Senin, 02 Juli 2012

bakti sosial khitanan masal SMPN 2 Surabaya paralel alumni '79

Kami plajar smp2 taat serta setia Dalam kami tekun belajar untuk nusa bangsa Smp 2 Surabaya tunas patriot bangsa Kami berjanji setia, mengabdi nusa bangsa ……………………. Teks lagu ing ndhuwur saperangan saka mars smpn2 Surabaya sing ditembangke kanthi sigrak nalika Bakti Sosial dina Minggu tanggal 1 Juli 2012, dening para alumni. Ing acara bakti sosial mau katon semua banget, amarga dirawuhi para guru sing nalika semana mulang muruk para muride.
Dene Sing rawuh Pak Arsyad Suparlan (guru sejarah), Pak Haryono( guru olah raga), Pak Sudiyanto ( guru Ekop)sekaliyan kang kebeneran oleh muride dhewe mbak Diah, Pak Ramelan ( guru Bahasa Indonesia), Pak Fathurahman (guru geografi ) sekaliyan kang oleh garwa kanca dhewe yaiku Bu Esti Warsiani (guru fisika) sing malika samana dadi favorite bocah-bocah, Bu Witdiah ( guru fisika) sekaliyan, sing nalika samana kondhang killere, lan aku dhewe Pak Purwito(mulang nggambar).
Dene bapak/ibu guru liyane akeh sing pensiun lan goleki daleme mbok manawa wae kangelan. Mas Didit sing sing aweh sambutan minangka ketua panitia ngaturake agung panuwun sing tanpa upama marang kanca alumni , para sponsor saengga acara khitanan masal iki bisa kaleksanan. Liya saka iku mas Didit iya ngaturke sugeng rawuh marang para guru lan iya atur panuwun “kula sedaya saget nindakaken ngaten punika inggih donganipun bapa/ibu guru ingkang mulang kanthi ikhlas, tanpa pamrih.
Inggih nyuwun pangapunten rikala semanten kanca-kanca wonten ingkang nakal ingkang mbethik, nanging sedaya kalawau amargi dereng ngertosipun…” ngono ature mas Didit. Sambutan wakile bapak/ibu guru Pak Ramelan,lan paring pangandikan yen kegiatan kaya ngene iki apik banget, ya muga-muga para alumni ora nglalekake almamatere lan migunani kanggo wong liya,….. amin. Sawise ceramah agama, adicara diterusake ramah tamah lan dihibur family band , lan para alumni nyanyi genti-genten aku dhewe iya nembang sewu kutha ngiras ngregengake swasana.Wektu lumaku terus , bapak ibu guru diaturi nyekseni khitanan masal sing ditindakake wiwit mau esuk.” Targetipun seket pak, nanging duka menika wau tambah terus ….” Ngono Mbak Anita minangka tuan rumah aweh keterangan.
Bakti sosial kang manggon ing Gayungsari Barat X-27 lumaku kanthi lancar, bapak/ ibu guru ya wiwit kondur, ngono isih dicaosi tali asih lan amplopan, wah ya ketrima banget. Selamat ya Anita, Arien, Margaretha,Cucuk Suharianto, Hendro B, Yeni Caroline, Zaky Z, Ahmadi, Agus Sentot B, Terry K( swaramu tambah teope), Fieliana Magda yak apa anakmu ditrima ing ngendi, Didit Santosa lan …….. kabeh wae alumni 79 smpn 2 surabaya kelas paralel , salam. foto saka ndhuwur: 1.Bapak/Ibu guru lan penceramah sing karenan amarga dilipur family band lan mas Terry. 2."La niki, kula samenika wonten Lumajang pak" ngono ature Mas Sentot marang Pak Ramelan. 3."Namung saged ngaturi menika pak, sampun dipun pirsani reginipun " ature Mas Rusdi. "Iya-iya, kesuwun ya, muga-muga akeh rejeki lan barokah "ngendikane Pak Fathur. 4."Adhuh lara, dikapakna manukku......" sambate salah siji reserta khitan " sik ya le......kaya dicokot semut kok......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming