Minggu, 10 Juli 2011
ora cukup mung thenguk-thenguk
Rakyat ing negara-negara kang wis merdika, diperdi dening Pamarentahe supaya bisa maca lan nduweni kasenengan memaca. Pancen kasenengan memaca ( buku-buku kang becik ), iku rekadaya kang becik dhewe lan enggal dhewe kang kanggo nggayuh kemajuwaning bangsa.Klawan nyisihake wewatakane kang ora kita setujoni, kita akoni kasenengane bangsa Jepang ing bab memaca. Iya sarana seneng memaca iku dene bangsa Jepang kang maune meh kabeh buta huruf, ing saturunan wae bisa nututi kemajuane negara-negara gedhe. Saiki ing negara iki wis ora ana wonge kang ora bisa maca, lan aran aneh wong kang ora seneng memaca surat khabar, majalah utawa buku-buku. Kacarita oplaage surat kabar siji kang metu ing Tokyo bae kehe ngungkuli gunggune oplaage surat-surat kabar ing saindhenge negara kita. Nanging kasenengan memaca mau iya kudu pilih-pilih apa kang diwaca. Yen buku kang diwaca nyata-nyata becik isine, iya bakal aweh paedah marang kang maca. Bukune rakyat jaman penjajahan, beda lan buku wacane rakyat ing jaman merdika.Dek jaman penjajahan, dening penjajah prasasat disebar anane buku-buku wacan kang isine klawan ndidik rakyat supaya ora nduweni kapercayan marang diri pribadi. Diangkah supaya rakyat lestariya tutut mbangun turut, aja ana kang mbengkang prentah, aja ana kang lumawan :
DEDALANE GUNA KLAWAN SEKTI,
KUDU ANDHAP ASOR,
WANI NGALAH LUHUR WEKASANE,
TUMUNGKULA YEN DIPUN DUKANI,
BAPANG DEN SIMPANGI,
ANA CATUR MUNGKUR.
Tembang Mijil iki dhek biyen ora mung anjrah dilagokake ing kalangane rakyat, ing tontonan ,kethoprak lsp, malah ing sekolahan iya diwulangake. Cetha banget isine mung lagu “mbangun turut” utawa ninah bubuk. Mula iya ora anggumunake yen nganti saprene isih akeh banget kang isih padha kawarisan nguler- kambang nrima pandum, ngrasa apes sarwa ringkih.Dhek biyen sadurunge kita merdika, yen rakyat kita ora nduweni semangat berjuang nedya ndandani panguripane, sing diluputake pendidikan kolonial. Yen rakyat kurang enggone nduweni inisiatif, ora nduweni autoaktiviteit, sing diluputake pendidikan penjajah.Saiki ,negara kita wis merdika. Yen ta kita isih panggah nguler kambang, isih mlempem, isih ora pecaya karo kekuwatane dhewe, isih ora ngandel marang kapinterane dhewe, sing diluputake dudu pihak liya maneh, dudu pendidikan kolonial, nanging kita dhewe.
Saiki wis dudu mangsane maneh bocah-bocah kita nglagokake lagu-lagu kaya jaman kolonial biyen : kang ora sethithik kang isi rasa pangrasa apes lan pepes, kaya upamane iki :
CILIK MULA CILAKA WAK MAMI,
MANGGUNG DADI LAKON,
NISTHA PAPA WUS NGLAKONI KABEH,
AMUNG SIJI KANG DURUNG NGLAKONI,
MUKTI LAWAN MATI,
PUNDI MARGINIPUN.
Pancen bener, mbiyen cilik mula kita cilaka, nistha papa wis nglakoni, nalika semana urip ing jaman penjajahan. Nanging saiki kudu ora kena nduweni ati pepes lan gampang mupus. Kudu bisa berat rasa pangrasa mau, minggkis lengene klambi, cancut taliwanda , berjoang kanthi kapercayan diri pribadi.
Nadyan wis merdika, ora cukup mung thenguk-thenguk ngenteni tekane kethuk, kang isine kencana sesotya abyor.
Aja padha kleru tampa marang ramalane pujangga Ranggawarsito kang sanyatane panjenengane ora nate nganjurake supaya wong kang wis merdika iku kesed-kesedan : thenguk-thenguk bae, nanging malah ngatag supaya makarti, katandha panguwuhe ing ukara :”Esthinen mulih kelakon “. Esthinen, sarta lakonana, tindakna, perjuangna, nganti kelakon.( sumber :percaya diri pribadi-imam supardi-mei-1960, tulisan disalarasake ejaan anyar )
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
inggih pak, kulo setuju pendapate pak pur. kito kudu bangkit lan mbuktikno yen negara kita uga bisa maju.
BalasHapus