Kamis, 12 Januari 2012

sugeng tindak ibu

“Nang kowe mbesuk dadi dadi guru smp wae wis cukup “ ukara iku sing dak eling-eling ngendikane ibu, nalika aku ngangsu kawruh ing Pecindilan lan ing kampus Ketintang Surabaya . Wektu iku tahun 1977, aku wis mulang ing sawetara SMP lan SMA . Kabukten ngendikane ibu, aku diangkat pns guru smp negeri nganti saiki, malah yen Gusti Allah maringi umur dawa, aku pensiun wulan November 2012.
------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
“Nang aku aja kok kirimi tangis ya “ ngendikane ibu nalika ampeyane dak pijeti. Tangisku saya ndadi bareng dakpijeti ampeyane ora krasa apa-apa, kamangka anggonku mijeti dakgetke.Mung kawetu ing lesanku , embuh ibu mireng apa ora “ Enggal dhangan ibu, putra nyuwun pangapunten sakathahing lepat kula, ibu “Sajake ibu pirsa apa sing dak rasakke, terus ngendikan “ wis ora sah nangis, yen arep ngalor ( mulih menyang Surabaya ), ndang budhala celuken adhimu, kon njupukke dhuwit njero lemari kanggo buyutku “ aku ya mangsuli “ boten sisah bu “, ibu ngendikan maneh “ wis ta manuta “

Rabu 28 Desember 2011, sanajan murid libur guru kudu mlebu .Dak siyapake kegiatan dina iki, ora sengaja tanganku sangga uwang,pikiran ngawang, kosong kelingan sing ora-ora, kanca sing lagi umeg ngobrol ora narik kawigatenku. Ujug-ujug, dik Helmy pegawai staf TU kantorku ,mara nyedhaki “ pak Pur mau pulang ke Pacitan tah, pulang aja sekarang ” banjur dak wangsuli “ besuk dik Helmy, besuk Kamis bersama keluarga” dik Helmy ngomong maneh “ sekarang saja, wis gak usah mikir kegiatan, coba telpon rumah “ atiku wis ora kepenak. Aku banjur metu, lagi wae jumangkah hpku geter , dak rungokke saka nyku warta sing ngagetake “ mas ndang kondur ibu seda, ora sah kesusu, Antok barang ya melu saiki lagi ijin kantore, mengko disopiri Antok gentian karo mas Ari,k ipene “ omonge nyku wis ora sepira dak rungoke.Tekan ngomah nyku wis tata-tata, kari ngenteni anakku.” Ora sah nitih bus, tekan Pacitan malah cepetan mobil, aku wis pesen nyang adik-adhik, ibu enggal-enggal disarekake” aku mung mangsuli “ I y a “.Bareng wis kira-kira cukup sakabehane aku sarombongan kalebu putuku loro Jam 11 awan budhal tumuju Pacitan. Tekan Jombang aku telpon adikku sing ana Kendal Semarang, lan iya wis budhal lan lagi tekan Ungaran . Tekan Pacitan kurang luwih jam wolu bengi lan kaya sing dirancang, bisa ketemu adikku saanak putu. Mobil loro iring-iringan arah ngetan jurusan Lorok. Swasana udan katambahan petenge wengi lan hawa saya atis. Tekan Wonadadi jam 22.00, adik-adik lan sawetara famili ngantu-antu , lampu isih katon padhang, kursi-kursi isih durung diringkesi.


Ing sisih kiwane paleremane swargi bapak, urugan lemah isih durung garing, lan kembang-kembang sumebar katata rapi,apepayung wit kemboja kang kembange nedhenge mekar, ibuku sing dak tresnani wis sumare kanthi tentrem, aku wis kelangan , aku wis ora duwe bapa ibu, SUGENG TINDAK IBU .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming