Senin, 09 Maret 2015

Terbentuk Pengurus Baru Komunitas Purnabakti BTPN




 Susunan Pengurus Komunitas Purnabakti BTPN Indrapura Surabaya
 Periode 10 Maret 2015 – 10 Maret 2017
Pelindung/ Penasehat  : Bp.M. Taufik Nanang
1.Ketua                     :  Bp.H. Addin  Makmur Chadiri
2.Wakil:Ketua            : Bp. H.Suprijanto, SH, MM
3.Serkretaris I:           : Dra.Hj. Urifah,
4, Sekretaris II           : Bp. Purwito, S.Pd
4.Bendahara:  Moch.Amari,
Juli Endang Priyati, SH
5.Humas: Drs Sutampi,Suwarmi Siswadi
6.Seksi :
.Rohani : Islam , Bpk Taslim Djamingan
.Kristen :Jm Ramelan, Spd
.Olah Raga : Drs H . Harsono, MM, Gus  Suparno BcHk,Sugiyono
.Seni Budaya: Ibnu Effendi,  H. Gaston Syarie , D, S.Sos, Masytah
.Usaha:  Sukarmi, Daryanti,SPd, Hj Zulikaningsih
.Kesehatan: Hj Arsiyati., Hj, Sumarmi
Keterangan : foto diatas adalah sebagian kegiatan pada waktu berkunjung ke Malang, nampak ibu Hj. Urifah memberi sambutan.

Kamis, 05 Maret 2015

Wong Aneh (crikak)



Jam 12.00 wayahe mangan awan, mula para pegawai ing kantor iku siji baka siji padha bukak bontotan masakane mantan pacar. Sing ora sangu iya golek kantin lan warung kang ora adoh saka kantor . Neng kutha gedhe  kaya  Surabaya iki maneka warna dhaharan lan unjukan wis sumadhiya , arep  dhahar lan ngunjuk apa wae kari milih. Arep nggolek sayur asem ana, sayur lodheh ana , sega pecel pirang-pirang , sega bebek ora kurang, soto ayam soto daging  sasat saben panggonan wis cumawis.  Apa arep ngersakke dhahar lonthong balap ditambah sate kerang ,  kari takon mengko bakal dituduhke ana ngendi panggonan sing dikersakake . Apa rujak cingur sing rada amis sithik kae, mangga.
 Pokoke  saka rega sing paling murah nganti rega sing paling larang jangkep kari nari kandel tipise kanthong. Para tamu saka njaba kutha embuh iku tugas dines, apa  para among dagang, apa mung saderma mlaku-mlaku mirsani rejane jaman mesthi niteni panggonan dhahar sing dadi klangenane. Para tamu mau banjur crita marang kanca lan para sanak sedulur, yen tindak Surabaya arep dhahar sega bebek kana lo, parkire kepenak pelayanane cepet, nanging yan kuwi yen wancine dhahar awan kudu wani dhesek-dhesekan. Banjur sing wis langganan lonthong balap, iya elik-elik wose paring penget supaya nyoba ing panggonan manut pituduhe sing nggawa warta mau. Semono uga dhaharan liyane , iya dicritakake kaya mangkono, mula sing ngrungokake padha penasaran lan kepengin mbuktekake bener orane warta mau.
Kabar bab dhaharan sing istilah  kerene kuliner banjur bar-sumebar, awujud reklame gratis kanggone pengusaha warung, restoran lan kantin .Kanthi cara mangkono mau para wiraswasta padha njaga aja nganti kelangan pelanggan.
Kaya biasane pak Insan nuju warung kang nyedhiyakake dhaharan sing dadi klangenane.  Dhaharan remenane yaiku sayuran, embuh iku sayur asem, sayur bening bayem  lan sop. Ing antarane sayuran mau sing dadi klangenane yaiku sayur asem. Manut ngendikane, sayur asem karo tahu apa tempe goreng ditambahi sawetara sambel, rasane ora kalah karo hamburger apa hotdog sing jarene panganan modern restoran ing mall kae. Kaya-kaya menu sayur asem mau mujudake dhaharan  sing wis patent, dhaharan sing ora bisa dipisahake, dhaharan sing ora ana tandhinge.Saupama sayur asem  entek, lagi aba menu liya yaiku sayur bening bayem. Yen sayur bening bayem ya ngepasi  entek, ya kepeksa sop, yen sop ya entek lagi sayur lodheh, iku wae kepeksa banget. Dene iwake  tahu tempe lan sawetara iwak kali lan iwak segara.
Daging kambing lan daging sapi ora  kersa, daging ayam wae milih ayam kampung, apa maneh sing jenenge jerohan, wah disiriki tenan. Sesantine, aku kudu njaga awak,  kudu waras aja nganti lara, dene umur sing nemtokake ndhuwur, ngendika ngono karo astane nuding ndhuwur. Mula senajan yuswane ing angka seketan ya isih kiyeng, isih tahes, arang-arang gerah. Ketambahan maneh  isih remen olah raga. Maneka warna olah raga ditindakake. Renang tau, voly nate, senam iya ora keri. Nanging samono akehe olah raga mau sing paling diremeni badminton.Embuh apa ana gandhenge karo Indonesia sing tau ngrebut piala Thomas ping lima  apa piye, apa pancen wis dadi pilihane ora ana sing ngerti. Tau ngendikan ngene ” Aku badminton ki,  yen mung trima telung gim wae ayo dak ladeni “.
Kepungkur pancen ana kanca nyoba badminton mungsuh pak Insan, kanca mau digawe menggeh-menggeh kalah semangat kalah ulet lan trima kalah. Kamangka umure isih kepetung enom, isih nyandhak  patang puluhan lan ya melu klub  nunggal karo pak Insan. Pak Insan dhewe ya wis ngelingke kudu sregep olah raga, yen latihan tekaa, aja mung turu  mosok kalah karo wong tuwa. Nanging kanca mau mung nggleges, kaya ora rumangsa salah. Badminton wae yen pas  karep atine  , wani turune, apa maneh olah raga liyane aras-arasen. Pak Insan ya ora kurang-kurang olehe tutur-tutur lan paring tuladha, nanging embuh apa sebabe kok ya ana kanca kantor sing nduweni  watak kaya ngono.  Pak Insan ya ora pinter banget, nanging umur samono ing kantore pancen ora ana sing ngalahake.Yen badminton mungsuhe luwih enom  lan luwih  pinter, ya ngakoni kekalahane kanthi sportif. Mung yen mungsuh antar instansi pak Insan gelem main nanging trima dobel. 
Ing kantore sing dadi panutan olah raga ya mung pak Insan mau. Mbayar nyewa lapangan ya pak Insan, yen arep pertandhingan badminton sing ngurus ya pak Insan lan keperluan liya kalebu konsumsi. Kanca liyane rumangsa manteb banget yen pak Insan sing mandhegani.  Saben dina Ju’mat wektune senam esuk, mesthi teka gasik dhisiki lan melu nata ubarampe  sing dibutuhke. 
Kaya awan iki olehe dhahar jan nikmat banget, ketambahan hawane pancen panas. Srengenge sajake isih ora bosen-bosen madhangi isine jagad, ngemban tugas sing diparingne karo Gusti sing akarya jagad. Sayur asem lan es jeruk pancen dadi menu sing pas. Olehe dhahar leren sawetara bareng  ana kanca sing uluk salam,
“ Sugeng dhahar pak Insan .”ana piyayi aruh-aruh.
“E walah panjenengan ta, kene- kene ” wangsulane pak Insan. Priyayi sabarakane banjur  lungguh ing sisihe. Asmane pak Kamil, banjur aba marang bakule yen dhahar kaya biasane yaiku sayur asem lan endhog  dadar.
” Ngapunten pak, dadare telas, kantun mujair dos pundi ?” omonge bakul karo nawakake.
“ Nggih mpun boten napa-napa, sambele kedhik mawon” wangsulane pak Kamil. Karemane priyayi loro mau meh padha, yaiku sayur asem, sayur bening  lan sop. Mung bedane yen pak Insan senengane tahu lan sawetara iwak segara, yen pak Kamil senengane tempe, endhog dadar lan mujair .Piyayi loro olehe dhahar jan nikmat banget. Lan ya  mesthi wae pak Insan sing rampung dhisik banjur mara mbayar menyang bakule, karo aweh tandha yen mbayar kanggo wong loro.
”Pak sampun dibayari  bapak niki ” bakule cluluk.
” Lo ya  ta ? Aja pak, wis kana tindaka dhisik ”.Pak Kamil iya mangsuli semu menggak. Banjur ngomong maneh
 ”Bu , sampeyan susuki pinten telase pak Insan, mpun bu sampeyan susuki napa mesthine”. Si bakul sarwa repot, lan wekasane manut panjaluke pak Kamil, tinimbang rame, apa maneh  wiwit akeh sing teka,  wayahe mangan awan. Batine mbok bakul wong iki piye ta , dibayari kok ora gelem. Kamangka manut pengalaman, ana wong sing paling seneng ditraktir, malah ana sawenehing wong sing ora gelem ngetokke dhuwit , bisane mung nebeng,kamangka nduwe  bayar dhewe lan bayare ya kalebu gedhe. Wong loro pancen mong kinemong, lan padha njaga wates, ajen-ingajenan antarane siji lan sijine. Pak Insan karo pak Kamil pancen dadi tepa tuladhane para karyawan ing kantor iku.
*
Wektu lumaku terus,  ora  gantalan wektu pak Insan ngadhepi pensiun, dene pak Kamil munggah jabatan  nggenteni kalungguhane pak Insan. Manut pambijine  direktur ,  pegawai sing paling pas nggenteni kalungguhane pak Insan ya mung pak Kamil, ketambahan maneh bareng direktur mau gelem nampa usulane pak Insan. Pak Kamil dhewe iya ora kuwasa nolak, lan iya rumangsa bombong amarga diwenehi kapercayaan kantor.Ya pancen ana rasa seneng lan sedhih. Senenge munggah jabatan , susahe apa ya bisa kaya pak Insan ?
Sadurunge acara perpisahan lan serah terima antarane pak Insan karo pak Kamil ,karyawan lan andhahane  kantor mau  padha rundhingan arep nyaosi souvenir apa sing kira-kira pantes  kanggo pak Insan. Pancen wis cumawis dana kanggo adicara serah terima lan souvenir saka kantor, nanging para karyawan kepengin nyiapake kenang-kenangan mligi.
 Para karyawan iya nayogyani banget, banjur wiwit  tumandang gawe.  Ora ana pilihan maneh lan ya kaya adat saben sing dadi seksi sibuk pak Didik . Bapak putra siji iki pancen kena dipercaya kejujurane. Didik ya njur wiwit mlaku, nyedhaki kanca-kanca diwiwiti sing gampang dhisik dijaluki sumbangan. Diteruske urut  lan  gethok tular marang kanca- kanca supaya padha partisipasi kanggo kegiatan iki.
 Kanthi wektu sing ora suwe wis ngumpul dhuwit sing lumayan. Kari sawetara sing durung diparani , yaiku Ramelan lan sawetara kanca sing lungguhe cedhak pak Insan . Iki kudu ngati-ati, yen nganti kadenangan utawa Ramelan matur marang pak Insan , rencana bisa buyar. Ing sawijining kalodangan Didik ngomong karo Ramelan yen arep njaluk sumbangan kanggo kenang-kenangane pak Insan.
“ Iya, aku ya sarujuk nanging dina iki aku ora nggawa dhuwit “ wangsulane Ramelan.
  Ora apa-apa,  nanging , aja nganti mireng pak Insan. Temen iki, serius . Wong siji iki pancen aneh, nyleneh,ora umum, ora gelem disubya-subya. Kedadeyan kaya ulang tahune pak Insan sawetara wulan kepungkur, aja dibaleni maneh. Aku ditimbali lan  didukani, isin  banget sanajan olehe ndukani ora weruh wong liya” tambahe Didik.
“Iya, iya… mosok ora percaya karo aku “ ngono karo klepat nglungani. Dene Didik nyawang kanthi kebak wibawa.
Ditutupana rapet ora wurung warta bab sumbangan kepireng karo Pak Insan. Nalika Didik kledhang-kledhang nggawa map, banjur ditimbali. Gelem ora gelem kepeksa lungguh, durung-durung rumangsa salah.
” Pak Didik, aku krungu jare arep padha urunan kanggo aku , apa bener warta mau ? ” pitakone Pak Insan kanthi kebak wibawa.
” Boten kok pak, bapak mireng saking sinten ?” Didik genti pitakon, diwanek-wanekake, atine sajak ora kepenak.
” Ya ana sing kandha , ora perlu dak sebutke ” wangsulane pak Insan kanthi alus. Njur ” Sing diasta map kuwi isine apa, apa perlu tanda tanganku ?”tambahe maneh,  Didik rumangsa kepepet.
”Sanes menapa-menapa kok pak, namung daftar kanca-kanca ingkang badhe ndherek wisata dhateng Yogya ”. wangsulane pak Didik goroh, ah kok sarwa salah, nanging wis ketrucut.
” Ya wis, yen ngono aku tak melu, aku daftaren ” Pak Insan ngendikan lan ya rada gela dene karyawan sing kondhang jujure iku wis wani goroh.  Map isih pancet dipangku, Didih meneng blangkemen .
 ” Ngene ya pak Didik, mbok terus terang wae, ora apik ngono kuwi . Lis sumbangan iku cukup mandhek tekan kene wae , aja diteruske, mesakke sing ora duwe. Karo maneh sing jenenge sumbangan ya aja ditemtokke nominale ta. Isih akeh sing perlu butuh bantuan, malah kae sapa kae bu Yuli kae durung diangkat pegawai tetap, sing kakung  dipehaka lan anake bar opname ngentekke ragad sing ora sethithik.  Saupama, iki saupama lo, upama  disumbangke bu Yuli  wae, kira-kira  kepriye ?” pamrayogane Pak Insan . Didik isih meneng rumangsa salah. kringete wiwit metu sanajan ruangan mau dipasang ase.
Pirsa yen Didik ora mangsuli, pak Insan  nambahi ” Wis saiki mangga dirundhingke karo kanca-kanca , iku usulku. Muga-muga kabeh sarujuk marang usulku mau ”.
Didik meneng sawetara, terus matur sajak kisinan ” Inggih pak, nyuwun pangapunten, kepareng ” ature Didik , pak Insan manggakake, wong loro salaman. Didik ninggalake ruangane pak Insan. Rencana sing digantha-gantha arep gawe senenge atasan buyar, durung mengko bakal ngadhepi kanca-kancane. Didik kudu nemtokake pilihan, kudu tegas, kliru dalan sida gegeran tenan mengko. Apa maneh kancane akeh sing isih enom, tingkat emosine isih dhuwur.
Kanca sing durung diparani tetep  dijaluki sumbangan, dene  mengko diwenehke pak Insan arupa souvenir apa sebagian diwenehke Juli arep konsultasi karo pak Kamil lan sawetara kanca sing bisa dipercaya.   Didik ora arep nggoleki sapa sing lapor pak Insan, nanging yakin bener ana kancane sing ora bisa dipercaya, ana sing mblenjani janji .  Pandumuke sapa maneh yen dudu Ramelan , kanca seprana-seprene sing imbas-imbis mangro tingal ora bisa dicekel guneme.  Tangane gatel rasane kepengin mithes-mithesa wae.
Karo  mlaku nuju ruang kerjane,  Didik  mbatin yen pak Insan iki aneh, wong aneh, aneh ning nyata.
(cuthel)
.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming