Selasa, 28 Januari 2014

“ORKESTRA JAWA” malah populer ing Amerika.



               Pira akehe sekolah utawa perguruan tinggi ing Indonesia sing muruki  gamelan marang murid  utawa mahasiswane ?
               Paling gamelan mung diajarake  ing sekolah karawitan utawa sekolah tinggi seni. Kamangka  ing Amerika, gamelan banget populer. Malah amarga mbutuhake pangerten apik ing antarane para niyaga, ora aneh ana sing nyebut gamelan minangka “Orkestra Jawa “.
               Bukti populere gamelan,   ing wektu  iki niyaga gamelan sumebar ing 45 saka 50 negara bagian AS. Haryo Winarso, atase Pendidikan dan Kebudayaan Kedubes RI ing AS, mojar ana 400an komunitas gamelan ing AS, utamane ing basis perguruan tinggi. Saka 400 komunitas gamelan mau, 127 komunitas aktif latihan lan nggelar pementasan.
              Kurang luwih ana yen 300 set gamelan saka Indonesia sing ditabuh ing AS.Wiwit saka gong, kempul,bonang ,gender, celempung lan isih ana maneh sawetara gamelan sing ditekakake mligi saka Jawa lan Bali .Denyut gamelan ing AS ora mung dibuktekne kanthi komunitas gamelan sing aktif latihan. Rekaman ensamble latihan gamelan arupa instrument kanthi iringan vokalis uga akeh sing beredar.
            Burhan Sukarna sing wis  manggon ing AS luwih saka 20 tahun lan nikah karo Rae Ann Sttahl warga AS, ngedegake Pusaka Sunda ing California sing focus marang gamelan degung  Sunda.Pakumpulan iki wis eksis  25 tahun suwene lan wis mbabar album music gamelan. Album wekasan asesirah Live at The Jazzschool.
            Sauntara iku Tyler Yamin(27), dosen gamelan ing Loyola Marymount, Los Angeles, California, setahun kepungkur mbentuk grup Gamelan Pandan Arum.”kelompokku iki siji-sijine ing AS sing mainake gamelan Semara  Pegulingan saka desa Kamasan Bali. Nabuh gamelan sing umure 400m tahun iki wis langka,” ujare Tyler. Malah, Pandan Arum ngupaya dana  supaya  bisa terus  ngenalke gamelan langka iki.
               Aaron Taylor Kuffner, senimam sing nduweni studio in g Brooklyn New York, ngembangake Gamelatron Project. Dheweke ngawinake gamelan karo teknologi robotic. Gamelanpun bisa muni  tanpa ana sing nabuh, kanthi  mung  nambahi piranti sing didesain kanthi tehnologi robotic.
              Gamelan sing disuguhake Aaron  arupa tromping bali, reyong, kempli,klenthong, ceng-ceng loro,  kepyak papat, kempul loro, lan gong loro. Pengembangan gamelan uga ditindakake kelompok Charlottesville Javanese Gamelan saka Virginia. Komunitas ensambel gamelan iki    nduweni komitmen kanggo sinau budaya Indonesia sarana musik lan nganakake  pacoban  nganggo musik. Pandhapuk  lan direktur Cindy Benton – Groner ndadekake gamelan Jawa kanggo ngiringi lagu-lagu sing lagi poppuler ing AS.
             
    Gamelan Lila Muni saka Easman Consermatory of Musik Rochester New York sing diedegake ing tahun 1993 ora mung  nggandheng pihak kapus nanging uga masyarakat Rochester. Kelompok iki wis manggung ing akeh panggonan, malahan iya wis nyiptakake komposisi anyar kayata “ Persimpangan “ sing dipamerke mahasiswa doctoral Lena Nietfelt.

Kesengsem lan kagum .
            Kanggo ngenalke Indonesia  ing kalangane masyarakat AS November kepungkur digelar Performing Indonesia Converence Musik, Dance and Drama ing Museum Freer and Sackler Galerym Smithsonian Intitution, ing Washington DC.
          Semangate warga AS marang kegiatan mau bisa dideleng saka akehe peminat sing ndaftar antri tiket gratis  adoh sadurunge acara digelar. Malah, sakjam sadurunge konser  patang dina sing nampilake pergelaran wayang, gamelan lan tari Jawa saka Yogyakarta, musik lan tari Bali, sarta tari lan teater tradisional Sumatera saka Minangkabau,  sing antri dawa kaya ula ing ngarep meja panitia supaya oleh tiket tambahan.
            Performing Indonesia sing awujud rangkaian program pembentukan “Rumah Budaya Indonesia” ing AS sing digagas Direktorat Internalisasi Nilai lan Diplomat Budaya Kemdikbud lan disengkuyung masyarakat ing AS pancen dadi daya tarik kanggo warga AS utawa wisatawan sing nekani Washington. Festival gamelan terus-terusan rong dina ing pungkasane minggu pancen nyedhot  pengunjung. Lesehan  ing jrambah ora masalah kanggo “menikmati “alunan maneka warna instrument gamelan Jawa, Bali lan Sunda sing sumebar ing pojok-pojok ruangan,  sing genti-genten dimainke 12  kelompok gamelan ing AS.
                 Saliyane festival  gamelan, uga dianakake seminar bab perkembangan musik gamelan lan seni budaya ing Indonesia dening profesor saka Indonesia lan perguruan tinggi ing AS. Ana uga pameran kain tradisional, kayata batik, songket lan tenun.
                Sadurunge acara pembukaan diwiwiti lan dirawuhi Sekretaris Ditjen Kebudayaan Kemdikbud Gatot Ghautama, Duta Besar RI ing AS Dino Patti Djalal sarta  Sultan Hamengku Buwono X lan Ratu Hemas, sawetara “ pecinta” gamelan wis pamer kapinteran.Salah sijine yaiku, Jessika Kenney, guru vocal lan composer ing Cornish College of Art ing Seattle.
“ Musik gamelan endah banget. Gamelan iki musik kalbu , musik sing teka saka ati “ ujare Jessika
Andy Clay  McGraw, pengajar music saka Universitas Richmond ing Virginia sing antuk penghargaan saka kedubes RI ing AS, mojar yen gamelan disenengi masyarakat AS amarga kabeh niyagane kudu kompak.
                      Sumarsam sing wis luwih saka 40 tahun dadi dosen gamelan ing AS kandha ,ensamble gamelan dianggep sajajar karo orkestra Barat sing dadi symbol dhuwure budaya. Aran ora aneh yen gamelan, utamane Jawa lan Bali banget digandrungi ing AS.
Ironis pancen. Nalika masyarakat AS nyenengi gamelan, ing negarane dhewe sekolah-sekolah ora ngenalake gamelan apamaneh ngajari gamelan……. Biyuh ( sb.kps.6114.p12.ester lince nptpl.pjb)
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming