Jumat, 02 April 2010

kidung



SEWU KUTHA
(didi kempot)
sewu kuta uwis dak liwati
sewu ati dak takoni
nanging kabeh padha ra ngerteni
lungamu nyang endi
pirang tahun anggonku nggoleki
saprene durung bisa nemoni

wis tak coba nglalekake
atimu saka atiku
satenane aku ora ngapusi
isih tresna sliramu

sanajan ta kowe uwis urip mulya
rila aku rila
ya mung siji iku panyuwunku
aku pengin ketemu
sanajan sakedheping netra
kanggo tamba kangen jroning dhadha
sanajan wektu mung sedhela
kanggo tamba kangen jroning dhadha

menawi badhe mirengaken kula aturi klik wonten mriki

2 komentar:

  1. Pak Pur, kula niki rong kutha mawon boten kemput-kemput. Panjenengan kok sewu kutha. Kemput saestu ta, pak Pur ?

    BalasHapus
  2. Lo naminipun tiyang lara branta, boten trima sewu kutha, paribasan munggah gunung mudhun jurang, suku mlenthung sajagung-jagung boten dipetung, malah yen perlu direwangi pecahing dhadha oncate nyawa,pak Ugeng.Wah...kaya iya...iyaa wae....

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming