Tampilkan postingan dengan label 06.ana rerasane ati. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 06.ana rerasane ati. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 24 April 2010

TUKANG PARKIR


Metu saka toko, nyku ngomel-ngomel sing ora cetha juntrunge.Tukang parkir sing biasane diwenehi dhuwit minangka ongkos,olehe maringi kanthi ora dhangan ing penggalih.Aku ya ora nggatekake omongan mau, mbok ya uwis ta, yen niat diparingi,ya diparingi ora sah karo nggunem sing ora-ora, ngono batinku.Sajake nyku ngerti apa sing tak batin, kabukten wiwit crita."Aku mau kober nylathu tukang parkir.Cik enake, teka langsung diwenehi karcis tanpa ngrewangi blas, e sepedhae ditampani tah ditata tah disapa sing enak tah, isa ngomong apa gak jan-jane.Metu ya ngono pisan, wong sing parkir samono akehe, e mbok ditulungi, ditokke supaya gampang nuntune, mosok tukang parkir isane njaluk dhuwit tok. Ngono iku bola-bali, tak sabarake jane saking aku ora kuwat ngempet,kok ya ora ngerti yen golek dhuwit iku kudu tumandang gawe kudu nyambut gawe.Karcise ya ngono pisan, ora resmi, paling dhuwite ya dipek dhewe ". dak wangsuli"yen ora dipek dhewe njur diwenehke sapa?"nyku mangsuli mesthine sebagian ya mlebu nyang dinas sing kawogan ta". Rupane nyku lali, yen tau crita ana sawijining pasiene gaweane nukoni panggonan sing sekirane bisa ngasilake dhuwit parkir. Ing ngendi iku, ya saenggon-enggon, upamane ngarepe restoran, cedhak pasar, ngarepe perkantoran,dalan-dalan sing sakirane bisa kanggo parkir lsp.Iku dituku lan wani mbayar larang malah ngancik limang yuta munggah.


Wong sing mborong lahan parkir mau ngongkon andhahane supaya jaga parkir, lan pranyata asile ora baen-baen, bisa kanggo tuku omah, budhal kaji lan kaperluan liyane.Apa ora hebat?Bareng tak critani lan tak elingne nyku lagi nyambung, e ya sing sabar ta, ngongkon tukang parkir" dhik tulung tokna, methi gelem kok".Aku ya banjur crita,yen kancaku sing saiki wis purna tugas tau cluluk"bayare guru kalah karo bayare tukang parkir".Aku ya meneng wae ora menehi komentar, yen dituruti bisa-bisa tukaran adu panemu sing ora bakal gathuk. Mosok padha gurune padha bengkerengan, saru yen dinulu.Piye, sapa gelem dadi tukang parkir?Dhuwite sapa kanggo tuku panggonan lahan?Apa bisa nglakoni?.Embuh.Sapa sing maos, mangga maringi tanggapan.

Jumat, 25 Desember 2009

Sugeng Warsa Enggal


Cathetan TAHUN 2009
Tahun 2009 sedhela maneh bakal ninggalake kita kabeh lan kita ngadhepi tahun anyar 2010.Sadurunge iku akeh banget cathetan sing isih tumemplek ing angen-angen kita wiwit kasuse baya lan cecak,kasuse Prita Mulyasari sing oleh simpati awujud koin sing pengaji luwih saka limang atus yuta,pansus bank century sing saiki isih rame ing kalangane anggota DPR,program seratus hari SBY-Budiono,pro lan kontra ujian sekolah lan isih akeh maneh. Salah sijine cathetan mau yaiku kasuse Mbok Minah, wanita tuwa umur 55 tahun, wuta sastra,kang ing pertengahan wulan Agustus kepungkur nyolong woh coklat(kakao) ing perkebunan PT RSA 4(PT Rumpun Sari Antan 4)tanpa pager ing dukuh Sidoharjo,desa Damarkradenan,kecamatan Jatibarang, kabupaten Banyumas.Mbok Minah kang uga penduduk desa Sidoharjo mau,methik woh coklat nedya kanggo bibit,kang arep ditandur ing tegale.Woh coklat kang dicolong mau cacahe telu, pengaji Rp2.100,-(rong ewu satus).Konangan mandhore, kakao dibalekake karo njaluk ngapura marang kesalahane.Woh kakao ditampa dening mandhor, nanging mbok Minah ora diapura,malah dilaporake marang pimpinan kang sabanjure nglapurake menyang Kepolisian Sektor Ajibarang.Sawise polisi mriksa mbok Minah, ngelingi lan nyumurupi barang kang dicolong pranyata ora mingsra, polisi banjur ngajokake usul marang pimpinan PT RSA 4,supaya perkara iku dibatalake wae. Nanging pimpinan PT RSA 4 ora setuju, alesane "wong nyolong kudu diukum, ben kapok".
Sidane perkarane mbok Minah diproses, dening polisi diterusake menyang kejaksaan.Prosese dawa lan wiwit pertengahan Oktober nganti awal November ora kurang saka ping lima mbok Minah bolak-balik menyang Purwokerto, saperlu minangkani panggilan kejaksaan. Kamangka dohe saka omahe menyang Purwokerto ora kurang saka 25 km. Tur iku ora gampang, sebab saka omah tekan dalan sing ana tumpakan angdes menyang Purwokerto dohe udakara 15 km, kang biasane ditempuh mawa ojek, yen anake sing omahe cedhak kono ora bisa ngeterake nganti tekan dalan gedhe.Lunga menyang Purwokerto saperlu minangkani panggilan kejaksaan, ragade rata-rata Rp 50.000,-(seket ewu rupiah) sanyangan.Kepeksa mbok Minah nampa sumbangan lan bantuwan saka tangga-tangga, awit mbok Minah dhewe kalebu mlarat.
Wekasane ing sidang pengadilan tgl 19 November 2009 kepungkur, mbok minah dening hakim ditibani ukuman kunjara"percobaan" 1 sasi 15 dina,iki ateges mbok Minah ora perlu mlebu kunjara, kanthi cathetan, ora bakal nindakake tindak pidana sajrone wektu"percobaan" telung sasi.Mbah Pur mung mbatin yen nyolong barang pengaji Rp 2.100,-(rong ewu satus), diukum 1 sasi 15 dina, la koruptor sing ngrugekake negara trilyunan rupiah diukum pirang atus tahun?Aku isih eling nalika sekolah biyen ana maling pitik, diring reme-rame menyang kantor polisi, dietutake hansip lan sawetara bocah tanggung nyekeli tangane maling pitik mau.
Ah, tahun 2009 kang kebak sandiwara lan kebak tandha pitakon, piye iki, kok ngono ya?Muga-muga tahun sing bakal teka kahanan luwih tumata lan prastawa ing tahun 2009 kang kurang prayoga ora dibaleni maneh,Amin.
SUGENG WARSA ENGGAL TAHUN 2010.

Senin, 07 Desember 2009

POLISI

Polisi kok di........
I. Sawetara kepungkur aku lan nyku ndandakke gledhekanjepang ing UMC dalan Achmad Yani Surabaya.Ya rada suwe pancene, servis lan wayahe ganti oli lan dina iku sing service lumayan akehe.Ora kacarita gledhekanjepang wis rampung lan wis dak cukupi kabeh administrasine. Aku lan nyku mlaku alon-alon ninggalake bengkel ngetutke lakune kendaraan ing ngarepku kang lalu lintase pancen padhet banget.Nyku ing sisih kiwaku dak elingke aja ngantuk, aja turu amarga yen ora dibantu akeh sepeda motor nyalip saka kiwa saka tengen sepenak udele dhewe.Embuh nyku kekeselen apa piye aku ya ora pati nggatekke nanging dak lirik kok ya meneng, kesel dadi mc beke.Tekan stopan bangjo yen lurus nuju terminal Wonokromo, aku nengen nuju pasar Wonokromo.Lampu nuduhke kuning ateges aku isih bisa terus lan aku ngetutke kendaraan ngarepku.Enak-enak mlaku e..... bapak polisi wis ana ing ngarepku menehi tandha supaya aku minggir, batinku salahku apa..... sepedamotor tengenku ya isih ana sing bablas ora diendheg.Nyku gragap tangi, ana apa ,tekan ngendi iki.... dak wangsuli tekan ngendi,iku lo diendheg polisi, nyku ngomong maneh aku keturon wis kono ndang mudhun. Wose polisi nerangake yen aku nglanggar marka dalan yen lampu abang kudu mandheg, aku iya mbantah yen lampu isih kuning mula aku wani terus, polisi ngomong maneh yen lampu wis abang, lan aku iya matur maneh isih kuning, polisi rada sereng wis abang, lagi aku sadhar ora ana gunane bengkerengan,simku kanthi abot dak caosake diwenehi surat tilang lan ditemtokake tanggal lan panggonan sidang.Sadawane mulih aku isih nggagas bab kedadeyan mau, nyku setengahe daksalahake ora gelem melu ngawasi kahanan,nyku ya genti nyalahke wong dadi sopir kok njagakke wong liya.Yen dak pikir-pikir bener nyku, nanging karepku ki wong neng gledhekanjepang mau mung wong loro ngeling-eling jaman pacaran biyen......wah tambah nggladrah iki......
II.Isih polisi maneh,nanging polisi iki ora kena diajak kompromi.
Tanggal 29 Nov 2009, aku lan nyku nyambangi tangga sebut wae asmane Abah Dhori, sing kena alangan urusan karo polisi.Abah mau opname ing rsud.dr Sutomo lan operasi amarga balung tangan tengen retak/tugel.Aku mara ing daleme, awit ora kober niliki nalika panjenengane opname. Bareng wis satata lungguh abah Dori crita yen kedadean mau waktu esuk arep budhal ngantor. Embuh saking kesusu apa yuswane wis sepuh apa piye, enak-enak sepedhahan ana polisi ing ngarepe ya mesthi wae abah mau kedandapan ora bisa ngendhaleni sepedamotor tiba, lan tangan tengene nahan abote awak lan sepedhamotor wusanane kedrawasan kaya ngene iki.Aku takon polisi napa se Abah, diwangsuli niku.....polisitidur.Dak guyoni.....Abah,polisi tidur niku mpun diganggu, niku boten saged dijak kompromi.....ngalah mawon mangke rak sekeca.Diwangsuli inggih-nggih kula kuwalat ngantos ngathang-athang teng griya sakit la niki rontgene. Dak deleng karo nyku tulang belikat apa tulang sendi aku ora faham, nanging ketok tugel lan disambung nganggo pen.Sawetara suwe anggonku jejagongan,wong abah Dhori sekailyan iku blater lan seneng guyon, aku banjur nyuwun pamit.La iya wong ing dalan kang jembar kok ana/dipasang polisi tidur.Malah ing gang-gang ya ora gelem kalah, jor-joran gawe polisi tidur. Dilematis, yen ora dibangun polisi tidur, sepedamotor sing lumrahe nom-noman ora ngerti unggah-ungguh ora ngerti tatakrama sepedhahan ing kampung,nanging yen dibangun bisa nyilakakake wong liya contone sing dialami abah Dori. Kepriye yen ngene iki?
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming