Minggu, 15 Mei 2011

siji, lolo........

Wis ora kurang-kurang anggonku muruki putuku loro iki supaya bisa basa Jawa. Wiwit saka angka Jawa,lelagon lan pacelathon mesthi nganggo basa Jawa, mengku karep aja nganti basa Jawa iki musna kagerus ombyaking jaman.
Isih kelingan nalika anakku ing SMP biyen, diutus maju nulis aksara jawa ora bisa, banjur didedes, bapak ibu asli ngendi lan diwangsuli bapak asli Pacitan ibu asli Mojokerto. Banjur didangu maneh bab pegaweyan, lan iya diwangsuli ibu ngasta ing rumah sakit, bapak dadi guru. Guru ngendi lan mulang apa sapa asmane. Ya diwangsuli apa anane, byuh isinku, bingung nyeleh rai.Mulang anake wong ora kangelan, bareng mulang anake dhewe ora kasil piye ngene iki ? Anakku sing saiki umure 29 tahun “ lali Tok kowe biyen ing SMP diutus Bu Wijayati maju nyang arep nulis aksara Jawa ora bisa ? “ mung ngguyu, walah pak jaman smp wis lali aku….ngono wangsulane. Mula putuku loro kudu bisa, aja nganti kebacut.Putuku sing gedhe wis kelas lima yen ana peer basa Jawa mesthi sambat , kepeksa aku sing ngrewangi nggarap. Bab komukasi ing omah tetep dak jak basa Jawa senajan wangsulane nganggo basa Indonesia , upamane Ricky ditimbali Uti, ayo ndang iyam , ayo sholat dhisik lan sapanunggalane. Sakjane ya ngerti karepe, nanging ya kuwi wangsulane tetep nganggo basa Indonesia. Dene Rival putuku sing cilik isih limang tahun , luwih lucu ya iki sing marahi ngangeni. Telung dina kepungkur dak ajari ngucapake angka dak wiwiti siji, loro, telu sateruse, nyandhak pitu diganti tujuh, dadi siji, lolo, telu, papat, lima , enem , tujuh…….nganti sepuluh.Ya wis, banjur dak jak basa krama, setunggal, kalih tiga ...... Butuh kesabaran ekstra…..Sing cilik wiwit kenal wayang, amarga ing laptopku dak simpen pengenalan aksara aksara Jawa lan sawetara tokoh wayang. Angger aku nyandhak laptop mesthi melu- melu lan ngeklik tokoh wayang mau, olehe ngucapne pelat,upamane bapa semal (bapa Semar), Galeng ( Gareng), Petluk (Petruk), Bagooong (Bagong), Jambumaklik (Jambumangli), Dunek (Durna),Leeesono(Lesmono), Kumbokalnooo( Kumbokarno) lan sapanunggalane.
Paraga wayang wis dikenal banjur dak wuruki angka , supaya gampang ngerti dak lagokake kaya cilikanku biyen…… siji loro telu tangane sedheku ngawasake…… lsp, rampung nembang dak paringi dhuwit, e bocahe kok semrinthil kadhang-kadhang nembange durung rampung wis nyuwun dhuwit.Lelagone mengkene ……..
Siji loro telu, tangane sedheku, ngawasake bu guru manawa didangu……
Papat nuli lima, lungguhe sing tata, aja padha sembrana mundhak ora bisa.
Banjur ditirokke putuku :
Siji lolo telu, tangane sedeku, ngawasake bu gulu, manawa didangu…..
Papat nuli limo, lungguhe sing tata, ada pada semblana mundak ola isa.
Rampung nembang dak wenehi aplaus...... pinteeer ...... karo dak paringi lembaran rupiah, banjur dipamerke mase “kak saya dibeli uang bapak kun ( yen nyeluk aku bapak kun, karepe bapak kung ), banjur nggoleki utine” uti , ival (Rival), titip uang ya…………lan diwangsuli …iya pinter…… uangnya ditabung ya….
Ngono anggonku ngenalake basa Jawa marang putu, paling ora wis dak latih wiwit cilik……….Apa panjenengan kagungan pengalaman liya ? Mangga pengalamane didum…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming