Kamis, 29 Maret 2012

KUCING TOM SING ORA LUCU

Wira-wirine kombang Tomcat pancen gawe geger genjik tenan.Korban sing kena encere racun saka weteng kombang iki saya dadra .
Nganti wektu iki, laporan wilayah ing populasi Tomcat saya nyebar mrana-mrene angel dibadhe.Wiwitane ana ing Surabaya lan tlatah kiwa tengene wae, nanging banjur ngambra-ambra tekan Jawa Tengah malah wis ngancik tekan Jawa Kulon barang.

Tomcat(rove beetle=Inggris), satemene wis dikenal masyarakat padesan minangka Semut Kanai utawa Semut Kayap. Dijenengi Tomcat amarga bentuke mirip pesawat tempur AS, Tomcat F-14.
Tomcat nduweni warna ing wetenge nyolok banget, nandhakake yen pancen nduweni racun. Racun Tomcat jenenge Hemolimfi, lan ngandhung toksin sing jenenge paederin. Ujaring kandha, racun mau ping 12 luwih mbebayani wisane ula cobra.

Wong sing kena racun mau, bisa ngalami iritasi, kulit mlepuh, abuh lan abang. Ciri Tomcat yaiku sirahe warna ireng, dhadha lan wetenge warna oranye, lan duwe elar kebiruan. Ya amarga duwe elar iki, Tomcat bisa katut angin sing banter nganti tekan ngendi-endi.
Panggonan uripe ana ing lahan pertanian, lan sering ngrusak tanduran upamane pari. Kaya serangga liya Tomcat uga seneng sunare lampu. Ya iki sing nyebabake akeh Tomcat mlebu omahe warga ing wanci bengi, lan nyebabake wong-wong kena racun.
Kanggo nanggulangi supaya Tomcat ora mlebu omah satemene gampang, yaiku kanthi cara nutup kabeh dalane kombang iki, sadurunge nguripake lampu ing wanci bengi.
Ana cara maneh supaya ora kena racun yaiku aja mithes awake, sebab racune bisa metu saka awake mau.Sing perlu digatekake yaiku aja ngoseri-oseri odol, minyak tawon utawa obat sing ora nganggo pituduh dokter. Sing kena racun Tomcat mau,cukup digebyur nganggo banyu lan disabun supaya racune ora bisa nempel ing kulit lan racun mau bisa katut iline banyu.(manekawarna sumber).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming