Selasa, 27 Agustus 2013

Dinane isih Riyaya


Tanggal 14 Agutus 2013 , kepungkur aku disambangi ngiras halal bi halal muridku alumni /lulusan tahun 2010 kelas  9A, Spendabaya, SMPNegeri 2 Surabaya.
Ya ora kabeh sakelas, jarene ngumpulne cah-cah ki angel. Bocah sing mara mau : Syaiful, Samuel, Yudha, Tian, Adit, Mifta, Wiwit, Ulfa.
 Aku ya ngutus Saiful , mbok ketiken ta Ful, critaa apa kono ngono lo .Diwangsuli , wah boten sagedd crita pak, niki mawon :IKU NGONO CAH-CAH AYU LAN NGGANTENG2 DUNYO AKHIRAT. Mpun nggih.Banjur dak takoni, lan iya gelem crita yen kelas 9a sing wali kelase aku nalika semana, saiki akeh sing nerusake , padha kuliah. Ana sing manggon ing Malang, ana sing ketampa ing ITS, malah ana sing ketampa ing Bandung. Malah Saiful iki ketampa ing FK Unbraw, Herdy ketampa ing ITS. Mung ana kanca siji sing mrothol ora bisa nerusake SMA amarga sawenehing bab. Sawise rampung sholat Isya' bocah- bocah padha pamitan mulih, lan iya dak pesen aja lali karo almamater spendabaya, karo para guru lan karo kanca sak angkatan, yen perlu aweh pitulungan marang kanca sing mbutuhake.
Kesuwun ya cah, aku kok sambangi, kathik nggawa jajan barang, wah ya putuku sing seneng........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming