.Manuk cenderawasih simg dadi ikon Papua ing ambang kritis. Owah-owahan ekologi lan ekonomi nggawa ancaman primer lan sekunder kanggo kewan endemic Papua iki.
Ancaman primer awujud rusake habitat, dene ancaman sekunder awujud perburuan lan dedagangan kanthi cara gedhen kan slInthutan.
Staf Balai Konservasi Sumber Daya Alam(BKSDA) Papua, Herman Soh, nalika mantau manuk cenderawasih ing Enarotali, ibu kota Kabupaten Paniai, awal Mei kepumgkur, blakasuta indikasi sudane populasi cendrawasih ing Papua.
Asil panaliten pungkasan ing wulan Maret 2012 sing ditindakake BKSDA Papua ing salah sijining pamggonan habitat cenderawasih, dingerteni saben sakilometer persegi mung ditemokake 2 – 3 manuk cenderawasih. Kamangka, ing tahun 2000 – 2005, isih ditemokake 10 -15 “Iki tingkat degradasi sing banget mrihatinake,” jare Soh.
Mudhune populasi cenderawasih iku antara liya amarga pemekaran kabupaten anyar, pembangunan akses dalan, panggonan penduduk, pembalakan alas lan diuber nganti kecekel. Saben mbukak dalan anyar, pembangunan perkantoran, permukiman penduduk, penambangan lan pembalakan alas mesthi ana manuk cenderawasih sing dicekel utawa susuh cendrawasih sing ana endhoge lan anak sing lagi netes mawut ajur.
Data WWF Papua nyebutake, ing tahun 1900 – 1930 an manuk cenderawasih didol sing akehe 10.000 – 30.000 saben tahun. Tahun 1912, pangedole nganti 30.000 ing saben sepisan pengiriman kapal meyang Jerman lan Inggris kanggo kebutuhan fashion.
Tahun 1904 – 1908 akehe cendrawasih sing mlebu London 155.000.000 , menyang Perancis kursng luwih 1.200.000 manuk. Total jendral akehe manuk cenderawasih sing didol menyang daratan Eropa wiwit tahun 1820 – 1938 menyang daratan Eropa ditaksir ora kurang saka 3.000.000 , biyuh….Dedagangan cenderawasih durung bisa dicandhet. Mung wae ditindakake kathi cara dhedhemitan lan angel dibiwarake. Pemburu, penadah lan bakul cendrawasih ing Papua pancen nggunakake maneka cara, wiwit saka individu sing ngedol ing dalan-dalan nuju padesan, kecamatan sing mencil, malah ing pasar-pasar tradisional.
Soh nyebutake, jroning nlusuri BKSDA Papua sawetara wektu kepungkur ing Bonggo, kabupaten Sarmi, nemokake oknum anggota TNI ngingu puluhan manuk cenderawasih jroning kandhang. Oknum TNI mau ngaku kepengin nylametake cenderawasih saka masyarakat sing arep ngedol menyang pasar.” Nanging nalika dakjaluk manuk cenderawasih mau ora oleh kanthi alasan sing digawe-gawe.
Isih akeh kasus penangkapan, pangedol lan pengiriman cenderawasih metu saka Papua. Bayangna, ing Jawa Kulon, khususe wewengkon sakiwa tengene Bogor, ana taman manuk cenderawasih sing akehe ngancik puluhan.
Saka nendi manuk-manuk mau ?” ujare Soh.Ing ruas dalan Nabire – Enarotali, tepate ing Km 180, dipajang 8 manuk cendrawasih sing diawetke. Manuk sing mati digaringke mau pancen sengaja dipajang didol marang wong sing liwat. Rega cendrawasih sing dikremasi mau antara Rp 120.000,- - Rp150.000 /siji.
Nganti 43 jinis cendrawasih sing nyebar saka Australia tekan Pulo Papua lan arah mangulon nganti Pulo Maluku. Mligi ing Pulo Papua ditemokake 38 jinis, lan sing paling akeh nyebar ing dataran tinggi lan sawetara liyane urip ing pulo-pulo sakiwa tengene Papua.Jinis-jinis cenderawasih mau antara liya cenderawasih jambul (cnemophilus macgregrorii), kanthi dawa kurang luwih 25 cm, sing lanang awarna jingga keemasan,kanthi dawa kurang luwih 25 cm, manuk lanang awarna jingga kecoklatan.
Cenderawasih buntut dawa (Paradigalla carunculata), dawa 38 cm, manggon ing ing ing bagean ndhuwur (geger), bagian ngisor ireng, lan cendepawasih wedok awarna zaitun sisih kulon pegunungan Jaya Wijaya lan ing tlatah kepala burung ( Sorong ).
Manuk iki awarna ireng kanthi gelambir warna kuning ngejreng ing bathuk lan buntut. Jinis Cendrawasih iki , arang ditemokake ing Papua. Tumangkare manuk iki pancen ora akeh lan iya ora gampang. Cenderawasih gampang stres. Ing susuhe mung ditemokake 1 -2 endhog.
Manuk iki arang ngedhog luwih saka telu. Manut panaliten WWF Papua taun 2000, ing Yappen Waropen saben hamparan alam sakilometer pesegi ana enem manuk cenderawasih. Yen dipingke kanthi jembar wikayah 2.050 kilometer pesegi ( jembar wilayah Yappen Waropen), total 12.300 akehe manuk cendrawasih.
Koordinator Program Yayasan Bina Mandiri Utama Papua Maurus Wokey ngomong, jinis manuk sing paling dikagumi ing Papua ya mung cenderawasih , amarga wulune kang emdah. Buntute sing dawa alus mengkilat lan kuning kecoklatan.
Cara kawine kagolong unik.Manuk lanang ngrepek grayu nganti suwe, nari muter-muter ngubengi sing wedok, banjur mencolot-mencolot karo nyanyi lirih. Ritual kawin mau ora ditemokake kewan liya lan ngono mau mbutuhake wektu setengah jam.
Iku sebabe cenderawasih disebut manuk dewa”burung dewata”.Ana uga sing nyebut manuk saka swarga. Ing abad 18 – 19 ,para bangsawan lan ratu Inggris mesthi migunakake manuk cenderawasih minangka hiasan ing sirah lan panganggo. Ya kaendahan alami mau agawe manuk iki terus diburu lan dol tinuku .
Kanthi umum wulu cenderawasih nduweni nduweni variasi saka ireng thuntheng kabeh nganti abang jingga lan ijo mengkilat kanthi maneka warna coklat. Wulu cenderawasih lanang kuwih endah, mengkilat lan rumit. Dene sing wadon sanajan ketok kusam lan sederhana nanging tetep nengsemake.
Mbarengi laku ajure habitat lan tingkah lakune manungsa, bisa uga manuk endemi Papua iki mung kari jeneng ora beda karo jalak Bali ( Leucopsar rothschildi) lan elang Jawa (Necaetus bartelsi).
Saupama UU No.5/1990 bab konservasi alam lan ekosistem bisa dijejegake, nasib cenderawasih ora kaya ngene kedadeane. UU iki ngancam kurungan kunjara 20 tahun lan dhendha Rp 200. yuta, kanggo sapa wae sing nyekel, natoni, mateni, nyimpen, ngingu, nduweni lan dol tinuku satwa sing diyomi ing kahanan urip utawa mati.(maneka warna sumber komps24612korneliskewaama-jbas).