Senin, 09 November 2009

PENGETAN DINA PAHLAWAN

UPACARA DINA PAHLAWAN ING SEKOLAH.
Upacara dina Pahlawan ing sekolah SMPN 2 Surabaya tahun iki katon seje yen dibandingake karo upacara-upacara tahun sadurunge.Yen tahun kepungkur bapak/ibuguru seragam biasa(PSH), nanging dina iki 10 Nov 2009 ana bapak/ibu guru mengagem kepahlawanan.Mengagem mau ditindakake amarga kanggo ngeling-eling perjuwangane arek-arek Suroboyo,ngusir para penjajah kang nedya bali ngebroki tanah wutah getihkuIndonesia kanthi mbonceng NICA lan GURKHA. Kepala sekolah bapak Astari mengagem ijoseragam kemiliteran,napak tilas ramane kang pancen mantan pejuang. Ing kalodangan upacara iki, bapak Astari minangka kepala sekolah, ngelingake marang para murid , supaya aja wedi kangelan ningkatake sinaune, kang ing tembe bisa ngisi negara Indonesia kanthi bab sing positif,cundhuk karo cita-citane para pahlawan.Yen jaman biyen,jaman perjuangan ngangkat bedhil bambu runcing lan liyaliyane saperlu ngusir penjajah, saiki seje kang diusir yaiku kebodohan, kemiskinan, pengangguran lan isih akeh maneh.Aja nganti generasi penerus kelu ing jaman, upamane ngonsumsi narkoba, melu group/gang,lan tumindak sing dilarang agama.Pak Astari ngelingake supaya bombong karo produk Indonesia, apa iku sandhang, pangan lan budaya.Bocah saiki luwih seneng panganan kang sarwa luar negeri, upamane KFC, hotdog roti lsp.Yen bocah-bocah disuguhi pohong ,telo ora payu,ora dipangan malah dianggo sawatsawatan.Pak Astari nate study banding ing Bejing Cina, nalika tindak restoran apa sing disuguhake...... e dudu hamburger, dudu masakan Cino nanging panganan asli sli indonesia pohong diwenehi santen, iku mono salepek regane ngancik 15.000 rupiah, woh-wohan..... tibake kesemek impor saka Malang Indonesia. Coba yen krungu crita ngene iki apa sirah ora ngelu, iku durung .....ana crita maneh wong Landa sing piknik menyang Surabaya .....apa sing dipangan...... sega goreng.....dadi disuguhi roti sameja ora dipangan .....Wah dadi nglantur upacara kok ngomongke bab panganan, iku mono supaya generasi penerus ora kakehan tingkah ......wis sekolah ora mbayar dikon pinter ora gelem...... mulane ta .....mulane ta rek sinaua sing sregep.........

6 komentar:

  1. Nuwun sewu Ki Mawaradi
    Ngaturaken sugeng mengeti dinten pahlawan. Kulawargo kulo ugi kecalan sanak. Sedherek kulo nak sanak tiwas wonten Banaran Ambarawa ade2pan kaliyan Gurgkha tahun 1949. Bapakipun ugi mara sepuhipin tumut pun perjaya. Naminipun Kresno

    BalasHapus
  2. Merdeka !! Bebas dari segala bentuk penjajahan Belanda!

    BalasHapus
  3. Ajakan Bpk Kepala sekolah sangat baik, disayangkan sikap siswa belakangan ini seperti pada alenia terakhir tulisan Pak Pur. Bicara dengan anak muda harus hati-hati dan perlu momen yang pas, kalo ndak pas kita bisa dianggap keliru dan salah. Jaman apa iki tho Pak ?

    BalasHapus
  4. Matur nuwun Ki Ageng kersa rawuh wonten gubuk kula,sedaya kalawau minangka cathetan sejarah menawi kamardikan menika kita rebut kanthi tohing nyawa,ngantos kulawarga panjenengan seda dados bebanten.Kula piyambak inggih radi kereng menawi murid kula dipun tuturi radi mbandel, kantun sinau lan boten tumut angkat senjata kok sekolah kangge dolanan.Inggih boten sedaya lare kados mekaten,nanging kok jengkelaken.Kula kedah sabar,ki Ageng......
    Pak Ugeng matur nuwun, foto-foto dereng kula unggah.
    Mbah Suro, memang demikian keadaannya, semua butuh proses, jaman sudah berubah. Jewer anak, bisa-bisa menjadi masalah yang berkepanjangan, apalagi sampai ke KOMNAS HAM,habislah saya.Nasehat panjenengan akan saya ingat betul,bahwa bicara dengan anak muda apalagi yang tidak sekolah harus hati-hati, nuwun.

    BalasHapus
  5. ... apalagi yang tidak sekolah...
    mawi basa jawi:
    .... opo neh sing ra mangan sekolahan ....

    kula nembe wingi mireng satunggaling sadherek nyariyosaken (duka leres punapa namung ngayawara):
    bantuwan kangge rehab sekolahan sewidak yuta dumugi panggenan namung kantun selangkung yuta

    dados, bilih cariyos kalawau estu kedadosan, mila kedah langkung ngatos-atos kaliyan ingkang remen 'mangan sekolahan', pak
    amargi tuhu punika ingkang kiyanat dhumateng gegayuhan luhur mardhika amrih rahayuning bangsa lestari ngantos salami-laminipun.

    nuwun sewu.

    BalasHapus
  6. Inggih mas Suko, jaman samenika ingkang dipun gembar-gemboraken jaman reformasi, kok taksih woten kedadosan kados mekaten.Kadosipun reformasi namung wacana kemawon, boten wonten praktekipun.Eman.....eman sanget.Sagedipun,inggih namung ngelus dhadha sinambi nyebat asmanpun Gusti Maha Kuwaos, nuwun.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming