Jumat, 29 Juni 2012

BADAK SUMATERA LAIR ING PENANGKARAN

Wiwit upaya penangkaran ditindakake luwih saka 120 tahun kepungkur, Indonesia kanggo sing wiwitan kasil kanthi sukses nangkarake badak sumatera(Dicerorhinus sumatransis) kanthi system semialami.
Babon sing dijenengke Ratu, dhek Sabtu(23/6), jam 00.45 manak lanang ing Suaka Rhino Sumatera, Taman Nasional Way Kambas, Lampung. Badak Sumatera iki dilairke ing panggonan penangkaran alami manggon ing alas habitat asline.Petugas medis fauna Taman Nasional Way Kambas terus ngawasi bayi badak sing saiki wiwit ngempeng nyang babone.Proses laire badak sumatera iki ora gampang. Ratu dikawinke karo Andalas lan isih kober keluron ring pindho.
Andalas dhewe ya badak sumatera lanang asil penangkaran sing suwene 112 tahun lan lair ing Kebun Kewan Cincinnati. Amerika Serikat, dhek 13 September 2007, Andalas diboyong menyang Taman Nasional Way Kambas dikawinke karo Ratu. Proses kawine badak kalebu angel, amarga masa braine patang sasi, nanging “mood” bareng mung patang dina supaya sperma ovum bisa nyawiji.Wiwit 10 Juni 2012, petugas Suaka Rhino Sumatera ningkatake pengawasan lan ajeg nindakake ultrasonografi saben telung dina lan ketege jantung babon lan janin kerprungu cetha lan normal. Laire badak iki pancen cocok karo suwene meteng kang mbutuhke wektu 15 sasi, ing sasi Juni 2012. Adhedhasar referensi saka Kewan Kewan Cincinnati ing AS, suwene meteng badak sumatera 475 dina (15 -16 sasi)..
Direktur Konservasi lan Keanekaragaman Hayati Kementerian Kehutanan Novianto Bambang Wawandono nerangke, yen laire anak Ratu iki nuduhake asile usahane Indonesia nylametake badak sumatera. Ing Indonesia, salah siji saka 14 spesies sing kaancam punah.Saliyane badak sumatera, ya ana badak jawa ( Rhinoceros sondaicus ), sing kasil dipantau akehe 30, ing Taman Nasional Ujung Kulon, Banten.
Badak sumatera akehe kurang kuwih 200 kang manggon ing alas-alas Sumatera. Sauntara iku liyane papat ana ing Suaka Rhino Sumatera Taman Nasional Way Kambas, telu ana ing Sabah Malaysia lan telu ana ing Amerika.( maneka warna sumber –komp24612purjbas).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming