Senin, 23 Juli 2012

WIS NASIBMU JAH........

Telung sasi pungkasan iki tinemu gajah Sumatera 12 kang tiwas ing Aceh Jaya, Aceh lan Taman Nasional Tesso Nilo, Riau. Bangke-bangke gajah mau gumelthak ing
perkebunan.Gajah tanpa nyawa kang ditemokake ana areal perkebunan sacedhake PT Riau Andalan Pulp and Paper, Riau , 7 Juni 2012 kepungkur gadhinge malah wis ilang. Direktur Konservasi lan Keanekaragaman Hayati Kementerian Kehutanan, Novianto Bambang Wawandono, Selasa(19/6) kandha , sawise ditliti ing laboratorium, matine gajah-gajah iku positip diracun. Noianto ngira, racun iku dicampurake menyang panganan sing dadi karemane gajah. Sebab ajah-gajah mau sering ngrabasa perkrbunan kang digarap warga. Kementerian Kehutanan , ujare Novianto, masrahake perkara marang polisi jalaran gajah Sumatera klebu satosing diayomi Negara.
Novianto ora selak yen mburi-mburi iki akeh gajah kang golek pangan engga ngambah areal perkebunan. Penyebabe, habitate gajah-gajah nau saya rupak, merga alas-alas dibabad kanggo perkebunan apa dene papn dununge warga. Mula ora ana dalan liya tumrap gajah sing kaliren kejaba manyak tekan perkebunan. Kanggo ngawekani bab mau, Kementerian Kehutanan bakal luwih kerep nganakake patroli. Direktur Konservasi WWF Indonesia, Nazir Foead mratelakake, tiwase gajah-gajah ora amarga dijupuk gadhinge, nanging murni merga pradondi rebutan lahan antarane warga mungsuh gajah…...ya mesthi wae gajahe kalah ta….

5 komentar:

  1. gajah ini seharusnya dilindungi di habitat aslinya, sayang saat ini habitat aslinya sudah banyak yang punah. nasib gajah yang ada di suaka marga satwa juga sangat memprihatinkan. yuk save gajah

    BalasHapus
  2. save the elephant, yuk siapa lagi kalau bukan kita? kapan lagi kalau tidak sekarang?

    BalasHapus
  3. bagaimana supaya gajah bisa diberikan habitat yang baik ya? bahkan di kebun binatang saja mereka masih kelihatan kasian

    BalasHapus
  4. kasian juga ya, saya berharap pemerintah bisa memebrikan solusi kepada hewan langka ini

    BalasHapus
  5. semoga yang berwenang bisa memberikan solusi yang bijaksana dan juga menyelamatkan spesies ini

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming