Senin, 27 September 2010

ALHAMDULILLAH, AKU TIBA

Sabtu tanggal 25 September 10, kaya adat saben budhal nyambut gawe.Sakwulan ping pindho mesthi dianakake MGMP kecil ing sekolah anggonku ngarit. Nanging dina iku ora ana MGMP, kegiatan diganti try out/ test kanggo murid sing kalebu unggulan.Kanca-kanca sebagean ngelingake, sesuk jam setengah wolu lo kung, aja lali, lan dak wangsuli iya-iya.Olehku budhal rada gasik lan dak kira-kira aja nganti telat, wong tuwa ki yen telat diseneni utawa disindir sithik wae gampang nesu jarene,inggih napa boten? Sepeda gaweyan Jepang wis dak panasi, lan aku budhal alon-alon karo nglamun riyaya wingi aku mudhik menyang Pacitan, terus dolan menyang Jakarta numpak gledhekan Jepang ketemu karo sanak sedulur sing kira-kira telung puluh tahun durung ketemu lan liya-liyane, e sapa ngerti bisa dak tulis ing postingan kanggo crita anak putu. Wah nglantur..... Isih enak-enake nglamun karo ngematake kendaraan sing nyalib kiwa tengen, e bocah wadon ing ngarepku watara telung meter rada ngiwa nyleyot lan rubuh.Insting aku ngerem ndadak dak angkah aja nganti tiba. E tibake ora bisa ngendhaleni, stir manengen lan aku tiba ketindhihan sepedha motor. Aku banjur ditulung diinggirne, bareng katon aku ora apa-apa wong-wong padha nyingkirlan aweh aba supaya aku dikongkon leren sawetara.Pikiranku bingung terus,apa mulih wae. Wekasan aku terus lan tuku betadin karo kapas. Saupama ora kuwat arep ngrumat tatuku lan ora jaga try out. Tenan tekan sekolahan dak obati lan sawetara kanca cluluk, mulane ta aja banter-banter kung, sing diburu ki apa.Dak wangsuli sing banter ki sapa.Yen tatune ora sepira, mung dlamakan sing rada kecincugan yen dianggo mlaku,persis Gareng ing wayang wong kae. Bengine langsung dak pijetke marang pak Dar tukang pijet langganan,lan dina Senin tanggal 27 iki wis waras ora kaya Gareng maneh. Saka kedadeyan mau akeh pitutur, satemene aku dijewer karo Gusti Allah, mbok manawa mangkene:kuwi lo rasane wong tiba, kamangka tibamu ora nemen. Kuwi lo rasane wong diolesi betadin, lara ta, perih ta? Kuwi lo rasane wong ora bisa mlaku kanthi normal, kesiksa ra ?Alhamdulillah aku dielingke karo sing Kagungan.Alhamdulillaahi rabbil'alamiin.

2 komentar:

  1. Nggih ngaten menika ingkang dipun wastani eling lan waspada, pak Pur.

    BalasHapus
  2. Inggih pak Ugeng leres, kala wingi badhe dhateng sekolah panjenengan kok taksih njarem, Insya Allah minggu ngajeng sampun pulih, nuwun.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming