat, den bujung ngantos dumugi pakuwone Negari Sewusijimaling. Pasewakan bubaran, haryo Werkudara sakadang nututi  ki lurah Semar.
Bathari Durga : Adhuh adhuh adhuh…….. kapok tenan aku kapok kakang……………
Dewi Panasten :Stop mandheg, sumingkira Durga, heh wong tuwek elek, ngentutan, iki senopati Negara Sewusijimaling ayonana ……..
Semar  : eee begegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel, oo kowe ta senopati negara Sewusiji maling, sulistya rupamu, nistha tumindakmu hayo ngakua aja mati tanpa aran 
Dewi Panasten : Rungokna talinganmu iki dewi Panasten senopati  negara Sewusijimaling,sing nedya  ngrabasa Amarta, delengen wadya balaku , Amarta wis kinepung binaya mangap, yen ulap enggal sumingkira, aja nyepeti mata…….
Semar :eee dudu karepe dhewe, iki Semar Badranaya senopati Amarta, hayo dak lebokne sarung ora semaput dak guroni kowe…
Dewi Panasten: Aja kok sengguh wong wadon kabotan pinjung, maju sirna kuwandamu
La mangkana ta wau, rame nggenira tandhing yuda, pranyata dewi Panasten tan nguciwani dadya senopati, cukat trengginas tandange, mesem ki lurah Semar Badranaya, lena pangendhane dewi Panasten  kacandhak anglemprek tanpa daya, amarengi wayahe mangsakala, Sang Dewi bali sejatine wujud tan liya inggih punika Dewi Kanastren kang ora liya garwa kinasihe Ki lurah Semar Badranaya , gapyuk arerangkulan. Bubar mawut pra wadya bala Negara Sewusijimaling, minta aksama mring kilurah Semar Badranaya. Katungka rawuhe para Pandhawa lan kadherekaken Gareng, Petruk , Bagong.
Semar  : eee begegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel, kepareng matur ndara……sedaya sampun paripurna, eeee bab negari Sewusijimaling dadya kuncara menawi sedaya sami sabiyantu kapeka, lan sedaya pangarsa praja dalah para kawula sami nindakaken ibadah liripun nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi punapa laranganipun Gusti manut agami lan kapitadosanpiun piyambak-piyambak. Inggih mangsa borong iguh pratikelipun  para bendara, mangga sedaya sami sabiyantu...... Dene sang Nata  ing wekdal ingkang sampun dipun temtokaken badhe lengser seleh keprabon lan sinten ingkang anggantosake inggih dereng kantenan, mangga dipun tengga kemawon……
 Sedaya samya suka parisuka, bojana andrawina.

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming