Jumat, 23 Oktober 2009

halal bihalal pwp



NEDYA NGUMPULAKE BALUNG PISAH AJA KONGSI KEPATEN OBOR.
Manggon ing Sidotopo Wetan Indah II, warga Pacitan ing Surabaya dhek dina Minggu tanggal 18 Oktober 2009 nganakake Halal Bihalal.Acara mau manggon ing sekretariat PWP ya ing Sidotopo Wetan Indah II, mengku karep mbok manawa ana warga Pacitan kang wis mapan ing Surabaya.Perlu kawuningan yen tanah sing didegi bangunan iku saka hibahe almarhum Bapak Kasimin, sing nalika semana ngasta dadi pegawai catatan sipil Surabaya.Mula wis pas banget kita kudu ngeling-eling jasane almarhum Bapak Kasimin, muga-muga amale ditampa Gusti Allah, lan diapura kabeh dosane..... amin.Kita kudu nyengkuyung apa programe PWP, ya mesthi wae jer basuki mawa beya, yen kepengin program sukses kita kudu gelem cucul wragad.Ing acara mau semuwa banget, malah sambutan-sambutan iya gayeng, mung Bapak Suyono(Bupati Pacitan), ora bisa rawuh dadi diwakili Bapak Maulana (Asisten III).
Ing sambutan mau Bapak Maulana maosake sambutan Bapak Bupati wose Kutha Pacitan kemajuane cepet banget, pambangunan luwih maju, angka kemiskinan wis suda semono uga pengangguran iya wis suda.Malah pembangunan PLTU kang manggon ing kecamatan Sudimoro dadi bombonge warga Pacitan, biayane ora baen-baen, padha karo pembangunan Suramadu.
Aja lali 3 P.
Ing antarane sambutan,kadidene warga Surabaya aja lali karo 3 P yaiku :
1.Peduli karo warga (kampung).
2.Peduli karo Surabaya.
3.Peduli karo Pacitan.
Ya 3 P mau aja nganti dilalekake, amarga 3 P mau bakal nuduhake yen warga Pacitan bakal ditampa ing ngendi manggon.
Kabeh padha remen karo acara halal-bihalal iki,ngumpulaake balung pisah aja kongsi kepaten obor kalakon temenan, minal aidin walfaidzin .

3 komentar:

  1. Pacitan jaya. Ayo dulur Pacitan kekarepan iki ayo padha disengkuyung.

    BalasHapus
  2. sami kangen-kangenan, pacitanipun menapa pak?
    utri-nagasari-jenang-lepet?

    BalasHapus
  3. Wah gara-gara ketiban cecak lan kesampluk baya ngantos kacamaya kula risak meh kalih minggu.Nembe saged kula angge weh kenging sawat pendemo pro KPK.Nyuwun pangapunten nembe menika kula manggakaken,mangga.... pacitanipun jangkep kak mas Suko, kantun milih. Malah saoto pacitan ingkang dipun cemplungi kacang goreng ngangeni menika, ingkang masak pak Ugeng juru masak ingkang sampun kawentar malah kula inggih dipun paring resep, nanging raosipun kok benten ...mangga...mangga dipun icipi.....

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming