Selasa, 29 Mei 2012
ALBUM KENANGAN ING PULO BALI
Kita jadi bisa menulis dan membaca, karna siapa
Kita jadi tahu , beraneka bidang ilmu dari siapa
Kita jadi pintar, dibimbing pak guru
Kita jadi pandai dibimbing bu guru
Guru bak pelita, penerang dalam gulita
jasamu tiasa tara.......
Lagu mau ditembangake paduan suara gabungan kelas 9 A nganti 9I, nalika acara perpisahan spendabaya ing Inna Hotel Denpasar Bali, tanggal 16 Mei 2012, kepungkur. Ing bengi mau katon semuwa banget . Saliyane paduan suara minangka pambuka banjur diterusake sambutan-sambutan.
aisol saka kelas IXD minangka minangka wakil kelas 9, nelakake atur panuwun marang Bapak Kepala Sekolah,
Bapak/Ibu Guru, sing kurang luwih telung tahun wis paring panggulawentah, nyuwun pangapura yen sasuwene wektu mau ana kanca sing nakal, ngganggu bapak/ibu guru lan tingkah laku apa wae ora dadi dhanganing penggalih bapak/ ibu guru, nyuwun pangestu muga-muga kelas IX tahun iki lulus kabeh,kanthi biji sing maremake lan bisa neruske sekolah kang dituju.
Dene Bapak Hidayat minangka Kepala Sekolah paring pangandikan yaiku ngenani kegiatan apa wae sawise ujian lan paring pitutur supaya bocah-bocah ora lali karo almamater,muga-muga tahun iki bisa lulus 100%, kanthi biji sing maremake, bisa nerusake sekolah sing dituju, kasil apa sing diidam-idamake.
Ora kesupen Bapak Hidayat iya mundhut pangapura mbok manawa wektu telung tahun mau ana Bapak/Ibu Guru sing njewer, sing ndukani bocah-bocah, kabeh mau pancen proses sing tujuane ndhidhik bocah-bocah supaya dadi manungsa sing migunani kanggo nusa lan bangsa. Sawise donga sing dipimpin Pak Pur, acara diterusake pentas seni.
Saben kelas mamerake kabisane, wah jan meriah banget. Ana sing lucu ngguyokake, ana sing sigrak lan iya ana sing nganti histeris.
Gonging acara, dipungkasi salaman karo bapak kepala sekolah/ Ibu Hidayat lan Bapak/Ibu Guru. Ing album iki ana sawetara foto-foto sing kasil dijepret karo eyang Pur. Foto 1 : Bapak Hidayat minangka Kepala Sekolah ngersakake foto karo Ibu Hidayat, bar dahar sarapan. 2.Team paduan suara lagi mamerake kabisane kanthi telung lagu yaiku : jasamu guru, kenangan terindah lan laskar pelangi
3.Bapak/Ibu Guru nalika foto karo sawetara bapak/ibu Guru SMKN 1 Denpasar 4.Kelas 9C foto karo Pak Edy lan Pak Pur 5.Ngraketake paseduluran antarane SMP 2 Surabaya karo SMKN 1 Denpasar 6.Nissa, Nur Fadhilah lan Lis nyekel kewan langka ing Pulo Penyu 7.Anggliyak numpak prau layar...... sing ngadeg iku Ivan Erza lakone ... menang keri ....hi hi hi.....
Selasa, 08 Mei 2012
TUGAS UNTUK KELAS VIII C spendabaya.
TUGAS UNTUK KELAS 8 C , SELASA 15 MEI 2012.
MATAPELAJARAN IPS EKONOMI,MATERI PAJAK.
Kerjakan soal dibawah ini, kumpulkan.
SOAL:
1.Pak Sofyan menerima gaji Rp.3.000.000,-(tiga juta rupiah), setiap bulan. Hitunglah berapa PTKP dan besarnya pajak yang harus dibayar !
2.Pak Rama menerima gaji Rp.2000.000,-(dua juta rupiah), setiap bulan. Ia mempunyai seorang isteri yang tidak bekerja.Hitunglah berapa PTKP dan besarnya pajak yang harus dibayar !
3.Pak Bayu menerima gaji Rp.2000.000,-(dua juta rupiah), setiap bulan. Ia mempunyai seorang isteri yang bekerja dengan gaji Rp.1.500.000,-(satu juta lima ratus ribu rupiah), setiap bulan.Hitunglah PTKP dan besarnya pajak yang harus dibayar !
4.Pak Muhlasum menerima gaji Rp.2.500.000,- (dua juta lima ratus ribu rupiah) setiap bulan. Ia mempunyai seorang isteri yang bekerja dengan gaji Rp.1.500.000,-( satu juta lima ratus ribu rupiah) setiap bulan dan mempunyai 2 orang anak. Hitunglah PTKP dan besarnya pajak yang harus dibayar !
5.Tuan Edwin berstatus kawin satu isteri dengan 3 anak adalah seorang pengusaha yang memperoleh penghasilan bersih pada tahun 2005 sebesar Rp.100.000.000,- (seratus juta rupiah). Penghasilan tersebut merupakan selisih antara penjualan sebesar penjualan Rp. 300.000.000,- dan biaya sebesar Rp.200.000.000,-Hitung PTKP dan pajak yang harus dibayar tuan Edwin pada tahun 2005.
Perhatikan ketentuan dibawah ini( masih menggunakan PTKP lama).
a. Rp 2.880.000,- untuk wajib pajak pribadi.
b. Rp 1.440.000,- tambahan untuk wajib pajak berstatus kawin..
c. Rp 2.880.000,- tambahan untuk setiap istri yang penghasilannya digabubf dengan suami.
d. Rp 1.440.000,- tambahan untuk setiap anggota keluarga dalam garis keturunan lurus serta anak angkat yang menjadi tanggungan sepenuhnya. Wajib Pajak, paling banyak 3 orang.
Lapisan Penghasilan Pajak Kena Pajak (untuk pajak pribadi, bantuan untuk menjawab soal nomer 5).
1. Rp 0 s/d Rp 25.000.000,- tarip pajak 5%.
2. Rp 25.000.000,- s/d Rp 50.000.000 ,- tarip pajak 10%.
3. Rp50.000.000,-s/d Rp 100.000.000 ,- tarip pajak 15%.
4. Rp 100.000.000,- S/D Rp 200.000.000 ,- tarip pajak 25%.
5. diatas Rp 100.000.000,- tari pajak 35%.
Selasa, 01 Mei 2012
nglawan dominasi inggris
Minangka basa donya, sing paling jembar tebane ing jagad, (basa) Inggris ora bisa luput saka para penentange. Amarga , reputasi donya iku digegem ngliwati praksisi kolonial sing bab tartamtu pancen ngrusak tata panguripan masyarakat kang dijajah.Mula , nglawan dominasi basa Inggris iku salah sijining bagian saka gerakan anti kolonalisme.Sing narik kawigaten, manut Robert Phillipson jroning Linguistik Imperalism (1993), penentang dominasi Inggris ora mung saka masyarakat sing dijajah, nanging uga anggota parlemen Eropa, mungsuh politik ing negara -negara sing nganggo basa Inggris, para pengawal basa pribumi, lan intelektual penutur Inggris .
Tokoh karismatik India , Mahatma Gandhi, upamane,nggugat basa Inggris amarga basa Inggris agawe masyarakat dadi terasing, keracunan, terdenasionalisasi lan nduweni mental budak ana ngendi wae apa iku panguripan pribadi apa iku ing publik.
Gandhi sing duweni basa ibu Gujarat l nanging faseh banget basa India liyane ,kayata Hindi, Tamil, Telugu, Malayan sarta Marati.Marang rakyat India, dheweke ora bosen-bosen ngelingake aja nglalekake basane dhewe, lan nggunakake basa Inggris mung ana lingkungan pegawean utawa ing acara resmi liyane. Iki ateges Gandhi ora anti Inggris banget.
Minangka sing nganjurake asas swaray lan swadhesi, dheweke njaga banget murnine identitas bangsane saka serangan budaya njaba.
Ing Kenya, Afrika Wetan, penulis Ngugi wa Thiong’o ngritik dominasi basa Inggris minangka kepentingan kolonial sing pasekuthon karo karo saglintir elite ing negarane.
Kenya ngalami penjajahan wiwit pungkasane abad ka-19, nanging isih duwe prinsip nengenake kapentingan Afrika. Mula iku sebabe nalika mardika (1963), negara mau milih Swahili minangka basa nasional sanajan Inggris dadi basa resmi. Organisasi Negara-negara Afrika ya nyengkuyung nggunakake basa pribumi kanggo keperluan pendidikan, ekonomi lan komunikasi, ana kegiatan acara nasional, regional apadene kontinental.
Para “pewaris” Naziisme nuduh British Counsil, pada karo kurikulum resmi basa Perancis, minangka wujud imperalis budaya. Loro-lorone dikecam nindakake “ penyeragaman linguistik “ kanthi cara intelektual lan spiritual mbelok lan ngancam budaya sarta “nilai- nilai kreatif” asumber saka basa liya. Semono uga para pemikir”mazhab “ Sovyet “tempo dulu “ nuding Inggris minangka basa donyane kapitalisme lan dominasi donya.Inggris uga dicurigai nindakake kawenangan kanthi nggusur basa-basa liya sing kompetisi karo “ basa imperalis” mau.
Sawetara anggota parlemen Eropa prihatin yen panguwasane Inggris ing babagan ekonomi, ilmu pengetahuan lan teknologi bisa dadi ancaman marang basa lan kabudayan komunitas Eropa umume. Rasa kuwatir iya kedaden ing Quebec, Kanada sing mayoritas nganggo basa Perancis, lan Meksiko sing diwarisi Spanyol.
Negara loro mau tangga mepet karo Amerika Serikat sing “beringgris- ria”, malah muncul sindiran “Adohe karo Tuhan, nanging cedhak banget karo Amerika “.
Bisa uga Inggris kadhung kuwat yen dilawan, apa maneh ing jagading globalisasi iki. Mula . sikap sing paling wicaksana yaiku melu pituduhe sing sabenere yaiku nggunakake basa Inggris kanthi tepat guna, upamane kaya pituture Gandhi. Kanthi kaya ngono, basa kita dhewe- lokal lan nasional – kudu diopeni lan dikembangake supaya bisa sesandhingan karo basa –basa liya , kalebu sang dominan.(kapethik saka kmps.27412 kasianto sastrodinomo- jarwan bebas).
Sabtu, 21 April 2012
ANEH NING NYATA
Chelsea pancen diayomi kauntungan ing leg wiwitan Liga Champion malem Kamis 18/4. La piye, iku bisa dideleng saka adohe statistik Chelsea mungsuh Barcelona ing Stamfort Bridge. Barca julukan Barcelona nguwasani 79 persen bal. Barca uga nendang ping 24 sasuwene tetandhingan mau lan enem ngancam gawang Petr Cech.Nanging Chelsea sing mung ping papat nendhang , lan mung siji ngarah gawang nanging gol.Siji-sijine gol mau saka tendhangane Didier Drogba ing menit ka 45, yaiku sing dadi gol kang nemtokake menange The Blues, julukan Chelsea.
“ Bal-balan ya ngene iki, teamku pancen beja, untung sekedhung. Sliramu nyambut gawe nggolek kabegjan, kabegjan teka, ya iki sing digoleki,” ujare Drogba.
Kanggone Drogba, gol mau nuduhake yen dheweke durung tamat, lan mbuktekake yen Drogba isih pantes ana ing Chelsea kanggo ngontrak maneh ing pungkasaning digelare bal-balan taun iki.
“Kanggo sing ngomong yen aku wis tuwa, pancen kudu bisa ndeleng playuku paling ora siji, loro utawa telung tahun maneh ing lapangan,”ujare Drogba..
Liga Champion tahun iki pancen dadi prastawa endah kanggone pemain veteran Chelsea kayata Drogba, Frank Lampard, Paulo Ferreira, John Terry lan Florent Malauda. “ Aku kepengin menehi hadiah kanggo pemain senior, “ucape Juan Mata, pemain sayap Chelsea.Mung wae Chelsea ora bisa lenggang kangkung, rileks. Amarga bandha menang 1 -0, durung njamin ngamanake tiket menyang final.
Ing tetandhingan kaloro ana ing Nou Camp minggu ngarep, Chelsea kudu bisa nahan imbang Barca sing mbutuhake kemenangan paling ora loro gol.
“ Iki asil sing onjo , ora dinuga Sliramu kudu bisa nahan nalika mungsuh dheweke. Iya iku sing ditindakake AC Milan lan Real Madrid. Aku kabeh kudu bisa ngrampungake saben kalonggaran. Wektu iki kanggo nemtokake lolos orane 50 -50 ,” ujare Roberto di Matteo, manager interim Chelsea .
“ Isih ana pertandingan kaloro ing kandhange mungsuh lan aku kabeh ya ngerti yen iki pancen angel, angel tenan “ jare Di Matteo.
Yen Chelsea bombong kanthi asil mau, Barca suwalike , “ Asil mau pancen ora adil, nanging kepriye maneh, Chelsea sawijining team sing bisa njupuk kauntungan ing tetandhingan mau, “ terang Andreas Iniesta, gelandang Barca.
“ Pancen rada aneh ( amarga kalah ) . Iki dudu asil sing dak goleki. Aku ora bisa mikir sinau akeh saka Chelsea, amarga dheweke mung “bertahan “ lan nindakake serangan balik . Iku dudu strategi anyar, “ jare Thiago Alcantara, gelandang nom Barca, marang UEFA.com.
(smb.jp.20412 ).
Kamis, 29 Maret 2012
KUCING TOM SING ORA LUCU
Wira-wirine kombang Tomcat pancen gawe geger genjik tenan.Korban sing kena encere racun saka weteng kombang iki saya dadra .
Nganti wektu iki, laporan wilayah ing populasi Tomcat saya nyebar mrana-mrene angel dibadhe.Wiwitane ana ing Surabaya lan tlatah kiwa tengene wae, nanging banjur ngambra-ambra tekan Jawa Tengah malah wis ngancik tekan Jawa Kulon barang.

Tomcat(rove beetle=Inggris), satemene wis dikenal masyarakat padesan minangka Semut Kanai utawa Semut Kayap. Dijenengi Tomcat amarga bentuke mirip pesawat tempur AS, Tomcat F-14.
Tomcat nduweni warna ing wetenge nyolok banget, nandhakake yen pancen nduweni racun. Racun Tomcat jenenge Hemolimfi, lan ngandhung toksin sing jenenge paederin. Ujaring kandha, racun mau ping 12 luwih mbebayani wisane ula cobra.

Wong sing kena racun mau, bisa ngalami iritasi, kulit mlepuh, abuh lan abang. Ciri Tomcat yaiku sirahe warna ireng, dhadha lan wetenge warna oranye, lan duwe elar kebiruan. Ya amarga duwe elar iki, Tomcat bisa katut angin sing banter nganti tekan ngendi-endi.
Panggonan uripe ana ing lahan pertanian, lan sering ngrusak tanduran upamane pari. Kaya serangga liya Tomcat uga seneng sunare lampu. Ya iki sing nyebabake akeh Tomcat mlebu omahe warga ing wanci bengi, lan nyebabake wong-wong kena racun.
Kanggo nanggulangi supaya Tomcat ora mlebu omah satemene gampang, yaiku kanthi cara nutup kabeh dalane kombang iki, sadurunge nguripake lampu ing wanci bengi.
Ana cara maneh supaya ora kena racun yaiku aja mithes awake, sebab racune bisa metu saka awake mau.Sing perlu digatekake yaiku aja ngoseri-oseri odol, minyak tawon utawa obat sing ora nganggo pituduh dokter. Sing kena racun Tomcat mau,cukup digebyur nganggo banyu lan disabun supaya racune ora bisa nempel ing kulit lan racun mau bisa katut iline banyu.(manekawarna sumber).
Nganti wektu iki, laporan wilayah ing populasi Tomcat saya nyebar mrana-mrene angel dibadhe.Wiwitane ana ing Surabaya lan tlatah kiwa tengene wae, nanging banjur ngambra-ambra tekan Jawa Tengah malah wis ngancik tekan Jawa Kulon barang.

Tomcat(rove beetle=Inggris), satemene wis dikenal masyarakat padesan minangka Semut Kanai utawa Semut Kayap. Dijenengi Tomcat amarga bentuke mirip pesawat tempur AS, Tomcat F-14.
Tomcat nduweni warna ing wetenge nyolok banget, nandhakake yen pancen nduweni racun. Racun Tomcat jenenge Hemolimfi, lan ngandhung toksin sing jenenge paederin. Ujaring kandha, racun mau ping 12 luwih mbebayani wisane ula cobra.

Wong sing kena racun mau, bisa ngalami iritasi, kulit mlepuh, abuh lan abang. Ciri Tomcat yaiku sirahe warna ireng, dhadha lan wetenge warna oranye, lan duwe elar kebiruan. Ya amarga duwe elar iki, Tomcat bisa katut angin sing banter nganti tekan ngendi-endi.
Panggonan uripe ana ing lahan pertanian, lan sering ngrusak tanduran upamane pari. Kaya serangga liya Tomcat uga seneng sunare lampu. Ya iki sing nyebabake akeh Tomcat mlebu omahe warga ing wanci bengi, lan nyebabake wong-wong kena racun.
Kanggo nanggulangi supaya Tomcat ora mlebu omah satemene gampang, yaiku kanthi cara nutup kabeh dalane kombang iki, sadurunge nguripake lampu ing wanci bengi.
Ana cara maneh supaya ora kena racun yaiku aja mithes awake, sebab racune bisa metu saka awake mau.Sing perlu digatekake yaiku aja ngoseri-oseri odol, minyak tawon utawa obat sing ora nganggo pituduh dokter. Sing kena racun Tomcat mau,cukup digebyur nganggo banyu lan disabun supaya racune ora bisa nempel ing kulit lan racun mau bisa katut iline banyu.(manekawarna sumber).
Langganan:
Postingan (Atom)






