Senin, 23 Juli 2012

WIS NASIBMU JAH........

Telung sasi pungkasan iki tinemu gajah Sumatera 12 kang tiwas ing Aceh Jaya, Aceh lan Taman Nasional Tesso Nilo, Riau. Bangke-bangke gajah mau gumelthak ing
perkebunan.Gajah tanpa nyawa kang ditemokake ana areal perkebunan sacedhake PT Riau Andalan Pulp and Paper, Riau , 7 Juni 2012 kepungkur gadhinge malah wis ilang. Direktur Konservasi lan Keanekaragaman Hayati Kementerian Kehutanan, Novianto Bambang Wawandono, Selasa(19/6) kandha , sawise ditliti ing laboratorium, matine gajah-gajah iku positip diracun. Noianto ngira, racun iku dicampurake menyang panganan sing dadi karemane gajah. Sebab ajah-gajah mau sering ngrabasa perkrbunan kang digarap warga. Kementerian Kehutanan , ujare Novianto, masrahake perkara marang polisi jalaran gajah Sumatera klebu satosing diayomi Negara.
Novianto ora selak yen mburi-mburi iki akeh gajah kang golek pangan engga ngambah areal perkebunan. Penyebabe, habitate gajah-gajah nau saya rupak, merga alas-alas dibabad kanggo perkebunan apa dene papn dununge warga. Mula ora ana dalan liya tumrap gajah sing kaliren kejaba manyak tekan perkebunan. Kanggo ngawekani bab mau, Kementerian Kehutanan bakal luwih kerep nganakake patroli. Direktur Konservasi WWF Indonesia, Nazir Foead mratelakake, tiwase gajah-gajah ora amarga dijupuk gadhinge, nanging murni merga pradondi rebutan lahan antarane warga mungsuh gajah…...ya mesthi wae gajahe kalah ta….

Rabu, 18 Juli 2012

SUGENG SIYAM 1433 H

Dumateng para sedherek ingkang ngrasuk Agami Islam kula sakulawarga ngaturaken sugeng siyam 1433 H. Mugi-mugi anggen kita nindakaken ibadah siyam saged lancar, nutug setunggal wulan wetah lan kita dados umat ingkang taqwa, nindakaken sedaya dhawuh, nebihi menapa laranganipun GUSTI ALLAH ingkang maha kuwaos, amin…….
Kula : Purwito + Siti Hayati
Rahajeng Purwitorini + Rijanto,
Dwiyanto Kuncoro + Oktoviani Pratiwi
Ricky Achmad Subagya ( putu )
Rival Brain Subagya ( putu ).
Jihan Risqi Fathehah (putu ).

tatu lawas sing marahi ati panas......dhasar MALAYSIA/MALINGSIA

Pamarentah Malaysia ora uwis-uwis gawe kisruh ngubak-ubak banyu bening. Ora ana udan ora ana angin Negara Jiran nyatakake lamun tari tortor dalah tari gordan sambilan klebu budayane. Kamangka wiwit kuna-makuna tarian loro kasebut mujudake kesenian asal Sumatera Utara. Wakil Menteri Pendidikan lan Kebudayaan, Wiendu Nuryanti, Selasa( 19/6) mratelakake, pamarentah wis nggenahake perkara mau menyang Malaysia.
Adhedhasar keterangan kang ditampa, imbuhe Wiendu, Malaysia ora niyat ndhaku tortor sarta gordang sambilan, nanging mung nyathet kesenian loro mau kanthi pawadan tinemu komunitas Mandailing Natal ing Negara kasebut kang uga ngleluri tortor lan gordang sambilan.
Ewasemono Wiendu durung marem karo wangsulane Malaysia. Dheweke tetep arep ngurus yagene Malaysia nglebokake tari loro iku ing buku kabudayane. Yen ora diwaspadani Wiendu sumelang mengkone Malaysia bakal terus nyathetake tortor lan gordan sambilan menyang UNESCO. Malaysia ora pisan pindho ndhaku kabudayane Indonesia …..dhasar MALINGSIA…..
Reyog Ponorogo, batik, tari pendet, angklung lan beras Adan Krayan asal Nunukan, durung sawetara lagu-lagu.. iya tau didhaku Malaysia……. Dhasar MALINGSIA

Minggu, 08 Juli 2012

M O S

Dina Senin tanggal 9 Juli 2012 putuku sing mlebu SMP, melu kegiatan masa orientasi siswa, MOS.
Suwene telung dina. La sing kudu disiapake peserta kudu nganggo atribut kaya ing ngisor iki :
 1.Topi : digawe saka bal plastic ukuran gedhe disigar dadi loro. Bagean ndhuwur dipasang bal pimpong, dicet / dkelir manut kelompoke, lan diwenehi tali raffia , kelire manut kelompoke.
  2.ID Card : digawe saka karton ( kelir ya kudu padha karo kelompoke), foto close up anyar, tali raffia. Carane nggawe : karton dibentuk pojok lima pesagi, ditempeli foto sisih tengen, ditulis jeneng, panggonan lair, alamat, hobby,gegayuhan lan jeneng kelompok, dicencang nganggo tali raffia.
 3.Sabuk : digawe saka bungkuse jajan awangun pojok papat ( upamane jajan oreo lsp ), tali raffia. Carane nggawe : bungkus jajan dijepret siji-siji ing tali raffia.
 4.Tas, sing digawe saka karung glepung, tali pramuka, bal pimpong. Carane nggawe : tali pramuka ditalekke ing saben pojok karung, sadurunge iku bal pimpong dilebokke ing saben pojok karung.
 5. Slayer : kelir kudu padha karo kelompoke.
 6.Bal plastic cilik ,sing biasa dianggo adus bal ( wong adus wae kok nganggo bal ta ya ), akehe lima.
 7.Balon ukuran gedhe akehe telu. Sejene kasebut ing ndhuwur, kudu nggawa buku tulis, ballpoin, spidol , lan ya mesthi wae sangu kanggo mangan lan ngombe. Entek pira lan pirang jam wira-wiri sarta nggawene atribut ora apa-apa, pancen ya ngono aturan saka panitia MOS, mung iki sadrema usul lo, apa ora luwih apik nggawa tanduran sing migunani idep-idep penghijauan ? Dhuwit kanggo atribut thok yen ditotal ora kurang saka seket ewu repis, dak kira cukup yen kanggo tuku tanduran. Kari milih

Senin, 02 Juli 2012

bakti sosial khitanan masal SMPN 2 Surabaya paralel alumni '79

Kami plajar smp2 taat serta setia Dalam kami tekun belajar untuk nusa bangsa Smp 2 Surabaya tunas patriot bangsa Kami berjanji setia, mengabdi nusa bangsa ……………………. Teks lagu ing ndhuwur saperangan saka mars smpn2 Surabaya sing ditembangke kanthi sigrak nalika Bakti Sosial dina Minggu tanggal 1 Juli 2012, dening para alumni. Ing acara bakti sosial mau katon semua banget, amarga dirawuhi para guru sing nalika semana mulang muruk para muride.
Dene Sing rawuh Pak Arsyad Suparlan (guru sejarah), Pak Haryono( guru olah raga), Pak Sudiyanto ( guru Ekop)sekaliyan kang kebeneran oleh muride dhewe mbak Diah, Pak Ramelan ( guru Bahasa Indonesia), Pak Fathurahman (guru geografi ) sekaliyan kang oleh garwa kanca dhewe yaiku Bu Esti Warsiani (guru fisika) sing malika samana dadi favorite bocah-bocah, Bu Witdiah ( guru fisika) sekaliyan, sing nalika samana kondhang killere, lan aku dhewe Pak Purwito(mulang nggambar).
Dene bapak/ibu guru liyane akeh sing pensiun lan goleki daleme mbok manawa wae kangelan. Mas Didit sing sing aweh sambutan minangka ketua panitia ngaturake agung panuwun sing tanpa upama marang kanca alumni , para sponsor saengga acara khitanan masal iki bisa kaleksanan. Liya saka iku mas Didit iya ngaturke sugeng rawuh marang para guru lan iya atur panuwun “kula sedaya saget nindakaken ngaten punika inggih donganipun bapa/ibu guru ingkang mulang kanthi ikhlas, tanpa pamrih.
Inggih nyuwun pangapunten rikala semanten kanca-kanca wonten ingkang nakal ingkang mbethik, nanging sedaya kalawau amargi dereng ngertosipun…” ngono ature mas Didit. Sambutan wakile bapak/ibu guru Pak Ramelan,lan paring pangandikan yen kegiatan kaya ngene iki apik banget, ya muga-muga para alumni ora nglalekake almamatere lan migunani kanggo wong liya,….. amin. Sawise ceramah agama, adicara diterusake ramah tamah lan dihibur family band , lan para alumni nyanyi genti-genten aku dhewe iya nembang sewu kutha ngiras ngregengake swasana.Wektu lumaku terus , bapak ibu guru diaturi nyekseni khitanan masal sing ditindakake wiwit mau esuk.” Targetipun seket pak, nanging duka menika wau tambah terus ….” Ngono Mbak Anita minangka tuan rumah aweh keterangan.
Bakti sosial kang manggon ing Gayungsari Barat X-27 lumaku kanthi lancar, bapak/ ibu guru ya wiwit kondur, ngono isih dicaosi tali asih lan amplopan, wah ya ketrima banget. Selamat ya Anita, Arien, Margaretha,Cucuk Suharianto, Hendro B, Yeni Caroline, Zaky Z, Ahmadi, Agus Sentot B, Terry K( swaramu tambah teope), Fieliana Magda yak apa anakmu ditrima ing ngendi, Didit Santosa lan …….. kabeh wae alumni 79 smpn 2 surabaya kelas paralel , salam. foto saka ndhuwur: 1.Bapak/Ibu guru lan penceramah sing karenan amarga dilipur family band lan mas Terry. 2."La niki, kula samenika wonten Lumajang pak" ngono ature Mas Sentot marang Pak Ramelan. 3."Namung saged ngaturi menika pak, sampun dipun pirsani reginipun " ature Mas Rusdi. "Iya-iya, kesuwun ya, muga-muga akeh rejeki lan barokah "ngendikane Pak Fathur. 4."Adhuh lara, dikapakna manukku......" sambate salah siji reserta khitan " sik ya le......kaya dicokot semut kok......
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming