Kamis, 05 Mei 2011

tumbal

ing pinggire kutha gedhe
ana wong lanang nggawa larahan
tanpa ewuh pekewuh diguwang
ing kali cedhak omah
larahan pating slengkrah
ambu banger ora betah

ana wong aruh-aruh
pak mpun teng mriku
nika lo teng bak sampah
wong lanang mandeng mentheleng
banjur mlebu omah
metu nggawa arit gedhene sahohah
lon-lonan jumangkah
arit digegem ceket, keket


piye, kowe nantang ya
nyah tampanana
modar kowe
cras ......
adhuh biyung, ampun pak, ampun .....
arit diobat abitake
swara pangadhuh ora digatekake

kowe ngamuka
banggamu sepira
ing kene aku sing kuwasa

4 komentar:

  1. Buwanaku

    Kahanan ijo kang royo
    Sumebar kebak ing buwanaku
    Nglamlami ati...
    Loh jinawi sinawang soca

    Wana lan sawah
    Ngrembaka semi saamban-amban ing bantala
    Miguna gawe manungsa nggone bebrayan
    Uga miguna gawe sato ing njerone

    Arga lan segara
    Gedhe,cilik,amba,ciut kinumpul...
    Nambahi sugihe buwanaku
    Buwana panggonanku miyos...


    Indonesiaku tanah airku
    Buwana kang dak tresnani
    Buwana kang dakgungake
    Buwana sing ora kaetung basa,tata cara,lan
    ragam budaya daerahe

    Buwanaku,Indonesia
    Bakal dakjaga kalanggenganmu
    Bakal dakjaga kasugihanmu
    Bakal dakjunjung derajatmu...

    Laisa 9B 17

    BalasHapus
  2. ‎"Nalika Udan Sepisan"

    Gusti, pawartamu coba daktampa
    Lelantara tumetese banyu
    Nalika udan sepisan sore iki
    Bisa dakasake larange katresnan
    Kayadene kapange bumi marang langit

    Ing udan sepisanan iki Gusti
    Cba daksuwak misteri-misteri nugraha-Mu
    Kang kimplah-kimplah datan kendhat kaya robe samudra
    Gusti, liwat tetese banyu udan sepisanan iki
    Kepengin aku ngumbah tatu-tatu sing saya ngrembaka
    Katut iline jaman kang saya culika

    Dhuh Gusti, ing udan sepisanan iki
    Tumetese banyu ngelingake aku
    Marang tumetese waspa bapa-ibu kebak katresnan

    Oktaviani Ariyanti 9B 33

    BalasHapus
    Balasan
    1. Coba daksuwak misteri-misteri nugraha-Mu

      Cba = Coba

      Oktaviani Ariyanti 9B 33

      Hapus
  3. "Ilmu"

    Ilmu
    Sedoyo ngerti kowe
    Sedoyo butuh kowe

    Ilmu
    Kulo nyinaui kowe
    Sregep lan tanggep

    Ilmu
    Kitab asalmu
    Maca, nulis lan ngerungo'no
    dadi dalan nang kowe.

    Ilmu
    kadhos panganan,
    sing kulo pangan.
    Kadhos panggonan,
    sing kulo panggoni.
    Kanggo uripe kulo.

    Ilmu
    kanggo uripku saiki,
    mene lan kanthi nafas terakhire kulo.

    Ilmu
    Kulo ora bisa nemu kesenengan,
    kesenengan dunio lan akhirat
    yen awakmu ora onok.
    Yen uwong-uwong ora nyinaui kowe.

    Muhammad Ali 9B 27

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming