Kedadeyan iki wis sawetara wulan
kepungkur nalika putuku sing cilik isih kelas I SD. Aku laro putuku loro ki jan
akrab banget sasat ngluwihi anak karo wong tuwa. La piye sing nyepakke maem ,
nyepakake pakaian seragam , sing ngeterke sekolah, sing mapak ya eyange. Mula
ora aneh yen cah loro mau pancen keket, kelet kaya prangko kae. Cah loro mau
yen nyeluk aku bapak nanging yen ngaturi eyang putri diceluk uti.
Kadhang –kadhang aku wong papat padha dolanan delikan, sing
cilik kadhang ndelik la sing gedhe bingung
nggoleki. Suwalike ya ngono, sing gedhe ndhelik sing cilik genti nggoleki. Semono
uga aku lan Utine, malah tau nalika cah loro mau teka Utine ndhelik , la ya
bingung, karo celuk-celuk Utiii….. Uti……wekasane …..badalah utine ana mburi
lawang.
Kaya wis ana kesepakatan nyku
ngeterke sekolah putuku sing cilik, dene aku ketiban sampur ngeterke
sing gedhe. Loro-lorone sing mapak aku, kajaba dina Senin. Yen dina Senin Utine
mapak sing sing cilik.
Ing dina Senin lali tanggale, aku mapak
sing gedhe sing adohe saka omahlu 7km , tekan ngomah udakara jam 13.50.Putuku
langsung nggoleki adhike . Nanging adhike ora muncul, njur takon Utine sing
lagi bar nonton TV. “Uti, adik mana …..
adik…..adik “ ngono karo nggoleki nganti sawetara wektu suwene. Nyku marani aku karo takon “ Rival neng
ngendi, biasane rak panjenengan papak bareng mase ? “
Ya dak wangsuli “Aja guyon ta bu, paling panjenengan utus
ndhelik, ben mase nggoleki . Aku ora mapak , wong saiki dina Senin “ krungu wangsulan
ngono mau nyku jenggirat, karo ngucap “ Lo Iya, wadhuh iya …. “ karo nglenggana
kaluputane, kepeksa aku budhal mapak sing cilik. Tekan sekolahan bocahe lungguh
ngenteni ana teras sekolah karo kancane siji, mungkin ya durung dipapak wong
tuwane. Tanpa aba karo mbesengut sajak arep nangis putuku langsung nggamblok ing sepeda motor. Tekan
ngomah dipapak utine “ Uti minta maaf ya sayang, Uti minta maaf ya ……”siputu
isih mbesengut…..Utine ora kurang akal digendhong lan diambungi njur didulang
maem awan . Apa tumon ?