Senin, 30 Januari 2012
ING NGENDI ZAMAN ATOM DIWIWITI ?
Ngadhepeke Perang Donya II, para ilmuwan yakin banget yen energy saka 1 gram uranium, yen dibakar ing kondisisi tartamtu, kekuwatane padha karo ping 10 yuta energi sing ditokke saka jumlah sing padha batubara lan hawa.
Wiwitan tahun 1940an, nalika perang dumadi ing Eropa, para ahli fisika sing padha memungsuhan uga wiwit nimbang-nimbang kanggo nggunakake uranium minangka piranti kanggo nyiptakake bom atom.
Ing Amerika Serikat, perlombaan kanggo nyiptakake “ reaksi berantai” lan mbangun bom atom wiwitan digarap dening sakelompok ilmuwan lan insinyur ing sawijining proyek ajejuluk “ Proyek Manhattan”. Ing wulan Maret 1943, titik focus proyek sawijining “ laboratorium sangat sangat rahasia “ sing manggon ing sawijining gedhung tilas sekolah ing cedhak Santa Fe, sing dijenengi “Los Alamos”.
Bom 2 dirancang ing Los Alamos : sawijining bom uranium kanthi julukan “ Litle Boy “ lan bom plutonium kanthi julukan “Fat Man “, arupa perangkat sing rumit saengga mbutuhake uji coba. Panggonan uji coba sing disebut Trinity, sawjining wilayah gurun kang mencil cedhak Alomogordo, New Mexico.
Pas jam 05:29:45, 16 Juli 1945, donya kanthi resmi miwiti mlebu “Zaman Atom” nalika “ Fat Man “ngalat-alat ing akasa ngadepake parak esuk. Mung ing itungan detik bledhosan Trinity nyiptakake awan mbentuk jamur sing sateruse dadi ikon terror global. Bledhosan kasebut ndadekake glepung alus dasar gurun, dadi “kaca kehijauan “ dideleng saka kadohan Albuquerque lan El Paso.
Kurang saka sawulan teruse, bom-bom saka Los Alamos dugunakake militer AS kanggo nglereni perang mungsuh Jepang. Ing tanggal 6 Agustus 1945, “ Little Boy” ngajar Hirosima lan telung dina teruse , duplikat “ Fat Man “,ngamuk ing Nagasaki.(KMPS,29112, P12).
Kamis, 26 Januari 2012
Tugas kelas 9 semester ganep 2011- 2012
Tugas kelas 9, saliyane nggarap bab 7 nganti bab 12, gatekna tugas ing ngisor iki.
Kelompok 1 lan 2 : nulis crita wayang seri Ramayana lakon Anoman Obong, kanthi bantuan gambar foto copy . Gambar cacahe ana 6( enem). Supaya gampang anggonmu nulis dibantu Pak Pur.
Gambar 1 :Setting panggonan ing kaputren negara Ngalengka. Paraga: prabu Dasamuka, Trijatha lan dewi Sinta.
Gambar 2 : Setting panggonan ing keputren negara Ngalengka . Paraga : Anoman, dewi Sinta lan Trijatha .
Gambar 3 : Setting panggonan ing alon-alon/ lapangan negara Ngalengka . Paraga : Anoman, Indrajit (anake Dasamuka), Patih Prahastho lan para prajurit.
Gambar 4: Setting panggonan ing pinggiring segara. Paraga : Prabu Rama, Lesmana/Laksmana, Prabu Sugriwo, Anoman lan para prajurit wanara/ kethek.
Gambar 5 : Setting panggonan ing tengah segara. Paraga : para prajurit wanara, Yuyurumpung.
Gambar 6 :setting panggonan ing daratan Negara Ngalengka. Paraga Prabu Rama, Lesmana, Wibisono, prabu Sugriwo , Anoman, Aggada, Anila lan para prajurit wanara.
Kelompok 3 lan 4: nulis crita wayang seri Mahabarata lakon babad alas Mertani.
Gambar 1 , setting panggonan ing pinggiring alas Mertani.Paraga : prabu Matswapati, Seto, Utara, Wratsangka para prajurit Negara Wirata lan para Pandhawa ( Puntadewa, Bima, Janaka, Pinten, Tangsen).
Gambar 2, setting panggonan ing tengah alas Mertani . Paraga : para Pandhawa lan para jin setan sing manggon ing alas prajurite jin Yudhistira.
Gambar 3, setting panggonan ing kedatone jin , tengah alas Mertani.Paraga jin Yudhistira, jin Werkudara, jin Arjuna, jin Nakula , jin Sadewa lan para prajurit jin.
Gambar 4, setting ing tengah alas, ing omahe jin Wilawuk. Paraga : jin Wilawuk, dewi Jinambang lan raden Arjuna.
Gambar 5, ing tengah alas Mertani. Paraga para Pandhawa sing awujud manungsa(tulisen dhewe) lan para Pandhawa sing awujud jin( tulisen dhewe).
Gambar 6, ing Negara Indraprasta/ Amarta. Paraga : Bathara Narada, Bathara Bayu, Bathara Indra, Bathara Wisnu, Bathara Brama, para Pandhawa( tulisen dhewe ).
Katrangan :
a.Sadurunge gambar dilem ing buku kelompok, saben sagambar ditulis dhisik settinge panggonan, paraga lan sinopsis ing buku cathetan.
b.Gambar 1 (siji), digarap bocah 1 utawa 2. Tuladhane gambar 1 seri Ramayana, setting panggonan ing Keputren negara Alengka, paragane prabu Dasamuka, Trijatha lan dewi Sinta digarap/ ditulis nomer absen 1 lan nomer absen 2, ngono sateruse, gumantung akehe anggota ing kelompok mau.Sinopsis bisa dideleng keterangan ing gambar.
c.Yen 6 gambar wis digarap ing buku cathetan lan wis diparap Pak Pur, banjur gambar 1 - 6 , dilem ing buku kelompok, lan tulisan-tulisan ing buku cathetan dikumpulke menyang ketua kelompok, diedit lan ditulis maneh ing buku kelompok.
d. Yen isih bingung nyuwun pirsa pak Pur, ing ruang guru.
Kamis, 12 Januari 2012
sugeng tindak ibu
“Nang kowe mbesuk dadi dadi guru smp wae wis cukup “ ukara iku sing dak eling-eling ngendikane ibu, nalika aku ngangsu kawruh ing Pecindilan lan ing kampus Ketintang Surabaya . Wektu iku tahun 1977, aku wis mulang ing sawetara SMP lan SMA . Kabukten ngendikane ibu, aku diangkat pns guru smp negeri nganti saiki, malah yen Gusti Allah maringi umur dawa, aku pensiun wulan November 2012.
------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
“Nang aku aja kok kirimi tangis ya “ ngendikane ibu nalika ampeyane dak pijeti. Tangisku saya ndadi bareng dakpijeti ampeyane ora krasa apa-apa, kamangka anggonku mijeti dakgetke.Mung kawetu ing lesanku , embuh ibu mireng apa ora “ Enggal dhangan ibu, putra nyuwun pangapunten sakathahing lepat kula, ibu “Sajake ibu pirsa apa sing dak rasakke, terus ngendikan “ wis ora sah nangis, yen arep ngalor ( mulih menyang Surabaya ), ndang budhala celuken adhimu, kon njupukke dhuwit njero lemari kanggo buyutku “ aku ya mangsuli “ boten sisah bu “, ibu ngendikan maneh “ wis ta manuta “
Rabu 28 Desember 2011, sanajan murid libur guru kudu mlebu .Dak siyapake kegiatan dina iki, ora sengaja tanganku sangga uwang,pikiran ngawang, kosong kelingan sing ora-ora, kanca sing lagi umeg ngobrol ora narik kawigatenku. Ujug-ujug, dik Helmy pegawai staf TU kantorku ,mara nyedhaki “ pak Pur mau pulang ke Pacitan tah, pulang aja sekarang ” banjur dak wangsuli “ besuk dik Helmy, besuk Kamis bersama keluarga” dik Helmy ngomong maneh “ sekarang saja, wis gak usah mikir kegiatan, coba telpon rumah “ atiku wis ora kepenak. Aku banjur metu, lagi wae jumangkah hpku geter , dak rungokke saka nyku warta sing ngagetake “ mas ndang kondur ibu seda, ora sah kesusu, Antok barang ya melu saiki lagi ijin kantore, mengko disopiri Antok gentian karo mas Ari,k ipene “ omonge nyku wis ora sepira dak rungoke.Tekan ngomah nyku wis tata-tata, kari ngenteni anakku.” Ora sah nitih bus, tekan Pacitan malah cepetan mobil, aku wis pesen nyang adik-adhik, ibu enggal-enggal disarekake” aku mung mangsuli “ I y a “.Bareng wis kira-kira cukup sakabehane aku sarombongan kalebu putuku loro Jam 11 awan budhal tumuju Pacitan. Tekan Jombang aku telpon adikku sing ana Kendal Semarang, lan iya wis budhal lan lagi tekan Ungaran . Tekan Pacitan kurang luwih jam wolu bengi lan kaya sing dirancang, bisa ketemu adikku saanak putu. Mobil loro iring-iringan arah ngetan jurusan Lorok. Swasana udan katambahan petenge wengi lan hawa saya atis. Tekan Wonadadi jam 22.00, adik-adik lan sawetara famili ngantu-antu , lampu isih katon padhang, kursi-kursi isih durung diringkesi.

Ing sisih kiwane paleremane swargi bapak, urugan lemah isih durung garing, lan kembang-kembang sumebar katata rapi,apepayung wit kemboja kang kembange nedhenge mekar, ibuku sing dak tresnani wis sumare kanthi tentrem, aku wis kelangan , aku wis ora duwe bapa ibu, SUGENG TINDAK IBU .
Langganan:
Postingan (Atom)