Sabtu, 23 Agustus 2014

UTI LALI



         Kedadeyan iki wis sawetara wulan kepungkur nalika putuku sing cilik isih kelas I SD. Aku laro putuku loro ki jan akrab banget sasat ngluwihi anak karo wong tuwa. La piye sing nyepakke maem , nyepakake pakaian seragam , sing ngeterke sekolah, sing mapak ya eyange. Mula ora aneh yen cah loro mau pancen keket, kelet kaya prangko kae. Cah loro mau yen nyeluk aku bapak nanging yen ngaturi eyang putri diceluk uti.
        Kadhang –kadhang  aku wong papat padha dolanan delikan, sing cilik kadhang ndelik  la sing gedhe bingung nggoleki. Suwalike ya ngono, sing gedhe ndhelik sing cilik genti nggoleki. Semono uga aku lan Utine, malah tau nalika cah loro mau teka Utine ndhelik , la ya bingung, karo celuk-celuk Utiii….. Uti……wekasane …..badalah utine ana mburi lawang.
       Kaya wis ana kesepakatan  nyku  ngeterke sekolah putuku sing cilik, dene aku ketiban sampur ngeterke sing gedhe. Loro-lorone sing mapak aku, kajaba dina Senin. Yen dina Senin Utine mapak sing sing cilik.
       Ing dina Senin lali tanggale, aku mapak sing gedhe sing adohe saka omahlu 7km , tekan ngomah udakara jam 13.50.Putuku langsung nggoleki adhike . Nanging adhike ora muncul, njur takon Utine sing lagi bar  nonton TV. “Uti, adik mana ….. adik…..adik “ ngono karo nggoleki nganti sawetara wektu suwene.  Nyku marani aku karo takon “ Rival neng ngendi, biasane rak panjenengan papak bareng mase ? “
      Ya dak wangsuli  “Aja guyon ta bu, paling panjenengan utus ndhelik, ben mase nggoleki . Aku ora mapak , wong saiki dina Senin “ krungu wangsulan ngono mau nyku jenggirat, karo ngucap “ Lo Iya, wadhuh iya …. “ karo nglenggana kaluputane, kepeksa aku budhal mapak sing cilik. Tekan sekolahan bocahe lungguh ngenteni ana teras sekolah karo kancane siji, mungkin ya durung dipapak wong tuwane. Tanpa aba karo mbesengut sajak arep nangis putuku  langsung nggamblok ing sepeda motor. Tekan ngomah dipapak utine “ Uti minta maaf ya sayang, Uti minta maaf ya ……”siputu isih mbesengut…..Utine ora kurang akal digendhong lan diambungi njur didulang maem awan . Apa tumon ?
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming