Ngaturaken Sugeng Ariyadi Idul Fitri 1 Syawal 1435 H, bilih wonten tembung saklimah, lampah satindak ingkang boten mranani penggalih , kersaa paring sih pangapunten, mugi-mugi kita tetep ngukuhi iman kita, lan saged kepanggih malih ing wulan Ramadhan ingkang badhe dhateng. Amin.
Kula Purwito sakulawarga.
Rabu, 30 Juli 2014
Rabu, 23 Juli 2014
Mother How Are You Today
Mother, how are you today?
Here is a note from your daughter.
With me everything is ok.
Mother, how are you today?
Mother, don't worry, I'm fine.
Promise to see you this summer.
This time there will be no delay.
Mother, how are you today?
I found the man of my dreams.
Next time you will get to know him.
Many things happened while I was away.
Mother, how are you today?
Menawi panjenengan badhe mirengaken kula aturi klik wonten mriki
Bottom of Form
Here is a note from your daughter.With me everything is ok.
Mother, how are you today?
Mother, don't worry, I'm fine.
Promise to see you this summer.
This time there will be no delay.
Mother, how are you today?
I found the man of my dreams.
Next time you will get to know him.
Many things happened while I was away.
Mother, how are you today?
Menawi panjenengan badhe mirengaken kula aturi klik wonten mriki
Selasa, 15 Juli 2014
Ayah
Di mana … akan kucari
Aku menangis, seorang diri
Hatiku, slalu ingin bertemu
Untukmu, aku bernyanyi
Untuk ayah tercinta
Aku ingin bernyanyi
Walau air mata di pipiku
Ayah dengarkanlah
Aku ingin berjumpa
Walau hanya dalam mimpi
Lihatlah .. hari berganti
Namun tiada seindah dulu
Datanglah, aku ingin bertemu
Denganmu, aku bernyanyi
menawi badhe mirengaken kula aturi kilk wonten mriki
Aku menangis, seorang diri
Hatiku, slalu ingin bertemu
Untukmu, aku bernyanyi
Untuk ayah tercinta
Aku ingin bernyanyi
Walau air mata di pipiku
Ayah dengarkanlah
Aku ingin berjumpa
Walau hanya dalam mimpi
Lihatlah .. hari berganti
Namun tiada seindah dulu
Datanglah, aku ingin bertemu
Denganmu, aku bernyanyi
menawi badhe mirengaken kula aturi kilk wonten mriki
Sabtu, 24 Mei 2014
Wayang kancil saya disenengi ing Eropa.
Wis kaping pira. dhalang wayang kancil asal Yogyakarta, Ki Lejar Subroto,
arep pentas ing sawetara negara Eropa
wukan Mei – Agustus 2014. Pementasan mau uga diieloni karo pameran wayang kancil ing kompleks Balai Kota
Den Haag, Walanda. Pentas lan pameran mauu nuduha yen wayang kancil saya digandrungi
masyarakat Eropa sanajan apresiasi ing Indonesia malah kurang.
“Aku diundang kanggo pentas, pameran lan aweh pelatihan soal
wayang kancil ing Walanda, Inggris lan Jerman. Mungkin yen ana wektu arep nyang Perancis barang, “
jare Ki Ledjar Subroto nalika ditekani ing omahe Yogya, dhek dina Sabtu(17/5)
Wayang kancil sawijining wayang kanthi paraga tokoh-tokoh
kewan. Dene kisah wayang iki, antara liya, dijupuk saka serat Kancil,
sawijining karya sastra Jawa kanthi tokoh utama kancil kang ana wiwit abad 18.Ledjar
nyiptakake wayang kancil, ing tahun 1980 kanthi tujuan nyedhakake maneh
bocah-bocah karo kesenian wayang kulit.
Ledjar mojar, yen Senin iki, dheweke budhal menyang Negara
Walanda kanggo tampil jroning Tong-Tong Fair, festival Kesenian lan pasar malem
sing akeh nampilake kabudayan Indonesia. Ing Saben pementasan Ledjar dikancani putu kinasih Ananta
Wicaksana(29),sing wiwit cilik sinau ndhalang wayang kancil.
Sawise pentas ing Walanda, Ledjar terus menyang Jerman lan
Inggris kanggo tampil jroning sawetara festival
sing digagas sawetara seniman Inggris sing nate sinau wayang kancil ing Indonesia.
Ananta Wicaksana nandhesake yen Wali Kota Den Haag sacara
khusus njaluk supaya Ledjar nggawe wayang manuk bango. kewan sing dadi ikon
kota Den Haag( sumber. komps,19514p12,dikbudHRS, pjb).
Minggu, 18 Mei 2014
Nukulake Tresna Aksara Jawa
Aksara Jawa. Ing kasunyatan generasi enom ora kepencut blas, ora gaul. Apa banjur nglokro pasrah bongkokan ? Ora, ora tenan! Malah maneka warna terus ditindakake supaya pusaka budaya iki tetep urip lestari, salaras karo owah-owahan jaman,
Dandi (10), siswa kelas V SDN Sampangan 26 Solo, Jawa
Tengah, nyoretke potelote ing ndhuwure lembaran kain putih ing ngarepe. Dheweke
nulis tembung nganggo aksara Jawa. Kadhang-kadhang ndeleng buku wulangan sing ngamot susunan aksara Jawa jangkep ha-na-ca-ra- ka.
“ Aku arep nulis,
Solo ana apa ya…...Oh Solo ana gamelan.,”
ujare kesenengen sawise nemokake ide.Dheweke nyoba neruske nulis.Nulis basa
Jawa migunake aksara Jawa dudu bab sing
gampang kanggone Dandi. Mula ya iku mau, kudu ndeleng buku panduan” Lumayan angel ,“ujare karo mesem. Ora adoh saka kono,Rofi
Nur murid SDN 44 Nusukan Solo, nulis”Panah
Pasopati”. Rofi wis nyiapake tulisan aksara Jawa iku ing buku saengga
kari nyalin ing kain putih “Gampang kok “ujare.
Atusan murid sekolah dasar ing Solo melu kegiatan nulis
aksara Jawa jroning rerangken gerakan kanthi tema “Aja lali Jawane “ ing latar
parkir Novotel, Solo ing pinggir dalan Slamet Riyadi, sawetara wektu kepungkur.
Kegiatan iki digelar Jatayu Muda dan Berbudaya, sawijining
komunitas Mahasisawa Ilmu Komunikasi, Fakultas Ilmu Sosial dan Ilmu Politik,
Universitas Sebelas Maret, sing “ berkecimpung” jroning bidang kabudayan,
kanggo mengeti Hari Pusaka Dunia (Word Heritage Day), sing tumiba saben tanggal
18 April.”Kula sedaya narget 1.000 murid ndherek nulis “ ujare.
Beberan kain mori sing dawane 300 meter lan cendhake kira-kira
40 sentimeter digelar. Bocah-bocah SD kuwi kena nulis apa wae, antara liya
pewayangan, jeneng pasar ing Solo, alat musik gamelan Jawa, jajanan tradisional
lan panggonan wisata ing Solo.
Acara iki duweni pangajab nukulake tresna lan nggalang
kepedulian nglestarekake aksara Jawa wiwit cilik.
“Kula sedaya kepengine ngajak supados lare-lare nguri-uri aksara pusaka budaya Jawa” ujare Cynthia Putri, Sekretris Jatayu Muda dan Berbudaya.
“Kula sedaya kepengine ngajak supados lare-lare nguri-uri aksara pusaka budaya Jawa” ujare Cynthia Putri, Sekretris Jatayu Muda dan Berbudaya.
Cyntya lan kanca-kancane gregeten tenan. Basa Jawa lan
aksarane saya suwe saya bleret kanggo generasi nom lan cah-cah sekolah.Kamangka
wis diwulangke minangka muatan lokal ing SD lan SMP. Wektu nyambangi nyang
sekolahsekolah kanggo ngajak nulis aksara Jawa, ditemokake murid ngomong” mbak
aku ora bisa nulis Jawa “. Iki dadi momentum refleksi kita. Ayo terus
nyengkuyung muatan lokal basa Jawa tetep dikukuhi lan dimekarake “ ujare.
Nanging pancen eling banget, ora mungkin meksa wajib
dipigunakake jroning tulis menulis saben dina.” Paling ora kegiatan iki
bocah-bocah duwe pengalaman katut nglestarekake nganti kagugah kesadarane “
jare Cyntia.
Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata
kota Solo, Eny Tyasni Susana ngakoni budaya nulis aksara Jawa saya ilang. Mula
saka iku Pemerintah Kota Solo nukulake maneh kanggo ngusung sawetara
program.Salah sijine ya nulis aksara Jawa ing papan jenenge sekolah, kantor nganti
mall. Liya saka iku uga ndadekakae basa Jawa minangka muatan lokal jenjang SD lan SMP.
Eny banjur ngelingake , aja nganti aksara Jawa nduwe nasib
nganti didhaku negara liya, kaya kedadeyan sawetara tarian tradisional Nuswantara.
Ing tengahe pergaulan global singnganggo basa Inggris, kudune basa Jawa tetep
diuripi. Bocah-bocah aja mung gandrung aro budaya liya, Korean Pop, sing pancen
ngetren lan mencutake.
“Aksara Jawa ora oleh ilang, kita aja nganti dipisahake karo aksara Jawa.Eman
banget yen nganti budaya leluhur sing umure atusan tahun iki diakoni negara liya
“ ujare Eny. Karyane tulisan murid-murid
SD mau banjur disumbangke marang Museum Radya Pustaka, Solo. Direncanakane,
tulisan mau arep dibatik adik-adik kelase ing pengetan Hari Pusaka Dunia 2015.
Sawise rampung nulis, kabeh peserta
diajak nekani Museum Radya Pustaka (
sumber kompas,mg11514p9pendbud,erwinedhiprasetya,pjb).
Langganan:
Postingan (Atom)


