Rabu, 08 September 2010

SUGENG ARIYADI 1431 H

Kinanthi pambuka atur
siji papat telu siji
Hijriyah ing mangkin warsa
Riyaya ingkang sayekti
dinten ageng umat Islam
Idul Fitri den wastani

Takbir tachmid wiwit dalu
angumandhang ngantos enjing
ing masjid dalah mushollah
para mudha kakung putri
datan keri para bapak
ndherek ugi lare alit


tan kesupen zakatipun
iku wajib den antepi
nambah kandeling ibadah
migunani mring sasami
awya kendhat nyebut Allah
datan ana sing nandhingi

wanci enjing umun-umun
enggal-enggal den reresik
mapag dina ingkang mulya
sholat bareng Idul Fitri
sanak kadang dalah warga
ing lapangan apa masjid

mirengaken khotbahipun
para ustad para da’i
datan bosen awewarah
mring umat kang anyekseni
tanggal siji wulan Syawal
kadya bayi ingkang suci

marak bapa biyungipun
sembah sungkem angabekti
apura lan ingapura
iku wajib para siwi
kadhang kadhang tetangisan
pancen barokahing Gusti

minangka akhiring atur
kawula saanak cindhil
ngaturken sugeng riyaya
dinten endah Idul Fitri
nyuwun gunging pangaksama
tingkah lan kedaling lathi

7 komentar:

  1. Minal 'aidin wal faidzin. sagunging kalepatan mugi lineburna ing dinten riyadin punika.

    BalasHapus
  2. Kula inggih semanten ugi, bilih wonten tembung saklimah lampah satindak ingkang boten mranani penggalih panjenengan nyuwun agunging samodra pangaksami.Mugi-mugi anggen kita pasedherekan tansah pikantuk racmating Gusti Allah swt. Amin

    BalasHapus
  3. mugi kersaa angapunten sadaya kalepatan ingkang kababar lumantar seseratan utawi kasamar ing ndalem batos
    mugi lestantuna pasedherekan kita, senaosa sawatawis nembe saged alantaran jagad maya
    nuwun

    BalasHapus
  4. dhawah sami-sami, bilih wonten keladhuking seseratan ingkang boten mranani penggalih panjenengan nyuwun pangapunten, mugi-mugi 1 Syawal 1431 kita kadya bayi ingkang suci, sedaya kalepatan saged linebur ing dinten ariyadi punika,amin.

    BalasHapus
  5. Taqobalallahu Minna Waminkum, Taqaballahu ya Karim, Minal Aidzin Wal Faidzin, Mohon Maaf lahir batin .....Semoga kita kembali Fitri dan bisa ketemu Ramadhan yang akan datang. Amin

    Dwi Djoko

    BalasHapus
  6. Ngaturaken Sugeng Riyadi nggih Pak, nyuwun pangapunten radi telat. Minal aidin walfaidzin.

    BalasHapus
  7. mas Dwi Djoko:dhawah sami-sami, amin ya Robbal Allamin.
    pak Petrus Suratno:matur nuwun, dhumateng kawigatosan panjenengan.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming