Selasa, 23 September 2014

NYRITAKAKE PS ORA ANA ENTEKE



 
Mahargya ambal warsa Panyebar Semangat  kang kaping 81, tanggal 2 September 2014.
                                                          
                    “ Durung teka, peese durung teka nang ” ngono wangsulane  pesuruh sekolah sing asmane pak Tukirun ( wis seda), nalika aku diutus bapak njupuk pees. Aku njur bali nglenthung,  lan ya mesthi wae gela campur cuwa, amarga ya pees mau sing bisa nglipur atiku nalika samana. Wektu iku tahun suwidak sijian.  Aku manggon ing padesan tlatah kecamatan Ngadirojo Kabupaten Pacitan, bapakku sawijining  guru eser/esde kang langganan majalah sing kita tresnani Panyebar Semangat.
                    Saelingku ing tahun mau ,  sasat saben guru, langganan majalah Panyebar Semangat. Kamangka jaman samana bayarane  guru pas-pasan ,ngono iku isih kecowok langganan pees. (Nuwun sewu, apa bapak/ibu guru esempe  kang wektu iki mulang Basa Jawa lan   pikantuk tunjangan sertifikasi, uga langganan Panyebar Semangat ?  Wah nuwun sewu maneh, aku kok rada tidha-tidha ta iki , amarga aku nyipati dhewe  akeh sing ora langganan, muga-muga pandugaku salah.)
                       Majalahe mau ora diterke pak pos, nanging dipunjerake ing kantor Dinas Pendidikan Kecamatan yen ora kleru Dinas  P dan K (Pendidikan dan Kebudayaan ).Ing tahun mau Pak Bon ( mbokmanawa saka tembung pak kebun njur dicekak Pak Bon ,parabane pesuruh sekolah, gaweane ya nyapu, ya nyang kantor Dinas Pendidikan  lan pegawean liya ) njupuk majalah yen ngepasi ana tugas saka Kepala Sekolah.
                           Saka desaku menyang kantor Dinas Pendidikan adohe kurang luwih wolung kiloan kathik mlaku. Ya saka kantor mau njur dititipi majalah pees , lan ya ngeterake marang guru  kang daleme sakiwa tengene Pak Bon.  Dadi ya ora maido yen majalah mau sering telat. Kadhang-kadhang majalah mau dititipke marang guru sing daleme cedhak Dinas Pendidikan lan tugase  mulang ing esde desaku.
                              Aku seneng maca wiwit kelas telu esde, sanajan isih grathul-grathul. Tau aku kleru maca jenenge desa  Cokrokembang  dak waca Cok –rokembang, isih durung bisa maca aksara panjingan, banjur dibenerke bapak, kepriye  mesthine yen maca.
                             Saben pees teka,sing dak jujug gambar karton lan komik . Komik Pantom kanthi irah-irahan Pantom Mungsuh Tikus Rawa, Pantom Mungsuh Juru Film Palsu , mujudake komik pavoritku. Sawise komik aku seneng illustrasine , kang pancen endah tenan.Illustrator sing kawentar wektu iku S.Har, njur Haryo Subayu . Sawise komik lan illustrasine ,aku uga seneng gambar karton . Kae lo gambar karton  pak Begog  lan mas Klombrot (yen ora salah karyane Indri Sadono) , jan lucu lan konyol  tenan.
                           Nyandhak kelas papat aku wiwit lancar maca, aku njur  maca cerkak lan crita sambung. Cerkak wis akeh sing dak waca,terus  crita sambung. Sing dak apali nganti saprene Nglacak Sesotya Widuri Lumut reriptane  Bapak Tamsir AS(alm), njur Bapak Esmiet(alm) kanthi  irah-irahane Ngluru Dalan Katresnan lan siji maneh lali  irah-irahane, paragane Kang Gedhe, terus  Bapak Suparto Brata( wektu kepungkur ketemu ing dalan Pemuda Surabaya lan tambah tahes), Tanpa Tlacak , Garuda Putih,  Emprit Abuntut Bedhug, iku serial detektif Handaka. Yen aku kliru, kersaa para maos paring panyaruwe.
Buku wacan roman  lan buku wayang.
                         Ing tahun mau iya akeh buku wacan kang asifat roman, kayata karyane Any Asmara(alm), Widi Widayat(alm) lan sawetara aku lali. lrah-irahan  buku mau antara liya Solo Peteng Lelimengan, Asmara Ing Warung Lotis, Weling Kang Pungkasan, Wanita Methakil lan sawetara irah-irahan liyane. Bukune tipis mungkin regane murah, wong buku mau silih-silihan embuh saka ngendi asale aku ora ngerti wong ya aku isih cilik.Sawise maca, ana rasa seneng, sedhih, mangkel lan ya gregeten. Tau aku maca buku  Wanita Methakil,  aku wedi banget, ing batin kok ana wanita  sing kejeme  kaya ngono,  mula anggonku  maca ora dak teruske.
                    Crita buku-buku mau sering dadi bahan  olok-olokan ing sekolah , akeh sing padha ngeyel yen wis tau maca. Lagi  “ menyerah “ yen ditakoni sapa paragane lan kepriye critane. Dadi sifat ngeyel njaluk menang dhewe pancen wis ana wiwit biyen mula. Mula  nalika ana anggota dewan sing otot-ototan rebut bener, kadhang-kadhang  direwangi jotosan barang  aku ora kaget …..
                  Saben  rampung maca , njur ndeleng illustrasine lan ya ngomentari, wih ayune wih baguse/ gantenge.  Saking kesengseme saupama weruh illustrasi sing saru upamane kenya nganggo clana/slack padha alok , deloken sarune , wong wadon kok nganggo clana kaya wong lanang,  kaya-kaya jaman samana cara menganggo wae  jan sensitif banget. Saiki menganggo ngono mau sega jangan.
                       Saliyane buku-buku mau, ana uga buku crita wayang, bareng aku dadi guru tibake buku mau kalebu carangan,  lire ora njupuk saka babone Ramayana lan Mahabarata, nanging mung reka-reka pengarange wae kayata lakon Laire Setyaki, Prabu Watugunung, Indrajala Maling lan sapanunggalane. Malah wayang dhek jaman samana mujudake hiburan kang setengah wajib. Lire, nyunatke lan mantu bakal ora gayeng yen ora nanggap wayang. Nanggap wayang mujudake status ekonomi lan gengsi. Mula karan ora aneh yen pas sasi apik aku sering nonton wayang, mbuh neng ngendi nggone dak parani .
                         Bapak ibu piyambak ya ora nglarang, wong ana kancane bapak isih legan lan seneng wayang .Malah aku barang iya ketularan nggawe lan nggambar wayang lan nirokke ki dhalang  yen lagi ndhalang lan suluk.  Suluk sing dak apali yaiku nalika patih Udawa utawa Kartomarmo mundur ing pasewakan saperlu nata baris, kanthi suluk mangkene : Undur rekyana patih ondhanging pra wadya bala kinen sawega…. umyung swarane bendhe beri ….bubar gornang kalayan …….lsp  (wah cathetan endah sing ora bisa daklalekake).
             Wektu ing esempe aku duwe kanca sing seneng nggambar wayang jenenge Tarkat. Aku karo Tarkat mau apik-apikan nggambar wayang, meh  tau tukaran, gara-gara  nggambar wayang, embuh saiki neng ngendi wong kedadeyan mau tahun suwidakan, akeh laline.
                           Lulus esempe aku njur neruske SMA ing Pacitan, amarga wektu iku ing Kecamatan Ngadirojo durung ana SMA. Adohe saka panggonanku 38 kilo, dadi aku kepeksa kost ing sacedhake sekolah mau. Meh  wae aku kecanthol putrine sing dak kosi …..wah nglantur…..Ing Pacitan aku rada kangelan maca pees, wong sing dak dhereki  ora langganan .Sing dak elingi nalika ana kancaku jenenge Martini ( meh padha jenenge  karo putrine sing dak kosi, saiki wis seda apa isih sugeng ya ?) maca crita cekak  awujud ketikan, embuh saka ngendi asale, kanthi  irah-irahne “Ngimpi Wayah Awan “ seratane Sutarto. Apa iki  ana gandhenge karo Bapak Ayu Sutarto, saka UNEJ kae ya ? Yen aku salah nyuwun pangapunten .Wektu samana sing ngasta Kepala Sekolah SMAN Pacitan asmane Bapak R. Sunaryo.
                         Lulus esema aku prei setahun, njur menyang Surabaya kuliah. La neng Surabaya iki aku kenal maneh karo pees sing sawetara tahun dakjothak . Kantore ing dalan Bubutan( wektu semana ing sisih kidule kantor saiki)  dak sowani lan aku ajar nulis cerkak. Ana sawetara cerkakku dimuat,  nanging bareng dak semak  tibake cerkaku mau ora ana apa-apane yen ditandhingke karo penulis sing wis asring ngrenggani majalah iki.
                          Ya ing pees iki,  aku njur kenal karo Bapak W.Santosa malah tau sowan ing daleme Kaliasin Gang Pompa, Bapak Basuki, Bapak Mochtar,  Mas Kus (Pakne Novie), lan wartawan sing julukane Pak Petruk. Nate aku mlebu sowan  ing ruangane  pemimpin umum  pees Bapak Moch. Ali, ora ketang mung satleraman.
                      Wektu kuliah ing IKIP Surabaya ( saiki UNESA ) nganti lulus Sarjana Muda, lan  njur mulang esempe, aku  ketemu Bapak Suripan Sadi Hutomo(alm)lan  Mas Suharmono Kasiun . Nalika PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya) dibiwarakake tahun 1985, aku bombong banget amarga ketemu pengarang  Bapak Suparto Brata, lan ya ketemu Mas Sriyono( sing ngembani Jaya Baya) , Mas Slamet Isnandar, lan Mbak Susi Partosudarmo. Simbol PPSJS sing ana tulisane aksara jawa “ HA NA” iku sing nyipta aku , dene sing ngramesi para pengurus liyane.
                        Embuh apa sebabe ing pungkasaning  tahun wolung puluan  nganti rong ewuan , udakara rong puluh tahun aku ora tau nulis, rumangsa kalah karo penulis mudha kang pancen wasis , apa iki ta penyakite manungsa sing jenenge “males ” kae? Embuhlah aku ora bisa matur, ketambahan maneh aku dikontrak dadi MC (Momong Cucu) sasat ora ana wektu. Pees tetep dak semak, kadhang-kadhang ya  dolan menyang Bubutan, punjere kalawarti Panyebar Semangat. Untung wae omahku lan olehku nyambut gawe  ana ing Surabaya, dadi ora kangelan yen mung arep sanja kae.
                    Ing sekolah anggonku mulang, embuh sapa sing miwiti aku didhapuk mulang basa Jawa. Gelem ora gelem aku kudu nggoleki bothekan lawas, sinau mrana-mrene. Ora mung kuwi aku malah ngusulke marang Bapak Kepala Sekolah, supaya langganan Panyebar Semangat lan pranyata usulku mau diprayogani . Nganti dak tinggal pensiun  tahun 2012 kepungkur, sekolah mau isih langganan, muga –muga saupama  ganti Kepala Sekolah  aja leren  olehe dadi pelanggan setia .
Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.
                           Tanggal 2 September 2014 iki,umure PS jangkep 81 tahun . Yen dipadhakake manungsa kepetung wis tuwa, dudu tuwa kari ngenteni metune nyawa , nanging wis tuwuk ngrasakake pedhes asin, pait getir. Ya amarga kaya ngono mau kudu njaga kesehatan, ya kaya manungsa kae lo. Kudu dhahar teratur , olah raga, ngunjuk vitamin lan sapanunggalane.
                        Apa PS wis dhahar teratur ? Wangsulane wis, buktine isine jangkep ora suda malah saiki ana sisipan Narayana barang, mangga disemak apa sing ora ana, lan ya mesthi wae rubrike  kudu cocog karo misine yaiku  nglestarekake Basa lan  Budaya Jawa.
                   Apa wis Olah Raga? Wangsulane wis, buktine saben Sabtu mesthi metu, ngajak olah raga marang para maos. Ora kok njur  ngajak senam , lucu lakan.Mangga diwerdeni piyambak.
                 Apa wis ngunjuk vitamin ? Wangsulane wis, buktine iku vitamine ana ing samak ngarep, ngisore tulisan Panjebar Semangat. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti yen ditegesi kurang luwih mengkene: Tumindak sing ala bakal kalah karo budi sing luhur. Yen kabeh wis saiyeg saekapraya embuh iku para pangarsa lan andhahan sing ngembani kalawarti iki, ditambah para maos sing tetep setya, pepalang apa wae bisa diatasi. Amin.
Ing wasana Panyebar Semangat  pancen kalawarti sing  mencutake , seger sumyah , kairing atur  : Sun tirune para cantrik panembahe,  kaloka ngukuhi basa ing nuswantara.
Sugeng ambal warsa Panyebar Semangat, sugeng makarya, muga-muga kasembadan kang sinedya.Jenang sela wader pari sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
Nuwun ( tulisan iki dimuat ing majalah PS no 36, 6 september 2014).


Minggu, 14 September 2014

AKU DIPARINGI SIFAT LALEN.



Sajege tuwa iki yen dakpikir-pikir aku kudu ngguyu dhewe. Sing dak aturke iki pancen kedadeyan temenan ora dak gawe-gawe ing pamrih bisa kanggo lelipur sokur bisa mesem ngguyu, malah ing pangangkah bisa kanggo reverensi kagem para maos sing mbok manawa kagungan sifat lalian kaya aku iki. La piye aku pancen diparingi sifat lalian, lalen(pelupa).Iku pancen sifat apa gawan bayi apa piye, aku dhewe ora ngerti wong kari nampa paringaNe, lan aku ya ora kuwasa nolak.Kedadeyan sing marakake aku dhewe lan  bisa njengkelake, ngguyokake nyku, anakku , putuku lan para kanca nyambut gawe wis ora kena dak etung.
           
 Kaca mata sing gawe mala.
Amarga ngunduri tuwa mula aku ya padha karo pinisepuh liyane aku ora bisa pisah karo barang sing jenenge kaca mata.Kaya kedadeyan sawijining esuk, kabeh wis dak siyapke , lakok kaca mata keri.  Wadhuh ora bisa nyambut gawe tenan iki.Wong saomah dak kon nggoleki. Anak , putu lan nyku barang ya dak kon nggoleki . Kabeh umeg mrana mrene , neng meja tamu, meja dhahar, meja cedhak teve, kemput ,tetep ora ana.Keburu telat mula aku njur mangkat.  Sadurunge sepeda dak starter  tanganku grayah-grayah, tibake kacamata neng kono neng jero sak jaket. Aku njur lapor nyang mantan pacar yen kacamata wis ketemu.Kabeh padha ngguyu, nyku komentar.....biasa kungmu penyakite lalian kumat, aku mung meneng wae karo budhal. E.....kok ana maneh..... jagang sepedha motor lali ora dak benakke apa mesthine meh wae tiba, untunge yen sepedhahan alon-alon, jathuka rak babak bundhas dadi gawe temenan.

Dhompet, oh dhompet……
               Wong yen lagi apes apa lalen ora kurang dalan, ndelalah tekan kantor kok ana sing ora beres ta iki. Kok kaya entheng banget ta.Tas wis tak gawa, aku grayah-grayah sak clana. Tenan dompet sing isine sim, ktp lan sawetara atm ora ana. Hape barang ya ora nggawa.Aku bingung. Keri, kecopetan apa ceblok ? Aku kepeksa lapor marang polres sing cedhak kantorku, lapor kehilangan barang.Wis nyicil ayem, saupama ana operasi, wis bisa diatasi.Dina iku pegaweyan kantor lancar, aku njur mulih. Tekan ngomah nyiku durung teka, aku njur nggoleki dompetku, nanging tetep ora ketemu.Wah ceblok neng dalan tenan iki, batinku. Bareng nyku wis mulih, pranyata dhopet  digawa nyku jarene keri neng kasur. Jane mau iku arep diterke  nyang kantorku nanging dina mau pasiene akeh, wong dina Senin. Nyku sawijining perawat rumah sakit pemerintah.

Ngrewangi bojo, dipaido.
            Sawijining esuk aku adang ana magic com, wong ya karepku ngrewangi mantan pacar, njur tak tinggal umeg nyiapke sepeda motor, ganti klambi dines lan liya-liyane. Nyku ya nyiapke sarapan putu sing banget ditresnani, masak sayur, nggoreng iwak pokoke jam enem kudu beres, panganan kudu sumadiya . Bareng arep ngeler sega, mbukak magic com , tibake beras sing ana magic com durung mateng, isih pancet beras. Lampu sing nuduhke posisi masak durung tak tekan. Kepeksa aku kedandapan golek sega menyang warung, untunge ing kutha gedhe kaya Surabaya sega ora masalah, nanging ya kuwi aku telat nyambut gawe.
            La iki ana crita maneh, nguras jedhing. Kaya biasane angger jedhinge kotor , mesthi dak tandangi paling ora telung dina sepisan. Iku tugas rutin. Jedhing wis dak kuras, sanyo pompa banyu wis dak uripke, banjur dak tinggal tandang gawe liyane, wong gaweyan ora ana enteke, yen ra percaya , mangga ta tindak omahku. Pokoke sing jenenge gawean nyumber ora ana enteke.Kocapa bareng dak anggep wis cukup, putu arep adus.Nyku bengok-bengok, wong ngisi jedhing kok ora ditutup, dadi banyune bablas , bablas blas tanpa tilas. Untung banyu tandhon isih ana, jathuka rak amis tenan.

Sadhel , sing gawe anyel
         Ana kedadeyan maneh sing gawe guyu lan digeguyu. Nalika tuku bensin kaya biasane sadhel dak bukak, banjur tutup bensin iya dak bukak. Mbak petugas bensin iya ngisi manut abaku diisi pirang liter. Rampung ngisi bensin njur dak tutup, nanging tan kocapa sadhel sepedha motor durung dang dak dhunke durung dak ceklekke, langsung dak cengklak mesthi bae , aku lungguh neng ndhuwur tangki,sadhel kena dhadhakuwong sepedah motorku wedok. Cepet-cepet , aku mudhun sadhel dak benakke apa mesthine lan aku enggal nggeblas nglungani. Ra liwata ana ibu sing pirsa yen aku salah tingkah, mesam-mesem jan huisin tenan kae.

Lali jenenge kanca sabangku.
               Aturku ing dhuwur mau durung sepiroa. Nalika aku mulih tilik desa, leren ing terminal ana kancaku SMP biyen aruh-aruh, iki sapa ya..... ngerti yen aku lali dheweke banjur nggodha..... mosok Pur kanca sabangku lali...... dak wangsuli sapa ya.....adhuh.....sapa ya.....karo ngeling-eling........"Aku Warino !"aloke.Walah Warino,kanca sabangku nalika SMP biyen tahun suwidak lima. Saploke kedadeyaiku aku ngati- ati banget yen arep nyapa. Yen betemu kanca sing ora apal jenenge aku nyebut jenengku dhisik, banjur takon panjenengan ki  asmane sapa ya ?Aku banjur eling , biyen Warino iki ora duwe potlot  , aku pas nggawa banjur dak silihi, nanging yakuwi potelote bundhel lan  ora daklancipi, kathik cendheg pisan. Bareng arep mbijekne didukani karo Pak Miftah guru ilmu ukur, wose mosok potelot wae ora duwe. Warino mau mung mesam-mesem wong pancene ora duwe apa pas ora nggawa, embuh kono.
             Sajege iku pak Miftah ya guru ilmu ukur mau disiplin banget karo piranti alat tulis. Saben mlebu kelas ora kesupen ndangu muride, sapa sing ora nggawa garisan, sapa sing ora nggawa jangka lan piranti liya sing diperlokake.

Kontak sepeda motor, kang gawe tekor.
Kedadeyan keri-keri iki ing  wulan Januari 2014, aku menyang kantorpos besar Kutha Surabaya kang manggon ing dalan Indrapura amarga arep kirim surat tercatat nyang anakku sing ana Bekasi. Rampung kirim surat aku njur menyang fasilitas internet ing komplek kantor post mau , arep ngedhit postingan blogku sing manut pangrasaku kok kebangeten ta eleke. Rampung internetan aku njur menyang parkiran sepeda montor. Iba kagetku kontak sepeda motor ora ana. Dak takokke tukang parkir ya ora weruh.Wis bingung panik, ora bisa dak bayangke. Kepeksa mbalik menyang internetan, diwangsuli ora ana, banjur menyang loket anggonku ngirim mau, nanging ya diwangsuli ora ana.Aku angluh kok apes men ta ya. aku njur mulih numpak bemo, njupuk kotak dobelan, nyku kaget kok lalian men ta? Balik menyang kantor pos maneh ya numpak bemo dak kon ngeterke nyku mesakke wong wayahe mapag putu. Tekan kantor post dipapak karo tukang parkir yen kuncine keri ing loket 9. Lo, aku mau kirim surat tercatat rak ya nyang loket pira…… ? Pitu apa sanga ya ….. ?

Alon-alon pokok kelakon.
                 Kanca-kanca kantor ya ngerti yen aku lalian,malah kancaku sebut wae pak Prapto ngomentari karo nggodha" gak papa kung pelupa, pokoknya jangan lupa ingatan " wah iki pancen nemen, aku mung ngguyu mesem kecut, wah ana-ana wae, aja sampek aku gendheng.Kadhang-kadhang sifat lalian mau bisa kena kanggo alasan, upamane nalika dolanan pingpong, yen aku ora bisa nampani bal utawa pas nyemes nyangsang ing net, aku mesthi ngucap wadhuh lali aku....... lan dak tambahi tembung ....... sory ya tholnet.....nyanthol net.Sing aneh ki tanggal laire nyku lan tanggal laire anakku, mula ora aneh yen anakku kewetu"tanggal laire anake wae lali, apa maneh menehi hadiah ulang tahun "jajal piye yen ngene iki, kamangka anake mung loro.Malah sing apal ki tanggal laire putuku loro. La piye tanggal lahire putuku pas karo lahirkku, ya kebacut yen nganti lali.
             
           Para maos, ing ngisor iki akalku kanggo ngawekani lalian lan pranyata caraku pancen ampuh tenan banget. Para maos, saiki aku wis pensiun, aku pensiun per 1 Desember 2012 kepungkur, saiki  neng ngomah dadi MC ( momong cucu).Wektu aku aku nyoba ngapalke tanggal laire nyku anakku, mantuku putuku lan sawetara kanca kalebu ultahe majalah sing kita tresnani Panyebar Semangat.Aku pancen iya wis kalebu tuwa manut etungan umur, jarene kari ngenteni metune nyawa pa ngono, mula aku  sabisa-bisa arep matur utawa istilah kerene  tip supaya ora lalian. Mesthi wae tip iki ora mutlak, wong saben piyayi kagungan cara dhewe-dhewe,  iki mung sawetara, tukar pengalaman ora ketang klusu-klusu ya melu udhu pa ngono kae.


1.      Yen panjenengan arep tindak dines, bengine kudu disiapke dhisik.Apa wae ? Huakeh . Upamane, yen panjenengan  PNS ya seragame sesuk warna apa, kalebu asesorise, keplek asma, symbol PNS lan barang liyane sing diperlokake. Dene yen non PNS ya kudu “menyesuaikan”.
2.      Dompet kang isine  SIM , STNK dipirsani temenan, aja pisan-pisan nyepelekke barang loro mau. Kalebu dhuwite pisan, ngasta dhuwit sacukupe, lire dina iku keperluane apa. Apa mung mundhut bensin, apa ana perlu liya, nyambangi kanca sing lagi gerah upamane lan liya-liyane. Aja nganti arep mundhut teh wae  nganti dhuwite keri.
3.      Panjenengan kudu kagungan papan kang gumathok kanggo barang penting, yen bisa siji panggonan wae nanging yen ora bisa maksimal ana telung panggonan. Upamane dompet ana laci, kaca mata ana  ana meja teve, pulpen lan alat tulis liyane ana ing rak khusus. Dadi saupama ana barang sing ketlisut sing dijujug yang telung panggonan mau.Saupama telung panggonan mau ora ana, ya wis ngalamat, barang panjenengan  bisa dibadhe ilang ,wassalam.
4.      Aja grusa-grusu,  aja kesusu. Mesthine jaman saiki sing sarwa cepet, jaman instan kudu cepet slamet. Nanging ya mirsani karo kaprigelane. Aja nganti gawe kesalahan sing kaping telu, apa maneh kaping papat kanthi kesalahan sing padha wah blai tenan mengko.Tuladhane kaya sing dakaturke ing ndhuwur, numpak sepedah motor jagang lali ora dibenakke, apa maneh yen panjenengan nitih mobil.Mula ukara” biar lambat asal selamat “, alon –alon pokoke kelakon” kanggoku isih dadi tetimbangan, sumangga.

5.       Ngisi TTS apa game iya perlu kanggo nambah wawasan.Aku sering ngisi TTS nanging ora tau rampung, nanging ya kudu dak latih.
Sokur yen panjenengan kagungan keyboard/ electon, amarga tangan kiwa lan tengen main bebarengan bakal ningkatake keseimbangan otak kiri-kanan, saengga nundha kepikunan ngono jarene ahli musik.

           Ing wasana matur nuwun.( tulisan iki tau dimot ing majalah Panyebar Semangat nomer 28 tanggal 12 Juli 2014 , mawa jeneng samaran Kungpur)

             

Senin, 01 September 2014

Meriah Perayaan di RT 04 RW 06 jalan Libra Karang Empat Surabaya.




Lantunan suara emas Cindy   dengan lagu I love you daddy , menambah meriahnya resepsi perayaan  Kemerdekaan  Ke 69 RI,yang dilaksanakan  pada hari Sabtu malam, tanggal 30 Agustus 2014. Cindy yang nama lengkapnya Yesika Cindy Angraini, murid kelas V  SD di Surabaya cukup memukau warga yang hadir pada malam itu. Tidak heran setelah selesai  melantunkan lagu tersebut, langsung mendapat  aplaus dari para penonton.
Perayaan yang dikemas  “ Tasyakuran Dalam Rangka HUT RI Yang ke 69 ” memang patut mendapat acungan jempol .  Para warga tanpa mengenal status baik WNI keturunan maupun pribumi bersatu padu demi lancarnya acara tersebut. Kursi yang disediakan panitia yang totalnya kurang lebih 300  semuanya  terisi, bahkan ada adik-adik terpaksa berdiri.





Gendong ngindhit.
 Bapak H.Ismanu sebagai ketua RT 04 RW 06  kelurahan Ploso,dalam sambutannya menyampaikan terima kasihnya kepada ketua panitia dan seluruh warga yang telah berpartisipasi sehingga acara ini dapat berlangsung dengan meriah. Istilahnya nggendong ngindit , yaitu yang merasa mampu memberi lebih dan yang merasa kurang beruntung ekonominya berpartisipasi sesuai kemampuannya. Disamping itu Pak H. Ismanu juga menghimbau kepada seluruh warga untuk mejaga kebersihan lingkungan. Pak RT sendiri tidak segan-segan membawa sapu dan cikrak, berjalan dari timur ke barat. Jangan dikira kalau membawa sapu dan cikrak adalah pekerjaan yang hina.  Kalau kampung bersih dan lingkungan teratur akan mengangkat nilai lebih di kampung ini, bahkan ada rumah yang harganya mampu mencapai diatas satu milyard,demikian antara lain sambutan dari pak RT.
Sedangkan Bapak Kasah selaku ketua RW, antara lain menyampaikan bahwa kita  harus tetap menjaga kerukunan dan selalu mengikuti atau menyukseskan program pemerintah, contohnya E Ktp. Bagi yang belum atau sudah foto E Ktp tetapi rusak bisa foto ditempat  yang sudah ditentukan , dan juga harus bersabar.Bapak RW juga mengucapkan se;amat dan salut atas kegiatan ini, mudah-mudahan kedepan bisa dipertahankan.
Hadiah, door prize dan konsumsi
Agar lebih menarik perhatian, panitia sudah menyiapkan berbagai hadiah bagi pemenang lomba dan door prize bagi warga. Jadi disayangkan seandainya warga tidak hadir karena sangat banyaknya hadiah maupun door prize tersebut. Barang-barang yang dibagikan , memang dipilih  yang  berguna untuk kebutuhan sehari-hari. Contohnya : sabun cuci, sabun mandi, pasta gigi, minyak goreng dan barang lain yang bermafaat.
Untuk konsumsi setap warga  diberi kupon, nanti tinggal menukarkan makanan apa yang disukai oleh warga. Tersedia pangsit mie, nasi goreng, sate ayam dan lain-lain .
Acara yang diawali  sekitar pukul 20.00 sampai ditutup acara pada pukul 23.00 WIB berjalan lancar, meriah, selamat kepada RT 04 RW 06 Kelurahan Ploso Kecamatan Tambaksari Surabaya.

Beberapa album foto pada acara tersebut :
1. Adik Cindy : I love you daddy
2.Bapak-bapak dengan khidmatnya mengikuti acara demi acara... Nampak Bapak Purwanto( kursi nomor dua  sebelah kanan ,ayahanda dari adik Cindy).
3. Ketua RT Bapak H. Ismanu sedang memberi sambutan, mari kita jaga lingkungan kita .......
4.Adik-adik Karang Taruna yang menyanyikan 3 lagu berturut-turut :Indonesia Raya, Hari Kemerdekaan dan Syukur.
5. Ibu-ibu sedang memilih lagu, nyanyi apa ya rek...
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming