Senin, 14 September 2015

SUGENG TINDAK SASTRAWANKU, in memorian bapak Suparto Brata

Dina Senin tanggal 14 September 15 aku dolan ing  Pusat Balai Bahasa Jawa Timur, kang manggon ing Siwalan Panji Sidoarjo . Ing kono aku ketemu Mbak Yulitin kang mentas iki oleh pambagya saka Rancage. Ya ing kono mau aku nyuwun pirsa kepriye kahanane Eyang Parto. Malah aku ya matur , mbok kapan tindak Rungkut aku mbok dikabari, insyaallah aku arep arep ndherek. Mbak Yulitin ngendika ""mangga", terus ngendikan yen Eyang Parto lagi gerah, astane wis ora bisa diobahake , dhahar wae wis sajak ora kersa.
Sabtu tanggal 12  September aku oleh sms saka mitra raketku, yem Jumat bengi  watara jam 21.30 Eyang Parto wis kapundhut, Innna lilllahi wainnna ilaihi rojiun...... Dhuh Gusti
Nulisa;
 Isih eling sawetara wektu kepungkur  nalika ulang tahun PPSJS kang manggon Taman Budaya Genteng kali  tak aturi pirsa yen tulisanku dimuat ing PS, panjenengange ngendika.... nulisa ..... aja bosen nulis...
Sugeng tindak sastrawanku., sugeng tindak pujanggaku....wah rasane eluh iki....
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming