Jumat, 28 Februari 2014

LEREN SAWETARA SUPAYA LUWIH “jos”



Pegawean numpuk saben dina, ditambah ora kasil  ing target ora krasa yen kita kudu kemrungsung  nyambut gawe luwih abot maneh. Yen iki ditindakake terus-terusan ora mokal yen nambahi sesanggan lan panandhang. Ing ngisor iki ana sawetara cara nanging ora baku. Mangga !

Maca.
Yen ora kepengin maos sing abot, panjenengan bisa milih majalah tabloit utawa novel. Koberna maos, nanging ya kuwi, aja katrem olehe maos amarga bisa lali gawean.Panjenengan bisa maos sawetara menit  jroning padhete pegawean mau.

“Browsing”
Browsing internet  pancen ampuh tenan kanggo ngilangake rasa bosen. Ora mung “mengunjungi” situs warta, media sosial, utawa situs hobi, nalika ngakses internet, kerep wae kita nemokake ide anyar kang ana gandhenge karo pegawean kita. Nanging aja nganti kita ngakses internet mung kanggo update ing media sosial kang sifate pribadi. Ing internet akeh informasi penting kanggo pegawean kita.

Dolanan Games.
Kasengsem dolanan games pancen ora apik . Nanging , dolanan games jroning wektu tartamtu bisa agwe pikiran kita seger, lungkrahe awak bakal suda. Panjenengan  luwih siap kanggo ngepen  nerusake pegawean.
Ana apike yen panjenengan dolanan games sing ora nuntut nganti rampung games mau jroning wektu tartamtu, nanging milih games sing bisa dipause. Kanthi mangkono panjenengan bisa  bebas ngatur  wektu dolanan games.

Nglemesake otot.
Yen awak krasa kaku, panjenengan bisa  nindakake sawetara ngobahake awak kanggo ngenthengake pikiran. Upamane , tangan kekaro didadekne siji kaya nyembah didekek ing ndhuwur mustaka banjur diangkat mendhuwur lan didhunke alon-alon.Cara liya bisa lenggah kanthi jejeg, ngungalake dhadha lan ngendhokake kanthi alon. Liya saka iku panjenengan bisa ngobahake gulu ngiwa nengen  lan ditahan dhisik kanthi ngetung siji nganti lama.

Mlaku-mlaku.
Lenggah kanthi suwe pancen ora sehat. Panjenengan bisa mlaku-mlaku sawetara ing komplek lingkungan kantor. Iki pancen nyuda sayah, awak luwih sehat, pikiran seger lan luwih semangat.

Ngemil.
Mundhut wektu sing longgar kanggo ngunjuk kopi utawa teh karo dhahar camilan pancen  oke.Yen kepengin luwih sehat maneh, bisa ngunjuk jus lan ngemil woh-wohan gres.Kacang-kacangan bisa uga kanggo kanca ngemil . Jinis kacang almond sing sugih protein lan asam lemak pancen migunani kanggo awak.

Ngobrol.
Panjenengan koberke ngobrol karo mitra nyabut gawe. Guyon lan gojlog-gojlogan  pancen gawe swasana seneng  jroning numpuke pegawean , nanging aja nglantur, nganti lali gawean.Sacukupe wae.

Raup.
Pikiran bisa dadi seger nalika raup. Segere banyu  kaya-kaya bisa gawe kekuatan anyar ,mahanani  luwih semangat kanggo nyambut gawe.Kegiatan iki wis lumrah ditindakake dening sawetara wong kanggo nyuda kesele tumandang gawe. ( sumber,komps.26214 hl39, pjb ).

Jumat, 21 Februari 2014

AJA LAMIS



Ciptaan : Ki Narto Sabdo
Aja sok gampang, janji wong manis
Yen ta amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas,
Ora agawe cuwa
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga

Aku iki prasasat
Lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Akeh tuladha kang demen cidra
Uripe rekasa
Milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung bisa mukti

reff :
Aku iki prasasat
Lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tuladha kang demen cidra
Uripe rekasa
Milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung bisa mukti


Menawi badhe mirengaken kula aturi klik wonten mriki.

Sabtu, 01 Februari 2014

Wiwit Aku Isih Bayi



Syair : - No Names.
Wiwit aku isih bayi,wong tuwa sing ngopeni
Nganti tumeka saiki, lair batin gemati.
Mangkat sekolah  aku disangoni,
Sandhang pangan wus mesthi.
Mula aku kudu ngerti,mbangun turut ngajeni.

Keparenga amba matur dhateng bapak lan ibu.
Nyuwun berkah lan pangestu, Amrih langgeng rahayu.
Atur panuwun mbo kekalih, Kinanthen sembah bekti.
Sageda nulad tresnanta, guyup rukun slaminya.
(sb kdjg)
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming