Jumat, 31 Desember 2010

Sepedhahan tekan Jembatan Suramadu

Wis sawetara suwe aku ora numpak sepedhah pancal. Wektu kepungkur pancen aku tau ngomong karo nyku yen menyang sekolah arep ngonthel wae, nanging nyku ora ngolehi. Apa maneh anakku, kok nemen temen ta pak, wong mulang kok numpak sepedha pancal, apa maneh ing kutha Surabaya.Ora sah, ora sah sepedhahan pancal barang. Pancen sawetara wektu kepungkur , saben esuk bar subuh mesthi sepedhahan, ngubengi kampung , ngubengi gang ing sakiwa tengene omahku. Rasane awak pancen kepenak tenan, bar sepedhahan iya tandang gawe sakuwatku, karo nyiapake piranti mulang. Saya suwe amarga akeh kegiatan , ngrangkep dadi MC( momong cucu) sepedhahan mau rada suda lan wekasane babar pisan.
Rong wulan kepungkur anakku tuku sepedha pancal, jarene kanggo olah raga, aku dadi kepengin maneh , kathik sepedhahe ya rada memper mula aku kemecer ndang nyengklak wae.Anakku pisan iya aba, diagem wae pak ben sehat, lan iya dak wangsuli la iya ta, ngono ya mathuk.Cekake saben Minggu esuk, dak perlokke sepedhahan mecaki dalan ing wilayah Surabaya lor.Ya alon-alon, pancen kepetung wis tuwa. Wiwitane cedhak-cedhak kene , 20 menit wis krenggosan, suwe-suwe kok penasaran, kepengin luwih adoh maneh.Wah kebeneran tanggal 27 nganti 31 Desember 2010, liburan sekolah, kalodangan kanggo sepedhahan .Mula dina Selasa 281210 esuk aku budhal kepengin ngerti sepira kekuatanku mancal sepedhah.Wah tibake kepenak banget, hawa seger , pancen iya ana kendaraan roda loro lan roda papat, nanging ora kaya ing tengahing kutha Surabaya. Ora krasa anggonku sepedhahan meh tekan ngisore Suramadu , sepedha dak pancal terus lon-lonan kringet wiwit gobyos.Ing kiwa tengene dalan tinemu tambak kang gilar-gilar, semono uga arep tekan ing ngisore Suramadu ing gisik akeh tanduran bakau kang subur banget. Ya ana kuciwane, ora patia kopen, lan isih ana warga sing mbuwang sampah saenggon-enggon. Sejene iku iya akeh gubug-gubug kanggo nglumpukke rongsokan.Tekan ngisore Jembatan Suramadu swasana saya rame, akeh warung utawa kios sing bukak nawakake dagangane.Kari milih, lontong kupang, bakso , jajan gorengan lan isih akeh maneh.

Sepedhah dak jagang lan leren sawetara, karo mgematake sesawangan sangisore jembatan.Bareng wis dak kira cukup, aku mulih alon alon metu komplek AL Wonosari.Dak gagas-gagas olah raga sepedhahan iki iya akeh paedahe kayata :
1.Nambahi bobot, otot sikil, bokong, bangkekan mundhak kuwat.
2.Nyegah lelara sirah mumet, nafsu mangam tambah.
3.Kanggone kang kang lara kencing manis(diabetis melitius), nyuda kadar gula ing darah.
4.Bisa kanggo nggayuh prestasi, nambah ati seneng.
5.Ngilangi rasa was sumelang , ningkatake semangat urip.
6.Nyegah lelara “jantung koroner”, nambah kekuwatan, ngiras pantes kanggo panglipur.
Yen dinalar pancen luwih luwes, amarga bisa ditindakake priya, wanita,wong tuwa, wong enom lan bocah cilik. Paling ora aku wis bisa duwe rancangan suk yen pensiun esuk-esuk sepedhahan , mulih terus nulis apa nggambar,nggambar manuk iya mathuk, nulis wayang ya ora dilarang.Mangga sepedhahan……

Rabu, 29 Desember 2010

nonton wayang

Rabu tanggal 22 Desember 2010.Esuk bar markir sepeda Jepang, bu Fatimah TU sekolah aruh-aruh :Kung mengko nonton wayang ing Genteng Kali, aja lali lo, surat tugas digawa bu Ima “ lan dak wangsuli “iya”. Ing batin aku is nyicil ayem seprana –seprene wiwit anakku lahir nganti sing ragil umur 29 tahun ,arang-arang banget nonton wayang. Biyen nalika televise swasta Indosiar nggelar acara wayang aku iamarga sih kober nyemak, nanging bareng TV swasta mau ora tau nggiyarake aku iya aras-arasen. Ing sekolah iki ana ana telu sing giwang, gila wayang yaiku swargi pak Ismanto ,pak Agus Susilohadi lan pak Rusnandi . Aku iya kalebu giwang nanging kumat-kumaten ndeleng sikon.Pak Agus wis pindah menyang Trenggalek, kari aku karo pak Rusnandi satpam sekolah. Gek karo sapa mengko ? Dak deleng sing diwenenhi tugas ana lima yaiku sing dianggep remen karo wayang lan daleme cedhak karo Genteng kali.Kancaku mau pak Didik , pak Edy, bu Ima lan bu Dwi.Pak Didik dak tari, mengko apa bisa rawuh, ana tugas lo ? Diwangsuli ora bisa kung wong rapote durung tuntas, belani wayang sida diclathu wali murid tenan sesuk. E ya wis , apa jare mengko. Udan wiwit neba riwis-riwis.Sawise ngrampungne rapot,aku mulih rapot dak tinggal ing sekolahan. Tekan ngomah crita karo nyku yen mengko arep nonton wayang, nyku elik-elik wong swasana udan kok nekad.
Ya ora papa ta, kadhung diniyati, mengko karo pak Ugeng. Ya mangga, apa kira –kira pak Ugeng kersa, lan dak wangsuli ya embuh mengko.Tenan bar sholat maghrib swasana isih udan, kepara malah deres.Aku ngebel pak Ugeng, lan iya ngendikan aku rana dhisik dirundhing dhisik, udan saya deres.Tekan daleme, pak Ugeng ngendikan yen mung nonton thok, ora susah udane deres nganggo banget. Lan iya dak aturi ana tugas saka sekolah, malah skne dak gawa.Wah yen ngono ya mangga, budhal . Ora gantalan suwe wong loro budhal nrabas udan sing saya deres.Tekan Gentengkali lo kok isih sepi, banjur ana priyayi alok-alok yen pentas ing Dinas Pendidikan Jatim, kepeksa sepeda Jepang ngubengi pasar Genteng.Udan saya deres. Tekan panggonan sing dituju pating jentrek mobil sing diparkir nganti aku kangelan golek enggon, wekasan aku parkIr ing SMK Rajasa kidule Dispendik Jatim.Mlebu gapura wis dipapag panitia, dhahar rumiyin pak wonten wingking. Tekan panggonan mangan , absen lan tanda tangan banjur diwenehi kupon loro kanggo mangan lan snack.
Wah tepak banget, kari milih aku milih kikil dene pak Ugeng embuh dhahar apa, wong panggonane rada sawetara.Bar mangan nuju panggonan pentas.Sing rawuh kajaba pejabat teras dinas pendidikan, akeh-akehe para dwija, malah aku ketemu kanca-kanca saka SMP liya.Sadurunge pagelaran wayang ana penampilan tari saka sawetara SD, kang tari-tarian mau ana gegayutan karo tema sing asesirah festival Padhang Rembulan.Malah awan mau, iya ana pementasan wayang kancil dening kidhalang Sadwika Aji Sembodo, murid kelas VIII SMP Negeri 12 Surabaya.Wektu lumaku terus udan ora mendha.Rampung penampilan tari-tarian diterusne sambutan-sambutan.Pak Harun minangka Kepala Dispendik Jatim paring pangandikan yen dinas ora kurang-kurang anggone nyengkuyung sakehing kegiyatan mula kabeh mau gumantung marang kang kawogan utamane para guru. Dene sambutan kaloro Pakdhe Karwo, diwakili Pak Rasiyo iya paring pangandikan yen jagading pendidikan pancen ora bisa pisah karo panjenengane.Kabudayan kang adi luhung kudu dikenalake wiwit cilik. Yen wiwit cilik bocah-bocah wis kenal ananing budayane dhewe , insya Allah bakal dadi bocah kang ngerti unggah-ungguh lan duwe karakter kang bisa gawe bombonge sapa wae salaras karo karakter bangsa Indonesia.Rampung paring pangandikan diterusne pagelaran dhalang cilik Wuwus.
Bocah remaja kang jeneng jangkepe Wuwus Galih Carita, sawijining murid SMP Satu Atap 2 Dongko Trenggalek,kang nate jawara lomba dhalang cilik nasional ,bengi iki mentasake lakon pembebasan Ekacakra.Ana rasa bombong, e tibake ana generasi penerus ing jagading pedhalangan. Jejeran diwiwiti ing Ekacakra, ora ana janturan kang lumrahe diucapake dhalang micarakake kahanan negara mau. Ora manut pakem kaya sing dak tonton biyen-biyen.Langsung antawacana antarane prabu Baka diterusne jejeran ing Manahilan panggonane ki Wijrapa, perang antarane balane prabu Baka mungsuh nom-noman ing Manahilan, anake demang kasil digawa mlayu diadhepake prabu Baka.Bareng arep dimangsa, teka raden Bratasena nylametake , kedaden perang antarane prabu Baka lan Bratasena,lan dimenangake Bratasena.Ekacakra bebas saka srakahing raja kang wengis prabu Baka. Para rawuh aplaus keplok mbata rubuh tanda karenan marang kawasisane dhalang cilik saka pucuking gunung Trenggalek. Hebat. Salam kagem nak Wuwus lan para dwija ing SMP Satu Atap 2 Dongko Trenggalek.
Penampilan sateruse yaiku pagelaran wayang sawengi nutug kanthi dhalang ki Sinaryo, kanthi njupuk lakon “Sang Bima”. Dak semak lan iya ora ana jejer kratonan, langsung flash back kaya-kaya Sang Bima dtekani swargi prabu Pandhu lan dewi Madrim, paring semangat supaya Bima ora madhep mangu nalika maguru. Apa dhawuhi guru Drona kudu digatekake. Langsung adegan ing tengah alas perang antarane Bima karo raseksa loro panjamane Bathara Bayu lan Bathara Indra. Bima bali nakokake kepriye karepe guru Drona. Drona nuduhake yen satemene sing digoleki tirta amerta suci, ana telenging samodra. Sadurunge budhal njegur samodra wis dierih-erih, karo ibu Dewi Kunthi lan para sadulure, aja nuruti dhawuhe guru Drona. Drona iku manggon ing Ngastina mesthi bae, luwih nengenake bala Ngastina, duwe akal kepriye carane amrih Pandhawa sirna.Bima tan keguh ing ati, tekade wis gilik apa dhawuhe guru kudu diestokake.Dialok antarane Bima karo ibu ditambahi karo sedulure banget mranani ati. Jam nuduhake jam 23.30, saupama sesuk ora rapotan rasane kepengin nutugake lakon mau nganti tuntas. Aku karo pak Ugeng bali mulih, udan wis rada terang.Aku isih kober rasan –rasan , jaman wis owah kalebu pagelaran wayang. Ora kudu manut pakem,jejeran wiwitan, jejeran kapindho, perang gagal, perang kembang , perang brubuh lan sapanunggalane.Kabeh mau gumantung wektu lan iya kreatife ki dhalang.Nonton wayang kang ngelingake cilikanku kang mesthi lungguh cedhak kothak.

pamit kenal smpn 2 surabaya


Manggon ing hotel Purnama Batu,Malang tanggal 6 Desember 2010 dianakake pisah kenal antarane Bapak Astari karo Bapak Hidayat.Bapak Astari sing kurang luwih telu setengah tahun ngembani SMP 2 Surabaya promosi dadi pengawas kang kantore ing jalan Jagir Surabaya.Dene bapak Hidayat sadurunge mutasi menyang SMPN2 Surabaya, dadi kepala sekolah ing SMPNegeri 36 Surabaya.Saliyane pamit kenal bapak kepala sekolah,iya dianake perpisahan karo bapak/ibu guru sing purna tugas lan mutasi.Sing wis purna tugas yaiku Ibu Ketut Rai Sukaniti, Ibu Witdiah, Ibu Yayuk Sudarwati lan Ibu Nuryamah. Dene sing mutasi yaiku Bapak Bambang Setiyono menyang SMK 5 Surabaya lan Ibu Candra Astuti menyang Dinas Pendidikan Kecamatan Krembangan.Acara sing uga dirawuhi Komite Sekolah Bapak Purwadi Joyonegoro lan bapak Toni katon regeng banget.Ing acara sambutan Bapak Astari ngendikan , mbok manawa sajroning sesrawungan antarane pimpinan karo andhahan ana kaluputan iya pangapurane wae, dipilih endi sing apik-apik ,dene sing kurang prayoga aja ditiru. Uga disebutake yen saben tahun kelulusan SMPN 2 Surabaya lulus 100%, mula tradisi tingkat kelulusan mau kudu dijaga, sukur sukur peringkate bisa munggah.
Tahun wingi sekolah sing dianggep unggulan lan favorit wae ana sing ora lulus, mula SMPN 2 kudu bersyukur temenan, apa maneh sekolah-sekolah anyar iya ora gelem kalah , yen ora ngati-ati bisa-bisa SMPN 2 bisa kegeser.Dene pak Hidayat minangka kepala sekolah sing anyar uga paring sambutan , yen SMPN 2 Surabaya salah sijine sekolah lawas sing jenenge wis dikenal dening masyarakat lan iya wis dipercaya yen sekolah iki kalebu sekolah pavorit.Kasil orane sawijining lembaga ora gumantung saka pimpinane wae, nanging kabeh komponen melu nemtokake majune sekolah mau.Ndeleng saklebatan SMPN 2 Surabaya pak Hidayat rasane ora ana was sumelang mimpin sekolah mau mung kari ningkatate sdm sing ana, iku wae.


Sambutan sing pungkasan saka komite sekolah, yaiku bapak Purwadi Djojonegoro. Pak Pur paring pangandikan, aja ulap karo jenenge sekolah sing manggon ing tengahe kutha Surabaya iki. Kudu luwih sregep tumandang karya, aja nglirwakake kapercayane para wali murid . Sarana prasarana kanggo proses KBM uga kudu digatekake lan isih akeh sing kudu didandani lan diramut, ngono ngendikane.

Adicara resmi dipungasi kurang luwih jam 21.00 , diteruske atur tali asih , sawise iku diregengake acara bebas bapak ibu guru padha memerake kawasisane olah vocal wah jian regeng banget.Sugeng tindak pak Astari, sugeng rawuh pak Hidayat lan iya sugeng tindak mitraku pak Bambang, bu Yayuk, bu Witdiah, bu Ketut, bu Nuryamah muga-muga tansah pinaringan seger kuwarasan lestaria anggone momong putra wayah, Amin.

kucing nyolong keju


Ana kucing loro bebarengan nyolong keju sablebek. Bareng ngono kucing mau padha regejegan. Sing kuru njaluk panduman luwih akeh dumeh awake kuru, kosok baline sing lemu iya njaluk luwih akeh amarga kuwatir yen awake dadi kuru. Warna-warna anggone padha alas an, ora ana sing gelem ngalah.Regejegane kucing loro mau pungkasane dadi perkara ing pengadilan. Kethek sing ngadili, sing mutusi perkarane. Dasar kethek dasar julig lan atine ora jujur, mula kucing loro mau sangsara. Kethek njupuk traju utawa timbangan, kejune diparo prol. Sing separo dideleh ing piringan traju sisih kiwa, sing separo ing sisih tengen.Sing kiwa munggah mula sing tengen kejune dijupuk dicokot kethek, kejune dibalekake lan dadi entheng. Traju tengen munggah, keju sing kiwa saiki saiki dijupuk , dicokot kethek. Kaya mangkono, traju kiwa lan traju tengen gonta ganti nganti kejune kari sethithik.
Kucing loro ngerti kapusan, mula dheweke celathu, : Wis, wis aku wis trima, kekerene keju dak jaluk “. “Kethek mangsuli “Kowe trima, nanging pengadilan sing ora trima”.Kethek terus wae anggone nyokoti keju, bareng keju kari sethithik kethek celathu,”Wis, kekerene keju iki dadi opahe sing ngedum”.banjur kejune diemplok kethek. Kucing loro ora komanan apa-apa. Kucing loro padha susah lan getun dibujuki.
Pitutur sing bisa dijupuk saka cirta sato kewan yaiku :
-aja tumindak sing kurang prayoga, nyolong jupuk sing dudu hake.
-aja regejegan sing ora ana gunane, kabeh bisa dirundhing dimusyawarah.
-aja njaluk menange dhewe.
-kudu nggolek paraga sing kira-kira wicaksana kanggo mutusi masalah.
-lsp.

Senin, 13 Desember 2010

materi uas basa jawa smpn2 surabaya kelas IX semester I tahun 2010 -2011

Materi ulangan sing kudu disinaoni yaiku wiwit bab I (Drama crita rakyat Andhe-andhe Lumut), nganti bab VI (apresiasi Wayang – Banjaran Kresna).
Bab I lan bab II : kudu ngerti tema, underane masalah lan pitutur apa kang ana ing wacana mau/drama mau.Soal kudu diwaca bola-bali nganti ngerti temenan apa karepe soal.
Bab III: Ora ana sing angel, kudu ngerti endi paragrap pambuka, isi lan panutup.
Bab IV: Iya ora sepira angel, kudu ngert identitas panggonan kang ana ing ing wacana.
Bab V: Kudu apal lan ngerti ciri-cirine tembang macapat “Dhandhanggula”( guru gatra, guru lagu lan guru wilangan). Bisa ngowahi saka tembang(puisi tradisional) dadi gancaran (prosa).
Bab VI: Ngerti tema, pitutur kang ana ing crita wayang ,silsilah paraga ing wacana lan identitas salah sijine paraga wayang( Kresna , Arjuna).
Akehe soal 45 kedadean saka 40 pilihan, 5 mangsuli pitakon( uraian), lan ing ngisore wangsulan nomer 5 soal uraian, tulisen : kula janji badhe ngetrapaken tata krama dhateng sinten kemawon.

Minggu, 28 November 2010

nekani undangan kemanten ing kampung


Wulan Besar, wulan sing apik kanggone wong sing duwe khajad, embuh iku mantu, ngrabekke apa sunatan kabeh diramekake ing wulan Besar iki.Mula ora aneh yen ing gedung, ing kampung dipasang terop ,dipasang penjor ana umbul-umbul mratandani ana wong duwe gawe.Sing paling nyusahake iya anane terop iki. Wis manggone ing dalan,ditutup pisan, ya mesthi wae ta lalu lintas semrawut, matal macet total. Aku tau nyipati dhewe, wis budhalku kawanen, tekan dalan ana terob, wadhuh kepeksa ngubengi gang lan gang mau iya wis macet amarga siji-lan sijine ora gelem ngalah, rebut ducung dhisik-dhisikan. Untung wae tekan sekolahan ora didemo para cantrikku.
Mbaleni bab resepsi. Sawetara wektu kepungkur aku nekani undangan kemanten ing kampung. Saka kadohan wis katon sederhanane.Ora ana kwade sing dihiasi kembang maneka warna, sing ana mung kursi loro dihias sederhana, ora ana pager ayu apa maneh pager bagus, kabeh mung samadya ora ana kesan wah.Kursi meja tamu iya ngono, malah katone mung cukup nyilih tangga kiwa tengen. Manten iya dirias, nanging riase iya sederhana banget, menawa wae sing maesi iya biyunge dhewe.Electon kang biasane ngregengake swasana iya ora ana, sing ana mung tape kang unine kemrosak ora stabil kadang alon kadang banter.Sing rada menjila mung juru foto, menawa wae kepengin ngyakinake yen dina iki , dina kang ora bakal dilalekake, dina kang nyathet yen wong loro wis nyawiji prasetya ing janji nganti tekan kaki nini.Tekaku dipapag kanthi grapyak semanak karo rama ibune kemanten, katon polose .Karo ngrahapi pasugatan aku kober nyawang penganten sakloron, katon bagya banget, mesam-mesem asli. Mesem kalegan amarga kemanten ing bengi iki bakal necep madune katresnan kanggo mbangun kulawarga anyar ing dina-dina kang bakal teka. Nikmate pasugatan ngalahke pasugatan ing gedhong kang kari milih apa sing dipengini , semono uga anggonku lungguh ing kursi, nikmate ngalahake ing hotel utawa ing gedung kang standing party mangan karo ngadeg.Unine music tradisional, ngalahake swarane penyanyi ing hotel lan gedhung kang kerep nglagokake lagu manca kang kadang-kadang ora pas karo kuping tengen lan kuping kiwa.Swasana bengi, swasana resepsi ing kampung , pasamuan kang regeng adoh saka kesan mewah.
Karo nuntun sepeda Jepang metu saka panggonan mau, pikiranku nglantur semono ya bagya mulyane kemanten ing kampung kang adoh saka kemewahan. Kabeh sarwa asli, sarwa polos apa apane. Bagya mulya ora mung diduweni wong sing saben dina keceh dhuwit manggon ing omah gedhong magrong-magrong sing asale dhuwit saka nggarong dhuwite negara utawa jegang ing kursi sing asale dhuwit saka korupsi, nanging bagya mulya ya dadi hake wong sing uripe prasaja, apa anane, ora kakehan tingkah ora kakehan polah.

Minggu, 21 November 2010

aku isih kelingan

aku isih kelingan ........yen ing auditorium rri Surabaya tanggal 12 Nopember tahun 2010 sore.....sliramu padha kumpul.....padha maos geguritan lan puisi.....ketang anggone keraya-raya teka ngetokake gembolane ati.....ora perduli ngetokake pira beya sing ditokke saka kantong pribadi.....kanggo kidung nagari.
aku isih kelingan kok mitraku .....
anggonmu maos kebak semangat makantar-kantar .....ngalahke jebluge arga merapi.....
ana kang sedhih .....ngalahke panandhange para pengungsi ing Jogja,Wasior lan Mentawai..... ana uga kang nyritakake panalangsane para TKW .....kang jarene dadi pahlawan devisa ..... ana uga sing maos kanthi kebak rasa asih marang para putra .....
aku isih kelingan kok mitraku....... yen rawuhmu bisa gawe padhange atiku..... bisa gegojekan lan udu panemu .....kanggo jumangkah dina-dina kang lumaku.

Selasa, 09 November 2010

upacara dina pahlawan ing sekolah




Saben tanggal 10 November, kabeh wis mangerteni yen tanggal iku, tanggal kang banget bersejarah ing perjalanan bangsa Indonesia iki.Ya ing tanggal iku uga kabeh pada mengeti utamane arek-arek Surabaya anggone mempertahanke kamardikane. Diwiwiti tekane Landa sing mbonceng tentara Inggris kang ndharat ing Tanjung Perak Surabaya wiwitane ditampa kanthi apik, nanging amarga Inggris culika, wekasan nuwuhake perang brubuh,paribasan sadumuk bathuk sanyari bumi, dilabuhi taker pati rawe-rawe rantas malang-malang putung.Akeh kusumaning bangsa kang gugur dadi rabuking negara.Kanggo mengeti lekase para pahlawan sing wis dhisiki kondur ing jaman kelanggengan ,kabeh padha ngaturake kormat, kanthi upacara gendera, tabur bunga ing makam pahlawan lan kegiatan liyane.

Bangsa sing gedhe yaiku bangsa sing gelem ngakoni labuh labete para pahlawan. Ing sekolah iki SMP Negeri 2 Surabaya , iya dianakake upacara kanggo mengeti dina pahlawan. Kabeh padha menganggo ala pahlawan, kayata para prajurit kang lagi ngayahi tugas perang ngusir tentara sekutu, sukarelawan PMI ana sing nggawa bambu runcing saweneh ethok-ethok dadi Lanada lan sapanunggalane.Sing dadi pembina pak Sudijanto guru senior, guru sing wis tuwuk ambyur ing jagading pendidikan.

Dene sing dadi petugase wiwit pemimpin upacara ,pasukan pengibar bendera iya para murid sing wis digladhi kanthi disiplin. Wah jan menjiwai banget, mula upacara dina pahlawan tahun iki khidmat. Kabeh padha sadar yen bisa kaya ngene iki amarga iya jasane para pahlawan.Jam 08.00 krungu swara sirine, tandha yen asung kormat donga marang para Pahlawan.

Swasana tambah mrinding bareng disetelake vidio pidatone Bung Tomo, sing intine mbakar semangat arek-arek Surabaya supaya aja wedi karo sekutu sing gamane luwih pepak.Acara dipungkasi adu kawasisan sing dianakake ing bangsal,saben kelas ngirimake wakile supaya mamerake utawa meragakake perang sepuluh Nopember 45, wah meriah banget.Uga peragaan saka OSIS SMP 2 sing kasiL ngrebut juara pengetan dina Pahlawan, sing dianakake Pemkot.Juara 1 piala walikota, juara 1 tatarias terbaik, juara 1 tata gerak terbaik.Jam setengah sepuluh kabehing adicara rampung, para murid banjur mlebu kelas , nampa piwulang saka bapak/ ibu guru.

Kamis, 04 November 2010

PIDATONE BUNG TOMO ,10 NOV '45(jarwan bebas)


Bismillahirohmanirrohim….
MERDIKA !!!
Dulur-dulur rakyat saindhenge Indonesia khususe penduduk Surabaya,
Kita kabeh meruhi menawa dina iki tentara Inggris nyebarake pamfle-pamflet sing isine aweh ancaman marang kita ……..kita diwajibake ing wektu kang wis ditemtokake nyerahake gaman-gaman sing wis kita rebut saka tangane tentara Jepang.
Dheweke njaluk supaya kita mara kanthi angkat tangan…… dheweke njaluk supaya kita mara kanthi nggawa gendera putih tandha nyerah……
Dulur-dulur…..
Ing jroning paprangan sing uwis-uwis, nuduhake, menawa rakyat Indonesia ing Surabaya,pemudha saka Maluku, pemudha saka Sulawesi, pemudha saka pulo Bali, pemudha saka Kalimantan, pemudha saindhenge Sumatera, pemudha Aceh, pemudha Tapanuli lan kabeh pemudha sing ana ing Surabaya …. jroning pasukane dhewe-dhewe karo pasukan rakyat sing dibentuk ing kampung-kampung wis nuduhake pertahanan sing ora bisa dijebol lan nudhake siji kekuatan saengga dheweke kajepit ing ngendi-endi.
Mung amarga taktik sing licik dheweke iku dulur-dulur………kanthi nekakake presiden dalah lan para pemimpin ing Surabaya iki, mula kita manut ……nglereni paprangan, nanging ing wektu iku dheweke nyusun kekuatan……….lan sawise kuwat kaya ngene kedadeyane.
Dulur-dulur kabeh………
Kita bangsa Indonesia sing ana ing Surabaya iki, arep nampa tantangan tentara Inggris, lan yen pimpinan tentara Inggris ing Surabaya kepengin ngrungokne wangsulan rakyat Indonesia, kepengin ngrungokake wangsulan kabeh pemudha Indonesia ing Surabaya …….iki …………tentara Inggris…..
Iki wangsulan kita……., iki wangsulan rakyat Surabaya…..iki wangsulan pemudha Indonesia marang kowe kabeh…….
He tentara Inggris……kowe kepengin yen kita kudu nggawa gendera putih supaya teluk marang kowe…..kowe ngongkon kita ngangkat tangan mara menyang kowe……… kowe ngongkon kita nggawa gaman sing wis kita rampas saka tentara Jepang lan diserahke marang kowe……..tuntutan iku sanajan kita ngerti yen kowe sepisan maneh ngancam kita kanthi kekuatanmu sing medeni…….. nanging iki wangsulan kita :
Sasuwene banteng-banteng Indonesia isih duwe getih abang…….sing bisa gawe kain putih ……dadi abang lan putih ……….nganti kapan wae kita ora arep nyerah marang sapa wae……..
Dulur-dulur rakyat Surabaya, siagaa! Kahanan gawat!......nanging dak elingake sepisan maneh……aja ndhisiki nembak………lagi yen kita ditembak ……. mula ganti kita serang tuduhna yen kita bener-bener wong sing kepengin merdika…………
Lan kanggo iku dulur-dulur……….luwih becik kita ancur lebur tinimbang ora merdika sesanti kita tetep: merdika utawa mati…..
Kita yakin dulur-dulur kamenangan bakal kita regem, sebab Allah ana ing pihak sing bener……..percaya dulur-dulur………Gusti Allah bakal ngayomi kita…….
Allahu Akbar! Allahu Akbar!Allahu Akbar!
MERDIKA !!!

Selasa, 02 November 2010

SURABAYA, PRASTAWA 10 NOVEMBER 1945

25 Oktober 1945.
Inggris ndharat ing Tanjung Perak dipimpin Brigjen Mallaby.Jumlah kekuatan luwih saka 6000 wong,kalebu pasukan elite.Tekane Mallaby wiwitane disambut kanthi apik.Sawise sapatemon karo Moestopo saka TKR, Mallaby negasake yen sekutu ora arep nylundupake pasukan Landa lan NICA(Netherland Indies Civil Administtration).

26 Oktober 1945.
Mallaby ngirimake sapleton pasukan sing dipimpin Kapten Shaw, kanggo nylametake Kapten Huljer.Arek-arek Surabaya wis kelangan kapercayan marang Mallaby lan pasukane.Situasi saya panas kanthi anane slebaran saka gegana Surabaya, awit prentahe Mayor Jendral Hawthorn, panglima tentara sekutu ing Jakarta.Inti selebaran iku, njaluk supaya Indonesia nyerahke kabeh gaman ing ndalem wektu 48 jam.
27 Oktober 1945.
Sekutu wiwit nindakake agresi.Komandan sekutu nganggep entheng kekuatane Indonesia kanggo mempertahanke kamardikan.Luwih-luwih Inggris, banget njagokake Brigade 49 sing jejuluk The Fighting Cock sasuwene perang mungsuh Jepang.
28 Oktober 1945.
Pasukan sekutu ngendhih lapangan udara Morokrembangan lan sawetara gedhung penting.Ing antarane,kantor jawatan kereta api(KA),pusat telpon lan telegraf ing Kebonrojo, RS Darmo, lsp.
29 Oktober 1945.
Paprangan gedhe ora bisa diselaki, yaiku 6000 pasukan Inggris mungsuh puluhan ewu tentara lan pemudha.Kalah bala, Mallaby njaluk bantuan Hawthorn supaya Indonesia nglereni paprangan. Hawthorn njaluk Presiden Soekarno supaya pemimpin ing Surabaya kanggo nglereni paprangan. Soekarno, Hatta lan Amir Sjarifoedin teka ing Surabaya lan nganakake pirembugan.
30 Oktober 1945.
Mobil Buick sing ditumpaki Brigjen Mallaby dicegat kelompok pejuang nalika ngliwatiJembatan Merah.Amarga ana kesalahpahaman, tembak-menembak ora bisa dicegah.Wekasan mobile Mallaby mbledhos sawise kena tembakan. Mobil gosong dadi angus.Matine Mallaby kasebut dadi sumbere dahuru anane paprangan kang luwih nggeggirisi ing tembene.
1 November 1945.
Kapal perang HMS Sussex ndharat ing Pelabuhan Tanjung Perak.Seminggu teruse, kurang luwih 8000 interniran(sandera), dipindah menyang kapal perang.
9.November 1945.
Kanthi interniran digawa mulih, Inggris wiwit nindakake aksi balas dendam matine Mallaby. Dheweke ngetokake ultimatum , supaya kabeh gaman diserahke sadurunge jam 06.00 esuke, lan wong-wong sing tanggung jawab matine Mallaby diserahake.Ultimatum disebarake saka montor mabur tumuju saindhenge kutha.Saliyane iku, dielingne kabeh bocah lan wanita kudu ninggalake kutha sadurunge jam 19.00.Ana ancaman mati kanggo wong sing nggawa gegaman sawise jam 06.00, ing tanggal10 November 1945.Jam 18.00 elemen TKR lan pemudha nandha tangani Soempah Kebulatan Tekad sing intine ikhlas berkorban kanthi tekad merdika utawa mati.Sawise iku, jam 03.00 Gubernur Surjo ngumumake ing corong radio yen Surabaya arep nglawan nganti titik darah penghabisan
10 November 1945.

Jam 06.00 Inggris miwiti serangan. Bung Tomo ngajak kabeh rakyat supaya nglawan. Perang gedhen kang nggegirisi, Surabaya diserang saka telung jurusan, darat, laut lan gegana, kutha dadi segara geni. Akeh gedhong sing mawut ajur mumur.

tugas ngarang tembang macapat dandanggula

Murid-murid iki tuladhane tembang macapat “DANDANGGULA’’ nganggo sandiasma Pak Purwito.Dadi bocah-bocah kudu ngarang tembang Dandanggula’’ sapada” nganggo jenenge dhewe-dhewe.Sawise kok garap ing buku materi bab 4,tembang sing kok karang mau tulisen utawa diketik nganggo computer lan ditempelke/dilem ing buku cathetan. Gatekna pathokane tembang Dandanggula yaiku:guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.Yen kangelan bisa nyuwun pirsa Pak Pur utawa Bu Endang ing ruang guru.
DANDANGGULA.
P-ara mudha dalah para murid
A-wya kendhat seneng amemaca
K-itab kang akeh gunane
P-oma-poma den emut
U-wal saking cubluking ngilmi
R-a krasa tambah pana
W-asis lantip iku
I-badah ingkang kaarah
T-iba bagya mulya aneng tembe buri
O-pen sangu ngagesang

Sapa sing bisa gancarake tembang ing dhuwur diparingi reward saka Pak Pur, tulisen ing buku cathetan.

PELATIHAN KOMPETENSI GURU BASA JAWA

Bapak ibu mangga amersudi ngelmu
tata cara mulang
kanggo ndhidhik putra-putri
setya budya, mbimbing generasi bangsa

Guru iku,aktif kreatif satuhu
inovatif uga
efektif nyenengke ati
guyub rukun anggayuh tujuwan bangsa

cara mulang, maneka warna kang laku
dasaring konstektual
model langsung koperatif
inkuiri model berdasar masalah

Tembang Pucung ing ndhuwur seratane Ibu Sri Sulistyani nara sumber Saka UNESA, nalika dianakake PELATIHAN PENINGKATAN KOMPETENSI GURU BASA JAWA SMP NEGERI /SWASTA SE KOTA SURABAYA, kang manggon ing SMK 5 Surabaya, tanggal 28 nganti 29 oktober 2010. Manut Bu Lis, sejatine para bapak ibu guru basa Jawa wis kompeten, nanging ora ana alane yen para dwija mau ana penyegaran utawa dicharge, supaya bisa seger maneh lan ora mboseni.Wulangan basa Jawa ora padha karo wulangan liyane, amarga ing basa Jawa mau, ana unggah-ungguh kang magepokan karo tata karma sopan santun.
Ing Indonesia wiwit biyen mula wis kawentar budaya kang adi luhung, kalebu ing tatakrama. Mula nalika anggota DPR sinau tatakrama menyang Yunani, akeh sing nggleges, gumujeng, e tibake ing Indonesia wis ora ana tatakrama maneh ta.La sinau tatakrama menyang Yunani, sinau apa nglencer…..biyuh……biyuh? Akeh materi sing diparingake dening Bu Lis, intine kaya sing sekarake Kinanthi ing ndhuwur.
Narasumber sing kaloro yaiku Bapak Sukarman , ketua jurusan Basa Jawa Unesa.Guru diupamakake pandita kang mulang para cantrik,mula guru kudu sekti. Yen ora sekti, kepriye nasibe para cantrik?
Dene carane kudu anggeggulang ilmu sregep maca lan nulis lan aja ketinggalan infomasi tehnologi. Guru Surabaya yen ora bisa computer wah, kepancal sepur, embuh yen guru Pacitan? Wah-wah iki aku sing rada ganjel, kamangka guru ing Pacitan akeh sing melek computer, ngapunten nggih pak?.Pak Karman paring materi bab RPP(Rencana Pelaksanaan Pembelajaran).RPP saiki kudu berbasis karakter.Indikator nyakup kognitif produk, proses, psikomotor, affektif, keterampilan social.
Semono uga tujuan pembelajaran ,ya kudu nyakup kognitif produk.
Kabeh RPP kudu cocog karo standart isi sing wis ditemtokake, ngono ngendikane Pak Karman.
Kegiatan sing dibukak lan ditutup dening Pak Yusuf minangka wakile Bapak Sahudi awit nindakake ibadah haji,lumaku kanthi rancag. Pak Yusuf ngelingake, bapak/ibu guru aja mung nguber sertifikat wae, nanging luwih saka iku.Tugas guru tambah abot, embuh pirang kwintal abote, apa maneh saiki wis akeh sing oleh TPP.
Para dwija olehe nyemak, kebak semangat, kabukten nalika diparing tugas saka nara sumber bu Lis lan pak Karman ,embuh iku diskusi kelompok, tugas kelompok lan liya-liyane padha nuduhake kawasisane. Jam telu sore sawise adicara penutupan, kabeh peserta kondur nggawa semangat anyar, lan iya ngasta oleh-oleh kanggo para cantrik, nuwun.

Sabtu, 30 Oktober 2010

warta kanggo mitra

esuk iki ……..esuk iki sliramu ana ngendi? menyang tegal ngirim boga kanggo bapa kang ngudhal- udhal-lemah cengkar …………….apa malah ngudang putra sing ayu-ayu...... utawa tindak pamulangan paring pitutur marang para cantrik cilik-cilik? mitraku…….esemmu kang gawe getering atiku…….sapandurat aku gragap yen sliramu ora ana ngarepku.

mitraku........ kawruhana yen nuswantara nandhang dhuhkita. apa sliramu ora pirsa …………… apa rewa-rewa ora pirsa………amarga ……wakil kita lunga menyang manca perlu sinau tatakrama......aneh ning nyata.

mitraku...... arga Merapi lagi krodha nyebar pepati lan kasangsaya .........akeh rowang kang kebak panandhang....... wisma lan rajakaya datan kapetang
mitraku...... ing wektu iku uga ………..tsunami nggegerke Mentawai………korban pating blasah kasulayah......… prahara sindhung riwut magenturan, lindu kaping pitu mawantu-wantu....parandene menyang endi playune bocah bajang, kang nyekel sada lanang ?

mitraku, yen Gusti wis paring bebendu...... ora ana sing bakal kuwawa anadhahi kang bakal dumadi……….kabeh mau kinarya pepenget, thegkliwere jagad iki ana ing astaNE.

mitraku........ sanajan sliramu ana ing sukuning arga, apa ing gisiking samodra aku tetep setya……

Senin, 25 Oktober 2010

MATERI ULANGAN BASA JAWA

MATERI ULANGAN HARIAN 2 SEMESTER GASAL 2010-2011 SPENDABAYA.
Murid-murid kelas IX, ulangan padinan bebarengan ka 2 wulangan basa Jawa tiba dina Kamis tanggal 28 Oktober 2010.Sadurunge nggarap, tulisen ukara sing dicetak miring lan ditanda tangani: Kula badhe nggarap ulangan menika kanthi jujur, boten ngrepek lan boten tanglet kanca . ttd…jeneng kanthi jelas. Rampung kok tulis lan kok tanda tangani, lagi wiwit nggarap nomer 1, 2 lan sateruse.Dene sing kudu disinaoni ana ing buku materi pembelajaran :

1.Mangsuli pitakon, ana ing wacana buku materi kaca 11.
2.Wewatakane paraga ana ing kaca 12.
3.Gawe pada pambuka lan panutup naskah pidato/ sambutan.
4.Negesi tembung/kosa kata ing wacana Jawa Tengah.

Akehe soal: 10, aja nganti dikosongi supaya bijine ora 0(nol), yen ora mudheng supaya diwaca bola-bali.
Sing oleh reward UH 1 wingi yaiku :FANNY NURADIYAH kanthi biji 96(sangang puluh enem)kelas 9G nomer absen 11, lumayan bisa kanggo andok bakso.Reward mau bisa disuwun nyang Pak Pur kanthi nggawa print ing postingan iki.

Rabu, 20 Oktober 2010

HI.........RAI....IKU

Dina Selasa tanggal 28 September 2010, wektu wulangan IPA jam pungkasan kira-kira jam 10.30, kelasku ditekani DIKNAS saperlu nindakake imunisasi.
Wiwit mau pancene wis mlebu saben kelas perlu nindakake tugase, la saiki ing kelasku.Durung durung wis prindang-prinding,pikiranku ora karu-karuan mendah neya larane disuntik imunisasi.Kagawa saka rasa wedi aku banjur mundur-mundur pindah lungguh ing bangku buri.Rumangsaku aku ditekani pawongan sing aku ora kenal.Awakku gemeter adhem panas,kepengin ngomong karo kancaku, blangkemen cangkem rasane kaya kakunci.Ambeganku menggeh-menggeh kaya arep tiba, awakku krasa lemes, anehe kanca-kancaku ora ana sing ngerti yen aku kelaran semono uga guruku ya ora pirsa.Ujug-ujug pawongan mau ana ing buriku,sawijining wanita raine rusak rambute dawa diore hi…..Aku wedi banget,arep bengok ora bisa apa maneh ngomong.Ing antarane sadar lan ora guru Agama rawuh manawa wae kancaku iya ngerti kahananku, aku banjur diotong-otong menyang ruang BK.Pawongan wanita rai rusak melu nunggoni aku ing ruang BK.hi……..Pak Nursawi guru sing ngrangkep kadidene paranormal rawuh lan donga supaya aku aja diganggu.Saya suwe aku saya sadar lan aku bisa crita dak tulis ing kertas dak caoske pak Purwito guruku, e tibake ditampilne ing bloge.Muga-muga aku aja diganggu maneh lan janji arep ningkatake ibadah.Sauntara iku Pak Nursawi ngendikan yen aku ora sengaja nyenggol si rai rusak. Omahe ing lorong kelas 9H.Yen kelas 9 H ribut utawa rame pawongan mau mesthi mlebu, ngerti ramene kelas lan melu-melu nunggoni,ngono ngendikane Pak Nur. Wallahualam(critane Wahyu Tri Kuntari kelas 9H).

Minggu, 17 Oktober 2010

tata krama murid marang guru

Ing sajroning pamulangan iki ana sawetara kanca sing anggresah, murid-murid saiki angel wulang-wulangane bab tatakrama.

Kudune kepengin mbantah wae, awit duwe panemu yen tatakrama iku kudu dibuwang,awit dianggep kuno,ora modern tinggalane para penjajah lsp.Ana maneh sawetara kanca yen para murid saiki tingkahe saya dadra wiwitane nglanggar aturan, bar nglanggar/ nerak aturan yen dikandhani mbantah, la iki sing paling cilaka, bar mbantah nglawan...... gurune dilawan, wong tuwane dilawan wah gek kepriye yen ngene iki, sapa sing salah? Murid-muridku iki ana sawetara cathetan, mbok manawa ana gunane ing tembe buri.
.Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake bocah-bocah sing sopan.

.Wong menganggo klambi ora dibenikake iku ora apik, ora patut tumrape bocah kang ngerti tatakrama.
.Bocah adus tanpa patelesan bebarengan bareng wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah sekolahan.
.Wong kang gawe geger ing pasamuan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah sekolahan.

Dene murid kang sopan lan ngerti tata krama iku :
.Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkrihi. Balik malah sareh mapagake sarta asung kormat kanthi manthuk.
.Yen ketemu gurune ana ing toko utawa ing panggonan liya ora ndadak banjur ndhelik amping-amping wong liya, nanging panggah tenang kaya-kaya ora ana sapa-sapa.Yen gurune mriksani malah banjur asung kormat.
. Yen ana ing sajroning kelas, arep nyuwun pirsa wulangan ora ndadak ngaturi gurune sarana suwit-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae.Nanging saran a ngacungake tangane sarta matur:"keparenga kula nyuwun pirsa".


Murid-muridku, tulisan ing dhuwur ora ateges guru mundhut dihormati, ora!Nanging adate wong wetanan pancen kaya mangkono. Sing enom asung kurmat marang wong tuwa, suwalike wong tuwa iya kudu asih marang sing luwih enom.(kapethik:bapak Imam Soepardi, tata krama ajur ajer.....

DINANE ISIH RIYAYA (3)

Halal bi halal PWP
Manggon ing gedung Cak Durasim Gentengkali Surabaya, dhek tanggal 3 Oktober 2010 dianakake halal-bihalal Persatuan Warga Pacitan(PWP).

Dene kok ora manggon ing sekretariat Kedungmangu, duweni pamrih supaya sing ngrawuhi luwih akeh,amarga manggon ing tengah kutha Surabaya,gampang transportasine.
Manut panitia, sing diundang saliyane para warga kang wis pidalem ing Surabaya , uga para pangarsa kang wis pinitaya melu nemtokake ubeng ingering negara.Nganti pandom nuduhake jam 11.30 iya durung ana sing rawuh lan acara iya wis lumaku.

Bapak Bambang DH, mantan walikota Surabaya sing saiki dadi wakil walikota ora rawuh amarga tugas ing Jakarta, pak Yono minangka bupati Pacitan ana kunker ing Trawas lan bapak ketua DPRD Pacitan iya ora saged rawuh amarga tugas sing ora bisa ditinggalake.
Tetep regeng sanajan ora dirawuhi para priyagung.
Sanajan ora dirawuhi para priyagung acara halal bihalal tetep regeng, kabukten nganti purnaning acara para tamu isih akeh sing durung kondur. Kabeh mau awit saka wasise panitia ngatur adicara saengga ora mbosenake.Kesenian sing ditampilake ora nguciwani Reyog Ponorogo sing kober diklaim Malaysia mamerake kaprigelane , bujangganong atraktif banget lan ora lali tari Remo kanggo manembrama para tamu.Dene seni liyane yaiku pethilan tari Gathutkaca Gandrung, ngelingake wayang wong nalika aku ing SD tahun seketan.Sing dadi Gathutkaca priyayine gagah pideksa, sing dadi Pregiwa ayu kuning menik-menik, jan pasangan ideal banget.Apa para nom-noman saiki isih nyipati wayang wong mau ? Tanda pitakon sing angel wangsulane. Dene bapak Slamet isih kober nyekar Dhandhanggula kidung Grindulu wah,jan isih kung tenan swantene.

Aja isin ngaku wong Pacitan.
Biyen Pacitan iku kondhang makanan pokoke gaplek, malah aku isih eling ing ilmu bumi, sing nuduhake makanan pokok saben daerah, upamane Madura makanan pokoke jagung, Maluku sagu lan iya Pacitan iki, makanan pokoke gaplek.Saiki Pacitan wis seje , sega gaplek utawa thiwul arang-arang ditemoni,upama ana iya awujud jajan sing rasane nyeje.Halal bihalal saben tahun kudu dilaksanakake, cunduk karo sesanti “NEDYA NYAMBUNG RASA NGUMPULAKE BALUNG PISAH AJA KONGSI KEPATEN OBOR” ngono ngendikane Bapak Drs.H Subekhan Subagyo, minangka ketua umum PWP Surabaya.Gonge adicara dipungkasi ceramah Agama yaiku bapak H.Moch Untung Margono, SH,MM, dosen Unair, priyayi saka Bolosingo, Pacitan.Alhamdulillahirrabbilalamin.

Senin, 11 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (2 )


JAKARTA JAKARTA.
Mas, cah-cah kepengin dolan menyang Jakarta, kepengin setiren dhewe, ngono omonge nyku ing sawijining wektu.Aku meneng wae.Pancen wis suwe cah loro kepengin setiren dhewe menyang Jakarta.Mung ana sing rada ganjel, wong menyang Jakarta samono dohe kok disopiri dhewe.Kamangka adhike ora bisa dijak gentian amarga cutine wis entek, gek aku dhewe nyopir ya wis ora pati teteh, ngunduri tuwa.Wekasane aku ngalah,diboti anak. Karo maneh pancen wis suwe ora ketemu family utamane Bulik Sri watara telung puluhan tahun, ya kepriye maneh aku kepeksa ngebel yen arep sowan.Bulik piyambak iya ngendika, dolana nyang Jakarta mengko ben dipapak adikmu Agung, aku ngaturake panuwun, wong ora tau komunikasi kok mara-mara sowan. Rabu tanggal 15 September 2010 jam 09.00 sida budhal menyang Jakarta, disetiri mas Arik mantuku.Sing ora melu mung anakku lanang amarga cuti riyaya mung sedhela.Rutene metu jalur kidul, sukur-sukur bisa tekan Jogja isih sore lan mlaku-mlaku ing Malioboro.Lakune gledhegan Jepang lancar lan ngemati banget anggone lelungan.Yen kesel utawa putuku rewel mesthi leren sing penting slamet lan seneng.Tekan Jogja jam setengah pitu dalan nuju Malioboro macet total, lakune gledhegan nggremet, rencana mlaku-mlaku ing Malioboro ora sida.
Anakku kepengin gudheg lan pancen wayahe mangan bengi ya rada suwe anggone nggoleki.Bar mangan, kabeh bingung neruske laku apa leren, kamangka panggonan sing dituju isih adoh.Terus lajeng mawon pak,lan ya dak sambung iya ayo, mas Arik ora kesel ta, lan diwangsusli boten. Aku dhewe ya mung manut arep dak genteni ora gelem.Jogja terus kathik swasana bengi rada grimis, gledhegan Jepang mlaku terus nrabas swasana peteng lan grimis.Kahanan wiwit sepi kendaraan arang- arang mung kadhang kala disalib bus malam sing playune kaya diuber setan.Arep terus nanggung.yen ora terus Jakarta isih adoh isih nglangut.Gledhegan Jepang mlaku terus tekan Wates watara jam sepuluh bengi,lan golek penginepan swasana udan. Esuk watara jam 4 wis padha tangi, mung putuku loro sing isih nglepus,kesel beke.
Udan saya deres lelungan isih nglangut isih adoh.Lakune gledhekan Jepang ora bisa banter, udan saya deres lan aku iya elik-elik marang mas Arik sing ngati-ati. Saya padhang swasana saya rame, ing Ciamis leren kanggo mangan esuk lan kahanan terang.Bulik sing dadi jujuganku ing Jakarta terus mundut pirsa tekan ngendi nang,lan iya dakcaosi pirsa isih tekan ing kutha ngendi aku ditelpon Aku usul apa ora metu Bandung wae, amarga yen deleng peta kok luwih cedhak, malah ing peta mau nyebutake yen Bandung Jakarta ana dalan tol. Bareng ditimbang-timbang lan deleng peta ,wekasan metu Bandung. Sesawangan jalur kidul endah banget, malah nuju Bandung dibangun dalan anyar kiwa tengen dalan sesawangan nengsemake ora lali anakku jeprat jepret ngrekam sesawangan mau.Aku dhewe iya emoh kalah, nanging ing jero gledhekan kok ora bisa maksimal.

Pinggir dalan sisih kiwa akeh nom-noman padha leren ngematake banget dalan anyar mau, mantuku iya kepengin minggir nanging dielingake karo sisihane rak ora teka teka mengko.Watara jam lima tekan Bandung sawise takon mrana mrene nemokake tol nuju Jakarta. Bulik memantau terus lan diutus metu tol Cipularang, mengko ana petunjuk arah Cibubur menggok ngiwa lan terus dipandu.Swasana udan deres, kendaraan akehe ora bisa crita, prasasat kendaraan saIndonesia tumplek blek ing dalan tol mau.Bulik mandu terus lan diparingi nomer hpne dik Agung lan dik Agung iki sing aweh pamrayoga supaya menggok Pondok Gede terus leren ing mall.Sebutne jenenge mall, mengko dik Agung sing mara.Embuh apa jenenge mall mau lan Alhamdulillah ketemu sedulur tunggal eyang.Watara jam sepuluh bengi wis tekan daleme bulik ing kawasan Cibubur, bulik wis ngantu-antu kawit wingi kok ora teka-teka ta nang?Olehku matur nganti glagepan.
Dina Jum’at tanggal 17 September 10 menyang Ancol diterusne menyang Dufan terus nyang kolam renang Atlantik, iku wae mbutuhake wektu sedina jableg.Dina Sabtu menyang Monas,diterusne menyang mall Ambasador, nuruti putu golek kaset ps.Rampung tuku kaset balik menyang Rafles Hill daleme bulik panggonanku ndherek nginep. Ing sajroning perjalanan mau anakku usul apa ora mulih Surabaya saiki wae, amarga ngelingi lelungan samono suwene,lan dina Senin tanggal 20 bocah-bocah wis padha mlebu sekolah.
Yen dina Minggu lagi budhal kuwatir teka Surabaya dina Senin, amarga pengalaman budhale wingi kang mbutuhake wektu rong dina sewengi jableg.Kepeksa matur bulik yen arep nyuwun pamit saiki, bulik ya rada owel nanging kepriye maneh.Sing ngati-ati lo nang lan dak wangsuli inggih bulik, watara jam telu sore gledhegan Jepang ninggalake Cibubur ninggalake Jakarta kang kebak cathetan endah.Matur nuwun marang adhiku Agung ,adhiku Panji, lan nyuwun pangapunten marang mas Tanto, mas Muh, mas Har, mbak Nur muga-muga tansah rahayu ingkang pinanggih , Amin….

Yen budhale metu jalur kidul , mulihe metu jalur lor Pantura.Jam rolas bengi tekan Batang terus Kendal. Ing pom bensin Kendal ngeluk boyok watara jam teluan neruske lakon lan iya mondhak-mandheg manut kaperluan.Lelungan sing gawe sayah nanging seneng, Alhamdulillah watara jam telu awan tekan Surabaya kanthi slamet.Alhamdulillahirabbilalamin…….

Minggu, 03 Oktober 2010

DINANE ISIH RIYAYA (1)

Tanggal siji wulan Oktober tahun 2010, dinane isih riyaya.Swasana halal bihalal isih bisa ditemoni ing sawetara instansi ,perkantoran lan ing pamulangan.Riyaya tahun iki ana rasa seneng lan ana sing rada ganjel sedhih.Senenge aku bisa kumpul kulawarga lan bisa mudik, dene sing ganjel sedih amarga bapak mara sepuhku seda dhek tanggal 7 September 2010, kanthi yuswa 86 tahun, yuswa kang kanggone priyayi saiki wis kagolong langka.Sedhihe kok ora amarga bapak marasepuh seda ora, nanging aku lan nyku ora kober nuruti pamundhute, kepengin ditunggoni utawa aku boyongan nyang Mojokerto durung kelakon.Durung aku lan nyku ngrumat, wis kedhisikan dipundhut karo Panjenengane.Inna lillahi wainna ilaihi rojiun.Dadi sasuwene bapak gerah nganti sasedane aku kepeksa pp Surabaya Mojokerto.Amarga musibah mau, aku ngomong nyku, apa aku wae sing mulih? Nanging anak lan putuku kepengin banget menyang Pacitan amarga iya kepengin refresing lan nyambangi eyange putri ngiras halal bihalal.Wekasan kabeh sida budhal menyang Pacitan kalebu nyku.Kamis tanggal 9, sawise tahlilan 3 dinane bapak swargi, jam 20.00,aku sida budhal metu arah wetan. Dene rutene ya padha riyaya tahun wingi, Surabaya, Jombang Kediri Tulungagung Trenggalek banjur munggah Karangan Dongko.Tekan Dongko ngancik jam telu kliwat olehe nyetiri anakku kaya diuber setan, aku kelingan arep mampir daleme mas Bonari, nanging sikone sing ora ngepenakake dadi aku ya mung meneng karo dedonga slaman slumun slamet.Arep dak elingake aja banter-banter, mengko gek salah tampa, lan dak badhe wangsulane anakku mburu sholat ied pak.Lakune gledhekan Jepang lancar, nanging yakuwi bareng arep nyabrang kali Cangkring, kaline banjir kepeksa mubeng metu dukuh Minggir ngulon terus desa Bodag, Nogosari, Cangkring lagi Wonodadi.
Pandom nuduhake jam 5 luwih, wah ora nututi sholat ied tenan tahun iki.Temenan teka dhog wis wiwit adzan pratandha yen sholat arep diwiwiti.Mantuku cluluk boten sah siram pak, langsung kemawon, aku meneng bae. Kagawa awak kesel lan lungkrah amarga sewingi bethethet ing dalan, aku mung meneng karo ngrewangi ngudhunake barang sakuwatku.Aku ora sida sholat ied. Dina iku ngepasi dina Jum’at, acarane sungkem dhisik marang ibu lan apura ingapura karo sanak sedulur, terus sholat Jumat.
Ana dulurku sing elik-elik, dina iki Jum’at Legi wuku Klawu, aja paring sodakoh, ora apik lan aku iya manut wae.Bengi iya akeh tamu sing padha unjung-unjung lan crita maneka warna.Riyaya-riyaya, nanging wukune Klawu ya ngene iki, ngono ngendikane sawenehing kadang lan nyritakake yen dina Rebo bengi kali wetan, kali Wonodadi banjir gedhe. Saking gedhene ana raja kaya wedhus, pitik lan bebek kentir ketrajang banjir, untung ora ana korban. Ana crita sing lucu, wong sepedha montoran nyabrang kali tekan tengah kali, lo banyune kok saya tambah saya agung lan butheg.Kepeksa sepeda motor dikebut arep nuju dalan ora nututi dadi terus nuju ngisore wit klapa tengah kali sing rada gasik.Sepedamotor disendhekake, lan piyayi mau mlayu golek slamet, sepedhamotor diglethakake.Ana maneh wong nuntun sepedhapancal, tekan tengah kali lo, kok banyune saya tambah, ora kesuwen sepedha mau ya diglethakake, banjur golek slamet. Bengi mau aku iya kepengin ngobrol rada suwe, nanging kabeh ora bisa dak candhet padha kondur Esuke aku mlaku-mlaku tumuju kali, pancen bener, tipake banjir gedhe isih nabet kabukten suket gajah sing tukul subur padha rubuh, lan banyune isih buthek ngelingake jamane cilikanku nalika bar banjir padha langen gethek gedebok.Sabtu watara jam 10 aku sida bali menyang Surabaya, awit dina Minggune wilujengan 7 dinane bapak marasepuh.
Yen budhale metu wetan, mulihe metu kulon, dadi rutene ya Lorok, Pacitan, ngalor nuju Ponorogo Madiun bablas Surabaya. Ing Pacitan leren sawetara putuku kepengin bakso. Ya nalika andhok bakso mau, aku nyoba halal bihalal karo pak Sugeng, nanging hpne of,manawa wae lagi tindak, apa isih ana keperluan liya .Lakune gledhekan Jepang lancar, sanajan ora pati banter.Dina iku arus balik lan mudik rame banget, tekan Kertosono saya krasa, ramene kendaraan rodha loro lan rodha papat wis ora bisa dicritakake.Apa maneh sing jeneng bus antar kota. Biyuh, longgar sithik wae lampu lighting murub, aweh tandha supaya kendaraan liyane minggir, slodar-slodor mrana-mrene tanpa duwe rasa pekewuh,kaya-kaya dalane dhewe.
Jam 17.00, saka radio Suara Surabaya aku krungu yen ing tlatah Ngawi, bus Sumber Kencono diobong warga, amarga nggawa korban.Wah warga duwe vonis dhewe yen ana kedadeyan sing ora bisa ditampa. Gek jaman apa ta iki ?Kepriye nasibe penumpang ing jero bus mau, batinku.Tekan Jombang leren, perlu mangan awan lan leren sawetara, kahanan dalan macet-cet amarga arus mudik lan arus balik, kathik wektu iku bubar udan dadi pinggir dalan sing ora aspalan ngecembong banyu udan.Watara jam wolu bengi tekan Surabaya kanthi slamet, Alhamdulillah.

Rabu, 29 September 2010

DONGA DINA REBO LAN JUM'AT SMPN 2 SURABAYA

Ing minggu pungkasan wulan September 2010 ing SMPN 2 Surabaya,diwiwiti Englishday lan Javanesday. Englisday saben dina Rabu lan Javanesday saben dina Jum’at. Bocah-bocah kelas IX, kudu ngeprint donga iki lan ditempelne ing buku cathetan
DONGA MIWITI WULANGAN
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Sadurunge wulangan diwiwiti ayo padha donga manut agama lan kapercayane dhewe-dhewe.
DONGA DIWIWITI.
BISMILLAHIRROHMANIROHIM.
Kanthi nyebut asmane Gusti Allah ingkang maha asih lan maha murah.
1.Ya Allah Gusti kawula, sedaya puji syukur kula aturaken dhumateng Panjenengan, saengga kula saged miwiti pasinaon lan piwucal kanthi sae lan lancar.
2.Ya Allah Gusti kawula, Panjenengan tuntun manah lan pikiran kula sarta Panjenengan gampilaken anggen kawula nglampahi lan nampi pendidikan lan piwulangan saking bapak/ibu guru.
3.Ya Allah Gusti kawula, Panjenengan dadosaken kawula dados lare ingkang bekti dhumateng tiyang sepuh, bapak/ibu guru lan Panjenengan dadosaken kula sedaya lare ingkang sholeh lan sholekhah.
4.Ya Allah Gusti Kawula, Panjenengan kabulaken sedaya donga lan panyuwun kula.
RABBANA ATINA FIDUNNYA HASANAH WAFIL AKHIROTTI HASANAH WAQINA ADZABANNAR.
WALHAMDULILLAHIRROBBIL’ALAMIN.
Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

BENEDICTION STARTED LESSONS.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Before the lesson begins let us pray by Rligion And we trust each other.
Start praying please.
BISMILLAHIROHMANIRROHIM
In the name of Allah the Most Gracious, MOST MERCIFUL
1.Ya ALLAH our Lord,all prayse Thy presence we prayed for all the abundance and grace, so that we can start learning and teaching well and smoothly.
2.Ya ALLAH our Lord lead our hearts and minds and make it easy all our affairs in travel and receive aducaton and lesson from our Teachers.
3.Ya ALLAH we make this our Lord.with filial piety to our parents, Our teachers and teach our children th.at To be agood students.Ya ALLAH our lord ,acep the prayiers and our requests.
ROBBANA ATINA FIDUNYA HASANAH WAFIL AKHIROTTI HASANAH WAQINA ADZA BANAR WALHAMDULILLAHIROBBIL ALAMIN.
WASSALAMU’ALAKUM Wr.Wb

DONGA MUNGKASI WULANGAN.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadurunge wulangan dipungkasi ayo padha donga manut agama lan kapercayane dhewe-dhewe.
DONGA DIWIWITI.
BISMILLAHIRROMANIRROHIM.
Kanthi nyebut asmane Gusti Allah ingkang maha asih lan maha murah.
1.Ya Allah Gusti kawula, sadaya puji syukur konjuk dhumateng Panjnenengan awit saking sedaya pitedah lan tuntunan Panjenengan, saengga kawula saged ngrampungaken pasinaon lan piwulang kanthi sae lan lancar.
2.Ya Allah Gusti kawula, Panjenengan dadosaken ilmu ingkang kawula darbeni saged migunani ing donya dalah akherat.
3.Ya Allah Gusti kawula, Panjenengan paring pangapunten sedaya dosa kula, dosanipun tiyang sepuh kula, lan dosanipun bapak/ibu guru kula.
4.Ya Allah amargi.saking Ridho Panjenengan,kula saged ngrampungaken pakaryan dinten punika kanthi lancar, saengga ilmu kawula migunani, lan kula sedaya saged wangsul dumugi griya kanthi wilujeng.
5.Ya Allah Gusti kawula,Panjenengan kabulaken sedaya donga lan panyuwun kula.
RABBANA ATINA FIDDUNYA HASANAH WAFIL AKHIROTI HASANAH WAQINA ADZABANNAR.
WALHAMDULILLAHIROBBIL’ALAMIN.
Wassalamu alaikum Wr.Wb

BENEDICTION THE END OF LESSON
Assalamu alikum Wr.Wb.
Before the lesson end let us pray by Religion and we trust each other.
Start praying please.
BISMILLAAHIROHMANIRROHIM.
In the name of ALLAH the Most Gracious, Most Merciful.
1.Ya ALLAH our Lord, all prayse and gratitude we pray toward Thy presence for any guidance,so we can resolve learning and teaching well and smoothly.
2.Ya ALLAH our Lord,make science that we get useful life of the word hereafter.
3.Ya ALLAH our. Lord, forgive us our sins, sints of our parents and our teachers.
4.Ya Allah because with Your pleasure we can get the job done well today, so that our knowledge is useful and we can come and reached home safely.
5.Ya ALLAH our Lord, receive the prayers and our requests.
ROBBANA ATINA FIDDUNYA HASANAH WAFIL AKHIROTI HASANAH WAQINA ADZA BANNAR.
WALHAMDULILLAHIRROBBIL ALAMIN.

Senin, 27 September 2010

ALHAMDULILLAH, AKU TIBA

Sabtu tanggal 25 September 10, kaya adat saben budhal nyambut gawe.Sakwulan ping pindho mesthi dianakake MGMP kecil ing sekolah anggonku ngarit. Nanging dina iku ora ana MGMP, kegiatan diganti try out/ test kanggo murid sing kalebu unggulan.Kanca-kanca sebagean ngelingake, sesuk jam setengah wolu lo kung, aja lali, lan dak wangsuli iya-iya.Olehku budhal rada gasik lan dak kira-kira aja nganti telat, wong tuwa ki yen telat diseneni utawa disindir sithik wae gampang nesu jarene,inggih napa boten? Sepeda gaweyan Jepang wis dak panasi, lan aku budhal alon-alon karo nglamun riyaya wingi aku mudhik menyang Pacitan, terus dolan menyang Jakarta numpak gledhekan Jepang ketemu karo sanak sedulur sing kira-kira telung puluh tahun durung ketemu lan liya-liyane, e sapa ngerti bisa dak tulis ing postingan kanggo crita anak putu. Wah nglantur..... Isih enak-enake nglamun karo ngematake kendaraan sing nyalib kiwa tengen, e bocah wadon ing ngarepku watara telung meter rada ngiwa nyleyot lan rubuh.Insting aku ngerem ndadak dak angkah aja nganti tiba. E tibake ora bisa ngendhaleni, stir manengen lan aku tiba ketindhihan sepedha motor. Aku banjur ditulung diinggirne, bareng katon aku ora apa-apa wong-wong padha nyingkirlan aweh aba supaya aku dikongkon leren sawetara.Pikiranku bingung terus,apa mulih wae. Wekasan aku terus lan tuku betadin karo kapas. Saupama ora kuwat arep ngrumat tatuku lan ora jaga try out. Tenan tekan sekolahan dak obati lan sawetara kanca cluluk, mulane ta aja banter-banter kung, sing diburu ki apa.Dak wangsuli sing banter ki sapa.Yen tatune ora sepira, mung dlamakan sing rada kecincugan yen dianggo mlaku,persis Gareng ing wayang wong kae. Bengine langsung dak pijetke marang pak Dar tukang pijet langganan,lan dina Senin tanggal 27 iki wis waras ora kaya Gareng maneh. Saka kedadeyan mau akeh pitutur, satemene aku dijewer karo Gusti Allah, mbok manawa mangkene:kuwi lo rasane wong tiba, kamangka tibamu ora nemen. Kuwi lo rasane wong diolesi betadin, lara ta, perih ta? Kuwi lo rasane wong ora bisa mlaku kanthi normal, kesiksa ra ?Alhamdulillah aku dielingke karo sing Kagungan.Alhamdulillaahi rabbil'alamiin.

Minggu, 19 September 2010

ulang tahun





SELAMAT ULANG TAHUN.
Selamat ulang tahun kepada ananda “ISABELA ATAYA” di Jakarta yang mana pada tanggal 17 September 2010 telah berusia 1 tahun.Semoga cepat gede pinter,sholekhah dan menjadi tumpuan harapan kedua orang tuanya, Amin.
Dari:pakdhe/budhe Purwito
Surabaya.

Rabu, 08 September 2010

SUGENG ARIYADI 1431 H

Kinanthi pambuka atur
siji papat telu siji
Hijriyah ing mangkin warsa
Riyaya ingkang sayekti
dinten ageng umat Islam
Idul Fitri den wastani

Takbir tachmid wiwit dalu
angumandhang ngantos enjing
ing masjid dalah mushollah
para mudha kakung putri
datan keri para bapak
ndherek ugi lare alit


tan kesupen zakatipun
iku wajib den antepi
nambah kandeling ibadah
migunani mring sasami
awya kendhat nyebut Allah
datan ana sing nandhingi

wanci enjing umun-umun
enggal-enggal den reresik
mapag dina ingkang mulya
sholat bareng Idul Fitri
sanak kadang dalah warga
ing lapangan apa masjid

mirengaken khotbahipun
para ustad para da’i
datan bosen awewarah
mring umat kang anyekseni
tanggal siji wulan Syawal
kadya bayi ingkang suci

marak bapa biyungipun
sembah sungkem angabekti
apura lan ingapura
iku wajib para siwi
kadhang kadhang tetangisan
pancen barokahing Gusti

minangka akhiring atur
kawula saanak cindhil
ngaturken sugeng riyaya
dinten endah Idul Fitri
nyuwun gunging pangaksama
tingkah lan kedaling lathi

Senin, 30 Agustus 2010

DREDAH SAJRONING GOTRAH


Rumah sakit Karangkidang ing wewengkon praja Ngastina iku pancen kuncoro wiwit biyen mula.Manggone ing kecamatan Kadilengeng cedhak lan wewatesan negara Mandura. Antarane negara Ngastina lan negara Mandura diwatesi karo bandaran agung kang banget migunani kanggo para among dagang.Pimpinan rumah sakit gilir gumanti manut aturan sing wis dtemtokake dening negara Ngastina. Pimpinan sing wiwitan dr Bambang Ekalaya, sawise iku dr Basukarno. Ya dr Basukarno iki sing rada suwe amarga bisa ngatur lan mrenahake amrih rumah sakit mau dikenal sakiwa tengene Ngastina.Bareng dirasa wis nyukupi syarat banjur ngajokake status yen rumah sakit sing unggulane paru-paru layak digedhekake, amarga wewengkon Kadilengeng sisih lor durung ana rumah sakite.Kamangka pasien iya akeh nganti para tenaga medis kuwalahan ngadhepi pasien.Apa maneh saiki dibangun jembatan Ngasman ,(Ngastina Mandura) wah pasien saya rame amarga para warga Mandura ora perlu paspor yen arep menyang Ngastina.Dr Basukarno promosi dadi direktur Rumah sakit sing nampung wong gendheng kalebu kecamatan Banjarjungut lan Rumah sakit Karangkidang dipimpin dr Anggrahini. Pasien saya akeh lan iya nampa dokter lan karyawan yen ditotal ngancik 150.Dr Anggrahini iki nggatekake marang pasien lan karyawan. Aja disentaki, aja dikasari pelayanan optimal, mesakke para pasien wis golongan ora duwe, berobat kok dingel-ngel aja gawe lingsemku, ngono omonge nalika brifing.Sing paling ditunggu ki yen dum-duman jasa medis ngadhepake riyaya, wah kena dijagakake temenan. Dadi kanggo riyaya oleh bayaran dobel sing siji vakasi saka praja sing siji saka dum-duman jasa medis, wah riyaya tenan.Bu Limbuk salah sijining karyawan bagian cleaning service seneng banget.Saben tahun sing diarep-arep wulan Pasa , kok gak wulan pasa ya…kok gak wulan pasa ya.Saben riyaya Limbuk mesthi mudhik, nyarter mobil lan nuduhake yen anggone ngumbara kasil.Oleh-oleh saka woh-wohan kayata semangka, garbis, kesemek digawa sakehing iwak kayata teri, iwak bandeng iwak kakap iya digawa iku durung klambi-klambi sing wis ora kanggo iya ora keri.Nanging kahanan ing donya iki gilir gumanti, kalebu rumah sakit Karangkidang.Dr Anggrahini promosi ngetutke kakunge anggota dewan ing wewengkon Sokalima, sing ngganti dr Banowati.Pimpinan sing anyar iki mung duduk manis ing meja kerja. Mudhun jluk saka mobil pribadi langsung mlebu ruangan nyandhak hp, mbuh nelpon sapa ora ana sing ngerti, apa maneh dhalange.Pokok ana laporan saka andhahan wis cukup, ora perlu control bagian bagian, apa maneh menyang zal nemoni pasien, toh wis ana dokter jaga, ora perlu ora perlu.Dr Banowati percaya banget karo laporan-laporan sing ana ing mejane.Jasa medis lan kesejahteraan liyane ora direken.Malah gawe aturan anyar jasa medis didum 3wulan sepisan, riyaya ya riyaya, ora ana thr, yen ora bisa lebaran salahmu dhewe kena apa ora bisa nabung.Kabeh karyawan nggrundel, wanine mung ngrasani liwat buri, wani silit wedi rai.Mung bagian TU sing ngguya-ngguyu amarga kabeh mlebu metune dhuwit sing ngatur TU.Pertengahan tahun wingi rumah sakit Karangkidang oleh bantuan bopda sing kudu dilaporake tanggung jawabe. Mesthi wae kabeh karyawan ngarep-arep banget bantuan mau, saliyane kanggo laporan, para karyawan mesthi kecipratan.Kabeh padha ngarep-arep lan diumumke yen suk Soma Manis arep didum. Pas dina sing ditemtokake kabeh padha antri, sing oleh giliran dhisik para dokter.Dr Srikandhi marani arep tanda tangan lan KTU iya wis siyap amplop isi dhuwit. Tan kocapa bareng ndeleng angka-angka saka dhuwur mangisor sakala dr Srikandhi nggebrak meja praupane brabak karo ngucap” Pira , iki pira dokter oleh 650.000, Tu oleh 2.000.000,-, sing bener, yen ngene nyoh peken aku ora gelem nampa nyoh, …….dokter perawat iku sing pegang peran ing rumah sakit iki, pira perawat 450.000,-?…….dr Banowati,padha-padha doktere apaa kowe ora belani dokter, yen ora isa mimpin mundura akeh sing luwih pinter saliyane kowe…"…Diundamana ngono dokter Banowati minangka pimpinan rumangsa dicecamah banjur metu omonge” yen ngono ora sah didum yen ora trima karo keputusanku…".
Dokter Srikandi : terserah…..iku hakmu……nyoh pek peken kabeh, pimpinan ora jegos nyoh peken kabeh……..”semparet dr Srikandi metu karo mbanting lawang jdhor
Kahanan usreg para dokter liyane dukung keputusane dokter Srikandi, dene karyawan liyane mung plonga-plongo ngerti dodok selehe, lan buyar dhewe-dhewe dene staf TU, mrengut, cemberut ora sida oleh-olehan. Kamangka wis ditata tharik-tharik bakal pesta ing restoran Maduganda (dhalange nglindur kakehan turu).Bu Limbuk sing kawit mau ngadek polatane peteng, sajak arep udan.......

Sabtu, 28 Agustus 2010

LELUNGAN MENYANG KOREA KIDUL





TETEPUNGAN KARO “DEO “
Deo jangkepe Deo Ekoputra Sasongko, sawijining murid SMP Negeri 2 Surabaya semester ganep tahun 2009-2010 lunga menyang Korea Kidul amarga lolos seleksi pertukaran pelajar.Nalika ditimbali pak Pur dheweke lagi sinau nyiapake ulangan harian bersama akhir Agustus 2010.Bocah Manukan Ranu VII/04 putrane Leonardus Yuli Sasongko, sedulur nomer 1 saka 2 sedulur,pancen ora ngawaki blas, ora ngira yen dheweke duwe kaluwihan lan lolos seleksi pertukaran pelajar.Cita-citane kepengin dadi programmer komputer,apaa kok ora kepengin dadi insinyur dadi dokter, alasane mayar bae supaya luwih kreatif. Lo dadi insinyur utawa dokter rak bisa kreatif ta Deo? Dheweke meneng wae. Suwene kunjungan ing Korsel 19 dina yaiku tanggal 7 Juli nganti tanggal 23 Juli 2010.Kenangane akeh banget kaya dicritakake ing ngisor iki.Bocah kelas 9 wajib maca lan kudu bombong yen ing spendabaya kene ana adikmu sing bisa njunjung jenenge almamater.
Ing ngisor iki critane Deo.
Sadurunge aku ngucapake puji syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga aku bisa melu program Pengiriman Delegasi Pendidikan Kota Surabaya menyang Busan, Korea Kidul. Matur nuwun kang tanpa upama marang sakabehe amarga tanpa bantuan mau mokal aku bisa lolos seleksi lan melu program iki. Bapak lan Ibuku, bapak kepala sekolah,bapak ibu guru utamane mam Ririn lan kanca-kancaku sepisan maneh aku ngaturake gunging panuwun.
Sing melu kegiatan iki yaiku:Qashmal Mafazi S(SMPN1), Deo Ekoputra S(SMPN 2),Clarisa Azalia M.(SMPN 13),Winna Andriana(SMPN 35),I Made Artha S. (SMAN 5), Hilaliyah Nur S. (SMAN 20), Amanda Jasmine D. (SMAN 21), Alfandi Aryadinar (SMA Dr. Soetomo), Era Disti Y. (SMKN 8), Dimas Ayodhya Wahyu W. (SMKN 11) Surabaya.
Sadurunge nyritakake anggonku lungo menyang Busan, Korea Kidul, aku luwih dhisik ngenalake anggota delegasi pendidikan sing ngwakili Surabaya menyang luar negri. Akehe rombongan ana 12, 10 antarane anggota delegasi yaiku murid-murid SMP, SMA, SMK sing ngliwati tes sing abot, lan 2 pendamping sing salah sijine
Delegasi pendidikan budhal tanggal 7 Juli 2010 nganggo maskapai penerbangan Cathay Pacific menyang Hongkong. Aku sarombongan kumpul ing bandara Internasional Juanda, ing babagan penerbangan Internasional. Sawise check in, aku sarombongan langsung menyang babagan imigrasi kanggo cek paspor lan kelengkapan liyane. Sawise iku, rombongan langsung munggah menyang pesawat.
Pesawat mulai lepas landas jam 08.30. Suwine perjalanan Surabaya-Hongkong yaiku 4 jam. Ing pesawat, aku menikmati layanan sing ana ing pesawat, kaya mangan lan minum, televisi portable sing ana ing kursi ngarepku. Sawise 4 jam perjalanan, aku akhire ndharat ana ing Hogkong International Airport utawa Bandhara Internasional Hongkong. Rombongan delegasi ing bandhara dipapak karo pendhamping wisata sing asmane Mr. A Hin.
Ing Hongkong, rombongan dlegasi diajak mlaku-mlaku menyang panggonan wisata lan kabeh pangonan ing kutha. Panggonan wisata sing ditekani karo rombongan delegasi iku salah sijine kaya Hongkong Disneyland Resort, Avenue of Stars, Victoria Peak, lan Ladies Market.
Sawise mlaku-mlaku, rombongan langsung mampir menyang Hotel Metropark Mongkok. Sawise istirahat lan santai ana ing hotel, rombongan delegasi isih ana sing blanja menyang Ladies Market sing ana ing cedhake hotel. Sawise blanja, rombongan padha bali menyang hotel lan istirahat kanggo persiapan budhal menyng Seoul.
Rombongan budhal saka Hongkong nganggo maskapai penerbangan sing padha. Perjalanan Hongkong-Incheon suwine 3 jam. Kesele awak isih krasa ing awake kabeh delegasi lan pendamping, merga iku akeh delegasi sing turu ana ing pesawat merga kesel lan pegel. Wektu-wektu sing megel’ake awak akhire wis mari lan pesawat wis ndharat ana ing Incheon, Seoul. Ing Seoul, rombongan delegasi didhampingi karo pendhamping sing asmane Mrs. Anita Lee. Aku ngenteni ing Seoul 2 jam kanggo nglanjutake perjalanan menyang Busan numpak pesawat penerbangan domestik. Sawise numpak pesawat maneh, aku wis teka ing Bandhara Gimhae, Busan. Jam 20.00 wektu Busan (WIT), rombongan dipapak karo pendhamping saka BFIA (Busan Foundation of International Activities). Sawise ngrungokake rencana lan jadwal saka BFIA, rombongan padha istirahat ing Hotel Toyoko Inn, Seomyeon, Busan.
KUNJUNGAN
Sawise nginep ing hotel,aku sarombongan nindakake kunjungan ing sawetara panggonan ing atarane yaiku kantor BFIA, Busan City Hall lan LG Science Hall. Ing kantor BFIA, dibrifing bab kegiatan sing arep ditindakake sasuwene ing Busan.saka kantor BFIA, aku sarombongan nuju kelas basa Korea, lan latihan maneh basa Korea mau.Dianggep cukup banjur nuju LG Science Hall. Ing panggonan mau akeh ilmu sing dak ngerteni, kayata maneka warna tehnologi alternatif,cara nemokake pelaku criminal lan sapanunggalane.Wah akeh pengalaman sing ora bisa dakbayangake.
Sawise nindakake sawetara kunjungan, aku sarombongan nuju Haeundae Centum Hotel.Ing panggonan mau melu kegiatan welcome party utawa perayaan sugeng rawuh selamat datang.Aku ketemu karo Park,Jun Pyo yaiku kanca homestayku sasuwene aku ing Busan.Ngobrol lan guyon nyritakake pengalamane ab kahanan ing Busan utawa ing Surabaya.Sawise welcome party rampung, saben delegasi budhal nuju omah homestay dhewe-dhewe.
Dina Sabtu, kabeh delegasi lan homestay budhal nujuYeongdo Hamjigol Youth Training Centre. Ing panggonan mau, ketemu karo homestay saka delegasi liya lan kenalan. Eman homstayku ora bisa ngancani aku amarga ana keperluan dadak saengga ora bisa ngancani aku. Sanajan minder aku tetep rilek ing acara mau.Sing paling berkesan yaiku nalika oleh tugas”Mission Mobile Possible” sing ngudokake aku sarombongan budhal menyang Nampodong tuku/nylih barang banjur motret. Aku sarombongan nuju Nampodong numpak bus kota.Sanajan kesel mlaku, munggah mudhun bus, aku tetep seneng amarga oleh pengalaman anyar.Ngrampungne kegiatan iki, aku bebas karo homstayne dhewe-dhewe.Aku karo Jun Pyo mlaku-mlaku ing sawetara mall, kayata Hyunday Department Store lan Lotte Mart. Ora mung iku wae malah aku diajak nonton film ing bioskop.Aku uga diajak Jun Pyo numpak sepur bawah tanah,sing kahanane aman nyaman lan tertib. Dina sing bisa ngilangi lan ngobati rasa kesel.
Dina Senin yaiku dina sing paling sibuk aku sarombongan, awit dina iku wis kudu nindakake kunjungan menyang sekolah-sekolah, salah sijine yaiku Busan InternasionalMiddle and High School(SMP lan SMA Internasional Busan).Ing sekolah mau nganakake inspeksi lan mamerake sing saka rombongan lan saka sekolah mau.Tari Glipang sing pemaine 5 cowok, lan tari Sparkling Surabaya penarine 5 cewek ngregengake swasana.Aku sarombongan uga nyanyi lagu tradisional Korea”ARIRANG” lan lagu khas Surabaya”REK AYO REK”.Ya nalika lagu “REK AYO REK”, aku ngajak siswa-siswi BIMHS supaya bareng nyanyi ing panggung.Wiwitane isin nanging suwe-suwe gelem nari bareng.Pengalaman maneh pengalaman maneh.
Dina Selasa,13 Juli 2010, aku bareng homestayne dhewe-dhewe nuju Gijang Culture Youth Centre.Nuju panggonan mau mbutuhake wektu rong jam, aku tetep seneng amarga bisa ngobrol karo homestay.Ing panggonan iki aku diajari nganggo klambi tradisional Korea, sing jenenge Hanbok.Saliyane diajari nganggo klambi tradisional, aku uga diajariSa-mul-no-ri,yaiku musik tradisional Korea.Sa-mul-no-ri kedadean saka 4 instrument yaiku Buk,Jing(Cing),Kkweng’khwari(khweng hwari),lan instrument favoritku:Janggu(Canggu).Buk yaiku bedhug cilik sing ditabuh nganggo kayu sing cilik, Jing yaiku gong cilik, Kkweng’kwari mirip kaya Jing, nanging ukurane luwih cilik lan Janggu padha karo kendhang asline saka India, nanging karo wong Korea diowahi gaya Korea.

Sawise ngunjungi Gijang, aku sarombongan nerusake menyang Gori Nuclear Power Plant utawa Pembangkit Listrik Tenaga Nuklir Gori, Busan.Aku sarombongan nganakake pengamatan maneka warna kegiatan, eman swasana udan saengga ora bisa ngamati langsung reactor nuklir mau.Sanajan ora bisa aku sarombongan isih bisa sinau lumantar miniature ing Science Center ing Gori.Nuclear Power Plant kasebut.Muga-muga minangka generasi penerus bisa bangun reaktor nuklir ing Surabaya utwa wilayah liyane ing Indonesia, Amin.
Sawise ngunjungi Gori Nuclear Power Plant, aku sarombongan nuju Busan Aquarium. Ing kene bsa ndeleng maneka warna spesies iwak, uga tontonan lan uga atraksi kanggo pengunjung.Aku sarombongan uga sianu nggawe warta dhewe ing Stasiun TVCommuity Media Center.Sawise nulis warta aku sarombongan diwenehi kalonggaran diwawancarai stasiun radio KNN.
Pengalaman sing ora dak lalekake yaiku yaiku nalika melu kegiatan Asia Youth Forum. Kegiatan iki dieloni telu negara yaiku, Korea Kidul, Cina lan Indonesia. Kegiatan iki duweni tujuan nglatih lan nggembleng dadi pemimpin dina ngarep. Kegiatan iki presentase perwakilan saben negara, class discuss lan presentase kelompok.Aku kebagian housing utawa omah tradisional saka Indonesia. Wah ilmuku saya tambah.
PERPISAHAN.
Ana wektu ketemu ana wektu pisah, mangkono unen-unen sing sering dak krungu.Sawise nganakake pengamatan ing Busan kantho abot kudu pisah.Ing acara farewell party utawa pesta perpisahan,swasana nrenyuhake. Ana sing nangis, ana sing semaput amarga abot ora gelem pisah.Rampung acara mau,Aku sarombongan kudu balik menyang hotel ringkes-ringkes. Sesuke nuju Gimhae kanggo numpak pesawat menyang Incheon,Seoul. Suwene penerbangan mau kurang luwih sakjam. Ing Seoul dipandu karo Ms.Annie Shin.Aku sarombongan dijak mlaku-mlaku maneh ing Seoul ngunjungi Donghwa,Pasar Dongdaemun lan Museum Nasional Seoul.Aku sarombongan uga kober ngunjung lBlue House, yaiku daleme Presiden Korea Kidul ing Seuol.Nanging eman banget aku ora bisa mlebu amarga dijaga ketat banget. Ing Seuol mau aku iya ngunjungi KBRI, lan nryitakake akabehing kegiatan sasuwene iki. Bengi iki aku nginep ing Hotel Hamilton, sawise nginep sawengi aku nerusake perjalanan nuju Hongkong nganggo pesawat Chatay Pacifik. Tekan Hongkong transit rong jam, banjur numpak Cathay Pacifik.nuju Surabaya.Sawise perjalanan 4 jam, aku sarombongan tekan Surabaya kanthi slamet.Trenyuh lan kangen aku sarombongan sawise ketemu kulawarga ing Surabaya.
Muga-muga tahun ngarep bisa ngunjung maneh bareng delegasi liya ……. Amien.
Kesanku sasuwene ing Busan, aku kagum banget lan pantes oleh acungan jempol yaiku ketertibane, kebersihan, tehnologi lan rumakete penduduk.
Pesenku: minangka generasi penerus bangsa mesthi bisa nerusake lan ngembangake Surabaya kaya ing Busa. SURABAYA BISA, INDONESIA BISA !
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming